Anda di halaman 1dari 11

Langkah Pengerjaan:

1. Isilah Nama, No. Absen, dan Kelas.


2. Kerjakan soal sesuai perintahnya.
- Untuk pilihan ganda, klik pada lingkaran huruf di depan jawaban yang benar.
- Untuk Isian dan Uraian, ketik jawaban di kotak yang disediakan.
3. Setelah semua soal selesai kamu jawab, Save jawabanmu.
4. Kirimkan kepada gurumu melalui WhatsApp atau email.

Nama

No. Absen

Kelas

Setiap Soal
Sumatif Akir Semester Bernilai 2 poin.

A. Pilihen wangsulan kang trep!

1. Jinis artikel sing sumebar ing masarakat maneka warna jumbuh karo surasane lan
ancase. Salah sijine artikel sing menehi saweneh informasi ngenani samubarang prakara
kanthi nyawisake panyengkuyung awujud bukti lan alesan sing tinemu nalar saengga
bisa nambahi kawruh pamaca. Upamane pawarta lan artikel analisis lapuran. Mangkono
klebu jinis artikel …. HOTS

a. deskripsi

b. eksposisi

c. argumentasi

d. persuasi

e. narasi

2. Artikel kang ngrembug prakara sing entheng lan ora mbutuhake pemahaman kang jero
diarani artikel ….

a. opini

b. ilmiah

c. praktis

d. ringan

e. argumentasi
3. Gatekna katrangan ing ngisor!
Kanggo nangani limbah pemukiman perlu anane kesadharan masarakat kanggo
wicaksana tumrap limbah sing diasilake. Pangolahan lan pola pikir ngenani sampah
kanthi nindakake 3R, ora buwang sampah ing kali, penampungan banyu, utawa menyang
laut.
Pethilan wacan artikel ing dhuwur klebu ing perangan ….

a. pambuka

b. dudutan

c. isi

d. pambuka lan dudutan

e. deskripsi

4. Widheng galeng, apa tekamu padha rahayu?


Ukara ing dhuwur klebu wangsalan ….

a. lamba

b. rangkep

c. memet

d. padinan

e. edipeni

5. Artikel sing ancase kanggo ngajak pamaca supaya nindakake kaya apa sing diwedhar
sajroning artikel diarani artikel ….

a. narasi

b. argumentasi

c. persuasi

d. eksposisi

e. deskripsi
6. Asil panaliten kanthi wujud skripsi, tesis, lan disertasi klebu jinis artikel ….

a. ilmiah

b. opini

c. ringan

d. deskripsi

e. praktis

7. Ukara lamba yaiku ukara kang gagasane mung siji. Dene ing ngisor sing klebu ukara
lamba, yaiku ....

a. Sampah plastik klebu sampah anorganik amarga ora bisa diurai mula kita kudu
wicaksana nganggo plastik.

b. Karusakan lingkungan bisa nekakake kapitunan lan bencana tumrap manungsa


dhewe.

c. Kelestarian lingkungan kudu dijaga dening kabeh lapisan masarakat.

d. Wicaksana nggunakake prodhuk barang sing ngandhut plastik bisa dadi salah siji
cara kanggo nyegah mundhake sampah ing masarakat.

e. Anane kobongan alas lan mundhake banyu laut dadi saperangan tuladha saka
anane pemanasan global.

8. Ing ngisor iki kang ora klebu tata carane nalika nindakake analisis teks artikel yaiku
....

a. irah-irahan

b. asmane penulis

c. medhia sing digunakake

d. swasana

e. papan panggonan dumadine


9. Artikel nggiyarake cara urip sehat kang kawiwitan saka pola panganan sing sehat lan
ngandhut gizi klebu jinis artikel ….

a. persuasi

b. argumentasi

c. deskripsi

d. eksposisi

e. narasi

10. Ing ngisor iki kang ora klebu titikane artikel yaiku ….

a. surasane cekak aos, padhet, lan cetha

b. surasane artikel mligi saka panemune panulis tanpa kinanthenan data

c. sipate faktual lan informatif

d. surasane artikel digawe adhedhasar fakta

e. ditulis kanthi sistematis

11. Ing panulisan artikel surasane ngandharake wedharan saka pokok prakara sing dirembug
sajroning artikel klebu ing perangan ….

a. irah-irahan

b. pambuka

c. isi

d. dudutan

e. panutup

12. Ing ngisor iki salah siji putra kang lair saka Dewi Madrim yaiku ….

a. Bima

b. Yudhistira

c. Werkudara

d. Nakula

e. Arjuna
13. Nalika nonton gelaran wayang kulit, saben arep ganti adegan mesthi kawiwitan suluk
lan janturan sing nyritakake papan panggonan. Awit saka iku, pamirsa kudu mangerteni
babagan ….

a. paraga

b. alur

c. watak paraga

d. amanat

e. latar

Teks ing ngisor kanggo mangsuli pitakon nomer 14–16!


Astinapura kagungan putra kanggo calon gumantining Nata, yaiku pembarep Dresta-
rastra, panengahe Pandhu Dewanata, lan wuragile Yama Widura. Drestarastra prigel olah jaya
kawijayan. Pandhu prigel olah kridhaning jemparing. Dene Yama Widura prigel ing babagan
weliding pedhang lan sanjata. Nanging sing madeg dadi nata ing Astina yaiku Pandhu. Amarga
Drestarastra nandang tuna paningal lan Yama Widura duwe cacad sukune dawa sisih. Nut
aturaning praja, pawongan sing nandang tuna ora bisa madeg ratu. Mula, Drestarastra
nglenggana menawa sing madeg dadi ratu ing Astina yaiku Pandhu Dewanata.
14. Saka wacan ing dhuwur katrampilan sing diduweni Drestarastra yaiku ….

a. olah jemparing

b. olah jaya kawijayan

c. olah sanjata

d. olah pedhang

e. olah gada

15. Saka teks ing dhuwur bisa kajupuk amanat sing bisa dadi tuladha. Dene sing dadi
amanate yaiku …. HOTS

a. wong kang wani ngalah dhuwur wekasane

b. rebutan panguwasa iku tumindak ora prayoga

c. nglenggana marang kakurangane

d. samubarang tumindak manungsa bakal ngundhuh wohing pakarti

e. nagara sing ayem tentrem saka ratu sing wicaksana


16. Drestarastra ora bisa madeg ratu ing Astina sanadyan dheweke pembarep amarga
….

a. sukune cacad dawa sisih

b. dheweke ora gelem madeg dadi ratu

c. dheweke arep dadi pertapa

d. nandhang tuna paningal

e. Pandhu nyuwun supaya dheweke sing dadi nata

17. Wayang kang digawe saka kayu lan diklambeni kayadene manungsa diarani wayang
....

a. kulit

b. klithik

c. beber

d. golek

e. potehi

18. Babone crita wayang kajupuk saka crita Ramayana lan Mahabharata. Sumber kasebut
asale saka tlatah ….

a. Sri Lanka

b. India

c. Thailand

d. Indonesia

e. Bali
19. Wayang kang nyritakake babagan perjuwangan rakyat Indonesia nalika mungsuh
penjajah. Jinis wayang iki kaaran wayang ….

a. madya

b. menak

c. gedhog

d. golek

e. suluh

20. Pandhawa mujudake satriya kang duweni watak utama. Gurune Pandhawa yaiku
Pandhita Durna. Puntadewa utawa Yudhistira minangka pembarepe duweni watak
ambeg darma, narima ing pandum, lan adoh saka hawa kamurkan.

Saka pethilan crita ing dhuwur, bisa dimangerteni salah siji unsur intrinsik kang mangun
crita, yaiku ....

a. alur

b. amanat

c. pamawase pengarang

d. perwatakan

e. paraga

21. Wujude wayang rong dhimensi umume kagawe saka ....

a. kulit

b. kerdhus

c. suket

d. kayu

e. kain
22. Ing ngisor iki perangan sing ora nyengkuyung pagelaran wayang purwa, yaiku ….

a. dhalang

b. paniti

c. pengrawit

d. sindhen

e. wiraswara

23. Perangan naskah drama sing menehi katrangan ngenani kahanan utawa prastawa kang
dipanggonake ing jero tandha kurung utawa kacithak miring diarani …

a. prolog

b. klimaks

c. dialog

d. pandom

e. epilog

24. Nalika arep mentasake pamentasan drama, babagan kapisan kang kudu ditindakake
yaiku nemtokake ….

a. gladhen

b. sutradara

c. tema lan irah-irahan

d. paraga

e. pananggap

25. Jinis drama kang diiringi lagu lan dialoge ditembangake diarani ….

a. drama sendratari

b. melodrama

c. drama opera

d. drama farce

e. drama tragedi
26. Ing pagelaran sandiwara tamtu ana paraga kang nyengkuyung dalane crita. Ana paraga
watak ala lan becik. Ana uga paraga sing bisa dadi kancane paraga antagonis apa dene
protagonis. Paraga kang mangkono diarani …. HOTS

a. utama

b. antagonis

c. protagonis

d. tritagonis

e. pembantu

27. Perangan drama kang isine ngandhut pitutur pangripta ngenani crita diarani ….

a. dialog

b. konflik

c. prolog

d. pandom

e. epilog

28. Ludruk minangka salah sawiji seni tradhisional saka ….

a. Jawa Tengah

b. Bali

c. Jawa Timur

d. Yogyakarta

e. Sunda

29. Kagiyatan ngrasakake, mangerteni, lan ngajeni saengga bisa mangerteni kanthi temen
lan mahami nilai-nilai kang kinandhut sajroning drama kasebut diarani ….

a. improvisasi

b. apresiasi

c. tanggapan

d. resensi

e. sinopsis
30. Ing struktur teks drama kang mujudake rerampungan saka komplikasi utawa pepalang
kang dialami paraga utama klebu ing ….

a. orientasi

b. komplikasi

c. epilog

d. prolog

e. resolusi

Setiap Soal
B. Isinen nganggo wangsulan kang trep! Bernilai 4 poin.

1. Ing ngendi bae artikel ringan bisa ditemokake?

2. Geneya asil panulisan skripsi, tesis, lan disertasi klebu artikel analisis ahli utawa
ilmiah?

3. Apa ancase panulisan artikel?

4. Gatekna paragrap ing ngisor!


Rusake lingkungan mujudake deteorisasi lingkungan. Kahanan iki katitikan saka
ilange sumber daya bumi, udara, banyu, curese kewan, lan rusake ekosistem. Rusake
lingkungan bisa mujudake salah siji bebaya tumrap uriping manungsa.
Geneya paragrap ing dhuwur klebu perangan pambuka? Andharna panemumu! HOTS
5. Nalika ngringkes wacan, basane ora padha kaya karo naskah asline. Kepriye basa sing
digunakake nalika ngringkes crita?

6. Pagelaran wayang tumrape masarakat Jawa wis kaya balung sungsum. Saliyane
mujudake gelaran kanggo tontonan, uga ngandhut tuntunan tumrap manungsa. Apa
sing dikarepake ing katrangan kasebut? Andharna!

7. Pagelaran wayang kulit minangka pagelaran kang kasengkuyung saperangan piranti.


Apa bae piranti sing dibutuhake?

8. Ing salah siji kitab Mahabharata ana crita babagan majune Resi Bisma ing palagan
minangka senapatine Kurawa. Nanging wusanane gugur. Sapa sing kasil merjaya Resi
Bisma ing Bharatayuda lan kanthi sanjata apa?

9. Sebutna perangan struktur kang mangun sawijining teks drama!

10. Kanthi nonton pamentasan drama, kita bisa jupuk kesimpulan awujud pitutur luhur. Saka
ngendi perangan amanat kasebut bisa dimangerteni?

Nilai

Anda mungkin juga menyukai