Anda di halaman 1dari 6

‫ال ّر نحن ال ّر حيم بسم اللّة‬

Assalamu alikum Wr. Wb.

Hadlrotal Mukarrom Poro Alim Ulama’ poro Kyai ingkang satuhu dahat kinurmatan.

Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingkang sinubo ing pakurmatan.

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo pangombyong
temanten.......ingkang tansah suko basuki.

Agunging raos syukur alhamdulillah dumateng ngarso dalem Gusti Ingkang Murbeng Wasesa Gusti Allah
SWT. Ingkang sampun paring lumebering hidayah, soho kanikmatan dumateng kito lan panjenengan
sami.

Shalawat ugi salam mugiyo tansah ka'aturaken dumateng junjungan kito Kanjeng Nabiullah wa
Rosulullah Muhammad SAW ingkang sampun wedhar'aken ajaran suci kagem sinuciaken gesang
panggesangan kito sedoyo lan saestu kito nyadong lumunturing syafa’at benjang wonten pakewuh'ipun
dinten qiyamat.

Poro rawuh kakung putri ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko kawulo jumeneng wonten ngarso
panjenengan sami hanamung piniji minongko pambiworo lampahing adicoro pasamuhan walimatul urs
ipun Raden Bagus ... bin ...kalian Raden ajeng Roro ... binti ...

Nuninggih poro pilenggah, runtuting adicoro ingkang sampun karonce dening keluargo:

Adicoro Pambuka

waosan pustoko suci al Qur’an

Atur pambagyo pinongko atur pasrah pinampi

Istirahat

wedar Sabdo/ mauidhoh hasanah

Doa-Penutup

Keparengo panoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti pambuko surotul fatihah,
Liridloillah--------
Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah wusono pinaringan rahayu
tebih ing sambikolo.

Kalajengaken adicoro ingkang dumawah ongko kalih, lumantuning waosan ayat-ayat suci al-Qur’an
ingkang bade kaseliraaken dening .... wekdal soho panggenan kaaturaken.

(pembacaan ayat al Quran)

Kanti ayat-ayat ingkang sampun kawahos mugi-mugi dadosno manfaat kususipun dumateng ingkang
maos,ugi dumateng temanten kekalih, sumrambahipun dumateng kulo lan panjenengan sami.

Ndungkap adicoro ingkang ongko tigo nuninggih atur pambagyo pinongko pasrah
temanten ... ,dumateng duto saroro pangombyong ingkang sampun kajibah kasumanggaaken.

Dumateng panjenengan ipoun kaaturaken agunging panuwun

(Pasrah Manten)

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sak lajeng ipun penampi atur pasrah ngiras-ngirus atur
pambagyo ingkang amengku gati -Shohibul Bait-, awit saking bombong miwah mongkok ipun manah
panjengan ipun Bapak.... bade matur, amung kandek wonten sak lebetipun penggalih. Ingkang puniko
sesulih saliro dumateng panjengan ipun Bapak.....kaaturaken.

(shohibul Bait)

Paripurnaning pasrah penampining putro tmanten dumugi saatipun adicoro ingkang kaping selkawan
inggih puniko istirahat. Pinongko corongipun shohibul bait poro rawuh kaaturaken sekeco anggenipun
lenggah sinambi poro kadang punggowo ngatiri pasugatanlan amung ngaturakensugeng angerahapi
kanti sekeco lan saestu.
Poro rawuh ingkang tansah minulyomboten ateges kawulo nggempil kamardikan panjenengan kanti
tatas tetes lan titis wekdal istirahat kacepak semanten. Candak adicoro selajengipun inggih puniko
Mau’idhoh hasanah soho doanipun.Ananging sak derengipun Maidhoh soho doanipun kawedar kawulo
minangkani pambiworo adicoro anggenipun andereakenlampoahing roncening adicoro wiwit awl
dumugi akhir katah kekirangan boso tuwin subositi kawulo namung tumadah lumebering sih samudra
pangaksami.Akhirul kalam Wassaalamu alaikum Wr. Wb.

Angaturaken kanti renaming penggalih dumateng Al-Mukarrom anyelirani mauidhoh hasanah soho
doanipun, wekdal soho panggenan kasumanggaaken.

----○----

Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung
mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten. Punapa
dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.

Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kula cumanthaka sowan
mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Kula piniji
hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning
kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwawahan prasaja ing ratri
kalenggahan punika.

Sumangga kula derekaken sesarengan manungku puja-puji-santhi wonten ngarsaning Gusti Ingkang
Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten
madyaning bebrayan agung. Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng
panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih hamenakaken
wanci sarta kaperluan rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika, saperlu hanjenengi sarta paring
berkah pangestu dhumateng Bapa Yatno sakulawangsa anggenipun hanetepi dharmaning sepuh
hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.

Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun
rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:

Eko laksitagati purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking tepas wangi
manjing ing madyaning sasana rinengga

Dwi laksitagati rawuh & jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning sasana wiwaha
Tri laksitagati pasrah-pinampi putra temanten kakung

Catur laksitagati dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat widhiwadana ingkang sampun
sinengker tumunten kalajengaken upacara krobongan

Panca laksitagati nderek mangayuhbagyahipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati ing sasana
wiwaha tumunten kalajengaken upacara sungkem

Sad laksitagati atur pangbagyaharjo panjenenganipun ingkang hamengku gati katur sagung para tamu

Sapta laksitagati lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha manjing ing sasana
busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatrian

Hasta laksitagati sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu saperlu nyenyadhang
pudyastawa murih widadaning bebrayan

Nawa laksitagati paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten sarimbit saking madyaning
sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan.

Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika. Salajengipun,
keparenga para tamu pinarak wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, miwah
kawula derekaken hanyrantos tumapaking tata adicara sinambi nglaras rarasing gending2 jawi.

Nuwun, nuwun, matur nuwun.

Terjemahan bebas Demikian Contoh MC dalam bahasa Jawa: Pranatacara/Pranata adicara Pengantin

Mohon maaf..permisi. Yang terhormat para orang tua dan yang dituakan yang selalu menjaga
keutamaan hidup, yang pantas dihormati. Juga kepada para hadirin-hadirat yang berbahagia

Maaf sekali semoga saya dijauhkan dari mala petaka karena dengan berani menghadap kepada anda
semua yang sedang bercengkerama. Saya yang ditugasi sebagai pembawa acara mohon diperkenankan
untuk membuka acara suka-suka pada saat ini. Supaya acara pesta sederhana ini bisa runtut dan lancar

Marilah saya iring anda untuk memuji syukur kepaada Tuhan yang telah memberikan rahmat dan nikmat
di alam kehidupan ini. Terbukti keselamatan selalu menyertai kita semua sehingga kita bisa meluangkan
waktu untuk menghadiri pesta ini. Untuk memberi berkah dan doa kepada bapak Yatno sekeluarga yang
sedang memenuhi kewajiban sebagai orang tua yakni menikahkan anak mereka, semoga selalu diberi
keselamatan.
Para tamu (laki-laki dan perempuan), susunan acara yang sudah disusun oleh keluarga adalah sebagai
berikut:

Pertama sebagai pembuka pesta ini adalah kedatangan pengantin putri dari ruang rias ke pelaminan

Kedua datang dan perginya pengantin putra menuju ke arena pesta

Ketiga: serah terima pengantin putra

Keempat acara panggih (pertemuan) antara pengantin putra dan putri sesuai dengan adata dan
dilanjutkan krobongan

Kelima sambutan dari pihak besan (mertua) kepada tuan rumah dilanjutkan acara sungkem

Keenam sambutan dari pemilik rumah kepada para tamu undangan

Ketujuh kepergian pengantin ke ruang ganti untuk ganti baju kesatria

Kedelapan kedatangan kembali kedua pengantin

Kesembilan berakhirnya acara pesta pernikahan ini yakni perginya pengantin menuju ke depan tempat
pesta

/merapikan sedikit penampilanku;mengaktivkan mic ku;senyum tipis ke arah tamu undangan/

Bismillahir-rahmanir-rahim.

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.

Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti. kula
ingkang kapitedhan sinaraya hambuka wiwaraning suka, wenganing wicara, dwaraning kandha pinangka
jejering pambiwara ngaturaken urut reroncening tata upacara ingkang sampun rinakit, rinancang dening
para kulawangsa ingkang tartamtu kewala kaeneraken wonten ing pawiwahan prasaja ing hari
kalenggahan punika,

Minongko purwakaning adicoro tinarbuko sowanipun temanten putra @Abmyrakenz mijil saking tepas
wangi, manjing ing madyaning sasono rinenggo.

•/mematikan mic ku
(Kepada mempelai uke di persilahkan menuju ke atas pelaminan)

Anda mungkin juga menyukai