Anda di halaman 1dari 4

TEKS PRANATACARA

“TASYAKURAN TEMANTEN”

Nama : Fira Rahma Amalia

Kelas : XI Mipa 4

No.Absen : 10
Assalamualaikum Wr. Wb

Nuwun, Para Pepundhen, Para Sesepuh, Para Pinisepuh ingkang


kinabekten. Bapak-bapak, ibu-ibu, Para rawuh kakung miwah putri ingkang
dhahat kinurmatan.

Langkung rumiyin, mangga kula dhereaken muji syukur dhumateng


ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang sampun kaparenga kanugrahan ingkang
arupi kasarasan. Sahengga, ngantos wekdal menika panjenengan sedaya saged
ngrawuhi anggenipun gadhah damel tasyakuran penganten menika.

Para Rawuh ingkang kinabekten,

Salajengipun, kaparenga kula ngaturaken reroncening adicara ingkang


sampun rinacik dening para kadang kaluarga, inggih menika:

1. Adicara kaping sepisan inggih menika pambuka.

2. Dene, Adicara kaping kalih inggih menika maos kitab suci Al-Quran.

3. Adicara kaping tiga inggih menika upacara Ijab qabul.

4. Salajengipun, adicara kaping sekawan inggih menika upacara panggih


penganten.

5. Adicara kaping gangsal inggih menika tanggap wacana lan atur pambagya.

6. Adicara kaping enem inggih menika manasuka.

7. Jangkep adicara kaping pitu, pungkasan inggih menika panutup.

Bapak/Ibu, tamu undangan ingkang kinurmatan

Mekaten wau urutaning adicara ingkang badhe kalampahan ing wekdal


menika. Saderengipun, mangga kula dhereaken maos basmallah. Dhumateng
tamu ingkang ngrasuk agami sanes, kula sumanggaaken miturut kapitadosan
piyambak-piyambak. Dedonga kawiwitan……dedonga cekap.

Adicara ingkang kaping kalih inggih menika maos kitab suci Al-Quran
saking Retnasih. Dhumateng sedherek Retnasih kula sumanggaken.
———————————————————

Menika wau waosan kitab suci Al-Quran saking sedherek Retnasih.

Dene, adicara ingkang kaping tiga inggih menika Upacara Ijab Qabul.
Dhumateng Bapak petugas ingkang sampun kajibah, sasana saha swasana kula
aturaken.

———————————————————

Para rawuh sedaya, mekaten upacara ijab qabul ingkang sampun kalampahan
kanthi gancar.

Salajengipun, adicara kaping sekawan inggih menika upacara panggih


penganten. Dhumateng Ibu perias wekdal saha papan kula aturaken.

———————————————————

Mekaten Upacara Panggih penganten sampun kalampahan kanthi gancar.

Dene, adicara kaping gangsal inggih menika tanggap wacana saking


Bapak Agus. Dhumateng Bapak Agus, kula sumanggaaken.

———————————————————

Matur nuwun, bapak Agus ingkang sampun ngaturaken tanggap wacana lan atur
pambagya.

Adicara kaping enem inggih menika manasuka. Dhumateng grup


campursari “Bagas Waras”, kula sumanggaaken.
———————————————————

Mekaten wau canpursari “Bagas Waras” ingkang sampun ngregengaken acara


menika.

Dungkap paripurnanipun adicara, monggo dipun tutup acara menika


kanthi maos hamdallah sesarengan. Menawi sadangunipun kula ngadeg wonten
ing ngarsa panjenengan sami nglantaraken reroncening adicara pawiwahan
menika wiwit kanthi panutup. Kathah babagan ingkang kirang ing trap sila saha
subasita tumraping laku saha pacelathu, kula nyuwun agunging pangaksami.

Cekap semanten atur kula.

Wassalamualaikum, Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai