Anda di halaman 1dari 5

• wangsulan pandhodhoging kori

Assalamualaikum wr. wb. Nuwun


Karahayon tuwin kabagaswaran sinartan penggalih ingkang suka-bagya mugi-mugi tansah
kajiwa raga dhumateng panjenengan saha kula. Mangga ngunjukaken raos syukur wonten
ngarsanipun Gusti Ingkang Akarya jagad.
Nepangaken nami kula ..... dene ingkang menika Bapa .... saha Ibu .... Ingkang menika
Bapa Anuraga sekaliyan ibu kaprenah bapa paman (pak cilik) ipun gendhuk ...... Kula kautus
dening Bapa ...... supados dados talanging atur. Kepareng ,atur sepisan ngaturi panjenengan
sedaya sugeng rawuh saha sugeng lenggah, wonten dalemipun Bapa .... wonten Dhusun .....
Kecamatan ..... Kabupaten Pati. Menggah salam rahayu wilujeng saking kulawarga Bapa
susilo sampun kula tampi lajeng kosok wangsulipun.
Panjenenganipun Bapa .... sekaliyan lumatar Bapa ...... kalawau sampun medhar wosing
pengalih sedyaning pisowanan menika. Kula wonten ngriki kautus dening Bapa .... suapdos
matur ngaturi wangsulan dhumateng pandangon panjenengan
pandangon panjenengan ingkang angka kalih nuju dhateng pepoyaning kautamen,
pramila anggen kula mangsuli kedah sayektos adhedhasar kasunyatan tuwin penggalihipun
ingkang badhe anglampahi. Kula saha panjenengan menika nut lakune jaman. Semangke
sesambetan lare enem benten kaiyan kala rumiyin. Pramila wekdal menika, kula ngaturi
uninga bilih miturut katrangan saking gendhuk ...... ingkang sampun matur dhumateng rama
saha ibunipun bilih piyambakipun sampun gadhah pacangan. Dene pacangan ingkang
dipunkajengaken inggih menika namung setunggal naminipun ....... saking Dhusun ... , Pati.
Dados sampun pawingan bagus nami .... . Keleresan bilih .... menika putra Bapa .... sekaliyan.
Kanthi makaten, pandangon panjenengan sampun kula wangsuli kanthi cetha.
Kados namung menika ingkang saged kula aturaken dhumateng panjenengan. Sumagga
kula aturi lenggah ingkang sakeca angresepi pasugatan ingkang sarwa prasaja. Dene menawi
wonten tumpangsuhipun atur, ugi patrap ingkang kirang sae kula saha kuawarga Bapa ...
namung nyadhong lumunturing sih pangapunten. Bapa ... sakulawarga ngaturaken matur
nuwun sanget rawuhipun, mugi-mugi benjang saged dados sedherek ingkang rukun, caker,
saha raket. Amin.
Wassalamualaikum wr.wb. Nuwun

• Sabda Pasrah lamaran ing tata cara adat panganten jawa


Nuwun, Kulanuwun
Assalamualaikum wr. wb.
Kanthi rinengga sagunging pakurmatan. Kula sapangiring ngaturaken puji syukur wonten
ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Welas saha Maha Asih. Jalaran ngatos dumugi titi wanci
menika kula saha panjenengan pinaringan suka basuki tenrem rahayu nirbaya nirwikara.
Kawonten makaten mugi waradin tumrap bebrayan agung negari Nuswantara.
Kepareng ngaturaken salam wilujeng dhumateng Bapa .... sakulawarga. Kawuninganana
bilih anggen kula sowan wonten ngriki kadherekaken para pangombyong semanten
kathahipun sedaya saking Dhusun .... Pati. Sowan kula kajawi silaturohmi tuwi kawilujengan
kulawarga Bapa .... wonten Dhusun.... . Ugi ngemu wigatos sanesipun. Wosing pisowanan
kula sapangombyong menika ngaturaken saha nglantaraken sedyanipun Bapa .... jumbuh
kaliayan ingkang putra jaleripun nakmas ..... inggih menika mugi keparenga nampi
panglamaripun nakmas .... utawi lumantar Bapa .... sekaliyan sowan hanglamaraken
ingkang putra jales nakmas .... tumuju dhateng nak ajeng ..... . Awit golongan gilig saha
gelengipun manah nakmas ... ingkang badhe mengku nak ajeng .... minangka garwa
amangun bale wisma.
Minangka jangjeping adat lupiya panglamar. Bapa .... ngaturaken uba rampenipun
panglamar. Nitik saking wujud tuwin kawontenan abon-abon menika reginipun mboten
sepintena ananging menika lambangipun paningset, mugi sageda anggenipun niat badhe
bebesanan kasembadan kathi wilujeng nirbaya nir ing sambekala. Amin
pungkasaning atur, gegayutan penganten kaliyan rantaman titi wanci saha titi ari badhe
tumapaking gati akdun nikah panganten, ngantos wekdal pahargyan sumangga
sakersanipun Bapa .... . Ewa semanten menawi ngersakaken bebantu iguh pratikel, kula
sakulawarga sumadya caos pambiyantu sasaged-sagedipun
Ing wasana kula ngaturaken agengipun panuwun dene kula sapandherek katampi anggen
kula sowan kanthi kebak pakurmatan. Denen mbok bilih anggen kula matur kirang leres ing
basa tuwin sastra, saha anggen kula sowan kirang ing subasita kula namung anglenggana
nyuwun samodra pangaksama.
Wassalamualaikum wr.wb.

• Sabda nampa pasrah lamaran


Nuwun! Assalamualaikum wr. wb.
Sumandhing suka-rena siandhing bagya mulya. Wonten titi wanci kalenggahan wekdal
menika kulawarga brayat ageng saking Bapa ..... ingkang dalemipun Dhusun ...., Pati. Saged
srawung kaliyan kulawarga ageng brayat Bapa ... saking Dhusun ...., pati. Pramila suamangga
ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang akarya jagad.
Kula ingkang tinanggenah minangka traju wacana maturnuwun tumrap atur salam
wilujenngipun Bapa .... namung kosok wangsulipun mekatena ugi salam wilujeng Bapa ...
mugi katur dhumateng Bapa .... sakulawarga
Mireng saha nggatosaken sarta nampi paringipun pangandikan saking Bapa .... minangka
sulih sariranipun Bapa .... kanthi cetha. Tiyang sepuhipun nak ajeng .... inggih Bapa sampun
atur pasarujukan saged nampi panglamaripun nakmas .... Sayektos sampun dhumawahing
kodrat angsal wirodat saking Gusti Ingkang Maha Rat. Nakamas ... sampun jodhonipun nak
ajeng .... . Bapa .... sekaliyan saged nampi kanthi suka renaning penggalih kawontenan
menika.
Salajengipun menggah rantaman wisudhan pala krama dalah pahargyan panganten putra
kekalih kanthi adat tatacara jawi, sumangga sami dipunpenggalihaken sesarengan arih
saged regeng lancar mboten wonten rubeda menapa-menapa.
Kados makaten pmenggah bebundhelaning penggalihipun Bapa...... ingkang sampun
kawedhar lumantar kula minangka talanging basa
mangga dipunsekacekaken anggenipun wawan pangandikan sinambi angresepi pasugatan
ingkang sarwa prasaja. Nyuwun pangapunten ingkang kathah bilih wonten kirang sae
anggenipun aruh-aruh, suguh, lungguh tuwin gupuh. Ing wasana cekap semanten
maturnuwun. Wassalamualaikum wr. wb.

• Sabda pasrah panganten kakung


Nuwun, Kula nuwun
Assalmualaikum wr. wb.
Kanugrahan miwah sih wilasanipun Gusti Ingkang Maha Tunggal, mugi-mugi tansah
sumandha ing jiwangga kita, warading sagung dumadi, raharja, niskala satuhu.
Kula kepareng madhep awit tinimbalan kadang kula pambyawara kinen ngayahi jejibahan
masrahaken penganten kakung.
Puji syukur konjuk dhumateng Gusti Ingkang Maha Tunggak, ingkang sampun paring
panuntun dhateng kula sapangiring panganten kakung saking Dhusun ... Pati satemah saged
sowan wonten papan mriki kanthi wilujeng nit ing sambekala.
Baoa ..... sekaiyan ingkang minulya. Para pinisepuh, sesepuh saha para alim miwah para
tamu sedaya ingkang kinurmatan. Ingkang kapisan, kula ngaturaken kabar kabyagan, Bapa
.... sekaliyan nuwun inggih rama saha ibunipun panganten kakung ugi ngaturaken salam
kawilujengan katut Bapa...... sekaliyan
Kaping kalih sowan kula hanganthi panganten kakung anakmas .... saklajengipun kula
pasrahaken dhumateng Bapa .... sakulawarga lumantar Bapa .... sumangga anggenipun
badhe hamiwaha. Kula saha Bapa ... sakulawarga namung ndherek memuji, mugi-mugi
pawiwahan menika saged lumampah kanthi rancag, lancar kalis ing rubeda.
Salajengipun waleh-waleh menap, kula blaka suta, nglenggana, bilih panganten kakung
menika taksih cubluk utawi kirang seserepan ing bab ngelmu gesang bebrayan, mila
panyuwun kula dhateng Bapa.... sakulawarg, para pinisepuh, sesepuh ing mirki kersa suka
paring amrih gesangipun saged manggih kamulyan.
Makaten atur kula. Mbok bilih sowan kula sapangiring wonten klenta-klentunipun atur,
ugi tandang tanduk ingkang damel kirang rena panggalih kula nyuwun pangapunten.
Nuwun. Matur nuwun. Wassalamualaikum wr. wb.

• Sabda nampa pasrah panganten kakung


Assalamualaikum wr. wb.
Nuwun,
Sedaya puji konjuk ngarsanipun Allah ingkang Maha Tunggal, nugraha miwah karahayon
mugi-mugi kaluberaken dhumaten satunggaling Nabi pungkasan Rasulullah Muhammad,
S.A.W. Dhumateng kulawarganiun, sekabatipun, serta tetiyang ingkang amestuti
pitedahipun. Dene sasampunipun menika. Bapa .... ingkang kinurmatan, Bapa ...
sakulawarga sapagiring penganten kakung ingkang minulya.
Kula minangka wakilipun Bapa ... sekaliyan, keparengan matur dhumaten Bapa .... ingkang
kalawau sampun atur pangandika minangka sulih sariranipun Bapa ... masrahaken
penganten kakung.
Puji syukur konjuk ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, awit saking agung barokah
saha rohmatioun ingkang sampun kaparingaken kula saha panjenengan, satemah saged
pinanggih wonten papan mriki kanthi wilujeng niskala.
Raos bombong sarta suka ing manah kula sabyarat, dupi sumerep rawuh panjenengan
sapangiring hanganthi penganten kakung. Menggah salam kawilujengan saking Bapa,,,,
lumantar Bapa .... sampun kula tampi, kosok wangsulipun Bapa ... ugi ngaturaken salam
kawilujengan dhumateng Bapa ..... sakulawarga
Pasrah panjenengan tumrap panganten kakung sampun kula tampi, saklajengipun badhe
kawiwaha dhaup kanthi prasaja, inggih awit kawontenan ingkang sarwa rupak. Ing babagan
paggulawenthah putra panganten sekaliyan sumangga kulawarga kekalih samad sinamadan
suka piwulang amrih saged sae.
Bapa .... sabyarat nyuwun idi pangestu lan ngaturi panjenengan kersa lenggah kanthi
sakeca ngantos saparipurnaning pawiwahan. Kula minangka talanging basa, mbok bilih
anggen kula matur, saha nampi karawuhan panjenengan sapangiring wonten kirang nuju
karsa kula nyuwun ageng saha agungipun pangapunten.
Cekap semanten atur kula. Nuwun. Maturnuwun. Wassalamualaikum wr. wb.

• Sabda pambageharja tamu


Nuwun Kulanuwun
Assalamualaikum wr.wrb.
Sedaya puja puji konjuk dhateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi saha Gusti Ingkang
Sarwa Sanggya Bawana. Dumateng panjengenipun kawula nyuwun pitulungan tumrap
sadaya prakawis agami saha donya. Dene sasampunipun menika. Para pinisepuh. Sesepuh,
para alim, para tamu ingkang minulya. Kawilujengan, karaharjan tuwin katentreman mugi
tansah kasarira panjenengan sedaya.
Keparenga kula sumela atur awitmundhi dhawuhipun Bapa .... sekaliyan, ingkang supados
matur wonten ngarsa panjengenan. Namung saderengipun sumangga kula dherekaken
ngunjukaken raos puji syukur shateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang
sampun paring rohmat saengga kula saha panjenengan saged pinanggih wonten dalemipun
Bapa .... saperlu paring idi pangestu dhateng akdun nikahipun panganten kekalih,
antawisipun priya bagus kekasih ... putra jaleripun Bapa .... ingkang mijil saking dhusun ...
Pati dhaup kaliyan putri ayu sesilih ... puta estri Bapa .... mijil saking dhusun ... mriki. Ijab
kobul sampun kalampahan kanthi wilujeng, nirbaya, nir ing sambekala kalawau antawasipun
jam 80.00 enjing
para tamu ingkang kinurmatan, Bapa ... ngaturaken pabagya wilujeng rawuhipun boten
kesupen Bapa .... sekaliyan ngaturaken agungipun panuwun/ matur nuwun ingkang tanpa
pepindhan, awit sadaya pambiyantu penjengenan saha para kadang sentana tuwin kadang
mitra, tanggi tepalih ingkang awujud menapa kemawon saengga pawiwahan mantu ing
dinten menika lumampah kanthi rancag, rageng, saha mboten rubeda.
Bapa ... sekaliyan boten sages atur leliru sih kadarman panjengenan kalawau, namung
saged memuji mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados amal saha badhe angsal liru
saking Gusti Ingkang Maha Welas saha Maha Asih. Amin
Para tamu kakung saha putri, sinaosa Bapa... sampun dangu anggenipun ngrancang saha
ngracik amggenipun kagungan kersa mantu menika, ewa semanten taksih kathah
kekiranganipun. Wiwit ngaturi serat sedhahan ngantos anggenipun nampi karawuhan
panjenengna ing dinten menika rena penggalih panjenengan bapa .... sekaliyan nyuwun
pangapnten sakthah-kathahipun.
Salajengipun panjenengan sedaya kersa mrayogekaken anggenipun lenggah ngantos
paripurnaning pawiwahan dinten menika. Kula pribadi mbok bilih anggen kula matur
wonten kirang leres ing reh paramasastra miwah micara, subasita miwah tatakrama kula
nyuwun lumunturing sih pangaksama.
Nuwun, Wassalamualaikum wr.wb.

.wursitawara

Para tamu kakung putri, penganten kekalih sampun sowan ing ngarsa. Clereting netra
kawistara, agung nggenya angantu-antu paring panjenengan puji pangastuti. Widadaning
lampah, tulusing parasdya, anggennya mangun brayat, winisudha sinengkakaken ing tataran
wredha, werdine pan kedah mandireng priyanggan. Mrih antuka kalidamar, pandham
margining agesang bebrayan, mila kasuwun panjenenganipun Bp…………………paring ular-ular
dhumateng penganten kekalih, sumrambah ing sadayanipun. Wasana, sumangga.

Anda mungkin juga menyukai