Anda di halaman 1dari 9

Nama: 1.

Alricko Poswin Nanda (02)

2. Aprilla Candra Wardani (03)

3. Buyung Ramadhani (05)

4. Devi Karisma Ayu Permadani (07)

5. Elisa Amalani Anggraini (10)

6. Herlinda Titis Damayanti (12)

7. Nanda Carisa Wardani (17)

Kelas : XII MIPA 2

Skenario Drama

“Ande-ande Lumut”

Orientasi
Kadadosan ing Negari ingkang gemah ripah loh jinawi , tata tentrem kerta raharja . wonten
salah sawijining pangeran ingkang gesangipun sarwe kacekapan . pangeran kala wau inggih
punika putra mahkota ingkang bade nglajengake tahta kerajaan .

Ananging pangeran kala wau mboten marem kalih gesangipun ingkang kacekapan . pangeran
kapingin lelono. Nglampahi wono. Pangeran kepingin madosi jati dirine ugi penggalaman
gesang . saking mriku wau kawiwitan lelampahan gesangipun pangeran ingkang manggihake
sisihan gesangipun inggih punika lare wadon ingkang sae manahipun lan ayu pasuryane.

Bagian 1 :

Ing alas <awal>

Kalih tiang kaneman mlampah ngelewati wono ingkang rimbun . ningali kanan keringipun
mboten bilih wonten kewan utawi peksi ingkang saget dipun buru. Kaneman bagus kalihan
pandereke. Paneman wau sakyektosipun inggih punika pangeran ingkang lelono kangge pados
jati dirinipun .

Pangeran : Jo… bejo… kowe neng endi? jo…. bejo…


Bejo : Pangeran…. Pangeran…. Panjenengan wonten pundi pangeran?….

Pangeran : aduh… kowe kui ati-atio….

Bejo : hehehe.. ngapunten pangeran… kula mboten ngertos pangeran enten


wingking kula…

Pangeran : rene Jo rene!!!…. Aku arep cerita.

Bejo : wonten napa pangeran….

Pangeran : Kok renek kewan dina iki ya?

Bejo : Injih pangeran sepi sanget…!!!

Pangeran : Siapa kui jo…

Bejo : kula mboten ngertos pangeran.

Pangeran : ngapunten bu , kula bade tanglet?

Pangeran : Kulanuwun… bu….

Mbok rondo dadapan : waladalah…. Sapa kowe?..

Pangeran : kula penggembara bu… ngapunten niki dusun napa?

Mbok rondo dadapan : Iki dusun dadapan le… kowe arep ngapa neng kene??

Pangeran : kula bade menggembara bu… ananging kula tersesat mboten ngertos
dalane.

Mbok rondo dadapan : Wah.. yow wes…kowe melu mbok wae pie le ??tak dadekne anak
angkatku yen kowe gelem.

Pangeran : Wah.. injih bu kulo purun bu..

Mbok rondo dadapan : mulai sekiki kowe dadi anakku.kowe tak jenengke ande-ande
lumut ya le.

Komplikasi
Bagian 2 :
Wonten injang ingkang terang Mbok rondo kleting nyawiji kalihan putri-putrinipun. Putri-putri
Mbok rondo kleting sanget ayu pasuryane, piyambake inggih punika kleting merah,kleting hijau
ugi salah sak tunggaling putri tirinipun ingkang nami kleting kuning.

Mbok rondo kleting sanget remen lan tresno kalian putri-putrinipun , ananging benten kalian
kleting kuning, dados putri tiri piyambake sanget dibentenake katresnonipun. Kleting kuning
didawuhi nyapu,ngresiki griya lan ugi nyambut dame ling sawah . sanget mrihatinake kleting
kuning.

Mbok rondo Kleting : Anak-anakku sing ayu-ayu…rene ndug

Kleting-kleting : injih . Mbok…

Mbok rondo : ngene ndug ana berita sing penting banget…

Kleting abang : Berita apa to mbok…

Kleting ijo : iya mbok enten napa ta??

Mbok rondo kleting : kowe ngerti ta… mbok rondo dadapan kui duwe anak sing bagus
banget, jenenge ande-ande lumut.

Kleting-keleting : Owh… ande-ande lumut…. Bagus!!!! Wahh gelem no….

Mbok rondo klenting : iyo,, mbok rondo dadapan gawe saembara kanggo anake ande-ande
lumut sing lagi goleki garwo pendampinge…

Klenting-klenting : wahh ,,,purun sanget bu….

Mbok rondo kleting : iya… mengko mbok arep dandani kowe-kowe gen dadi putri sing
ayu-ayu, sapa ngerti salah sijine kepilih dadi garwone ande-ande lumut.

Kleting-kleting : Iya mbok.. purun_purun…

Kleting abang : wahh mesti aku sing dipilih mengko, kanaku ayu…

Kleting ijo : ora iso,,!!mesti aku sing dipilih ande-ande lumut dadi garwone….

Kleting abang : heh!! Aku kan luwih tua saka kowe…kudune kowe ngajeni aku dadi
mbakyumu…!!!!

Mbok rondo kleting : wes-wes to!! Rasah padu..anak-anake mbok kan ayu-ayu,,rasah do
udur…!! Gek neng njero,,siap-siap dowan!!!
Kleting-kleting :injih mbok….

Mboten dangu melih , kleting kuning ingkang saking wau mirengake pirembugan saderekipun ,
datengi mbok rondo lan dialog.

Kleting Kuning : Mbok… kulo bade matur…

Mbok rondo kleting : Matur opo….? Apa kowe wes rampung nyapune ?

Kleting kuning : Sampun mbok…, ngenten mbok… kula inggih kepingin nglamar
dados garwone ande-ande lumut kados mbakyu-mbakyu klenting.

Mbok rondo kletling : Owh yow wes..rene tak dandani kowe .

Mbok rondo Kleting : yow wes sakiki kowe ngumbahi klambi-klambine mbakyumu karo
gone mbok neng kali kono.

Kleting kuning : Injih mbok…

Mbok rondo Kleting : Hahaha… muga-muga sing ditrima dadi garwone ande-ane lumut
yaiku salah sijine anak-anakku.. dudu kleting kuning.

Kleting kuning nampi menapa ing ingkang dipun langkahi kanti sabar dipun dawuhake mbok
rondo kleting ditampa kanti lemah manah .

Bagian : 3

Kleting kuning saben dinten nyambut damel ,ngresiki griya,ugi nyambut damel wonten lading.
Mboten karaos sayah lan keluh kesah . sinaos piyambake dipun damel mboten sae kaliyan
mbok rondo klenting. Naming piyambake ugi Gusti Allah ingkang ngertos sengkowo
piyambake . piyambake ngajengaken Gusti Allah bade maringi ganjaran ingkang sae kangge
piyambakipun.

Kleting Kuning : Duh… Gusti ngenten niki geangipun kula…mugi-mugi kula saget nampi
kanti lemah manah.

suara ghaib

Suara Ghaib : Hai… cah wadon ayu.

Kleting kuning : Siapa kui…

Suara Ghaib : Kowe rasah wedi.. aku sifat sae sing ana ing njero awakmu. …
Kleting kuning : ameh ngapa kowe?..

Suara Ghaib : Aku arep menehi kowe pusaka… terimonen … mugo-mugo pusaka iki
keguna karo kowe. Iki jenenge Jimat Kalimosodo. Terimonen cah ayu.

Kleting kuning : Injih matur nuwun..

Bagian : 4

Yuyu kangkang

Lan salah sawijining lepen ingkang toyonipun santer , wonten mriku yuyu kangkang gesang.
Piyambake ingkang nguasani lepen menika . piyambakipun si yuyu kangkang ingkang julik.

Yuyu kangkang : Hohohoho…. Godong waru ko bolong-bolong… bocah ayu ko


moblong-moblong….Sapa kae sing teko??

Kleting abang : Wah… kaline banjir…

Kleting ijo : Iya mbakyu… piye carane awake dewe nyebrang??

Kleting abang : kosek-kosek…….kae ono yuyu kang-kang to????

Kleting ijo : Wah… iya.. ayo jaluk tulung yuyu kang-kang wae mbakyu..

Kleting abang : Iya ……….Yuyu kangkang… yuyu kangkang…

Yuyu kangkang : Hahaha… ana apa cah ayu-ayu…

Kleting abang : Yuyu kangkang… aku jalik tulung kowe….tolong sebrangke lewat kali
iki…

Yuyu kangkang : Wah…abot banget kui, tapi enek syarate cah ayu….enek imbalane

Kleting abang : imbalane apa to…kon mbayar ngango duit?? Wah kowe kui mata
duitan…

Kleting ijo : yow wes lah yen duit gampang….mengko tak bayar..

Yuyu kangkang : dudu duit…aku rak doyan…. Hahaha

Kleting-kleting : Prett….
Yuyu kangkang : Imbalane yaiku ngango tangamu..

Kleting abang : apa tanganku???ameh bok kapakne??

Yuyu kangkang : ora tak kapak-kapakne…mung tak ambung sitik…

Kleting ijo : ihhhhh,,,emohh ahh….gilani…

Kleting abang : iyo,,apa renek imbalan liyane..??mosok tanganku sing wangi iki bok
ambungi??hiiiii

Yuyu kangkang : yow wes yen wegah…yen suwe-suwe mengko imbalance nambah…

Kleting abang : yow wes,,,tapi neng tangan wae,,sedilit tok….

Yuyu kangkang : Wah… seneng banget aku iso ngambung tangane cah wadon ayu-ayu..

Yuyu Kangkang : Hohoho.. apa kui??.. ambune rak enak,,,rupane elek banget.

Kleting Kuning : Wah… kok banjir to??pie carane aku iso nyebrang??

Wah kae enek yuyu kangkang,,yuyu kangkang merene.tolong sebrangne aku.

Yuyu kangkan : Hahaha… aku wegah

Kleting kuning : mengko tak keki duit…

Yuyu kangkang : aku wegah… wes kono lungo.. ojo rene meneh!!dasar wung wadon
elek

Kleting Kuning : alah…kowe kok jahat to Yuyu kangkang…

Kleting kuning : Yow wes yen kui karepmu. Aku arep gawe kali iki asat.

Dumadaan lepen menika asat , yuyu kangkang kacilakan lajeng kesah tebih. Sak lajengipun
klenting kuning saget lumampah nyebrang lepen menuju griya mbok rondo dadapan ,
griyanipun si ande-ande lumut.
Resolusi
Bagian 5

Salah sawijining dusun ingkang nami Dadapan , mbok rondo nembe nyapu griya , wonten
ndalem mriku wau si ande-ande lumut nembe ngaji wonten salah sawijining surau . ngentosi
gengantilaning manah ingkang dipun janjiaken Gusti Allah kangge piyambake.

Kleting-kleting : Assalamu’alaikum…

Mbok rondo dadapan : Wa’alaikumsalam, sapa ya…

Kleting abang : kula mbok…Kleting Merah

Kleting ijo : kula kleting hijau mbok…

Mbok rondo dadapan : wah.. ono cah wadon ayu-ayu arep ngopo iki??

Kleting-kleting : Kita arep nglamar Ande-ande lumut mbok…

Mbok rondo dadapan : Owh.. arep nglamar ande-ande lumut… sek ya… tak omongne
ande-ande lumut…

(kleting abang)

Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggah-
unggahi… putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting abang iku kang dadi asmane…

Ande-ande Lumut : Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu … kulo mboten medun…
najan ayu sisane si yuyu kangkang.

Mbok rondo dadapan : Wah… ora gelem ki nduk….

Kleting hijau : Cobi kulo mbok…

(kleting ijo)

Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang
ngunggah-unggahi… putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting ijo iku kang dadi asmane…
Ande-ande Lumut : Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu … kulo mboten
medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.

Mbok rondo dadapan : wah… ora glem kabeh kae…

Kleting kuning : Assalamu’alaikum…

Mbok rondo dadapan : wa’alaikumsalam… sopo iku ya…

Kleting kuning : kula Kleting kuning mbok… bade nglamar Ande-ande lumut.

Mbok rondo dadapan : Opo.. arep nglamar anakku??? Ora salah to…

Kleting merah : La iyo… rupamu elek ambumu rak enak.aku wae sing ayu ditolak
kok sansoyo kowe??

Kleting Kuning : Di coba disik mbok…

(kleting Kuning)

Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang
ngunggah-unggahi… putrine kang olo rupane.. kleting kuning iku kang dadi asmane…

Ande-ande Lumut : Aduh ibu… kulo inggih purun… dalem putro inggih bade medun,
najan olo meniko kang putro… suwun.

Mbok rondo dadapan : Lo… apa rasalah kowe le tole??

Ande-ande Lumut : mboten bu niki sampun dadi pilihane kula

Mbok rondo dadapan : Owh.. yen kui pilihanmu karepmu le..ibu manut wae.

Ande-ande lumut : Ibu.. kula bade ngomong jujur setunggal hal

Mbok rondo dadapan : Apa kui???

Ande-ande lumut : Ibu… sak jane iki kulo iku pangeran ingkang menggembara golek
penggalaman urip.

Mbok rondo dadapan : Apa… pangeran…???

Kleting-kleting : haa!!!!……???? Pangeran…???


Koda
Pungkasane klenting kuning dados sisishanipun ande-ande lumut ,pasuryanipun ingkang awon
ugi mambet dumadakake dados putrid ingkang ayu , sejatosipun piyambake inggih punika Putri
Sekartaji . Lan ande-ande lumut sakmeniko dados Raja ngetosi kerajaan Ramanipun . pangeran
ugi klenting kuning ,gesang slaras saklawase.

Aja mandhang wong saka pwnampilane,aja gampang manut karo omongane wong liya lan uga
aja lali ngajeni awakdewe kaya awakdewe ngajeni wong liya, apa wae seng kedadean ing uripe
adewe kudu dilakoni kanthi sabar lan ikhlas.

Anda mungkin juga menyukai