Anda di halaman 1dari 2

Nama : Satrio Adri Wicaksono

No : 27

Kelas : X MIPA 4

Tasyakuran Temanten

Assalamualaikum Wr. Wb

Nuwun, Para Pepundhen, Para Sesepuh, Para Pinisepuh ingkang kinabekten. Bapak-bapak,
ibu-ibu, Para rawuh kakung miwah putri ingkang dhahat kinurmatan.

Langkung rumiyin, mangga kula dhereaken muji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah
SWT, ingkang sampun kaparenga kanugrahan ingkang arupi kasarasan. Sahengga, ngantos wekdal
menika panjenengan sedaya saged ngrawuhi anggenipun gadhah damel tasyakuran penganten menika.

Para Rawuh ingkang kinabekten,


Salajengipun, kaparenga kula ngaturaken reroncening adicara ingkang sampun rinacik dening para
kadang kaluarga, inggih menika:
1. Adicara kaping sepisan inggih menika pambuka.
2. Dene, Adicara kaping kalih inggih menika maos kitab suci Al-Quran.
3. Adicara kaping tiga inggih menika upacara Ijab qabul.
4. Salajengipun, adicara kaping sekawan inggih menika upacara panggih penganten.
5. Adicara kaping gangsal inggih menika tanggap wacana lan atur pambagya.
6. Adicara kaping enem inggih menika manasuka.
7. Jangkep adicara kaping pitu, pungkasan inggih menika panutup.

Bapak/Ibu, tamu undangan ingkang kinurmatan


Mekaten wau urutaning adicara ingkang badhe kalampahan ing wekdal menika. Saderengipun,
mangga kula dhereaken maos basmallah. Dhumateng tamu ingkang ngrasuk agami sanes, kula
sumanggaaken miturut kapitadosan piyambak-piyambak. Dedonga kawiwitan……dedonga cekap.

Adicara ingkang kaping kalih inggih menika maos kitab suci Al-Quran saking Retnasih. Dhumateng
sedherek Retnasih kula sumanggaken.

Menika wau waosan kitab suci Al-Quran saking sedherek Retnasih.


Dene, adicara ingkang kaping tiga inggih menika Upacara Ijab Qabul. Dhumateng Bapak petugas
ingkang sampun kajibah, sasana saha swasana kula aturaken.

Para rawuh sedaya, mekaten upacara ijab qabul ingkang sampun kalampahan kanthi gancar.
Salajengipun, adicara kaping sekawan inggih menika upacara panggih penganten. Dhumateng Ibu
perias wekdal saha papan kula aturaken.

Mekaten Upacara Panggih penganten sampun kalampahan kanthi gancar.


Dene, adicara kaping gangsal inggih menika tanggap wacana saking Bapak Agus. Dhumateng Bapak
Agus, kula sumanggaaken.
Matur nuwun, bapak Agus ingkang sampun ngaturaken tanggap wacana lan atur pambagya.
Adicara kaping enem inggih menika manasuka. Dhumateng grup campursari “Bagas Waras”, kula
sumanggaaken.

Mekaten wau canpursari “Bagas Waras” ingkang sampun ngregengaken acara menika.

Dungkap paripurnanipun adicara, monggo dipun tutup acara menika kanthi maos hamdallah
sesarengan. Menawi sadangunipun kula ngadeg wonten ing ngarsa panjenengan sami nglantaraken
reroncening adicara pawiwahan menika wiwit kanthi panutup. Kathah babagan ingkang kirang ing
trap sila saha subasita tumraping laku saha pacelathu, kula nyuwun agunging pangaksami.
Cekap semanten atur kula.

Wassalamualaikum, Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai