Anda di halaman 1dari 6

Langkah Pengerjaan:

1. Isilah Nama, No. Absen, dan Kelas.


2. Kerjakan soal sesuai perintahnya.
- Untuk pilihan ganda, klik pada lingkaran huruf di depan jawaban yang benar.
- Untuk Isian dan Uraian, ketik jawaban di kotak yang disediakan.
3. Setelah semua soal selesai kamu jawab, Save jawabanmu.
4. Kirimkan kepada gurumu melalui WhatsApp atau email.

Nama

No. Absen

Kelas

Pambijen Sumatif
Setiap Soal
A. Pilihen wangsulan sing bener! Bernilai 3 poin.

Teks pacelathon ing ngisor kanggo mangsuli pitakon nomer 1–5!

Banu : “Dhek bengi satemene kowe lunga menyang ngendi, Indra?”


Indra : “Aku mau bengi sowan paklikku sing gerah sawetara wektu. Lha ana apa, ta?”
Banu : “Arep dakajak nonton wayang ing alun-alun karo Lintang.”
(Dumadakan Dito melu anut grubyug ngombyongi omongane Banu lan Indra.)
Dito : “Kowe arep nonton wayang kanggo apa? Apa ora penak nonton TV ing omah.”
Banu : “Lho kepriye ta kowe ki, Dito? Apa kowe ngerti yen wayang kuwi salah siji
budayane wong Jawa?”
Indra : “Bener kuwi kandhane Banu. Wayang kuwi salah sawiji budaya kang kudu diuri-uri
lan dilestarekake. Akeh piwulang sajroning crita wayang. Ora saben wong bisa
ndhalang. Dhalang butuh kawasisan tartamtu. Ora mung babagan olah swara,
nanging kudu mangerteni surasaning crita wayang.”
Banu : “Apa kowe ora isin menawa budaya aslimu malah diuri-uri dening para turis sing
sinau kabudayan Jawa?”
(Dito mung meneng bae ora mangsuli)
Banu : “Apa kowe gelem sing dadi jati dhirine bangsa Indonesia iku dijupuk lan diakoni
dening liyan?”
Dito : “Ya genah aku ora lila. Jati dhiri bangsane dhewe kuwi warisan leluhur sing kudu
diuri-uri.” (Rumangsa ora trima)
Banu : “Nah, kowe saiki wis ngerti ta kenengapa aku lan Indra bisa seneng marang
gelaran wayang?”
Dito : “Iya, aku saiki wis ngerti. Aku jaluk ngapura wis nyepelekake warisan budaya
sing adi luhung.”
Indra : “Wis ora apa-apa, Dito. Ya ngene iki gunane kanca. Ngelingake menawa ana
sing luput lan gelem nampa panyaruwene kancane kanthi lila legawa.”

1. Paraga pacelathon ing dhuwur sing arep ngajak nonton wayang yaiku ….

a. Lintang

b. Banu

c. Dimas

d. Dito

e. Indra
2. Unggah-ungguh basa kang digunakake paraga sajroning pacelathon kasebut migunakake
basa ….

a. ngoko alus

b. krama andhap

c. ngoko lugu

d. krama alus

e. krama lugu

3. Ukara trep kang nuduhake amanat pacelathon ing dhuwur yaiku …. HOTS

a. Minangka generasi kanoman kudu sengkud anggone ngangsu kawruh.

b. Generasi enom kudu bisa nguri-uri warisan budaya sing adi luhung murih tetep
lestari.

c. Menawa ana kanca sing luput ora dikandhani.

d. Ora prelu jaluk pangapura sanadyan mangerteni kaluputane.

e. Warisan budaya ora prelu dilestarekake amarga wis ora cundhuk karo lakune
jaman.

4. Watake Dito yaiku ….

a. sareh

b. wicaksana

c. gampang nesu

d. nglenggana lan gelem jaluk ngapura

e. gumedhe

5. Surasane teks pacelathon ing dhuwur yaiku ….

a. Banu ngajak Indra nonton pamentasan musik.

b. Dito ngajak dolan menyang omahe.

c. Indra ora gelem diajak nonton wayang.

d. Banu wusanane nonton wayang karo Lintang.

e. Banu ngajak Indra nonton wayang.

6. Ora mujudake solah bawa lan subasita sing becik ing pacelathon yaiku ….

a. kita kena munggel pirembugan nalika duwe panemu anyar

b. tangane ngapurancang

c. menawa sing ngajak guneman lenggah, becike kita uga melu lungguh

d. nalika guneman madhep marang wong sing diajak guneman

e. tembung sing digunakake gampang dimangerteni wong liya


7. Pacelathon ana babagan sing gegayutan karo sopan santun, tata susila, lan tata pranatane
basa kanthi ancas ngajeni marang wong sing diajak guneman diarani ….

a. subasita

b. tata krama

c. solah bawa

d. tata susila

e. unggah-ungguh basa

8. Teks pacelathon katulis kanthi wujud ….

a. ukara crita

b. gancaran

c. ukara ora langsung

d. imbal wacana

e. ukara pakon

9. Pak Andi nyambut gawe ing pabrik tekstil. Sawijining dina Pak Andi dipindhah menyang
pabrik tekstil ing kutha liya. Pak Andi kalungguhane dadi mandhor. Ing papan sing dituju
Pak Andi kepethuk karo Pak Rahmat sing biyen tau dadi kanca kelas nalika SMA. Ing
kono Pak Rahmat dadi pimpinan cabang pabrik kasebut.
Saka katrangan iku, Pak Andi guneman karo Pak Rahmat nganggo basa …. HOTS

a. ngoko lugu

b. ngoko andhap

c. krama lugu

d. krama alus

e. ngoko alus

10. Ida : “Ibu, aku pamit arep mangkat sekolah dhisik.”


Ibu : “Iya sing ngati-ati. Wis ora ana sing keri, ta?”
Pacelathon sing diucapake Ida durung trep. Dene ukara trep sing diucapake Ida yaiku
….

a. “Ibu, kula arep pamit mangkat sekolah riyin.”

b. “Ibu, kula ajeng pamit budhal sekolah riyin.”

c. “Ibu, kula ajeng pamit tindak sekolah riyin.”

d. “Ibu, aku pamit badhe bidhak sekolah riyin.”

e. “Ibu, kula pamit badhe bidhal sekolah rumiyin.”

11. Ukara kang nuduhake ngoko lugu yaiku ….

a. Mas Rendi arep tindak jam pira?

b. Sampeyan rawuh kene sajak gita-gita ana wigati apa?

c. Bayu, jupukna kerdhus ing gudhang ya, Le!

d. Ibu punapa saestu tindak sowan Simbah wonten Purwokerto?

e. Bapak arep dhahar saniki punapa mengko?


12. Ing pamentasan sandiwara ana pacelathon paraga siji lan sijine kanggo nglantarake
lakune crita sing diarani ….

a. prolog

b. dialog

c. epilog

d. pandom

e. monolog

13. Tuladha panganggone basa krama lugu kang trep, yaiku ….

a. Mas Bayu ngertos griyane Pak Budi.

b. Mas Galih sesuk dakaturi tindak Malang menawa prei.

c. Bapak boten tindak kantor amargi gerah.

d. Bu Guru dhawuhi Lita menyang kantor guru.

e. Layange wis dakaturake Pak RT.

14. Sandiwara kang amung bisa dirungokake bae lan ngandelake kualitas swara narator,
paraga, lan piranti liyane kaaran sandiwara ....

a. panggung

b. lataran

c. TV

d. sendratari

e. radhio

15. Sandiwara kang pamentasane amung nyuguhake obahing awak lan ekspresi paraga
sarta tanpa migunakake dialog klebu wujude sandiwara ....

a. komedhi

b. pantomim

c. dramatikal

d. parodi

e. kethoprak

16. Guneman karo kanca kelas nganggo basa ….

a. ngoko lugu

b. ngoko alus

c. krama lugu

d. krama alus

e. krama desa
17. Dila : “…”
Gita : “Wingi udane deres banget dalane nganti ora ketok. Dadi, aku ora weruh ana wong
numpak sepedhah.”
Ukara sing nuduhake pitakonane Dila yaiku ….

a. Kapan olehmu tiba?

b. Sapa bae kang nemahi kacilakan saliyane kowe?

c. Geneya wingi sore kowe bisa tiba?

d. Ing ngendi anggonmu tiba?

e. Kapan kowe tiba saka montor?

18. Indah : “Sinta, sangu maem ora?”


Sinta : “Ora, aku mengko jajan bae.”
Indah : “Iki aku disangoni ibuku roti akeh, jupuka ora apa-apa.”
Saka pacelathon ing dhuwur watake Indah yaiku ....

a. seneng pamer

b. gumedhe

c. cethil

d. wicaksana

e. loma

19. Bapak nonton wayang ing bale desa numpak sepedhah montor.
Ukara ing dhuwur menawa diowahi dadi basa krama alus yaiku ….

a. Bapak ningali wayang wonten bale desa ngangge sepedhah montor.

b. Bapak mirsani wayang ing bale desa ngangge sepedhah montor.

c. Bapak ningali wayang wonten bale desa numpak sepedhah montor.

d. Bapak mirsani ringgit wonten bale desa nitih sepedhah montor.

e. Bapak mirsani wayang ing bale desa numpak sepedhah montor.

20. Babagan kang ora perlu digatekake nalika nindakake pacelathon, yaiku ....

a. unggah-ungguh

b. intonasi

c. titi laras

d. lafal

e. subasita
Setiap Soal
Bernilai 8 poin.
B. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!

1. Nalika nindakake guneman utawa rembugan karo wong liya becike nggatekake babagan
unggah-ungguh basa. Miturut panemumu, geneya kudu nggatekake babagan kasebut?
Andharna panemumu kanthi basamu dhewe! HOTS

2. Unggah-ungguh basa Jawa kapantha dadi patang perangan. Salah sijine ngoko alus.
Andharna sing diarani ngoko alus lan panganggone!

3. Pacelathon mujudake gunemane wong loro utawa luwih kanggo ngrembug sawijining
prakara. Dene babagan apa bae kang kudu digatekake sajroning pacelathon?

4. Ing pamentasan sandiwara ana gunemane paraga sing diarani dialog lan monolog. Apa
sing bedakake antarane dialog lan monolog?

5. Pacelathon mujudake ukara kandha utawa ukara langsung. Kepriye carane nulis
pacelathon kasebut?

Nilai

Anda mungkin juga menyukai