Anda di halaman 1dari 8

Langkah Pengerjaan:

1. Isilah Nama, No. Absen, dan Kelas.


2. Kerjakan soal sesuai perintahnya.
- Untuk pilihan ganda, klik pada lingkaran huruf di depan jawaban yang benar.
- Untuk Isian dan Uraian, ketik jawaban di kotak yang disediakan.
3. Setelah semua soal selesai kamu jawab, Save jawabanmu.
4. Kirimkan kepada gurumu melalui WhatsApp atau email.

Nama

No. Absen

Kelas

Setiap Soal
Pambijen Sumatif Bernilai 4 poin.

A. Pilihen wangsulan kang trep!

1. Ing pamentasan sandiwara ana babagan sing dadi dhasaring crita kanggo nemtokake
ancas lan lakune crita kang diarani ….

a. paraga

b. konflik

c. tema

d. latar

e. alur

2. Sandiwara kadhapuk saka tembung sandi lan wara. Dene tegese sandi yaiku ….

a. laku

b. samar

c. ajaran

d. piwulang

e. tindak
3. Ing ngisor iki kang ora klebu jinis sandiwara miturut jinis lakon utawa panyajian yaiku
….

a. sandiwara sujarah

b. sandiwara komedhi

c. melosandiwara

d. sandiwara panggung

e. sandiwara tragedi

4. Gatekna katrangan ing ngisor!


Wektu wis nuduhake tabuh 14.00 awan. Rata-rata murid wis mulih sekolah. Mung ana
guru ing kantor. Meruhi Rara isih ing sekolah gawe Ranti kaget.
Ranti : “Kok kowe isih ing kene? Kenengapa durung bali?”
Rara : (gedheg-gedheg banjur nutugake maca buku)
Katrangan ing dhuwur bisa nuduhake salah siji unsur intrinsik amarga …. HOTS

a. nuduhake latar kahanan

b. nuduhake latar prastawa

c. nuduhake penokohan

d. nuduhake amanat

e. nuduhake latar wektu

5. Gatekna pacelathon ing ngisor!


Jam nuduhake wektu 06.30. Dimas lan Bayu wis tekan sekolah.
Bayu : “Dimas, wis sinau aksara Jawa kanggo ulangan mengko?”
Dimas : “Ora prelu sinau bae aku wis apal lan ngerti wangunane.”
Bayu : “Yen ngono wis siap kanggo ulangan mengko ya?”
Dimas : “Ya genah bae aku siap.”
Saka pacelathon ing dhuwur bisa dimangerteni watak wantu saben paraga. Dene watake
Dimas yaiku ….

a. kuminter

b. andhap asor

c. ngajeni marang liyan

d. sesongaran

e. blaka suta
Gatekna punggelan teks drama ing ngisor kanggo mangsuli pitakon nomer 6–11!
Surati susah lan sedhih amarga garwane ora pracaya apa sing diucapke. Raden
Banterang duwe karep nyemplungake Surati ing tlaga. Satekane ing tlaga Raden Banterang
nyritakake patemone ing alas karo pawongan priya sing klambine suwek-suwek. Surati
uga nyritakake patemone karo priya kaya sing dialami garwane.
Surati : “Priya iku kakangku. Namine Rupaksa, dheweke sing menehi iket marang
kula.”
R. Banterang : “Aku ora pracaya marang sing kokandhakake. Apa kowe karo kakangmu
arep nyilakani aku amarga ramamu tiwas? Anggonmu lunga ing alas
amarga ngerti aku uga ing alas?”
Surati : “Kula disuwun tulungi kakang kula kangge nyilakani panjenengan, nanging
kula boten purun.”
R. Banterang : “Ora mungkin.”
Surati : “Menawi boten pitados, kula daknyemplung wonten tlaga menika. Menawi
tlaga dados bening lan wangi, tegese kula boten salah. Nanging yen toya
tlaga boten bening lan mambet, tegese kula gadhah niyat badhe nyilakani
panjenengan!” (Surati asru anggone ngomong karo nangis)
Sawise ujar kaya mangkono, Surati mlumpat ing tengah tlaga banjur ilang. Ora let
suwe, tlaga mau ambune wangi lan banyune dadi bening. Raden Banterang getun lan
bengak-bengok kanthi swarane ndhredheg nyeluki Surati.
R. Banterang : “Surati!” (banget sedhih lan getune)
Raden Banterang banget anggone getun lan sedhih amarga luwih precaya omongane
wong liya tinimbang garwane. Nanging digetunana kaya ngapa, Surati ora bakal bali. Awit
saka iku, tuwuh jeneng Banyuwangi kang tegese banyu kang ambune wangi. Jeneng
Banyuwangi banjur dadi jeneng Kutha Banyuwangi.

6. Punggelan teks drama ing dhuwur jupuk saka crita ….

a. wiracarita

b. mite

c. sage

d. legendha

e. fabel

7. Paraga ing pacelathon sajroning teks drama ing dhuwur yaiku ….

a. Surati lan Rupaksa

b. Raden Banterang lan Surati

c. Raden Banterang lan Rupaksa

d. Surati lan punggawa kraton

e. Rupaksa lan punggawa kraton


8. Katrangan ing ngisor kang trep kanggo nggambarake paraga Raden Banterang yaiku
…. HOTS

a. Raden Banterang dadi protagonis kang nyengkuyung dalane crita

b. Raden Banterang dadi paraga utama sajroning crita

c. Raden Banterang duwe watak ora pracaya lan grusa-grusu jupuk kaputusan

d. Raden Banterang dadi paraga pambiyantu sajroning crita

e. Raden Banterang duwe watak becik amarga pracaya karo sing diomongake dening
Rupaksa

9. Paragrap pungkasan ing dhuwur diarani ….

a. epilog

b. dialog

c. prolog

d. pandom

e. monolog

10. Katrangan kang katulis sajroning tandha kurung ing dhuwur diarani ….

a. dialog

b. pandom

c. prolog

d. epilog

e. pacelathon

11. Amanat kang bisa kajupuk saka punggelan teks drama ing dhuwur yaiku ….

a. kena ngrungokake panyaruwe saka wong liya banjur dilak sanakake tanpa
ditlesih

b. ora prelu nggugu omongane wong liya lan nengenake panemune dhewe

c. ora prelu ngrungokake panemune wong liya lan mutusi dhewe

d. kudu ditlesih menawa antuk lapuran saka wong liya lan jupuk kaputusan dipikir
kanthi temen

e. luwih pracaya marang gunemane wong liya becik katindakake


12. Paraga iki lumrahe nentang dalane crita lan dadi mungsuhe paraga kang nyengkuyung
dalane crita. Adate paraga iki ora disenengi dening pamiarsa. Paraga iki diarani ….
HOTS

a. paraga figuran

b. paraga antagonis

c. paraga protagonis

d. paraga tritagonis

e. paraga pembantu

13. Ing pamentasan sandiwara dumadi saka babak-babak. Dene saben babak iku lumrah
dumadi saka pirang-pirang ….

a. paraga

b. tema

c. adegan

d. watak

e. latar

14. Ora klebu unsur ekstrinsik drama, yaiku ....

a. latar belakang digawene crita dialami pangripta

b. kahanan masarakat saka ekonomi, sosial, budaya, lan politik

c. latar belakang diciptakake, yaiku kapan karya sastra kasebut ditulis

d. kahanan masarakat nalika karya sastra kasebut diciptakake

e. kahanan crita ana alur, amanat, gaya basa, lan paraga

15. Ing naskah drama awujud pacelathon utawa guneman antarparaga kang diarani ….

a. prolog

b. dialog

c. pandom

d. monolog

e. epilog
16. Pangrembakane jinis sandiwara maneka warna. Salah sijine drama sing nengenake
unsur dhagelan kanggo nyenengake para pamirsa diarani ….

a. melodrama

b. sendratari

c. farce

d tragedi

e. opera

17. Alur crita ing drama kawangun saka limang perangan. Salah sijine prangan sing nepung-
ake kahanan, paraga, lan gegayutan antarane paraga siji lan sijine sing dicritakake
diarani ….

a. ending

b. complication

c. rising action

d. exposition

e. turning point

18. Jinis drama kang nyritakake babagan kasusahan utawa prihatin diarani ….

a. melodrama

b. opera

c. trage komedi

d. sendratari

e. tablo
19. Unsur ekstrinsik minangka unsur kang mangun saka jaba lan duwe pangaribawa tumrap
isi crita. Dene kang ora klebu unsur kasebut yaiku ….

a. agama lan budaya sing dirasuk dening pangripta

b. kahanan sosial budaya

c. latar belakang pangripta

d. kahanan sosial budaya

e. kahanan psikologis paraga

20. Menehi tanggapan marang isi drama ateges menehi pambijen. Dene ing ngisor iki sing
ora klebu tata cara anggone menehi tanggapan yaiku ….

a. tanggapan diandharake kanthi gancaran kang cekak lan padhet

b. tanggapan dikantheni alesan kang tinemu nalar

c. tanggapan diwedhar kanthi ukara sing dawa lan nglarani ati

d. prakara kang ditanggapi kudu cetha

e. tembung lan ukara sing digunakake gampang ditampa lan dimangerteni

Setiap Soal
B. Isinen nganggo wangsulan kang trep! Bernilai 4 poin.

1. Naskah drama bisa kajupuk saka maneka sumber. Salah sijine saka geguritan kanthi
cara dramatisasi geguritan. Apa sing dikarepake? Andharna!

2. Kanthi nonton pamentasan drama, kita bisa mangerteni ana paraga sing duwe watak
ala lan becik. Mangkono bisa dimangerteni saka saperangan cara. Apa bae cara sing
dikarepake? Andharna! HOTS
3. Jinising drama bisa kapantha dadi saperangan babag adhedhasar jinise. Ana drama
tradhisional lan modheren. Apa sing bedakake rong jinis drama kasebut? Andharna!

4. Pamentasan drama kawiwitan saka skenario drama sing wis dirantam. Dene babagan
apa bae kang kudu digatekake nalika arep nggelar pamentasan drama?

5. Apa sing komangerteni babagan skenario?

Nilai

Anda mungkin juga menyukai