Anda di halaman 1dari 3

• Sabda nampa pasrah lamaran

Nuwun! Assalamualaikum wr. wb.


Sumandhing suka-rena siandhing bagya mulya. Wonten titi wanci kalenggahan wekdal menika
kulawarga brayat ageng saking Bapa ..... ingkang dalemipun Dhusun ...., Pati. Saged srawung kaliyan
kulawarga ageng brayat Bapa ... saking Dhusun ...., pati. Pramila suamangga ngaturaken puji syukur
dhumateng Gusti ingkang akarya jagad.
Kula ingkang tinanggenah minangka traju wacana maturnuwun tumrap atur salam wilujenngipun
Bapa .... namung kosok wangsulipun mekatena ugi salam wilujeng Bapa ... mugi katur dhumateng
Bapa .... sakulawarga
Mireng saha nggatosaken sarta nampi paringipun pangandikan saking Bapa .... minangka sulih
sariranipun Bapa .... kanthi cetha. Tiyang sepuhipun nak ajeng .... inggih Bapa sampun atur
pasarujukan saged nampi panglamaripun nakmas .... Sayektos sampun dhumawahing kodrat angsal
wirodat saking Gusti Ingkang Maha Rat. Nakamas ... sampun jodhonipun nak ajeng .... . Bapa ....
sekaliyan saged nampi kanthi suka renaning penggalih kawontenan menika.
Salajengipun menggah rantaman wisudhan pala krama dalah pahargyan panganten putra kekalih
kanthi adat tatacara jawi, sumangga sami dipunpenggalihaken sesarengan arih saged regeng lancar
mboten wonten rubeda menapa-menapa.
Kados makaten pmenggah bebundhelaning penggalihipun Bapa...... ingkang sampun kawedhar
lumantar kula minangka talanging basa
mangga dipunsekacekaken anggenipun wawan pangandikan sinambi angresepi pasugatan ingkang
sarwa prasaja. Nyuwun pangapunten ingkang kathah bilih wonten kirang sae anggenipun aruh-aruh,
suguh, lungguh tuwin gupuh. Ing wasana cekap semanten maturnuwun. Wassalamualaikum wr. wb.
• Sabda pasrah panganten kakung
Nuwun, Kula nuwun
Assalmualaikum wr. wb.
Kanugrahan miwah sih wilasanipun Gusti Ingkang Maha Tunggal, mugi-mugi tansah sumandha ing
jiwangga kita, warading sagung dumadi, raharja, niskala satuhu.
Kula kepareng madhep awit tinimbalan kadang kula pambyawara kinen ngayahi jejibahan
masrahaken penganten kakung.
Puji syukur konjuk dhumateng Gusti Ingkang Maha Tunggak, ingkang sampun paring panuntun
dhateng kula sapangiring panganten kakung saking Dhusun ... Pati satemah saged sowan wonten
papan mriki kanthi wilujeng nit ing sambekala.
Baoa ..... sekaiyan ingkang minulya. Para pinisepuh, sesepuh saha para alim miwah para tamu
sedaya ingkang kinurmatan. Ingkang kapisan, kula ngaturaken kabar kabyagan, Bapa .... sekaliyan
nuwun inggih rama saha ibunipun panganten kakung ugi ngaturaken salam kawilujengan katut
Bapa...... sekaliyan
Kaping kalih sowan kula hanganthi panganten kakung anakmas .... saklajengipun kula pasrahaken
dhumateng Bapa .... sakulawarga lumantar Bapa .... sumangga anggenipun badhe hamiwaha. Kula
saha Bapa ... sakulawarga namung ndherek memuji, mugi-mugi pawiwahan menika saged lumampah
kanthi rancag, lancar kalis ing rubeda.
Salajengipun waleh-waleh menap, kula blaka suta, nglenggana, bilih panganten kakung menika
taksih cubluk utawi kirang seserepan ing bab ngelmu gesang bebrayan, mila panyuwun kula dhateng
Bapa.... sakulawarg, para pinisepuh, sesepuh ing mirki kersa suka paring amrih gesangipun saged
manggih kamulyan.
Makaten atur kula. Mbok bilih sowan kula sapangiring wonten klenta-klentunipun atur, ugi
tandang tanduk ingkang damel kirang rena panggalih kula nyuwun pangapunten. Nuwun. Matur
nuwun. Wassalamualaikum wr. wb.
• Sabda nampa pasrah panganten kakung
Assalamualaikum wr. wb.
Nuwun,
Sedaya puji konjuk ngarsanipun Allah ingkang Maha Tunggal, nugraha miwah karahayon mugi-
mugi kaluberaken dhumaten satunggaling Nabi pungkasan Rasulullah Muhammad, S.A.W.
Dhumateng kulawarganiun, sekabatipun, serta tetiyang ingkang amestuti pitedahipun. Dene
sasampunipun menika. Bapa .... ingkang kinurmatan, Bapa ... sakulawarga sapagiring penganten
kakung ingkang minulya.
Kula minangka wakilipun Bapa ... sekaliyan, keparengan matur dhumaten Bapa .... ingkang
kalawau sampun atur pangandika minangka sulih sariranipun Bapa ... masrahaken penganten
kakung.
Puji syukur konjuk ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, awit saking agung barokah saha
rohmatioun ingkang sampun kaparingaken kula saha panjenengan, satemah saged pinanggih
wonten papan mriki kanthi wilujeng niskala.
Raos bombong sarta suka ing manah kula sabyarat, dupi sumerep rawuh panjenengan sapangiring
hanganthi penganten kakung. Menggah salam kawilujengan saking Bapa,,,, lumantar Bapa ....
sampun kula tampi, kosok wangsulipun Bapa ... ugi ngaturaken salam kawilujengan dhumateng Bapa
..... sakulawarga
Pasrah panjenengan tumrap panganten kakung sampun kula tampi, saklajengipun badhe
kawiwaha dhaup kanthi prasaja, inggih awit kawontenan ingkang sarwa rupak. Ing babagan
paggulawenthah putra panganten sekaliyan sumangga kulawarga kekalih samad sinamadan suka
piwulang amrih saged sae.
Bapa .... sabyarat nyuwun idi pangestu lan ngaturi panjenengan kersa lenggah kanthi sakeca
ngantos saparipurnaning pawiwahan. Kula minangka talanging basa, mbok bilih anggen kula matur,
saha nampi karawuhan panjenengan sapangiring wonten kirang nuju karsa kula nyuwun ageng saha
agungipun pangapunten.
Cekap semanten atur kula. Nuwun. Maturnuwun. Wassalamualaikum wr. wb.

Anda mungkin juga menyukai