Anda di halaman 1dari 20

GEGURITAN

A. Kompetensi Inti (KI)


KI 1 : Menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang dianutnya.
KI 2 : Menghayati dan mengamalkan perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli
(gotong royong, kerjasama, toleran, damai). Santun responsif, dan proaktif dan
menunjukkan sikap sebagai bagian dari solusi atas berbagai permasalahan
dalam berinteraksi secara efektif dengan lingkungan sosial dan alam, serta
dalam menempatkan diri sebagai cerminan bangsa dalam pergaulan dunia.
KI 3 : Memahami, menerapkan, menganalisis pengetahuan faktual, konseptual,
prosedural dan metakognitif berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu
pengetahuan, tekhnologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan
kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait penyebab
fenomena dan kejadian, serta menerapkan pengetahuan prosedural pada bidang
kajian yang spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk memecahkan
masalah.
KI 4 : Mengolah, menalar, menyaji dalam ranah konkret dan ranah abstrak terkait
dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara mandiri,
bertindak secara efektif dan kreatif, serta mampu menggunakan metode sesuai
kaidah keilmuan.
B. Kompetensi Dasar (KD) dan Indikator Pencapaian Kompetensi
KD 1.2 : Menerima, mensyukuri, menghayati, dan mengamalkan anugerah Tuhan
berupa bahasa Jawa dalam bentuk teks geguritan.
KD 2.2 : Menunjukkan perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (gotong royong,
kerjasama, toleran, damai), santun, responsif, dan proaktif dalam
menggunakan bahasa Jawa dalam bentuk teks geguritan.
KD 3.2 : Menelaah teks geguritan
Indikator
1. Membaca teks geguritan
2. Mencermati struktur dan kaidah geguritan tradisional dan modern
3. Mempertanyakan kaidah penulisan geguritan tradisional
4. Mempertanyakan unsur-unsur pembangun geguritan
5. Membuat pertanyaan yang berhubungan dengan isi teks geguritan
6. Menemukan unsur-unsur pembangun geguritan
7. Mendiskusikan unsur-unsur pembangun geguritan
8. Mengidentifikasi nilai-nilai yang terdapat dalam geguritan
9. Mendiskusikan dan menyimpulkan nilai-nilai yang terkandung di dalam
geguritan dan relevansinya dengan kondisi masyarakat saat ini
KD 4.2 : Menulis geguritan dan membacanya.
Indikator
1. Memarafrasekan geguritan
2. Menulis geguritan
3. Menyajikan parafrase geguritan tradisional
4. Membaca indah geguritan

SESEREPAN
Geguritan iku kalebu puisi Jawa modheren, amarga ora kaiket ing aturan kayadene
tembang. Geguritan bisa karipta amarga ana inspirasi (angen-angen). Geguritan mujudake
karya kang sipate pribadi, mula geguritan antarane panganggit siji lan sijine beda-beda.
Angen-angen kang ana sajrone pikirane pengarang banjur diolah supaya dadi geguritan kang
dikarepake penganggit. Kanthi mangkono, geguritan iku basane katon endah, bisa
migunakake purwakanthi, dwilingga, seselan, lan liya-liyane. Geguritan iku nduweni pitutur
luhur lan ancas kang bisa kajupuk kanthi digancarake dhisik. Nggancarake geguritan iku
ateges ngowahi lan ngudhari ukara-ukara geguritan supaya isine luwih gampang
dimangerteni, kanthi cara nambahi tembung lan negesi. Geguritan iku dumadi saka underan,
pamilihe tembung, purwakanthi lan majas ( lelewane basa ). Pamilihe tembung lan majas iku
paedahe supaya geguritan katon endah lan kepenak diwaca. Ana saperangan bab kang njalari
geguritan iku katon endah, antarane yaiku;
a. cekak yaiku ora wujud ukara sing nggladrah
b. menthes yaiku tembunge duwe teges kang jero
c. endah ngemu purwakanthi swara, sastra, utawa basa
d. tembunge pilihan

JINIS GEGURITAN
a. Puisi Jawa gagrag lawas
yaiku puisi Jawa kang migunakake basa Jawa kuna lan kaperang ana ing pupuh-pupuh
tembang, kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.
Paugerane puisi Jawa gagrag lawas yaiku;
 Cacahing gatra saben sapada ora ajeg, nanging sathithike ana patang gatra.
 Cacahing wanda saben gatrane ajeg, yaiku ana wolung wanda.
 Dhong-dhing utawa guru lagune ing saben pungkasaning gatra nganggo purwakanthi
guru swara.
 Lumrahe dipurwakani nganggo tembung sun gegurit utawa sun anggurit.
 Puisi Jawa gagrag lawas lumrahe isi piwulang : Upamane bab tata krama

Tuladha puisi Jawa gagrag lawas

Sun Gegurit
Kaanan jaman saiki
Sipat pemudha-pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi duk jaman nguni
Srawung sarwa ngati-ati
Yen manut wasiteng kuna
Priya srawung lan wanita
Gampang ketaman panggodha
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wasanane tibeng papa

b. Puisi Jawa gagrag anyar


Puisi Jawa gagrag anyar utawa geguritan modheren iku wujude wis beda karo Puisi Jawa
gagrag lawas. Puisi Jawa gagrag anyar katon luwih mardika, wis ora kaiket paugeran kaya
paugerane puisi Jawa gagrag lawas. Jalaran geguritan iki wujude memper karo puisi bebas
ing kasusastran Indonesia, mula puisi Jawa gagrag anyar ana kang ngarani “puisi bebas”.
Ananging owah-owahan saka Puisi Jawa gagrag lawas tumekaning gagrag anyar iku
dumadi kanthi proses. Pangripta kang miwiti nulis puisi Jawa gagrag anyar iku R.
Intoyo kanthi irah-irahan Dayaning Sastra. Mula yen dititi kanthi premati geguritan
gagrag anyar utawa geguritan modheren nduweni titikan:
a. Basane kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan.
b. Tetembungane pilihan, tegese ora mung waton nggunakake tembung.
c. Sajak pungkasan mardika/bebas
d. Isine mentes.
e. Ana kalane nganggo lelewaning basa /gaya bahasa .

Tuladha puisi Jawa gagrag anyar

Lumunturing Budaya
Dening: Ki Andanawarih

Tumetesing waspa dumlewer ing pangrasaku


Nglentrihing pandulu ginambar ing netraku
Ancluming praupan kawistara ing pasuryanku
Legeg trenyuh ginawa ing panggalihku
Amersani jaman saiki
Tumraping polah tingkahing putra lan putri
Kang wis ninggalake subasita
Nerak anggeranggering budaya
Lali ing tata krama, mbuwang sakabehing unggah-ungguh basa
Kabeh rumangsa nistha
Yen isih ngugemi pranatan budaya bangsa
Sanajan jaman wis maju
Aja banjur dadi kleru
Crita leluhur ginubah sawiyah-wiyah
Busana owah samesthine
Tetunggangan, wisma, laladan rinipta beda saka asline
Apa kita wis ora ngregani budaya kita dhewe?
Apa budaya kita wis ora ana ajine?
Apa budaya kita wis kadaluwarsa?
Apa budaya kita wis luntur?
Pemuda-pemudi jaman saiki unggah ungguh basa wis dilirwakake
Tata krama wis ditinggalna
Tata wicara wis ninggalake subasita
Apa sing salah sekolah?
Apa sing salah ibu bapak?
Apa kabeh salah?
Nyatane budaya bangsa wis ditinggalake
Wis arep luntur amarga pokale kita dhewe

Unsur-unsur kang Ambangun Geguritan


1. Geguritan iku awujud karya sastra, mula ing sajrone ana unsur-unsur pandhapuke. Unsur-
unsur geguritan kasebut kabedakake dadi unsur intrinsik (unsur ing njero) lan unsur
ekstrinsik (unsur ing njaba).
- Unsur intrinsik yaiku unsur kang mbangun saka sajrone geguritan. Kang
mangaribawani
dianggite sawijining geguritan saka unsur intrinsik iku antarane yaiku;
a. Tema yaiku pokok masalah kang diangkat ing sajroning geguritan.
b. Amanat yaiku nasihat, falsafah, nilai-nilai kang arep diandharake pengarang marang
pamaos.
c. Nada lan rasa yaiku pangraose pengarang kang digambarake ing sajroning
geguritan.
d. Diksi yaiku pamilihing tembung-tembung endah ing sajroning geguritan.
e. Rima yaiku pangraose swara-swara basa kanggo mujudake kaendahan.
f. Ritma yaiku dawa cendhak, dhuwur cendhek, lan jeda nalika geguritan dilisanake.
- Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun geguritan saka sanjabane geguritan
(pengarang lan
lingkungane). Kang mangaribawani dianggite sawijining geguritan saka unsur
ekstrinsik iku
antarane yaiku;
a. Agama
b. Politik
c. Ekonomi
d. Sosial budaya
e. Pendhidhikan
f. Jenis kelamin
g. Adat istiadat, Lsp
2. Pitutur Luhur sing Kakandhut lan Relefansine karo Kahanan Masarakat Jaman Saiki
Teks geguritan iku bisa awujud reriptan apa wae, manawa reriptan iku diwaca lugu
iku diarani maca lugu, yen diwaca anthi lelewa iku geguritan, yen diwaca kanthi cara
dilagokake iku diarani tembang.
3. Cara Mamarafrasekake Geguritan
Parafrase yaiku istilah lingusitik (kebahasaan) kang ateges nyritakake/nuturake
maneh sawijining teks/konsep kanthi cara liya sajroning basa kang padha, nanging tanpa
ngowahi maknane.
Tata-cara nggancarake utawa parafrasis geguritan kaya ngisor iki:
- Para pamaca mangerteni luwih dhisik makna geguritan kang bakal digancarake, carane
kanthi maca bola-bali (maca hermeneutik)
- Nggoleki lan nemokake tembung-tembung kang ngemu teges ora wantah, pasemon,
pepindhan, simbolik, utawa sabangsane, banjur negesi tembung-tembung mau
- Nulis maneh tembung-tembung kang sengaja "diilangake" dening panganggit.
Tembung-tembung iki ilang lumrahe supaya tuwuh basa endah ing geguritan. Nanging
sanajan tembung-tembung mau ilang, ora ngowahi teges
- Ngronce tetembungan ing geguritan dumadi gancaran (prosa) jangkep, dumadi saka
ukara-ukara minimal Jejer-Wasesa (Subjek-Predikat).

GLADHEN 1
1. Gawea kelompok, saben kelompok bisa 4-5 siswa!
2. Golekka unsur intrinsik puisi Jawa gagrag lawas “Sun Gegurit” lan puisi Jawa gagrag
anyar “Lumunturing Budaya”!
3. Rembugan bebarengan, nilai-nilai apa wae kang kinandhut ana ing puisi Jawa gagrag
lawas “Sun Gegurit” lan puisi Jawa gagrag anyar “Lumunturing Budaya”!
4. Tulisen pitutur luhur ing sajroning puisi Jawa gagrag lawas “Sun Gegurit” lan puisi Jawa
gagrag anyar “Lumunturing Budaya” karo kahanan masarakat jaman saiki!
5. Parafrasekna puisi Jawa gagrag lawas “Sun Gegurit” lan puisi Jawa gagrag anyar
“Lumunturing Budaya” nganggo basamu dhewe!
6. Andharana garapan mau ing ngarep kelas!

GLADHEN 2
A. Wenehana tandha ping (X) ing aksara A,B,C,D utawa E kang koanggep bener!
Lega Cidra
Cidra tinampa lega-legawaning ati
Langgam tresna unine swara
Ya mung ukara liwat gurung
Najan paseksen kiblating diri iku
Kanggo kaca tingal mlaku mecaki wektu
Sulap marang mompyor
Gebyaring sesawangan edi peni
Kabeh mung cinandra
Lamun janji iku patrap paseksen jati
Nora kena wola wali
Tresna satuhu lekasing sedya
Tinampa lega datan dora
Ngenam crita lungit
Amemayu yuning kautaman
Janjimu dakugemi
Kanthi lila legawaning ati
Lamun cidra ilang jatining diri
Najan lega mung sakeplasan netra
Cinandra mlaku jroning pepeteng
Datan dedamar jroning lurung
Kebak bebaya
Eling lawan waspada
Pituwahe pujangga dadya cecala
(Bambang Susila Jr,Panjebar Semangat
2022)

1. Puisi Jawa ing dhuwur kalebu puisi Jawa gagrag….


A. lawas
B. anyar
C. tradhisional
D. kuna
E. klasik
2. Geguritan ing dhuwur dianggit dening….
A. Yono Hs
B. Maryono Sh
C. Galuh Setiawan
D. Pustaka Candra
E. Bambang Susila Jr
3. Tema geguritan ing dhuwur yaiku….
A. katresnan
B. pendhidhikan
C. ekonomi
D. budaya
E. kauripan
4. Lamun cidra ilang jatining diri
Tembung cidra iku tegese….
A. blenjani jangi
B. ngugemi
C. lara ati
D. bungah
E. kangen
5. Kang diarani geguritan bebas yaiku….
A. geguritan modheren
B. geguritan tradhisional
C. tembang tengahan
D. kidung
E. macapat
6. Pengarang lan lingkungane iku kalebu unsur … geguritan.
A. baku
B. primer
C. intrinsik
D. ekstrinsik
E. pokok
7. Pamilihaning tembung-tembung endah ing sajroning geguritan diarani….
A. tema
B. amanat
C. diksi
D. rima
E. ritma
8. Kang ora kalebu perangan ing babagan nulis geguritan yaiku….
A. tema
B. rima
C. diksi
D. skenario
E. pilihan tembung
9. Ekspresi, patrap/ sikap, lan obahing awak nalika maca geguritan diarani….
A. wicara
B. wiraga
C. wirasa
D. wirama
E. wirunggan
10. Ing ngisor iki kang ora kalebu titikane geguritan anyar yaiku….
A. Basane kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan
B. Tetembungane pilihan, tegese ora mung waton nggunakake tembung
C. Sajak pungkasan mardika/bebas
D. Lumrahe dipurwakani nganggo tembung sun gegurit utawa sun anggurit
E. Ana kalane nganggo lelewaning basa /gaya bahasa

Gathosaken geguritan ng ngandhap menika kangge nomor 11 lan 12


Kidung Wengi

(Hadi Pamungkas)

Wengi wis lumingsir jero


Cahyaning sang candra katon surem
Tumiyung mangulon mapag tekane gagat raina
Kahanan katon tintrim
Mung swarane jangkrik sesahutan ngumbar lelagon
Kala-kala jegoge asu sing mecah wengi
Jalma manungsa wus padha lerem ing pangimpen
Nepsu-nepsu panguripan uwal saka nala
Gumanti impen-impen lang ednha mbuntel panjangka urip
Mung kemrosake manuk codhot nrusuk ing pang-pang wit pelem
Ngluru who-wohan kanggo ngganjel weteng
Sakwuse sawengi natas ngancani sepining bawana
Swarane sawengi natas ngancani sepining bawana
Swarane jago kluruk padha pamer swara
Minangka pratandha yen bagaskara bakal tumeka
Cahya warna abang rampak-rampak
Pratndha ngajak jalma miwiti makarya
Ngobahake raga
Ngudi rejeki ngluru pangupajiwa
Sakwuse madhep kiblat
Ing tengahing pedhut manjing subuh
Nyenyuwun nugrahaning kang Maha Rat

11. Undheraning prakara ing geguritan dhuwur yaiku kahanan …


A. Tengah wengi
B. Wayah esuk
C. Tengah wengi tumuju fajar
D. Nalika fajar
E. Wayah sore
12. “Mung swarane jangkrik sesahutan ngumbar lelagon”
Gatra ing dhuwur katitik saka tetembungan kang digunakake kalebu lelewaning basa
majas …
A. Litosis
B. Personifikasi
C. Hiperbola
D. Ironi
E. Metafora
13.

Sakwuse sawengi natas ngancani sapining bawana


Swarane jago kluruk padha pamer swara
Minangka pratandha yen bagaskara bakal tumeka
Cahya warna abang rampak-rampak
Pratandha ngajak jalma miwiti makarya
Ngobahake raga
Ngudi rejeki ngluru pangupajiwa
Miturut rantamaning ukara ing dhuwur tibaning swara padhga, mula sinebut
purwakanthi …
A. Swara
B. Basa
C. Andhahan
D. Lumaksita
E. Sastra

14. Gathosaken geguritan kasebut


Sun nggegurit
Tur kabeh padha ngemuti
Wong kang miskine kepati
Supaya padha mangerti
Bungah susah amratani
Teka geguritan ing dhuwur migunakake paugeran tibaning swara padha, mula geguritan
kasebut kalebu gagrag …
A. Anyar
B. Kuna
C. Tengahan
D. Sastra
E. Swara

15. Gathosaken geguritan ing ngandhap menika.


Sang Saka
dening : Simbahe Roof
Ngger, ananku cah ayu lan kang sigit
Iki bapa paring pitutur
Napake tilas para satriyaning nagara
Ila-ila dhawuhing para jamhur
Kang kaloka ing bumi Nuswantara
Age kareken ing angkasa
Gendera gula klapa lambaning Negara
Abramarkata sundhul ing awiyat
Netramu panjer mandhuwur
Endi endah kumlebeting sang saka
Nadyan wus sewidak wolu taun mardika
Istingarah tansah kumlebet angartariksa
Dhestun bangsa ing nagaramu samengko
Arsadadi bangsaning danawa
Ninggal pepali manunggaling bangsa pancasila
Amuk suamrata jayamrata
Nenggih memungsuhan mring kadang priyangga
Gendera gula klapa prasasar kadya pataka lungset ing bawana
Kapethik saking majalah Panjebar Semangat,edisi September 2015
Isi geguritan ing dhuwur ngemot kedadeyan ing masarakat saiki. Kadadeyan kang ora
jumbuh karo isi geguritan “ Sang Saka” yaiku …
A. Para wong tuwa ora nduweni kekarepan yen anake mlebu dadi satriya nagara
B. Para anak ora ngerti crita perjuangan bangsa Indonesia
C. Indonesia merdheka wis puluhan taun
D. Para pejuang bangsa padha mati-matian kanggo Indonesia mardika
E. Para masarakat tansah ngemot perjuangan para pahlawan Indonesia

16. Gathosaken geguritan ing ngandhap menika.


Anteng
Dening : Rini Anyndyaningrum
Anteng
Mantheng
Ig saklebeting pepeteng
Ambyur samudra heneng
Temah sirep kang asipat culika
Gentiya urup kang murup hanguripi
Mugya dadiya margining jalma utama
Hangutamakaken meneping raos sih
Kawelasan mring sapadha-padha
Sesami titah swantah, sumrambah
Hayuning bawana

Tetembungan Temah sirep kang asipat culika ndhuweni relevansi marang uripe
masarakat saiki, kayata …
A. Masarakat tansah ngendalekake emosi lan ngutamakan pikiran kang adhem
B. Manungsa tansah ndedonga marang Gusthi lan shodakoh marang sasama
C. Masarakat kudu menehi kawelasan marang liyan.
D. Masarakat urip rukun lan tansah blenjani siji lan sijine
E. Masarakat tansah ngutamakake musyawarah lan golek menange dhewe

17. “Manungsa kudu tansah ngendhaleni hawa nepsu supaya urip rukun marang liyan.”
Nilai sosial ing dhuwur yen diowahi ing basa Jawa krama kang bener yaiku …
A. Manungsa menawi tansah ngendhaleni hawa nepsu supaya tansah rukun raket
marang liyan
B. Manungsa menawi tansah ngendaleni hawa nepsu supados tansah guyup rukun
marang tiyang sanes
C. Manungsa kedah tansah ngendaleni hawa nepsu supados tansah guyup rukun
marang tiyang liya
D. Manungsa kudu tansah ngendaleni hawa nepsu supados tansah guyup rukun marang
liyan
E. Manungsa kedah tansah ngendaleni hawa nepsu supados tansah guyup rukun
marang tiyang sanes
18.
Tunawisma

Wong kuwi mung wujud ragangan


Begja dene isih kanthilan nyawa
Urip parandene urip-uripan
Ora urip satemene urip
Darbe weewnang padha lan wong liya
Ngetrepi angger-angger sing kawedhar
Wong kuwi mung melu urip
Ing bumine Pangeran
Wong kuwi mung nunut ngeyup
Ing langite Pangeran
Oh, dheweke wong kang
kabuncang
Kleleran ing pinggir dalan

(Sri Adi Harjono, Panjebar Semangat


Oktober 2018)

Parafrase ng ngisor iki kang ora kinamot ing geguritan dhuwur yaiku …
A. Manungsa iku mung wjude ragangan, manungsa nemukabegjan, amarga isih ana
nyawa kang kumanthil. Urip sanadyan mung urip-uripan
B. Urip sing sejatine iku. Duwe wewenang sing beda karo liyane. Nglakoni apa wae
sing tinitah kanthi setiti, lan ati-ati
C. Uripe sing dudu sejatine. Duwe wewenang sing beda karo liyane. Nglakoni apa wae
sing tinitah kanthi ora setiti
D. Manungsa mung nunut uripe. Ing Bumi Gustine. Maungsa mung melu nunut
ngeyup
E. Ing langit Gustine. Jebule dheweke kalebu wong kang disingkirake. Uripe ing
pinggir dalan

19. Mendhung kang ndadekake bingung. Ana bocah cilik kang njaluk paying. Arep lunga
ora sida. Amarga ora duwe kudhung. Kaya ngene yen mangsa rendheng. Awan
wernane ireng. Sapa wonge kang bisa seneng. Amarga obahe angin sing ora anteng.
Udan deres lan lesus kaya pinusus. Angin riwut melu semrawut. Kedadeyan kang dudu
pinupus. Kabeh kuwi kersane Gusti.
Geguritan kang paling trep adhedhasar parafrasa ing dhuwur yaiku …
A.
Angin

Wayah awan ngenthak-enthak


Pancen aku ora selak
Tekamu sajak ladak
Ayang-ayanganmu ora kepidak
Senajan mengkonowa tekamu tetep tekanmu
Minangka duta sraya kapangku
Marang kadang mitra satuhu
(A.S.Yasman-Panjebar Semangat Desember 2018)

B.
Sanggalangit
Pedhut esuk wis mecah wengi
Dhuwit-dhuwit njajagi pojok-pojok dalan
Lemba-lemba abang kebuntel gincu abang mbranang
Ati susah lan seneng dadi siji
Gumlegere mesin selep nyacah wektu kang sak mencit
Miturut saperangan pambudi
Yen langit kae dadi kapuk
Bakal tak sangga sakdhuwure angkasa
Supaya keadilan lan kehukuman dijejegna
Ing ngadhep Gusti kang Maha Kuwasa
(Endra N Gahyono,Panjebar Semangat
November 2018)

C.
Mangsa Rendheng

Mendhung Liwung kang marahi bingung


Bocah cilik tulung-tulung nyuwun paying
Arep lunga dadi wurung
Marga ora duwe kudhung
Kaya ngono yen mangsa rendheng
Mega peteng wernane ireng
Sapa wonge kang bias seneng
Obahe angina kang ora anteng
Udan deres wor lesus lir pinusus
Sindhung riwut mangenturan
Kadadeyan kang kudu pinupus
Kabeh mau dadi karsaningf Pangeran
(Soewarno WM, Panjebar Semangat Desember 2018)

D.
Angin
Angin … angina ?!
Endi lor … endi kulon?
Endi dunungmu sing maton?
Iki aku kembaranmu, dudu sedulur kuwalon
Geni, getih, pertiwi, angina, lan ruh,
Nyawiji sedulur papat lima pancer !
Tan kena pinisah !
Coba tinting rikala keplantrang ing paran
Kowe karo aku playon ngoyak panguripan
Ing kene saiki aku ijen
Ayo bebarengan ngundha pepesthen
Sing biyen tau dadi impen !!!
(A.S. Yasman, Panjebar Semangat Desember 2018)
E.
Palastara jroning guwagarba
Digeggadhang ginala-gala
Wiwit jroning guwagarba
Si ponang bayi babar widada
Sinung watna bagus njenthara
Nulya dengegulang mangsah yudha
Aneng kentheng kawat blabar waja
Mupu giri patembaya
Rebut singgasana nala binthara
Ewadene si ponang bayi tan lana
Wus palstra aneng kandhutan panggantha
Nora sembada ngungak rana adilaga

(Sri Adi Harjono, Panjebar Semangat November 2018)

Biyung
Dhek biyen senajan wis sepuh lan gampang bingung
Ning papanku sambat yen ati susah lan tumlawung
Saiki biyung wis marak ing ngersane Hyang Maha Agung
Lagi saiki krasa banget getunku tumpuk undhung
Geneya biyen aku tansah wani mancahi … mberung
Sarta mbekuung lan kumaungkung
Yung ! Saiki aku wis tuwa, umurku wis wolung puluh taun
Dhawuhe kabeh dajestokake jroning uripku ing bebrayan agung
Jangkahku tansah dak ati-ati ra tau ninggal petung
Dakakehi anggonku ndedonga lan manekung
Supaya mbesuk yen tinimbalan Gusti bias ketemu maneh karo biyung

(Nini Klenyem, Panjebar Semangat November 2018)


20. Isi geguritan ing dhuwur yaiku wong kang …
A. Mogkog nalika biyunge taksih urip manut marang dhawuhe
B. Licik nalika biyunge taksih urip ora manut marang dhawuhe
C. Bombong nalika biyunge taksih urip ora manut marang dhawuhe
D. Getun nalika biyunge taksih urip ora manut marang dhawuhe
E. Seneng nalika biyunge taksih urip ora manut marang dhawuhe

Pasrah
Wengi iki aku bali sumarah ing plataranmu
Sinambi masrahake sakabehane sesanggan kang ora kuwat
Pinikul pundhak sarta jinunjing dening tangan
Lumantar tumurune bun kang masuh regeding ati
Ing tengah wengi iki
Aku sumendhe sangisore agunge pangayoman-Mu
Sinambi ngarep-arep tumurune kawelasan
Sing tembe mburine bias njejegake jangkahku
Rikalane mecaki werdining panguripan kang kebak eri
bebondhotan

(Drs.Nahrowi, Panjebar Semangat Desember 2018)

21. Pratelan ing ngisor isine ora trep karo geguritan ing dhuwur yaiku wong kang …
A. Ndedonga marang Gustine njaluk supaya cepet sugih bandha donya
B. Ndedonga marang Gustine njaluk supaya lakune bias jejeg
C. Ndedonga ing wayah wengi sinambi pasrah karo Gustine
D. Ndedonga lang ngarep-arep kawelasan Gustine
E. Njaluk dijejegake lakune kanggo mecaki urip kang kebak alangan

R.A. Kartini

Samengko raga wis lebur wor lan lemah


Mung wewwayangan ngrengga lembaran sejarah
Napas lawas
Lan ganda arum angambar-ambar
Kubur lan wewayangan
Kaca benggala ngegla ing panon
Gendhing panggugah Suluhe jiwa wanita
Mersake puspa anjrah sumebar
Yen noleh wuri
Jasa-jasa Kartini kusumaning negeri

22. Wose saka geguritan ing dhuwur yaiku …


A. Perjuangan R.A Kartini minangka wanita bangsa
B. R.A Kartini lair Jepara, Jawa Tengah
C. R.A Kartini dadi kembang arume desa
D. R.A Kartini sejarah wanita kang kudu dijaga
E. R.A Kartini dadi wanita kuna

23. Gathosaken geguritan ing ngandhap menika.


Ing Ngendi Besuk
dening : Rachmat Djoko Pradopo

Ing ngendi besuk nggon ingsun ngemasi


Sapa ta kang bisa nuduhake
Sukma oncat nyang ngendi parane
Ninggalake ragane
Nanging, menyang ngendi sukma ngumbara
Utawa ing ngendi baline
Mrang Sang Maha ing kana
Apa bakal manunggal marang panjenengane
Utawa sukma utawa nyawa iki pancen ana
Utawa wis lebur nyawiji badan jasmani
Bali marang molekul bumi
Sapa ta kang bisa anuduhna
Akir sukma iku pancaen ana

Saka geguritan “Ing Ngendi Besuk”, ngemot nilai kang bias dadi patuladhan
manungsa yaiku nilai …
A. Religi
B. Budaya
C. Pendidikan
D. Moral
E. Sosial

Marang Sang Maha ing kana


Apa bakal manunggal marang panjenengane
Utawa sukma utawa nyawa iki pancen ana
Utawa wis lebur nyawiji badan jasmani

24. Tembung kang kapethak kandel nduweni teges …


A. Jiwaning manungsa ing bumi
B. Manungsa tansah nyembah mring Gusti
C. Apa manungsa bakal nyembah mring Gusti
D. Apa manungsa bakal
E. Apa manungsa bakal urip nganti pungkasaning donya
25. Gathosaken geguritan ing ngandhap menika.
Sun gegurit
Ing jaman iki
Akeh kahanan kang nggegirisi
Pit motor, trek, lan bis nyemolung kali
Saengga ndadekake akehing pati
Mulane ayo padha sing ngati-ati
Nambahana sukurmu marang Gusti
Kang Murbeng Dumadi
Kang nguwasani isine jagat saindhenging bumi
Mung panyuwunku siyang ratri
Enggala ayem, tentrem, kasembadan, lan murakabi ing sesame

Geguritan ing dhuwur kalebu jenis geguritan gagrag kuna kang nduweni gegayuhan
karo kanyatan kang kadadeyan ing masarakat saiki yaiku …
A. Masarakat saiki ora nate ngibadah mring Gusti Kang Mahakuwasa
B. Pit, motor, trek, lan bis akeh nyebabaken kacilakaan
C. Uri ping jaman kang saya maju kedah ngati-ati
D. Manungsa aja dikendaleni majuning teknologi
E. Urip tentrem ayem kudu usaha lang ndonga

26. Gathosaken geguritan ing ngandhap menika.


Sepiku
dening : Naryata

Sepiku dipodhong rembulan kerangsang pucuke jambu


Sepiku gumelar ana sikile ara-ara kekitrang
Sepiku mbrosot ing sela selaning tumpukan tembung uwuh
Sepiku dibuwang saka sisane tetesan banyu udan
Sepiku sepine pocapmu
Rikala nembe wae angina sore katon pethite

Undheraning prakara saka geguritan kanthi irah-irahan “Sepiku “ yaiku …


A. Sepine ati dadi rekasaning raga kang nembe nandang katresnan
B. Sepine ati dadi pratandha tatune raga marga tresna
C. Pancobaning katresnan yaiku nalikane nandang kangen kang dadekake sepining ati
D. Pancobaning katresnan yaiku nalikane udan deres kang ninggal kenangan
E. Sepi kang mbrosot ing sela selaning tumpukan tembung uwuh dadi pratndha tresna

27. Gathosaken geguritan ing ngandhap menika.


Nglengkara
dening : Rini Tri Puspohardini
Kaya dudu mangsane
Ndhedher wiji wektu iki
Mangsa udan kari pungkasan
Mangsa karo wis ngenteni
Rasaku
Tanpa guna ngrabuk kang nembe tuwuh
Nglengkara bisa ngembange
Apamaneh
Nggandhang awohe

Tembung wiji nduweni teges …


A. Tujuan
B. Kasaenan
C. Winih
D. Kasembadan
E. Kamulyan

28. Gathosaken geguritan ing ngandhap menika.


Wis Wanci
dening : Rachmat Djoko Pradopo

Langite sumringah dumilah


Sawise dikumbah udan
Kang sumanak grapyak
Srengenge wis glendheh-glendheh sume

Yaiku wektu kang becik


Kanggo nyebar tanduran
Kang bakal ijo royo-royo
Njanjekake panenan gedhe

Ya wektu iki mangsane gumregah tangi


Meras kringet kanthi semangat mangalad
Bebarengan wong sabrayat masyarakat
Nyungsung panenan kang bakal dadi

Tembung meras kringet kanthi semangat mangalad gegayutan marang kahanan saiki
yaiku …
A. Para petani padha seneng yen kasil panene apik
B. Semangat para generasi mudha kudu tansah ngrembaka
C. Para petani kudu nduweni semangat supaya kuwalitas panen bias apik
D. Yen nyebar tanduran kudu nyawang mangsa kangtrep, apamaneh mangsa kaya saiki
E. Temen lan semangat kang mangalad dadi jiwaning pamudha ing jaman iki

Gathosaken geguritan ing ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 29-
30.
Saya Gripis
dening : Rachmat Djoko Pradopo

Dina lan wengi kang gilir gumanti


Nggogos umure janma manungsa
Umurmu lan umurku saya gripis
Pungkasane bakal gusis
Apa bener paribasan
……………………………………..
Yen mangkono banjur menyang ngendi parane
Pengumbaranku lan pangumbaranmu
Pangumbarane janma manungsa
Apa kang kita pokolehi
Inga lam padhang iki
Jarene, minangka sanguine lelaku
Tumuju akire langkah kang katuju

29. Pralambang yen pungkasaning laku manungsa tumuju ing akhirat yaiku …
A. Nggogos umure janma manungsa
B. Jarene, minangka sanguine lelaku
C. Pungkasane bakal gusis
D. Pangumbarane janma manungsa
E. Tumuju akire langkah kang katuju

30. Tembung kang trep kanggo njangkepi ceceg-ceceg geguritan ing dhuwur yaiku …
A. Urip iki mung mampir ngombe
B. Agama agenging aji
C. Ambune arum jamban
D. Playune banter keong
E. Dahwen pati open

B. Wangsulana pitakon kasebut miturut pitedahipun


1. Gathosaken geguritan ing ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 1
lan 2.
Lintang Panjer Rahina
(Slamet)

Nalika bumi isih sepi


Lintang panjer rahina wis tangi
Menehi pepadhang sagung dumadi
Kang wiwit gumrengah ngupaya rejeki
Para among tani wis ndalidir mecaki galengan
Mbok bakul sinambiwara wus sengkul makarya
Para ngulama tumungkul mengestu puja
Para santri wiridan ngaji
Jago kluruk sesautan
Melu tasbeh marang pangeran
Ndonya wis gagat rahina
Maringi kalodhangan janma ngupadi pangupajiwa

Nitik saka surasaning geguritan, coca golekanan tegese tembung-tembung kayata :


A. Rahina
B. Tumungkul
C. Kalodhangan
D. Janma, lan
E. Ngupadi

2. Sawise ngerti tegese tembung-tembung kang angel, coba jlentrehna undheraning


prekara saka teks geguritan kanthi irah-irahan “Lintang Panjer Rahina”.

3. Tulisen lan jlentrehna kanthi cekak aos lelewaning basa kang kaemot ing geguritan
kanthi irah-irahan “ Lintang Panjer Rahina “.

4. Gawea geguritan kanthi tema jumbuh karo gambar kang kapacak ing ngisor iki
migunakake basa kang endah . Tulisen uga irah-irahane.

5. Geguritan kang kotulis ing nomer 4, banjur tulisen gancarane lan uga jlentrehna
relevansi marang urip bebrayan saiki.

Gathosaken geguritan ing ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 6 lan
7.
Lelakon

Adoh ratu celak watu


Yo ing kono papan dunungku
Nanging aku ora nggresula
Yen ta kowe pancen tresna
Lelakon kang bakal dumadi
Sapa wae ora mangerteni
Ora susah sangga runggi
Pasrahna mring hyang widhi
Kaya kacang digawe dakon
Kaya wayang kang bakal dumadi
Sesuk esuk lagi dimangerteni
(Soewarno WM, Panjebar Semangat Oktober 2018)

6. Saka teks geguritan ing dhuwur coba parafrasana


7. Tulisen isi geguritan kanthi irah-irahan “Lelakon.”

Gathosaken geguritan ing ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 8-10
Swara Prenjak
Swara prenjak ngganter ing wit blimbing
Nggawa rasa adhem ing esuk wening
Gek sapa sing bakal teka ?
Nggawa swasana sing gawe lega
Wis suwe ati iki anyep lan atis
Kepengin ganti swasana sing manis
Ananging sing tansah teka kok mung kabar lamba
Kok mung warta kang gawe nelangsa
Mangka wis suwe anggonku nganti-anti
Ya gene ora ana warta endha tekan saiki ?
Mung anakmputu sing padha ana Bali
Mulihe kena kanggo tamba ati
( Nini Klenyem, Panjebar Semangat Oktober 2018)

8. “Wis suwe ati iki anyep atis”


Apa tegese gatra kasebut miturutmu ?

9. Saka teks geguritan ing dhuwur golekana isine.

10. Tulisen pitutur uhur kang kamot saka geguritan kanthi irah-irahan “Swara Prenjak.”

Anda mungkin juga menyukai