Anda di halaman 1dari 10

TRADHISI TINGKEBAN

Kelompok 3 :
1. Aulia Arifah Shofianti (05)
2. Marizky Reza Pramantya (17)
3. Muh. Dhafin Alfeizar Gandhang (18)
4. Noviana Ni’matul Fitri (22)
5. Violin Chantika Ardianisya (31)

SMA NEGERI 2 NGANJUK


XI MIPA 2
2022/2023
ATUR PANGIRING

Alhamdulillah, puji syukur panyerat aturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah Ingkang
Maha Agung sahengga makalah punika saged kasusun kanthi sae. Kita sedaya aturaken matur
sembah nuwun kagem Bapak Pandji minangka narasumber sahengga makalah ingkang
kasusun sae punika saged purna.
Mboten kesupen kita sedaya uga ngaturaken matur sembah nuwun kagem Bapak M.
Affandi Bachtiar minangka guru Basa Jawa SMAN 2 Nganjuk ingkang mbimbing kita ing
penyusunan makalah niki. Matur nuwun uga kanggo kanca-kanca ingkang tansah ngiwangi
nyusun makalah niki lan kanggo kerja samane sahengga makalah niki saged purna.
Makalah karya tulis kanthi irah-irahan "TRADHISI TINGKEBAN" punika minangka salah
satunggaling sarana gladhen nyerat. Makalah menika kasusun kagem njangkepi tugas semester
I mata pelajaran basa Jawa.
Kita uga ngerti manawa makalah iki adoh saka sampurna amarga pengalaman lan
kawruh sing winates. Pramila, kita ngarep-arep kabeh bentuk saran lan masukan sing mbangun
saka macem-macem pihak kanggo kita. Mugi-mugi laporan ingkang kaserat dening panyerat
menika saged paring pinten-pinten manfaat dumateng para sinten kemawon ingkang maos.
Kula minangka panyerat ugi kathah kakirangan, pramila saran lan kritik tansah kula antu-antu. 

Nganjuk, 09 September 2022

Panyerat

I
DAFTAR ISI

SAMPUL
ATUR PANGIRING I
DAFTAR ISI II
PURWAKA
A. LELADHESANING PERKAWIS 1
B. UNDERANING PERKAWIS 1
C. TUJUWAN 1
ISI
A. SEJARAHE 2
B. TATA CARA TINGKEBAN 2
C. WEKTU DILAKSANAKAKE TINGKEBAN 4
D. CARA NGLESTAREKAKE TINGKEBAN 4
PANUTUP
A. DUDUTAN 5
B. PANYENGKUYUNG 5
LAMPIRAN 6

II
PURWAKA
A. Leladhesaning Perkawis

Tingkeban utawa mitoni iku salah siji upacara saka tradhisi Jawa, upacara iki
disebut mitoni asalé saka ’7′ (angka pitu) kang ateges upacara sing dilakoni nalika
itungan ke-7. Yen Tingkeb artine tutup, Dadi tingkeban yaiku upacara panutup suwine
ibu meteng nganti ngelahirne bayi.
Upacara mitoni sawijining adat kebiasaan utawa sawijining upacara kang dilakoni
ing sasi ke-7 nalika ana salah sijining wanita meteng. Kanthi pangarep arep supaya si
jabang bayi kang ono ing kandungane ibu, lan ibune kang ngandet tansah pinaringan
keslametan. Ing upacara iki ibune sing meteng ing karang banyu lan kembang setaman
diiringi tujuan kanggo nyuwun pandonga marang moho kuwoso Gusti Allah, muga-
muga bakal diparingi rahmat lan pangestune supaya bayi bakal lair aman. Saben tiyang
sepah bakal nyana bocah sing bakal lair bakal dadi bocah apik lan bisa ketemu sing
pangarepan kasebut.
Tingkeban diwiwiti kanthi Sungkeman, dadi calon ibu lan calon bapak Sungkem
karo wong tuwane loro. Salajengipun calon bapak lan calon ibu dipunbetha wonten ing
papan siraman, calon bapak dipundherekaken tiyang sepuhipun calon ibu lan calon ibu
kadherekaken kalih tiyang sepuhipun calon bapak. Siraman diwiwiti kanthi nyiram
banyu saka pitung sumber kanthi makna pitulung.

B.    Underaning Perkawis
1) Kepriye sejarah tradhisi Tingkeban?
2) Kepriye tata carane tradhisi Tingkeban?
3) Kapan tradhisi kasebut dilaksanakake?
4) Apa makna kang kinandhut ing Upacara Tingkeban?

C.    Tujuwan
1) Kanggo mangerteni sejarah tradhisi Tingkeban
2) Kanggo mangerteni tata carane tradhisi Tingkeban
3) Kanggo mangerteni kapan tradhisi kasebut dilaksanakake
4) Kanggo mangerteni makna kang kinandhut ing Upacara Tingkeban

1
ISI
A.     Sejarahe
Tingkeban miturut crita-crita kang tuwuh ing masyarakat kanthi individual marang
wong liya, kanthi lisan marang, wis ana wiwit jaman biyen. Miturut cariyos lisan
ingkang misuwur, kacariyos bilih wonten tiyang jaler bojo sing duwe anak sanga,
nanging ora ngidak nalika diwasa, bocah-bocah padha mati siji-siji nganti telas.
Macem-macem ikhtiar wis diupayakake dening kulawarga. Mulai njaluk pitulung
spiritual saka wong pinter (dukun lan wong sakti) miturut kapitadosan tiyang Jawi,
ngantos dumugi kejiwaan pandita, nanging ora ana gunane.
Pungkasane wong loro mau menyang Raja Jayabaya sambat babagan nasibe lan
nyuwun pitedah supaya bisa dikaruniai anak liyane sing ora nandhang nasibe anak-
anake sadurunge. Widayaka (Jayabaya), sang prabu kang wicaksana, nalika
midhanget wadule Niken Satingkeb lan garwane. Dheweke menehi piweling marang
Satingkeb supaya nindakake telung perkara :
(1) Adus saben dina Tumbak(Rebo)
(2) Adus Buddha saben dina (Sabtu)
(3) Adus Suci
Ritual suci dipuntindakaken tabuh 17.00 kanthi ngginakaken banyu suci lan
gayung ingkang dipundamel saking bathok (siwur), lan diiringi donga utawa mantera.
Sawise nindakake ritual sing disaranake dening Prabu Jayabaya, jebule Gusti Kang
Mubahing Dumadi yaiku Gusti Allah ngijabahi panyuwune. Padha duwe bayi sehat lan
dawa umure. Kanggo ngelingi jeneng Niken Satingkeb, upacara mitoni iki uga diarani
tingkeban. Kanthi pangarep-arep entuk kepenak lan ora ana apa-apa sembarang
alangan nalika meteng, babaran, nganti anak dadi diwasa. Adhedhasar iki
pungkasane nganti saiki ritual tingkepan dianakake nalika isih bayi pitung sasi ing
kandungan.

B.    Tatacara Tingkeban
 Maos Ayat Suci Al-Quran
Diwiwiti kanthi maos ayat suci Al-Quran yaiku Al-Fatihah, Al-Ikhlas 3x, Al-Falaq
1x, An-Nas 1x, lan Ayat Kursi 7x.
 Sungkeman
Calon ibu lan calon bapak Sungkem karo wong tuwane loro. Salajengipun calon
bapak lan calon ibu dipun betha ing papan siraman.
 Siraman
Diwiwiti kanthi ngesorake banyu kanthi pitu sumber kang maknane pitulung
supaya bayi mengko iso dilairake kanthi slamet amerga oleh pitulungan saka sing
Maha kuasa.
Ciduk kang digunakake saka siwur kelapa kang gambare Arjuna lan Srikandi
pangajab supados lare menika saged kados Arjuna ingkang mulus, alus lan
nggantheng utawi kados srikandi ingkang ayu, ugi gadhah watak ingkang sopan,
satriya, saha lembah manah.

2
Ing daerah Nganjuk, ana pitu sumber banyu yaiku :
1. Banyu zamzam maknane kagem harapan calon bapak lan calon ibu uga
calon anak supaya bisa cepet nindakake ibadah Haji
2. Banyu Sedudo maknane kagem harapan supaya kaluwarga awet enom
3. Banyu saking Sumur Kanjeng Djimat Brebek maknane kagem harapan calon
bapak lan calon ibu bisa dadi bekal kanggo nerima Amanah
4. Banyu Masjid Mojo nduwur maknane kagem harapan “mendem njero mikul
nduwur” supaya calon anak mbesok dadi anak kang ngabekti marang wong
tuwane.
5. Banyu Roro Kuning maknane kagem harapan calon anak nduweni kulit kang
resik
6. Banyu Pemandian Sri Tanjung maknane kagem harapan supaya calon anak
bisa njunjung asma wong tuwane
7. Banyu Padinan, banyu saking omah calon ayah utawa calon ibu kang
maknane kagem pepenget kita ora bisa urip tanpo banyu.
 Brojolan
Brojolan yaiku, Nglebokake sepasang kelapa gading enom kang wis digambari
Kamajaya lan Dewi Ratih utawa Arjuna lan Sembadra nang njero sarung saka
nduwur weteng ibu tekan ngisor.Upacara iki ateges mbesuk bayi lair kanti
gampang ora kangelan.
 Upacara ganti busana (pantes-pantes)
Dilakoake nganggo jarit 7 (tujuh) cacahe kanthi motif kang beda-beda. Motif jarit
lan kemben kang arep dienggo dipilih kang paling apik kanti pangarep-arep
mbesuk si jabang bayi uga nduweni sifat-sifat kang apik kang ana lambang kain.
Motif pungkasan kang digawe yaiku motif Sidomukti. Makna “mukti” iku bungah
lan mesti seneng calon ibu, calon bapak lan calon anak.
 Luluran
Dikandung maksud supaya mesti sehat wal-afiat lan semulur rezekine.
 Mecah Cengkir
Biasane Cengkir digambarake Arjuna lan Srikandi kanthi pangarep-arep supaya
jabang bayi bisa kaya Arjuna sing mulus, bagus lan nggantheng utawa kaya
srikandi kang ayu, uga nduweni watak kang becik, satriya, lan lembah manah.
Calon bapak banjur mecah klapa siji. Yen cengkir kasebut dibelah kanthi
sampurna banjur ramalan bayi sing dikandung dening ibune yaiku lanang lan
kosok balene yen kleru banjur bayine wadon.
 Mecah Siwur
Upacara mecah Siwur kanthi gagang kayu kuning iki mujudake pralambang
supaya si jabang bayi bisa nduweni cengkir (pikiran kenceng) kang tegese cara
pikire lurus.
 Gertakan
Gertakan yaiku, Dulang-dulangan rujak sakwesi iku calon bapak mlayu metu saka
omah amarga bertanggung jawab golek nafkah dene calon ibu mlebu ing njero
omah amarga bertanggung jawab ngurusi omah.

3
 Jualan rujak
Amarga rujak iku legi, mugi-mugi calon anak nduweni budi pekerti kang manis,
uga wong tuwane disenengi kaluwarga lan wong akeh amarga sifat manise. Yen
rasane rujak sedhep ramalan jabang bayi ne yaiku wadon kosok balene yen
kirang sedhep banjur jabang bayine lanang.
 Slametan
Dikandung maksud mesyukuri rezeki kang dadi amanah kanggo wong tuwa saka
Gusti Allah yaiku jabang bayi.

C.  Wektu Dilaksanakake Tingkeban


Tingkeban dilaksanakake nalika meteng 7 wulan. Wektu upacara Tingkeban
miturut pakem yaiku dina Selasa utawa Setu, wiwit awan nganti sore (11.00-16.00).
Acara iki luwih apik dianakake saben dina ganjil sadurunge purnama.

D. Cara Nglestarekake Tradhisi Tingkeban


Tujuwane nglestarekake kabudayan yaiku supaya nilai-nilai luhur kabudayan
kang ana sajrone tradhisi bisa dilestarekake sanajan wis ngalami proses owah-
owahan wujud kabudayan. Cara ingkang saged sampeyan tindakaken kangge
nglestarekake kabudayan tingkeban antawisipun :
a. Nggatekake lan sinau babagan tradhisi Tingkeban.
b. Melu ngeramekake tradhisi Tingkeban yen ana sing ngadakake, menawi
tangganipun sampeyan.
c. Ngadakake tradhisi Tingkeban
d. Ngadakake pasinaon sing ngenalake apa iku tradhisi Tingkeban

4
SIMPULAN
A. Dudutan
Proses utawa orane tumrap tradhisi tingkeban :
1. Maos Kitab Suci Al-Qur'an
2. Sungkeman
3. Cipratan banyu
4. Pantes-Pantes(ganti klambi kaping 7)
5. Tigas Gendit
6. Brojolan
7. Angrem
8. Dhahar acara Cowek (cobek)
Tingkeban dilaksanaake kanti pangarep arep supaya si jabang bayi kang ono gua
garbane ibu lan ibu kang ngandet tansah pinaringan keslametan.

B. Panyengkuyung
Adhedhasar sawetara dudutan ing ndhuwur, banjur wenehake saran kaya ing ngisor
iki:
a. Tumrap masyarakat Jawi dipunajab saged njagi keaslian kabudayan Jawi lan
tetep nglestantunaken, mliginipun kabudayan ringkehan, inggih menika aspek
puisi lisan ingkang limrahipun dipunginakaken wonten ing prosesi upacara
tingkeban.
b. Asile panliten iki diajab bisa menehi pangerten ngenani makna tumrap
masyarakat Jawa kayata piranti utawa atribut tradhisional kang digunakake
sajrone ngleksanakake tingkeban tumrap masyarakat Jawa.
c. Geguritan lisan wujupan mujudake sastra lisan kang isih aji banget lan
nduweni nilai-nilai kang migunani tumrap panguripan, mula diajab masyarakat,
para pemuka agama, pemangku adat, lan pamarentah dhaerah tansah
nglestarekake supaya ora ngalami kepunahan. .
d. Kaajab pamarentah daerah mligine para pegiat pariwisata lan kabudayan
tansah mbudidaya kanggo ndokumentasikake lan menehi informasi marang
masyarakat kanggo njaga keasliane kabudayan Jawa supaya terus
dilestarekake.

5
LAMPIRAN

Anda mungkin juga menyukai