Anda di halaman 1dari 2

Assalamu’alaikum Wr.Wb.

- Dhumateng panjenengan para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu kula bekteni
- Sagunging para tamu kakung sumawana putri ingkang winantu ing karahayon
- Sarta para kadang werda muda ingkang tuhu pantes sinudarsana

Sakderengupin kula matur, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken monjuk puja-puji syukur wonten
ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung inggih awit peparing nikmat, taufik hidayah, sarta inayahipun, kula
panjenengan sami saged kempal wonten adicara punika kanthi widada nir ing sambekala.

Wonten ing kalodhangan menika, keparenga kawula sawetawis paripaksa nggempil kamardikan panjenengan
sami ingkang ketemben lelenggahan saha wawan pangandikan. Karana mestuti dhawuh kersanipun Bapa Aji
Budi Harto, kinen matur pinangka talanging basa sulih sarira.

Ing madyaning pepanggihan menika, Bapa Aji Budi Harto lumantar kula ngaturaken sugeng rawuh dhumateng
para tamu sedaya. Sudeng rawuh, sugeng lenggah. Mugi para rawuh kersa lenggah kanthi mardikaning
penggalih. Ugi Bapa Aji Budi Harto saestu ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami awit panjenengan sedaya
kersa nglonggaraken wekdal kangge rawuh wonten adicara menika.

Inggih karana manunggaling cipta, rasa, karsa lan karyanipun, Bapa Aji Budi Harto ing kalodhangan menika
netepi dharmaning asepuh, malakramakaken putra putrinipun ingkang sesilih Nak Ayu Fatimah, kadhaup

kaliyan Nak Bagus Radhitya, putra kakungipun Bapa Riswanto. Dene ijab qobul sampun kalampahan kalawau
enjang, wanci tabuh 08.00 kanthi mboten wonten alangan setunggal punapa.

Karawuhanipun para lenggah sedaya, panjenenganipun Bapa Aji Budi Harto nyuwun donga pangestu saha
peseksen dumateng para lenggah sedaya. Mugi-mugi temanten kekalih anggenipun bibar nggebyur bebrayan
enggal dadoso kaluwarga ingkang Sakinah Mawadah Warahmah, enggalo pikanthuk tangsuling katresnan.
Ingkang tembenipun saged migunani dumateng agami, tiyang sepuh, saha nagari.

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kula bektosi, penejenenganipun Bapa Aji Budi Harto nyuwun
mugio para lenggah sedaya kerso nyrantos pawiwahan punika wiwit purwa, madya, dumugi wasana.
Panjeneganipun nyumanggaaken mugio para lenggah sedaya kersa ngedapi pasugatan ingkang cumawis, sak
kawontenanipun.

Dumateng para rawuh sedaya, Bapa Aji Budi Harto nyuwun pangapunten menawi wonten kekiranganipun aruh,
lungguh, suguh. Saha mbok bilih anggen kawula pribadi matur wonten galap gangsulipun atur karana kirang
sesserepan saha andhaping pawiyatan, kula nyuwun lumunturing sih agunging samudro pangaksami.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


Assalamu'alaikum wr.wb.
( ayat )
Panjenenganipun ingkang kinabekten, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti
dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang dhahat pinundhi. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom
.............................. ingkang dhahat kinurmatan. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, lan
para Ustadz ingkang tansah kaantu-antu berkah pendonga miwah pitutur luhuripun. Para pangreh pangemban
pangembating praja minangka pangayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana.
Sumawana sanggyaning para rawuh, para pilenggah, kakung miwah putri, saha para sanak kadang wredha
mudha, ingkang tansah winantu ing suka rahayu. Langkung-langkung panjenenganipun Bp ......(duta
pasrah).......... ingkang minangka duta saraya pasrah temanten kakung/putri dalah para kadang pengombyong
temanten saking .........(desa)............. ingkang pantes sinuba sagunging pakurmatan.
Langkung rumiyin kula ngonjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, karana sih wilasa miwah
barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten menika
wekdal kula panjenengan saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan kawilujengan tuwin
karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos
kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.'
Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados pepanutaning
ummat sejagat nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun
wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.
Sanggya para rawuh para adilenggah ingkang tansah winengku ing suka rahayu, kakung miwah putri.
Kula aminangkani Bp/Ibu .........(pemangkugati)............ keparenga tumanggap atur menggah atur pasrah
panjenenganipun ...........(duta pasrah)............ ingkang sampun kepareng hamasrahaken putra
temanten kakung/putri.
Ingkang sepisan, atas nami Bp/Ibu .........(pemangkugati)....... sakulawarga, kula ngaturaken sugeng rawuh
lan agunging panuwun ing sarawuh panjenengan sarombongan, para pengombyong
temanten kakung/putri saking ..........(desa).......... Mugi-mugi rawuh panjenengan punika dadosa
lantaranipun tambahing pasedherekan antawisipun warga .............(jeneng desa)......... ngriki
kaliyan ...........(jeneng desa)...............
Kaping kalihipun, menggah salam taklimipun Bp/Ibu ...........(besan)................. kula tampi , lan sak kosok-
wangsulipun salam taklim saking Bp/Ibu ..........(pemangkugati)........... katur dhumateng
Bp/Ibu ..............(besan)........ dalah gotrah kulawarga. Kula ikroraken kanthi atur “ 'Alaika wa'alaikum salam
wr.wb.”
Salajengipun, keplasing sedya panjenengan amasrahaken putra temanten kakung/putri ,
Bp/Ibu .......(pemangkugati)............ sakulawarga nampi kanthi asta kalih lan kanthi suka gumbiraning
manah, sinartan nyuwun wewahing pangestu, mugi-mugi para putra temanten menika sagedta dados pasangan
ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, bagya mulya, guyub rukun, atut runtut, ingkang mugi tansah pikantuk
berkah, wiwit donya dumugi akhirat, enggal pinaringan momongan ingkang soleh solihah, migunani dhateng
sesami, migunani dhateng agami lan negari saha tansah atul manembah mring Gusti.
Wondene menggah panggulawenthahing putra temanten menika sumangga sami-sami sesarengan, menawi
pinuju wonten ngriki inggih saksaged-saged sakkuwaos kula sabrayat, lan menawi pinuju
wonten ...........(jeneng desa).............. inggih semanten ugi sumangga kagulawenthah ingkang kados
makaten.
Panjenenganipun para pengombyong temanten ingkang satuhu kinurmatan, mawantu-wantu panyuwunipun
Bp/Ibu .........(pemangkugati).......... gotrah kulawarga, keparenga andumugekaken anggenipun samya
lelenggahan ngantos dumugi titiwanci purnaning pahargyan ing siang/dalu menika kanthi mardu mardikaning
penggalih, saha menawi wonten kekirangan saha kalepatan anggenipun
Bp/Ibu .........(pemangkugati)........... sakulawarga nampi rawuh panjenengan keparenga hangluberaken
samodraning pangaksami.
Wondene saparipurnaning pahargyan samangke panjenengan sarombongan kepareng badhe kondur, kula
namung saged ngaturaken sugeng kondur, mugi rahayu ingkang tansah pinanggih dumugi ing dalem, nir-baya,
nir-wikara, nir-ing-sambekala. Syukur-syukur samya kersa pinarak lan nyipeng wonten panggenan kula.
Ing wasana, kados kirang wicaksana menawi kula matur kathah-kathah, mbok bilih anggen kula matur, anggen
kula nampi, mboten andadosaken sarjuning penggalih, kula pribadhi tansah nyuwun agunging sih samodra
pangaksami.
Akhirulkalam, Billahittaufiq walhidayah. Wassalamu'alaikum wr.wb.

Anda mungkin juga menyukai