Anda di halaman 1dari 4

Pranatacara Adicoro Pengantin Bahasa Jawa

Assalamualikum Wr. Wb.


Hadlrotal Mukarrom Poro Alim Ulama’ poro Kyai ingkang satuhu dahat
kinurmatan.
Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingtkang sinubo ing pakurmatan.
Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo
pangombyong temanten putri ingkang tansah suko basuki.
Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkan sampun
paring lumebering hidayah, soho kanikmatan dumateng kito lan panjenengan
sami, sumonggo kito ikroraken kanti waosan tahmid: Alhamdulillahirabbil
“alamin.
Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi
Agung Muhammad SAW.ingkan saestu kito nyadong lumunturing syafa’at
benjang wonten pakewuh ipun dinten qiyamat.
Poro rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko kawulo jumeneng
wonten ngarso panjenengan sami anamung piniji minongko pambiworo
lampahing adicoro pasamuhan walimatul urs ipun Raden Bagus ... bin ...kalian
Raden ajeng Roro ... binti ...
Nuninggih poro pilenggah, runtuting adicoro ingkang sampun karonce dening
keluargo :
1. Adicoro Pambuka
2. Waosan pustoko suci al Qur’an
3. Atur pambagyo pinongko atur pasrah pinampi
4. Istirahat
5. Wedar Sabdo/ mauidhoh hasanah
6. Doa-Penutup
Keparengo panoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti
pambuko surotul fatihah, Liridloillah--------
Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah
wusono pinaringan rahayu tebih ing sambikolo.
Kalajengaken adicoro ingkang dumawah ongko kalih, lumantuning waosan
ayat-ayat suci al-Qur’an ingkang bade kaseliraaken dening .... wekdal soho
panggenan kaaturaken.
(pembacaan ayat al Quran)
Kanti ayat-ayat ingkang sampun kawahos mugi-mugi dadosno manfaat
kususipun dumateng ingkang maos,ugi dumateng temanten kekalih,
sumrambahipun dumateng kulo lan panjenengan sami.
Ndungkap adicoro ingkang ongko tigo nuninggih atur pambagyo pinongko
pasrah temanten ... ,dumateng duto saroro pangombyong ingkang sampun
kajibah kasumanggaaken.
Dumateng panjenengan ipoun kaaturaken agunging panuwun
(Pasrah Manten)
Poro pilenggah kakung sumawono putri, sak lajeng ipun penampi atur pasrah
ngiras-ngirus atur pambagyo ingkang amengku gati -Shohibul Bait-, awit saking
bombong miwah mongkok ipun manah panjengan ipun Bapak.... bade matur,
amung kandek wonten sak lebetipun penggalih. Ingkang puniko sesulih saliro
dumateng panjengan ipun Bapak.....kaaturaken.
(shohibul Bait)
Paripurnaning pasrah penampining putro tmanten dumugi saatipun adicoro
ingkang kaping selkawan inggih puniko istirahat. Pinongko corongipun
shohibul bait poro rawuh kaaturaken sekeco anggenipun lenggah sinambi poro
kadang punggowo ngatiri pasugatanlan amung ngaturakensugeng angerahapi
kanti sekeco lan saestu.
Poro rawuh ingkang tansah minulyomboten ateges kawulo nggempil
kamardikan panjenengan kanti tatas tetes lan titis wekdal istirahat kacepak
semanten. Candak adicoro selajengipun inggih puniko Mau’idhoh hasanah soho
doanipun.Ananging sak derengipun Maidhoh soho doanipun kawedar kawulo
minangkani pambiworo adicoro anggenipun andereakenlampoahing roncening
adicoro wiwit awl dumugi akhir katah kekirangan boso tuwin subositi kawulo
namung tumadah lumebering sih samudra pangaksami.
Akhirul kalam Wassaalamualaikum Wr. Wb.
Angaturaken kanti renaming penggalih dumateng Al-Mukarrom anyelirani
mauidhoh hasanah soho doanipun, wekdal soho panggenan kasumanggaaken.
PRANATACARA PENGANTIN
Nuwun para rawuh kakung sumawana putri, Saderengipun kawiwitan
Sumangga kula dherekaken SESANTI murih MULYANING bawana
Karahayon, Kasantosan tuwin kawilujengan tansaha kasalira ing panjenengan
sedaya.
Kawula Nuwun.
Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, pinisepuh ingkang
pantes pinundhi-pundhi.
Sagunging para tamu kakung sumawana putri ingkang pantes nampi
pakurmatan satuhu pantes ta lamun sinudarsana.
Mradapa awit saking Keparengipun ingkang hamengku gati, kula ingkang
kapitedhan sinaraya hambuka wiwaraning suka pinangka jejering pambiwara
Keparenga kula hangaturaken urut reroncening tata upacara ingkang sampun
rinakit, rinancang wonten ing pawiwahan prasaja ing hari kalenggahan punika,
nun inggih panjenenganipun Bp. H. Pratomo Susilo, SH sekalian Ibu Nanik
Hartanti ingkang pilenggah wonten ing Dhusun Jonggo, Karangasem,
Kecamatan Cawas, Kabupaten Klaten
ingkang netebi darmaning asepuh hangrakit sekar cepaka mulya, amiwaha siwi
mahargya suta.
Kanthi raos panalangsa ingkang hamengku karsa nyuwun wonten ngarsanipun
Gusti ingkang apeparing gesang, miwah nyuwun donga pangestunipun para
lenggah, mugi kaleksananing sedya ing ri kalenggahan punika purwa madya
wasana tansah pinaringan rahayu wilujeng tebih ing sambekala.
Caos uninga Katur dhumateng para lenggah, bilih titi laksana Ijab Suci putra
ppinangantn, Nun inggih Rara Ayu Galuh Larasati, S.Pd. Putra puteri saking
panjenenganipun Bp. H. Pratomo Susilo, SH Sekalian Ibu Nanik Hartanti.
Ingkang Sampun kajatukrama Kaliyan Bagus Heru Darma Putra, S.Kom
Putra anjalu Saking panjenenganipun Bp. Drs. Agus Prihandoyo sekalian Ibu
Yulia Widowati
Ingkang pilenggah Wonteng ing Desa Sidomoyo, Kecamatan Godean,
Wewengkon Kabupaten Sleman Sembada.
Atur uninga wonten ngarsanipun para rawuh Bilih Ijab Qobul temanten sampun
kaleksanan kanthi wilujeng nir ing sambekala, kala wau enjang dinten Rabu
wanci tabuh 09.30 Wekdal Nagari Indonesia Iring kilen Mapan wonten ing
Jonggo, Desa Karangasem Kecamatan Cawas Kabupaten Klaten Bersinar.
Para rawuh Kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening Adicara
ingkang Sampun rinumpaka.
Inggih menika Binuka kanthi pisowaning Putra temanten sarimbit saking sasana
busana, marak sowan wonten ing sasana rinengga, ingkang badhe kapurwakan
adicara pasrah saha panampining putra pinanganten.
Dening para sepuh ingkang sampun piniji.
Purnaning tata upacara sowaning pinanganten, badhe kasambet atur pandonga
konjuk ing Ngarsa Dalem Gusti ingkang murbeng jagad.

Dene
Atur pambagya yuwana saking pamengku karsa tumunten badhe kaleksanan
minangka titi laksana adicara ingkang angka tiga.

Wondene Pahargyan prasaja ing mangke hambok bilih Badhe pinungkasan sak
sampunipun Wonten pratandha Saking kulawarga Minangka paran para.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu sadu ing budi, makaten
menggah urut reroncening tata upacara pahargyan prasaja ing ri kalenggahan
mangke Mawantu-wantu panyuwunipun pamengku gati, Pepundhen kula Bp. H.
Pratomo Susilo, SH sekalian ibu.
mugi sagung Para tamu Keparenga nyakecaaken lenggah kanthi sekecaning
penggali ngantos dumugi Paripurnaning tatacara.
Nuwun

Anda mungkin juga menyukai