Anda di halaman 1dari 1

Nama : Nadhifa Fatima Azzahra

Kelas : XI MIPA 1 /22

Jaka Kendil
Awal mulane, diajeng-diajeng kerajaan Medang kawurihan padha adus ing sendang.
Sakwise adus, Diajeng Widowati kelingan yen sangsangane raono, banjur ragelem mulih yen
sangsangan e durung ketemu. Saengga sedulur-sedulure padha mulih ndisik. Diajeng
Widowati banjur nganaake sayembara, yen nemoke sangsangane, wong wadon bakal
dianggep sedulur, yen kakung bakal didadekke bojo.
Jaka Kendil lan kancan-kancane banjur ngewangi goleki amarga pengen didadekke
bojo Diajeng Widowati sing ayu. Jebule Jaka Kendil kang njikuk sangsangan Diajeng
Widowati lan meruhke nang Diajeng Widowati yen Jaka Kendil nemokke. Kancane ra
percaya amarga Jaka Kendil rupane elek nanging arak dadi bojone Diajeng Widowati sek
ayu. Banjur diajeng ngomong yen tresna, mara menyang kerajaan Medang kawurihan.
Ing pandopo kerajaan, Makne Jaka Kendil ngaturaken yen anake arep nglamar salah
sijining putri raja. Ananging raja lan permaisuri ngguyu, ra patut rakyat nikah karo putri raja,
ditambah ndelok rupane Jaka Kendil kang elek. Siji-siji putrine raja nyauti lamaran Jaka
Kendil, raono sek nrima. Nanging ing pungkasan, Diajeng Widowati njawab yen deknen
gelem nikah karo Jaka Kendil.
Pas umure Jaka Kendil 20 tahun, Jaka Kendil nagih janjine Mbah Dewa, yen wis 20
tahun lan nduweni bojo kang seneng apa anane bakal malih rupane. Widowati kaget pas tangi
turu, Jaka Kendil dadi bagus. Kaluwargane Widowati ora percaya yen kui Jaka Kendil, akhire
jaka kendil nyaritaake yen biyen dikutuk. Makne jaka kendil awale yo ora percoyo, ananging
sakwise ndelok awake, percoyo yen iku Jaka Kendil, akhire kabeh percaya.
Sakwise kui tiba-tiba ana Kiai Sindu Negara, raja seka Kerajaan Tanjunganom, kang
mara menyang Medang Kawurihan, amarga ngoleki permaisurine kang biyen wis tau di sia-
sia. Sindu Negara ndeloki Makne Jaka Kendil, lan matur yen iki bojone aku, Diaji
Adaningrum. Sindu Negara kaget yen anake kang biyen elek malih dadi bagus. Akhire jaka
kendil bakal didadekke raja Tanjunganom, anangin raja Medang Kawurihan omong, yen
deknen bakal dadi raja Medang Kawurihan amarga nikah karo putrine. Jaka Kendil omong
yen dadi raja Tanjunganom deknen bakal dijuluki Prabu Anom Cahyo Purnomo.

Anda mungkin juga menyukai