Anda di halaman 1dari 5

ANALISIS KRITIK SASTRA CERKAK PLESIR SING PUNGKASAN

DENING DYAND D

Kharisma Maulida Kurniasari

17020114004
Jurusan Pendhidhikan basa lan sastra jawi,Universitas Negeri Surabaya’17
kharisma.17020114004@mhs.unesa.ac.id

Mega Dwi Arashanty

17020114023
Jurusan Pendhidhikan basa lan sastra jawi,Universitas Negeri Surabaya’17
mega.17020114023@mhs.unesa.ac.id

PAMBUKA
Ing kauripan manungsa jaman samenika, ora ucul saka masalah-masalah sosial.
Ana saperangan pawongan sing ngadepi masalah kanti cara dipublikasina uga ana sing
dituangna ing sajroning karya mligine karya sastra. Karya sastra miturut Sumardjo lan
Saini( 1997:3-4) maringi pamawas yen sastra yaiku rasa ungkapan saka pribadhi
manungsa arupa pangrasa,pamikir, ide uga semangat kang di gambarake kanti alat
basakang endah. Miturut panliti dhewe, karya sastra yaiku salah sawijining pamikiran
panulis kang dituangake ing sajroning karya sastra uga dikemas kanti apik, endah lan
nggadahi teges. Sajroning karya sastramesthi ana nilai-nilai becik kang kinandhut kang
bisa migunani tumrap pamacane. Nalika nulis, panulis mesthi mbutuhake ide utawa
gagasan sing bisa dilebokake sajroning karyane. Salah sawijining cara umum kanggo
munculake ide yaiku kanti ngamati kahanan, kedadeyan utawa konflik-konflik sosial
banjur di bungkus kanti basa kang endah. Karya sastra ora bisa ucul saka pengaruh
masalah sosial ing sakiwa tengene panulis. Panulis mbutuhake imajinasi salah sawijine
bisa saka ngematake masalah-masalah sosial ing sakiwa tengene. Babagan menika bisa
paring aweh ide kagem panulis damel nulis karya sastrane. Wujud saka karya satra
kuwiakeh banget, salah sawijining tuladhane karya sastra yaiku cerkak utawa crita
cekak. Ing kene, kita arep bahas babagan cerkak kang dideleng kanti teori strukturalis.
Teori strukturalis yaiku nganalisis sastra saka unsur pamangune. Cerkak kang badhe
kita bahas yaiku cerkak kanti irah-irahan “ Plesir sing Pungkasan” dening Dyand D
kang ana sajrone Majalah Jayabaya edisi minggu kaping 2 wulan September 2019.
Miturut panliten, cerkak iki nduweni konflik-konflik kang ngamot amanat utawa pitutur
uga nilai-nilai social kang kinandhut sing diajab bisa migunani tumrap kauripan
bebrayan jaman menika. Dadi kang dikandhut cerkak iki dadi alesan utama cerkak iki
pantes ditliti lan dikaji.

ISI

2.1 Identitas Cerkak

1. Irah-irahan : Plesir Sing Pungkasan


2. Panulis : Dyand D.
3. Sumber : Majalah Jayabaya 02 Minggu II September 2019
4. Kaca : 28-29

2.2 Tema : Kulawarga (sosial)

Tema Mayor : Sipat welas asih ibune marang anak-anak’e.


Tema Minor : ngarepake kulawarga kang harmonis meski ana pepisahan (segi
sosial), ana rasa ora trima nalikane pepisahan kasebut. (segi
moral).

1. Unsur Pamangun Cerkak


 Unsur Instrinsik
a. Tema : Sosial mligine sosial kulawarga. Cerkak menika nyritakake
carita ngenani kulawarga kang ngangkat konflik ibu lan anak.
b. Paraga lan Watak :
1. Asti :
- Sayang Anak. : Nadyan wetenge wiwit rumangsa mules, ning
diampet kareben ora ngganggu senenge anak-anake.
- Teges : Sejatine Asti bisa bae nukokne mobil sakkala loro, ning
mengko marai anak-anak e nglunjak.
- Sabar : “Mama ora bisa aweh pitulungan marang papamu.”
Jawabe Asti samba ngredem kanepsone. Aja nganti anake ragil
kuwi weruh nek Asti ora seneng diajak rembugan bab papane.
- Trenyuh : Ora krasa, mripate kembeng-kembeng luh. Nelangsa
kelingan anak-anake sing sajak gela.
- Wicaksana : “Iya, mengko tak usahakne. Aku karo pamit, mengko
bengi budhal nilik e papa. .”. “Mengko karo sapa?” takoke Asti.
(Asti ora nglarang anake ketemu papane)
- Dendam : Cathu ing batine Asti wis suwi krasa njarem. Lagi oleh
pirang taun iki wiwit suda sawise pethuk Dedy lan janji mecake
dalan panguripan bebarengan sawise pirang taun-taun Asti dadi
randha.
2. Anak mbarep : Wicaksana : “Wis ta, Dhik. Aja dipeksa. Mesakne
Mama.” Si mbarep sing maune uga ngajak Asti nilik Papahe nuli
mangerteni kahanane Mamahe.
3. Anak tengah : Pinter : Si tengah kandha nek dheweke pengin nerusne
sekolahe ana ing negarane Ratu Elizabeth.
4. Anak ragil : Seneng Ngrayu : “Wis, ta Ma.. Seru seru..” Si Ragil
ngrayu mama-e.
5. Om Deddy
6. Papa Arda/Arga
c. Latar
1. Panggonan
- Hotel ing pesisir : Hotel sing manggone ing pesisir, ngelingake
marang plesire bareng karo anake ragil wingi.
- Kutha : Asti meksa mlaku-mlaku ngancani anak-anake mubeng-
mubeng kutha nuli sing dijujug.
- Kutha London : Sinambi mlaku-mlaku ngubungi kutha landon.
2. Wektu : -
3. Swasana :
- Seneng : Asti ngguyu kelingan bab kuwi.
- Sedhih : Ora krasa mripate kembeng-kembeng luh.
- Resah : Rasa khawatire saya gedhe, mbayangake si ragil lagi
ngrangkul papane.
d. Alur : Campuran
- Tahap Pengenalan : Carita diwiwiti nalika Asti kelingan nalika
liburan karo anak-anake ing Thailand. Yen ngelingi babagan iku.
Asti seneng banget amarga bisa nyenengake anak- anake.
- Tahap Mucul Konflik : nalikane anak-anake miwiti bahas
kahanane papane ing pakunjaran.
- Tahap Konflik Memuncak : nalikane anak-anake ngajak Asti
nilike papane ing Pakunjaran. Sejatine Asti ora gelem, amarga
isih gelo ngelingi mbiyene.
- Tahap Konflik menurut : Asti direh-reh karo anak-anak e. yen ta
ora papa, ora bakal ngrubah sekabehe,
- Tahap Penyelesaian : Asti sarujuk, bakal ngusahakne nilike
Papane anak-anak lan ngijine anak-anak kanggo nilike papane.

e. Sudhut Pandhang Wong( katelu sekabehe ngerti)


f. Gaya Basa : Migunakake basa Jawa saben dina.
g. Amanat : Senajan urip abot nanging aja nganti kalah karo kahanan. Lan
anggone ndidik ana kudhu sing welas asih supaya ndadekake anak
manut lan ora kadadeyan apa sing ora dikarepake.

 Unsur Esktrinsik
a. Latar Belakang Masyarakat
Ing jaman saiki akeh banget kasus-kasus pepisahan kang ndadekane
anak dadi korban. Ananging ing cerkak iki dijlentrehake yen kahanan kaya
mengkana ora mesthi kedadeyan. Kaya Ati, randha anak telu sing berjuwang
nguripi anake kanti kringete dhewe tanpa parewangan tekan sapa wae.
b. Nilai kang Kinandhut :
- Nilai sosial: kulawarga kuwi penting banget, dadi sabisa mungkin
kita kudu njaga kulawarga supaya ora ana tembung pepisahan.
- Nilai moral : Anggone ndidik anak kuwi ora perlu nganggo njor-
njoran dhuwit. Ananging kudu wicaksana milih apa kang bakal
ngewei paedah sae gawe anak.

PANUTUP

Tema kang onjo ing sajrone cerkak “Plesir Sing Pungkasan” yaiku tema
kulawarga (sosial). Tema mayor, tema kang dadi pusat pikiran sajrone cerkak “Plesir
Sing Pungkasan” yaiku sipat welas asih ibune marang anak-anak’e. senadyan deweke
randha, ananging deweke bisa ngopeni kanthi wicaksana sakwise pepisahan. Yen tema
minor, tema kang didheleng saka sudhut pandhang liya yaiku ngarepake kulawarga
kang harmonis meski ana pepisahan (segi sosial), ana rasa ora trima nalikane pepisahan
kasebut. (segi moral).
Saka cerkak iki akeh banget babagan-babagan sing ngandhut nilai-nilai kang
penting kanggo kauripan. Kayata nilai sosail lan moral kang bisa dideleng saka sikape
Asti nalika ndidik anak lanange uga nalika dheweke nyuba bangkit saka kahanan kang
paling asor. Struktur saka cerkak iki uga jangkep, ananging panliti ora bisa paring
weruh ngenani latar belakang panulis amarga minime kawruh ngenani panulis.

Kapustakan

Majalah Jayabaya Edisi Minggu ke 2 September 2019 Kaca 28.

https://eprints.uny.ac.id/8360/3/BAB%202-07204241003.pdf

Anda mungkin juga menyukai