Anda di halaman 1dari 9

YAYASAN PENDIDIKAN NUSADETTA HUSADA

SMK “DHARMA BHAKTI HUSADA”


BIDANG KEAHLIAN : KESEHATAN
Program Keahlian : 1. Keperawatan 2. Farmasi
NPSN: 69903336 Terakreditasi
Jl. Raya Kras 2A Ds. Purwodadi Kec. Kras Kab. Kediri
E-mail: smkdbhkras@gmail.com

SOAL PENILAIAN AKHIR SEMESTER BAHASA JAWA KELAS XII


A. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, d utawa e tumrap wangsulan kang
bener!
1. Panulise artikel manawa kaudhal manut struktur yaiku ....
a. Isi masalah, dudutan
b. Dudutan, isi lan masalah
c. Pambuka, dudutan lan masalah
d. Pambuka, isi lan dudutan
e. Pambuka, isi lan masalah

2. Pekarangan kang kebak wit-witan bisa gawe omah katon arsi lan seger.
Yen dideleng perangane,Ukara ing dhuwur kalebu ukara....
a. Ukara lamba
b. Ukara camboran sajajar
c. Ukara camboran rapatan
d. Ukara camboran sungsun
e. Wangsulan a, b, c. lan d salah

3. Pagelaran lakon wayang, bisa dadi salah sawijine sarana panggulawenthah ing babagan
moral lan kautaman. Jalaran ….
a. pagelaran wayang ora mung asipat tontonan, ning uga tuntunan tumrap penontone.
b. pagelaran wayang mujudake sarana nikelake devisa negara
c. pagelaran wayang purwa mujudake piwulang agama kang laras karo dhasaring nagara.
d. pagelaran wayang kang maneka warna jinise, bisa nambahi ilmu lan kawruh tumrap
para mudha.
e. pagelaran wayang mujudake sarana dramatrisasi teks carita wayang saka negara
manca.

4. Perangan wiwitane carita kanggo nepungake tokoh/paraga, swasana, lan bibit


kawittumuju carita sabanjure, ing struktur teks lakon diarani ….
a. Orientasi
b. Komplikasi
c. Resolusi
d. Koda
e. Revolusi
5. Kalebu ing struktur batin geguritan yaiku ... .
a. tema lan amanat
b. diksi lan tipografi
c. enjambemen lan lelewaning basa
d. purwakanthi lan wirasa
e. panyitra lan diksi

6. umpama Hongkong kuwi mung lor kali/ wis wingi-wingi/dakparani//. Purwakanthi kang
digunakake yaiku purwakanthi guru ... .
a. swara i
b. sastra t
c. basa/lumaksita kali
d. swara um
e. sastra g

7. Tujuan maca endah geguritan yaiku ... .


a. nemokake struktur batin geguritan
b. nemokake struktur batin geguritan
c. supaya sing mirsani padha nggumun lan eram marang sing maca
d. bisa menehi tandha andhegan, nata napas, lan pangucapan
e. sing nyemak, mirsani dadi ngerti isi, piweling lan kaendahan geguritan

8. Kang diarani tedhak siten yaiku upacara ... .


a. cedhak lemah
b. mudhun lemah
c. sepasaran
d. lair sepisanan
e. upacara slametan

9. Kang ora kalebu dasanamane tembung pranatacara yaiku .....


a. panata adicara
b. pambagyaharja
c. panata acara
d. panambiwara
e. pewara

10. Drama kang isine kisah lucu diarani…


a. Drama komedi
b. Drama tragedi
c. Pantomim
d. Sandiwara
e. Drama

11. Saben gatra ing tembang dipara dadi…


a. Wanda
b. Wilangan
c. Larik
d. Lagu
e. Lirik lagu

12. Tembang macapat kang nduweni watak nalangsa, mendharake rasa pirantos diarani
tembang…
a. Maskumambang
b. Pocung
c. Gambuh
d. Mijil
e. Asmaradana

13. Pacelathon antara para paraga ing pentas drama diarani…


a. Epilog
b. Dialog
c. Monolog
d. Prolog
e. Pitutur

14. Tembang pocung duweni guru lagu…


a. i, a, i, a
b. u, a, i, a
c. a, i, a, i, u, a, i, a
d. u, u, I, u,o
e. u,I,o,I,u

15. Tembung loro utawa luwih sing tegese padha utawa meh pada diarani tembung…
a. Sarojo
b. Camboran
c. Garba
d. Entar
e. Purwakanthi

16. Ing ngisor iki ciri- cirine basa lisan kajaba…


a. Langsung
b. Ora langsung
c. Ora kaiket dening ejaan
d. Ora efektif
e. Pacelathon
17. Basa Jawa minangka basa ilmu, yaiku ... .
a. basa kang digunakake kanggo rembugan ing adicara kaluarga.
b. basa kang digunakake kanggo ing adicara pahargyan adat.
c. basa kang digunakake kanggo medharake rasa pangrasa.
d. basa kang digunakake kanggo medharake saweneh kawruh.
e. basa kang digunakake kanggo guneman ing pasrawungan.

18. Undha-usuk ing basa Jawa iku bakune mung ana loro yaiku... .
a. ragam ngoko alus lan ragam krama inggil
b. b. ragam ngoko lan ragam krama
c. c. ragam krama lugu lan ragam karma inggil
d. d. ragam ngoko lan krama inggil
e. e. ragam krama alus lan krama inggil

19. Cerkak mujudake kasusastran gagrag anyar kang nyritakake ... .


a. Panguripan sabendina
b. Epos Ramayana-Mahabarata
c. Prastawa sejarah
d. Kedadeyan sajerone kraton
e. Kedadeyan apa anane

20. Kanggo nguripake crita, pengarang cerkak migunakake ... .


a. Basa baku
b. Basa standar
c. Dhialek lan idhiolek
d. Lelewaning basa
e. Basa padinan

21. Adhedhasar urut-urutane crita, struktur teks cerkak kaperang dadi ... .
a. Coda, orientasi, komplikasi, lan resolusi
b. Resolusi, coda, orientasi, lan komplikasi
c. Komplikasi, resolusi, coda, lan orientasi
d. Orientasi, komplikasi, resolusi, lan coda
e. Orientasi, komplikasi, coda, lan resolusi

22. Panintinge dudutan dening para pamaca, ing struktur teks cerkak diarani ….
a. Resolusi
b. Coda
c. Orientasi
d. Komplikasi
e. Klimaks

23. Sajrone pasrawungan, wong kang pinter crita bisaane akeh kancane, jalaran ....
a. Critane bisa agawe guyu
b. Sing diajak jagongan mesthi krasan
c. Wektu sak jam krasa mung sedhela
d. Ketrampilan agawe guyu dibutuhake
e. Pakaryane ngomong ing ngarepe wong akeh

24. Guyon maton mujudake adat kebiasan masyarakat Jawa kanggo....


a. Nerak norma-norma ing masyarakat
b. Mulangake wejangan utawa ilmu pengetahuan
c. Ndudut ati lan ora mboseni katampa kanthi ikhlas jalaran ora ngguroni,
d. Ngguroni masyarakat Jawa babagan norma-norma
e. Pralambang kang nglatih lantiping pikir.

25. Ajaran moral sajeroning teks anekdot mujudake wejangan utawa wewarah kang nduweni
sipat praktis, jalaran....
a. diwedharake pengarang lumantar para paraga.
b. pituduh iku bisa ditrepake ing bebrayan.
c. minangka kaca benggala.
d. kanggo nyemoni tingkah polah para pemimpin.
e. masyarakat pengin para pejabat nduweni moral kang apik.

26. Asli cipta sastra, miturut wujude kaperang dadi telu, yaiku…
a. Gancaran ‘prosa’, cerkak ‘cerpen’, lan sandhiwara ‘drama’
b. Gancaran ‘prosa’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’
c. Tembang ‘nyayian’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’
d. Pertunjukan ‘tontonan’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’
e. Babad ‘cerita sejarah’, guritan ‘puisi’, lan sandhiwara ‘drama’
27. Wujud pasulayan ‘konflik’ yaiku…
a. Jejer (orientasi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
b. Pasulayan (konflik) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.
c. Pangudhare prakarya (resolusi) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing
nonton.
d. Basa rinengga (gaya bahasa) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing
nonton.
e. Dhalang (sutradara) sing bisa ndudut ati lan nguras emosi ‘perasaan’ sing nonton.

28. Teks sandhiwara radhio ora mbutuhake pituduh laku, ananging mbutuhake…
a. Kramagung
b. Pituduh akting
c. Pituduh pocapan
d. Pituduh bloking
e. Pituduh gladden

29. Drama kang nduweni tujuan menehi pendhidhikan marang masyarakat kang umume
nduweni tema urip padinan diarani…
a. Drama tradhisional
b. Drama modern
c. Pantomime
d. Drama tragedi
e. Drama komedi

30. Cikal bakal ludruk yaitu kesenian…


a. Lerok
b. Lorek
c. Remo
d. Besutan
e. Bandhan

31. Tari pambuka ing pagelaran ludruk yaiku…


a. Tari srimpi
b. Tari merak
c. Tari remo
d. Tari gambyong
e. Tari kreasi

32. Para dhagelan ludruk biasane miwiti lawakane kanthi…


a. Lagu dolanan
b. Tembang macapat
c. Tembang kenangan
d. Tembang campursari
e. Ngidung jula- juli

33. Titikane crita ludruk yaiku…


a. Critane nggambarake kahanane masyarakat Jawa Timur
b. Critane nggambarakesiagane para pahlawan nglawan penjajah
c. Critane nggambarake panandhanging kawula cilik
d. Critane kepethik saka babad tanah Jawa
e. Critane kepethik saka epos Ramayana lan Mahabharata

34. Kethoprak sing manggung kanthi pindhah- pindhah panggonan yaiku…


a. Kethoprak jangkep
b. Kethoprak lesung
c. Kethoprak pendhapa
d. Kethoprak gejog
e. Kethoprak tobong

35. Umume cerita ing kethoprak nduweni struktur utawa wangunan kang dumadi saka…
a. dhagelan, jejer, pasulayan, perang , lan wasana
b. dhagelan, jejer, perang, pasulayan, lan wasana
c. Jejer, pasulayan, dhagelan, perang, lan wasana
d. Jejer, dhagelan, pasulayan, perang, lan wasana
e. Jejer, perang, dhagelan, pasulayan, lan wasana

36. Crita kethoprak biasane njupuk saka crita babad, tegese…


a. Nggambarake panandhanging kawula alit
b. Crita kang ngandut unsure sejarah
c. Crita bab asal- usul panggonan
d. Crita saka manca negara
e. Crita carangan

37. Kang dari ciri wancine kethoprak, yaiku…


a. Para pamaraga/pemain kudu bisa nembang
b. Para pamaraga/pemain kudu bisa nari
c. Para pamaraga/pemain kudu bisa bela dhiri
d. Para pamaraga/pemain kudu bisa nabuh gamelan
e. Para pamaraga/pemain kudu bisa dadi sutradhara

38. Para pemain ludruk professional, biasane tampil tanpa naskah, ananging…
a. Tata laksana (pengelolaan) tontonan kaatur kanthi longgar lan spontan.
b. Sutradara sing netepake casting (milih pamaraga) lan menehi andharan.
c. Pendhukunge ora andadekake ludruk minangka sumber pengasilan.
d. Pendhukunge ludruk durung kulina main, mula tampilane ora perlu naskah.
e. Isih perlu katuntun minangka paugeran pagelaran tontonan ludruk.

39. Ing ngisor iki sing kalebu aksara Jawa yaiku ….


a. Aksara legena
b. Teks cerita
c. Aksara
d. Cerita
e. Narasi

40. Ing ngisor jenise tembang macapat, kabaja…


a. Campursari
b. Kinanthi
c. Sinom
d. Pucung
e. Maskumambang

41. Tembung rangkep uga diarani...


a. Dwilingga padhaswara
b. Dwipurwa
c. Dwiwasana
d. Dwilingga salinswara
e. Dwiwasesa
42. Tembung kang dirangkep wandane ngarep utawa wiwitan diarani...
a. Dwilingga
b. Dwipurwa
c. Dwiwasana
d. Reduplikasi
e. Dwiwasesa

43. Pesen, nasihat utawa piwulang becik kang diwedharake panganggit lumantar geguritan
yaiku...

a. tema
b. lelawaning basa
c. pamilihing tembung
d. pesen
e. alur

44. Geguritan gagrag anyar ngginakaken basa Jawa...

a. kawi
b. kuno
c. modheren
d. ngoko
e. krama

45. Kang diarani tembung rangkep yaiku...

a. Tembung loro utawa luwih sing meh padha tegese dirangkep dadi siji, duweni teges
mbagetake
b. Tembung kang rangkep tembunge utawa saperangan wandane
c. Tembung loro sing dirangkep dadi siji nanging nganggo ngurangi cacahing wanda
d. Tembung sing diringkes cacahing wanda supaya luwih sathitik
e. Tembung kang diringkes tembunge

46. Cara maca kanggo goleki bab-bab kang wigati kanthi cepet diarani cara...
a. intensif
b. skimming

c. scanning

d. ekstensif

e. cepet
47. Sajinis panutup sirah kanggo wong priya sing kagawe saka bahan kain bathik utawa lurik
yaiku...

a. topi

b. blangkon

c. caping

d.helm

e. kupluk

48. Blus tradisional ingkang dipunangge tiyang estri ing Indonesia yaiku..

a. jarit
b. sarung
c. slendang
d. batik
e. kebaya

49. Jinising paragrap manut pokoke ukara kaya ngisor iki, kajab...
a. eduktif
b. induktif
c. deskriptif
d. ineratif
e. ekstensif

50. Karangan deskripsi yaiku...

a. gancaran kang isine nyritakake samubarang kanthi runtut manut urutan waktu
b. Karangan isine menehi katrangan salah sijine topik utawa masalah kanggo menehi
informasi uatwa kabar marang wong kang padha maca
c. Karangan kang isine ngandharake sawijining pendapat/gagasan/ide ngenani bab apa
bae dikantheni alasan/bukti sing kuat supaya sing padha maca percaya marang
penemune penulis mau
d. karangan isine menehu katrangan lan informasi utawa kabar
e. karangan kang isine menehi gambaran kahanan samuburang apa bae

Anda mungkin juga menyukai