Anda di halaman 1dari 4

Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu,

   ” Alkhamdulillahirobbil ‘Alamin Wassholatu wassalamu ‘Ala Sayyidina


Muhammadin, Wa’ala alihi wa Ashkhabihi ajma’in….. ( Bisa ditambahkan
hadits atau salah satu surat Al-Qur’an yang mengandung tema dari peringatan
yang sedang berlangsung )…………Amma Ba’du..”
 Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten
Rakhimakumullah;

      Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka


pandam pandoming kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan, Para alim
para ulama, tuwin para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah tinulad
dening para ummat, linangkung dhumateng panjenenganipun almukarrom
……………………….. (nama tokoh yang akan memberikan pengajian/tausyiyah)
ingkang tansah kita antu-antu mau’idhaha khasanahipun , ingkang dipun
mulyaaken Allah, bapak – bapak tamu undangan saha para ibu sumrambah
sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat Rakhimakumullah.

    Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji,
ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing
titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng
panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun
ni’mat arupi iman lan Islam, pramila sedaya kenikmatan punika satuhu pantes
kita syukuri sesarengan bikalimatit tahmid …. Alkahndulillahirobbil ‘Alamin.

Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita Nabi
Agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para
sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah
pikantuk syafaatipun…Amin..amin ya Robbal ‘Alamin…

      Para Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah.
Keparenga langkung rumiyin kula minangka jejering pambiwara ingkang kapiji
nderekkaken titi laksananing adicara Pengaosan …………………, nyuwun
lumunturing sih samodra pangaksami, denea kula cumanthaka nggempil
kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis, kinarya amurwakani
adicara pengaosan ing ndalu punika. Sak lajengipun, keparenga kula badhe
hangaturaken menggah urut reroncening adicara Pengaosan ………………… ing
titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinantam deneng para rencang
–  rencang panitya , ingkang kirang langkung rinantam mekaten :

1. Adicara angka sepisan Pambuka


2. Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan Kalamullah ingkang
sampun sinerat ing Pustaka Suci Al-Qur’an, ingkang samangke badhe
kasarirani dening sedherek ……….
3. Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang
hamengku gati punapa dene prakata panitia, ingkang badhe kasarirani
sedherek/bapak ……………………… (ketua panitia atau yang ditunjuk)
4. Adicara ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking
panjenenganipun Bapa/Ibu/Kyai ………….(biasanya pejabat tertinggi di
lingkungan sini atau orang yang ditokohkan dalam kesempatan pengajian
ini).
5. Wondene adicara ingkang angka gangsal, minangka wigatosing
pepanggihan dalu punika, nun inggih  Wedharing Pengaosan arupi
tausyiyah ingkang badhe kaparingaken dening Almukarrom ……………………
(sebut nama beserta gelar dan status keagamaannya, misalnya kyai haji
atau apa…)
6. Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan sakmangke bade katutup
kanthi waosan do’a, ingkang kasuwun saking panjenenganipun …………….
( Sebut nama besar / lengkap dan status keagamaanya, jabatan,  )
     Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah,
mekaten menggah urut reroncening titi laksana adicara Pengaosan ………….. ing
enjang / siang / sonten / ndalu punika. Mugi kemawon adicara ingkang sampun
karantam menika saget  lumampah kanti rancag winantu barokahipun Gusti
Allah SWT. Awit saking menika, sumangga kita sareng-sareng ngaturaken
pandonga dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT mracihnani bilih
pepanggihan dalu punika tumunten kawiwitan. Kinarya murwakani adicara
pengaosan menika, sumangga kita ngunjukkaen do’a kanti waosan ummul
kitab sesarengan.

     Kanthi mboten ngirangi atur pakurmatan kula dhumateng para kyai para
alim ulama, saha para kasepuhan, sumangga waosan ummul kita wiwiti, kanthi
patrap ingkang sampurna, sumanga, waosan kulo dhere’aken,

    Liridhoita’ala Walisafa’ati Rosulillah, wa ‘ala niatin sholihah, saeu Lillahumul


Fatihah….

 ***** ( Bacaan Surat Al-Fatihah bersama )*****


Matur nuwun.

     Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamulah
ingkang badhe kasarirani dening sedherek ……………………. Anamung
saderengipun, kasuwun dumateng sedaya jamaah mugi kepareng
hamidangetaken saha hangraosaken ing sak lebeting manah jer menika
Pangandikanipun Allah SWT. Sadereng lan sasampunipun dipun aturaken
agunging panuwun. Salajengipun, dhumateng sedherek …………… wekdal
kasumanggaaken.

 *****( Waosan Ayat Suci Al-Qur’an )*****


     Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab,
mugi kanthi waosan kala wau manah kita langkung tinarbuka saengga saget
ayom ayem tentrem dumugi sak lami-laminipun. Ugi dhumateng sedherek
ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau mugya pikantuk ganjaran
ingkang matikel – tikel saking ngarsanipun Allah SWT. Amiin yaa rabbal
‘aalamiin.

     Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja punapa dene
prakata panitya. Dhumateng sederek / Bapak …… wekdal kasumanggaaken.

 *****( Sambutan Panitiya / Pambagyaharja )*****


     Mekaten menggah atur pambagyaharja sampun kaaturaken, ingkang
salajengipun tumapak ing titi laksana ingkang angka sekawan, wedharing
pangandikan saking panjenenganipun bapak/ibu………… (Pejabat pemerintah
yang hadir / atau tokoh masyarakat yang menjadi sesepuh warga ).
Dhumateng bapak/ibu………. wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.
 *****( Sambutan – Sambutan  )*****
   Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun bapak/ibu……
ingkang sampun kepareng paring pangandika.

        Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah,


purwa lan madyaning pepanggihan sampun kita lampahi kanthi kalis ing
rubeda. Tumapaking adicara salajengipun wedharing wursita aji saha tausiyah
ingkang minangka sari lan wigatosing pepanggihan menika.

      Anamung sakderengipun, midherek atur saking panitia, titi laksitaning


adicara badhe kasigeg sawetawis kinarya paring wekdal dhateng  para kanca-
kanca panitya wingking  ingkang badhe angaturaken pasugatan prasaja.
Dhumateng para rawuh ingkang sampun kaladosan, mugi kepareng tumunten
anyekecaaken ngunjuk sarta dhahar nyami’an sa’wontenipun kangge jampi
salit sa’wetawis kanthi mardu merdikaning penggalih. Salajengipun adicara
kasumeneaken sawetawis.
 *****( Istirohat / sumunu sa’wetawis kangge ngedalaken pasugatan /
snack, menawi wonten seni hiburan saget pun isi sekar-sekar sholawat,
menawi mboten wonten cekap ngangge pita swara / kaset )*****
    Jamaah pengaosan rakhimakumullah, kanthi niat ngemani wekdal, wekdal
sumene kula suwun kinarya anglajengaken adicara candhakipun.

     Salajengipun wedharing wursita aji saha tausiyah ingkang minangka sari lan
wigatosing pepanggihan menika. Ingkang menika, dhumateng almukarron
bapa kyai…..kasuwun paring pengaosan saha wedharing tausiyah ing
pepanggihan pengaosan …… dalu punika. Dhumateng almukarrom …….. wekdal
sacekapipun kaaturaken. Sumangga.

 ***** ( Inti Pangaosan )*****


   Ngaturaken sanget agunging panuwun dhumateng panjenanganipun
almukarrom……ingkang sampun paring piwucal luhur dhateng para jamaah ing
enjang/siang/sonten/ndalu menika. Saestu sedaya pangandika saha piwucal
luhur menika ndadosaken tuladha tumrap kita ingkang rawuh saha ingkang
sama midhangetaken wedharing pengaosan kanembe, mugiya dados dedamar
miwah paugeraning kula lang jama’ah sedaya anggenipun gesang wonten ing
alam ndunya, dumugiya gesang wonten ing alam akhirat sakmangke,
Amin,,,amin..Ya Robbal ‘Alamin.

    Para bapak, para ibu sarta sedherek sedaya Rakhimakumullah, purnaning
wedharing pengaosan menika, mracihnani bilih titi laksitaning adicara
pepanggihan ing dalu punika sampun paripurna, minangka pratandha
panutuping adicara siang/sonten/ndalu punika, adicara bade katutup kanthi
waosan do’a ingkang kasuwun sangking panjenenganipun bapa kyai……………. …
Anamung saderengipun waosan do’a kawiwitan kepareng , kula ingkang piniji
ndherekaken lampahing adicara, mbok bilih pinangih atur ingkang kirang nuju
prana saha tindak tanduk ingkang kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring
manah kula nyuwun gunging samodra pangaksami, ing wasana sapari
purnaning do’a panutup, hamung ngaturaken sugeng kondur mugi rahayu
ingkang samya pinanggih, .nuwun

Sa’meniko wanci katur dhumateng panjenenganipun bapa kyai…………..

Sangking kula cekap semanten, billahi taufiq wal Hidayah

Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.

Dhumateng bapa kyai…kasumanggakaken….

Anda mungkin juga menyukai