Anda di halaman 1dari 2

ATUR PASRAHAN PANGANTEN

Assalamu'alaikum Wr.Wb Nuwun sagunging para rawuh sadaya ingkang kinurmatan. Panjenenganipun Bapak (besan) ingkang kula bekteni. Kula minangka tetalanging basa cundhakaning atur panjenenganipun Bapak.. (ingkang mengku damel) kekalih. Ingkang sepisan : ngaturaken salam taklimipun mugi kanjuk dhumateng bapak.(besan) sekaliyan, kanthi pepuji mugi-mugi Bapak saha Ibu.(besan) sakaluwarga tansah pinaringan berkah rahmating Pangeran saha suka rahayu ingkang sami pinaggih. Kaping kalihipun : kula ugi tinanggenah masrahaken atmajanipun inggi Sri pengantin kakung ingkang peparap bagus. Kanthi panyuwunan mugi kaparenga kadhaupaken kaliyan pun rara putra putrinipun Bapak..(besan). Kaping tiganipun : saderengipun calon penganten kula pasrahaken wonten ing ngarsa panjenengan, kula ngaturaken sesanti puja-puji pudyastuti ing ngarsanipun Gusti ingkang Murbeng Dumadi, mugimugi upacara sageda kalampahan kanthi wilujeng kalis ing sambekala. Ing samangke calon pengantin kula pasrahaken ing panjenengan, salajengipun sadaya kula sumggaaken masa borong panjenengan. Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten cecer cewet tuwin kuciwaning atur saha mbok bilih wonten kirangi suba sita, tandhang-tandhuk tuwin tata krama, kula nyuwun pangaksama. Akhirulkalam, bilahit taufik wah hidayah. Wassalamualaikum Wr. Wb Nuwun !
ATUR PANAMPI PASRAHAN Assalamu'alaikum Wr.Wb Nuwun sagunging para rawuh sadaya ingkang satuhu kinabekten. Bapak-bapak, Ibu-ibu, sadherek-sadherek saha dutaning besan ingkang sahat kinurmatan. Saderengipun kula nguwun sih pangapunten ingkang agung awit kula jumeneng ing mriki. Panjenenganipun Bapak (asmanipun ingkang masrahaken) kula minangka wakilipun Bapak. Sekaliyan ingkang wekdal punika mboten kuwawi matur, amargi Bapak.. sekaliyan nembe ngeraosaken bombongin penggalih suka pari suka pikantuk sung-sung talining katresnan ingkang tanpa pepindhan. Sepindah, panjenenganipun Bapak. Sarimbit ngaturakwn puja-puji syukur dhateng ngarsaning Gusti Allah SWT ingkang sampun ndhawahaken kanugrahan dhumateng Bapak saha Ibu., katitik ing wekdal punika saged ngajangi pawiwahan upacara pasrah-pasrahan. Ingkang kaping kalih, kula pribadi tuwin Bapak sekaliyan ngaturaken pambagya rahayu wilujeng rawuh panjenengan sadaya, ingkang sampun kanthi sugeng basuki mlarapaken sarat sarana psrahan saking dalem dumugining wisma mriki. Kaping tiganipun, atur salam taklimipun sampun dipun tampi dening Bapak.. sekaliyan, ingkang lumantar Bapak (ingkang ngaturaken pasrahan) kala wau. Semanten ugi Bapak. Sekaliyan ngaturaken salam mugi katur wonten ngarsanipun bapak saha ibu. Kanthi pepuji mugi-mugi tansaha pinaringan sih kanugrahaning Pangeran, cinelakna ing suka rahayu lan tinebihna ing godha rencana. Kaping sekawan, Bapak. Sekaliyan neda nerima ngaturaken matur nuwun ingkang tanpa pepidhan, dene Bapak sekaliyan kersa angenthengaken bot karepotaning Bapak Pamila saking punika, pasrahan temanten kakung sampun dipun tampi kanthi suka renaning manah. Menawi sadayanipun sampun semekta ing damel, Sri pengantin kekalih badhe kadhaupaken. Mawantu-wantu panyuwunipun Bapak.. sarimbit mugi panjenengan dalah para pangaraking panganten sedaya kasuwun kanthi sanget keparenga anglajengaken suka pari suka anggenipun lelenggahan

kanthi miranggan ngantos dumugi paripurnaning pahargyan punika. Minangka puputing rembag, mbok bilih anggen kula ngaturaken atur panampi punika taksih kathah cicir cewet kuciwaning atur, saha kirang mranani penggalih, kula namung nyuwun gunging samodra pangaksama. Nuwun! Akhirulkalam, bilahit taufik wah hidayah. Wassalamualaikum Wr. Wb ATUR PAMBAGYO WILUJENG ING PAWIWAHAN TEMANTENAN Assalamu'alaikum Wr.Wb Nuwun, para panisepuh ingkang satuhu dahat kula bekteni. Para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu bagya mulya. Mugi rahayu saha winantu sagunging karaharjan mugi kasarira ing para tamu sadaya. Keparengan kula sumela atur nggempil kamardikan panjenengan sekaliyan, kalanipun sakeca wawan pangandika. Kula minangka tetalanging tanggap wacana, kalilanana kula matur ing ngarsanipun para rawuh sadaya, bilih saking keparengipun Bapak. Sekaliyan, kula tinanggenah nglairaken raos pangraos ingkang mijil saking telenging wardaya. Ingkang dingin : ngaturaken sewu syukur Alhamdulillah wonten ing ngarsaning Gusti Allah SWT dene hajatipun Bapak tuwin Ibu.. anggenipun gadah damel ndaupaken putra putri ingkang nanti sampun kalampahan daup kaliyan. Rikala dinten tanggal kaping. Wanci jam.. wonten ing kanthi wilujeng nir ing sambikala. Kaping kalihipun Bapak saha Ibu sakulawarga kanthi bebeg birawaning manah, ngaturaken suka bingahing manah saha ngaturakwn pambagya wilujeng sarta agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur para rawuh sadaya ingkang sampun kersa rawuh, saperlu paring berkah wilujeng dumateng Sri penganten sekaliyan, sumrambah dumateng sanak saderek sadaya. Mboten kasupen Bapak saha Ibu ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami katur para sadherek, kadang kadeyan pamong mitra, tanggga tepalih saha para muda mudi sadaya ingkang sampun kanthi lila legawaning manah paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud punapa kemawon. Sarehning Bapak saha Ibu.. sakulawarga mboten saged ngaturi piwales punapa-punapa, sagedipun namung ngaturaken puja-pudyastuti, mugi-mugi panjenengan sadaya angsala sih kautaman saking ngarsaning Gusti Allah SWT sarta angsala piwales sih kanugrahan ingkang matikel-tikel saha mawantu-wantu. Kaping tiganipun, Bapak saha Ibu sakaluwarga nuwun sih panarima panjenengan sadaya, kersaha paring berkah pangestu puja pangastuti, mugi-mugi Sri pengantin sekaliyan sageda nglaksanani kekudanganipun para pinisepuh sadaya. Sageda Sri pangantin sekaliyan antut runtut dumugining kaken-kaken lan ninen-ninen, rahayu, widodo kalis ing sambekala. Saha mugi-mugi enggal angsala momongan putra utawi putri ingkang bekti dhumateng Allah SWT, bekti dhumateng rama ibunipun saha para pinisepuhipun, sageda mikul suwur mendhem jero, labuh labet dateng nagari saha bangsanipun, sageda murakabi dhateng bebrayan agung. Kaping sekawanipun, mbok bilih wonten kiranging trapsila anggenipun ngacarani, bojakrama para sanak sadherek ingkang tinanggenah among tamu saha kirang mranani anggenipun mapanaken palenggahan, ugi kirangipun trapsila anggenipun para kaneman nyaosaken pasugatan, mugi kersaha para tamu anglunturaken samodra pangaksami. Ing wasana para tamu kasuwun keparenga anglajengaken lelanggahan kanthi mirunggan, suka manggung, suka marakabi sadaya pasugatan lan lelangen ingkang sampun sumawis ngantosa dumugi sak paripurnaning pawiwahan punika. Minangka panutuping atur, mbok bilih anggen kula ngaturaken tanggap wacana ambagya wara punika kathah cicip cewet kuciwaning, saha kirang trapsilaning anggen kula matur, kersaha para tamu anglunturaken samodra pangaksama. Akhirulkalam, bilahit taufik wah hidayah. Wassalamualaikum Wr. Wb Nuwun !

Anda mungkin juga menyukai