Anda di halaman 1dari 21

WAROK SUROMENGGOLO

DALAM EPISODE
“ CINTA SEGITIG “

MUSIK (Serampat Jatil)

PEMBAWA ACARA :
Assalamu’alaikum warohmatullohi wabarokatuh
Pemirsa ! Inilah acara yang paling ditunggu-tunggu, acara yang paling
spetakuler, acara yang paling top banget, dan pokoknya seru dan lucu.
Inilah Drama Komedi, persembahan Arek SMP Negeri 28 Surabaya,
dengan Judul WAROK SUROMENGGOLO dalam episode CINTA
SEGITIGA.
Dan para pemeran drama adalah sebagai berikut :
- Warok Suromenggolo diperankan oleh ……..
- Warok Gunoseco diperankan oleh …….
- Istrinya Warok Gunoseco diperankan oleh …….
- Suminten diperankan oleh ……….
- Cemplok iperankan oleh ………..
- Adipati Trenggalek diperankan oleh ……..
- Istrinya Adipati Trenggalek diperankan oleh …..
- Raden Subroto diperankan oleh ………
Demikianlah tadi para pemeran drama komedi Warok Suromenggolo, dan
penulis cerita merangkap sutradara sudah tidak asing lagi adalah Bapak
Kisssssssyono.
Selamat menyaksikan !

MUSIK (Serampat Jatil)

PEMBAWA ACARA :
Dikisahkan pada jaman dulu banget di Kabupaten Trenggalek hiduplah
seorang warok, pemirsa tahu apa itu Warok ? Warok itu adalah kepanjangan
dari Waria Jorok ! Bukan pemirsa, Warok adalah orang yang sakti dan
paling dihormati di daerahnya, Kalau jaman sekarang ini mungkin sama
dengan LIMBAD barangkali ya.
Warok tersebut bernama Warok Gunoseco, dia hidup bersama istri dan
seorang putrinya yang sangat cantik, (cantik !, cantik dari hongkong !) yang
bernama Roro SUMINTEN.
Pemirsa ! Untuk mengetahui kisah ini, marilah kita menuju ke TKP !

MUSIK (Jaranan Safitri)

WAROK GUNOSECO masuk.

WAROK GUNOSECO :
Asalamu’alaikum penonton, kenalno jenengku Warok Gunoseco, wong sing
paling sakti, terkenal, wong sing paling ganteng, sogeh, tapi gak koyok
Fatonah, sing sogeh tapi ngentekno duwike negoro, sorry cak.
Nang endi bojoku iki, mosok wis awan ngene gak dicepakno panganan.
ta kopi, sampek kaliren aku, mboke sampean nang endi sih.

ISTRI WAROK GUNOSECO masuk

ISTRI WAROK GUNOSECO :


Oalah kang ngono ae sambate koyok wong gak mangan setaun, wong aku yo
sik masak nang mburi, bengak-bengok lapo sih ?

WAROK GUNOSECO :
Ngene lo mboke, anakmu gak kethok iku nang endi, arek prawan iku ojok
dibiasakno klayapan, grudak-gruduk ambek arek-arek sing gak jelas sing
gaene soboh nang kave remeng-remeng.

ISTRI WAROK GUNOSECO :


Wis bolak balik tak kandhani yo sik pancet ae, tambah saiki senengane
kompol .ambel arek-arek punk sing gal jelas iku.

WAROK GUNOSECO :
Opo maneh kumpul ambek arek-arek sing gak karu-karuan iku waduh
tambah bejat anakmu iku engkok Buk..
Wis ojok kakean omong pokoke sampean kudu ati-ati nek ndidik anakmu.

ISTRI WAROK GUNOSECO :


Iyo-iyo aku ngerti, wong lanang kok crewet.

RORO SUMINTEN masuk


RORO SUMINTEN :
Bapak karo Simbok iki bendino kok rame ae, aku sampek gak isok
konsentrasi.

ISTRI WAROK GUNOSECO :


Gak isok konsentrasi ? gak isok konsentrasi opo tho nduk ?

ISTRI WAROK GUNOSECO :


Biasa lah mbok, mosok gak ngerti arek enom ae sampeyan iku, aku iki lagi
sibuk bebeeman gitu loh.

ISTRI WAROK GUNOSECO :


Oalah bbm tha, yo kono ndang budhal tuku bbm, bapak titip sak liter yo

RORO SUMINTEN :
Sik sik tha, sing dimasud Simbok titip sak liter iku opo

ISTRI WAROK GUNOSECO :


Lho wakmu mau lak ngomong BBM, BBM iku lak artine Bahan Bakar
Minyak alias Lengogas

RORO SUMINTEN :
Mbooook, BBM iku maksude omong-omongan nang telpon koyok Cating
nang interne iku lho. Pancene wong tuwek maklum gak ngerti BBM
apomane internet engkok malah disangkakno kernete bemo.

ISTRI WAROK GUNOSECO :


Lho ojok ngenyek Simbok yo ndok, aku biyen kenal bapakmu iku yo liwat
internet lho, enggepmu aku gak ngerti internet gitu ! Nek gak percoyo
takono bapakmu.

WAROK GUNOSECO :
Bener ndok, bapak biyen kenal ambek mbokmu iku yo liwat internet

RORO SUMINTEN :
Cius, yok opo sih critane Simbok kok kenal bapak liwat internet.

WAROK GUNOSECO :
Ngene lho critane, biyen Simbokmu iku dodolan pecel nang ngarepe warnet,
Terus bapak liwat ngarepe warnet, weruh sing dodol pecel wonge rodok ayu
terus bapak mampir tuku pecel, terus kenalan, terus pacaran, terus rabi.
Ngono critane.

RORO SUMINTEN :
Oalah pak, iku jenenge kenalan gak liwat internet, tapi kenalan nang ngarepe
Warung internet. Onok ae sampeyan iku pak.

WAROK GUNOSECO :
Ngene yo nduk awakmu iki wis prawan, umurmu yowis selawe taun, kathek
rupamu yo ayu opo kowe gak kepingin nikah koyok konco-koncomu iku
sing wis padho duwe anak kabeh.

RORO SUMINTEN :
Pingin sih pak, tapi arek lanang endhi sing gelem karo aku pak !
Biyen pancen onok arek lanang sing ngesiri aku, jarene nyambut gawe nang
bang BRI, eee tibakno cumak dodolan rokok nang ngarepe bang BRI.
Ngono iku gak kurang ajar ta arek koyok ngono iku.

ISTRI WAROK GUNOSECO :


Mangkane ta nduk awakmu iku ati-ati nek dijak kenalan karo arek lanang,
Arek lanang saiki iki akeh seng resek, gayae ae koyok bos, tapi gak gableg
dhuwek. Kenalan iku umpamane karo guru-guru SMP 28, wonge yo
nggantheng-nggantheng kathek kanthonge yo tebel.

WAROK GUNOSECO :
Sek ta mbok, opo guru SMP 28 onok sing sik joko tha ? Prasaku kok gak
onok
nek sing jenenge joko koyokane onok.

RORO SUMINTEN :
Wis-wis bapak karo simbok kok eker-ekeran dewe, ngene lho Pak-Mbok,
sakjane onok arek lanang sing tak senengi, areke nggantheng, sogeh
kathek nyambutgawene yo wis mapan.

WAROK GUNOSECO :
Lha yo ngono, golek pacar iku sing wis mapan uripe, ayo ngomongo
sopo jenenge, anake sopo, omahe nang endi tak tekanane omahe.

RORO SUMINTEN :
Lha iku sing mbarakno aku gak wani ngomong karo Bapak.

ISTRI WAROK GUNOSECO :


Wis talah nduk ngomongo terus terang karo bapakmu, sopo arek lanang
Sing mbok senengi iku.

RORO SUMINTEN :
Anu Mbok, jenenge Raden Subroto, anake Bupati Trenggalek.

WAROK GUNOSECO :
Opo nduk ! Raden Subroto anake Bupati Trenggalek, oalah nduk sing
mbok senengi kok yo anake Bupati tho nduk, iki paribasane podho karo
cecek ngunthal klopo, wong atase bapak iki pensiunan guru opo yo
panthes duwe besan Bupati tho nduk.

ISTRI WAROK GUNOSECO :


Iyo nduk, mosok gak onok arek lanang liyo sak liyane Raden Subroto,
Mbok yo golek arek lidah wetan kene ae, pokoke wis nyambut gawe gak
opo-opo nduk.

RORO SUMINTEN :
Enggak mbok, aku gak kate kawin nek gak oleh Raden Subroto.

WAROK GUNOSECO :
Yo wis yo wis gak usah sedih, gak usah ngambek, mene bapak tak lungo
nang kadipaten Trenggalek, tak sampekno opo sing dadi karepmu,
dongakno ae bapak berhasil yo nduk. Wis saiki ayok nang mburi
wetengku kroso luwe wis wayahe sarapan, ayo mbok.

SEMUA PEMAIN keluar

MUSIK (Jaranan Safitri)

PEMBAWA ACARA :
Pemirsa, ternyata Roro Suminten cinta berat kepada Raden Subroto,
padahal Raden Subroto belum tentu suka sama dia kale, wong mereka
berdua kenal aja belum, Cuma Roro Suminten pernah melihat Raden -
Subroto satu kali, itupun di televisi. Yang jelas Roro Suminten ini
rodok ngawur, mosok belum kenal kok langsung maen tembak.
Untuk mengetahui kisah berikutnya, marilah kita bersama-sama menuju
ke TKP.

MUSIK (Pemilik Hatimu – Armada)

RADEN SUBROTO DAN CEMPLUK masuk

RADEN SUBROTO :
Diajeng Cempluk

CEMPLUK :
Iyo, onok opa kang Mas Raden Subroto ?

RADEN SUBROTO :
Sampeyan ngerti, opo’o aku kok gak seneng mampir nang omahmu.

CEMPLUK :
Lha opo’o sih mas, opo omahku elek ?

RADEN SUBROTO :
Enggak-enggak gak mergo iku, so’ale aku Cumak pingin mampir di hatimu
dhik.

CEMPLUK :
Ah .. isok ae sampeyan iki mas.

RADEN SUBROTO :
Sampean gak bakal getun nek dadi bojoku, aku iki wong lanang sing
gantheng, setia ugo sugeh. Sampean ngerti sopo sing mbangun SMP 28
saiki dadi lan apike.

CEMPLUK :
Sampeyan tha mas

RADEN SUBROTO :
Yo Dinas Pendidikan dhik, mosok aku.

CEMPLUK :
Sampean iki isok ae mas.
RADEN SUBROTO :
Iyo dhik, awake dhewe iki wis rodhok suwe pacaran yo, opo sampeyan gak
bosen dhik ?

CEMPLUK :
Sakjane yo bosen mas, lha sampeyan gak ndang nglamar aku sih, mosok
aku diganthung gak jelas ngene mas.

RADEN SUBROTO :
Tenang, nek perlu meneh aku karo wong tuwaku nglamar sampeyan.

CEMPLUK :
Temenan Mas, ciyus ?

RADEN SUBROTO:
Bener ciyus sayang, entenono aku meneh pasti nang omahmu, oke !
Ayo saiki awake dewe kapene nang endhi, mompong saiki aku prei,
yok opo nek saiki mangan dhisik.

CEMPLUK :
Yo wis terserah sampeyan ae mas, aku kate dijak mangan nang endhi
Sih.

RADEN SUBROTO :
Yo mangan nang restoran dhik, mosok mangan nang warunge Bulik
Bandi, gak level yo. Engkok nek wis mari mangan sampeyan tak terno
moleh.

CEMPLUK :
Suwon yo mas sampeyan iki pancen pacarku sing paling Top margotop.

MUSIK (Separuh Nafas – Dewa)

SEMUA PEMAIN MASUK

PEMBAWA ACARA :
Pemirsa, ternyata orang yang dicintai Roro Suminten sudah punya
Pacar ! sehingga mereka tenggelam dalam CINTA SEGITIGA !, oalah
kasihan deh kamu Suminten.
Pemirsa, apa yang akan terjadi kepada mereka ? Penasaran, ayo kita
Ke TKP.

MUSIK (Suka Sama Kamu – d’Bagindas)

WAROK SUROMENGGOLO dan ISTRINYA MASUK

WAROK SUROMENGGOLO :
Mbok ! Aku wis suwe yo durung bisa sowan ono Kabupaten Trenggalek,
Kanjeng Bupati pasti arep-arep tekaku yo buk.

ISTRI WAROK SUROMENGGOLO :


Iyo kang, nek ono waktu sempatno sowan yo, atik saiki anake dewe
lagi pendekatan karo putrane kanjeng Bupati, dadi awak dewe kudu
sering komunikasi karo kanjeng Bupati.

WAROK SUROMENGGOLO :
Lha simbok sih, nek onok dino prei senengane sobo plaza padahal yo gak
tuku opo-opo, mlaku sampek semper yo cumak ndelok-ndelok thok gak tuku
opo-opo.

ISTRI WAROK SUROMENGGOLO :


Lha sampeyan saben dijak mlaku-mlaku gak tau nggowo duwek,
njagakno duwekku sisae blonjo yo gak cukup kang, paling cumak isok
tuku celono dalem karo kaos kaki.

WAROK SUROMENGGOLO :
Nek gak duwe duwek iku yo gak usah nang plaza tha mbok, mbarakno
kepengin tapi gak isok tuku, tolah-toleh koyok skubidu.

ISTRI WAROK SUROMENGGOLO :


Wis-wis ojok crewet, nek gak gelem tak jak mlaku-mlaku , aku engkok tak
ngejak anakmu.

WAROK SUROMENGGOLO :
Oh iyo, baru eleng aku, anakmu nang endi, kok gak kethok aku.

ISTRI WAROK SUROMENGGOLO :


Mau tak kongkon blonjo nang pasar wiyung, tapi wis awan ngene kok gak
ndang moleh, opo lali karo omahe arek iki.
RADEN SUBROTO dan CEMPLUK masuk

RADEN SUBROTO :
Assalamu’alaikum,

WAROK SUROMENGGOLO :
Walaikum salam. Monggo-monggo pinarak raden, nyuwun ngapunten
griyanipun kotor, monggo pinarak raden.

RADEN SUBROTO
Oalah mboten usah sungkan-sungkan, wong atase karo calon mantu
kok katek boso, sampun mboten usah boso kale kulo.

WAROK SUROMENGGOLO :
Waduh nggih mboten sekeco tha raden.

RADEN SUBROTO :
Sampun mboten usah boso, anggep kulo niki putro piyambak.

WAROK SUROMENGGOLO :
Iyo-iyo wis bapak saiki ora boso, piye ngger opo onok keperluan
sing penting kok tindak rene, terus iki critane piye kok raden isok teko
bareng karo cempluk.

CEMPLUK
Ngene lho pak, moleh blonjo mau aku ketemu mas Subroto nang dalan,
jarene kate onok perlu karo bapak, yo terus tak jak mampir nang omah.

ISTRI WAROK SUROMENGGOLO :


Oh ngono tha, mangkane blonjo ae cik suwene gak moleh-moleh, tak
kirakno lali omahe.

RADEN SUBROTO :
Ngaten lho Bapak kaliyan Ibu, kulo mriki meniko badhe matur menawi
mangke tanggal 18 Juni, kulo kaliyan romo badhe tindhak mriki sapelu
badhe nglamar cempluk.

WAROK SUROMENGGOLO :
Sik-sik, tanggal 18 Juni iku rak onok Wisudahe arek SMP 28, katek bapak
oleh undangan, bapak kan mantan guru SMP 28.

RADEN SUBROTO :
Oh mboten menopo-menopo, acara wisudhanipun lak mobten ngantos dalu,
Romo kaliyan Ibu mangke sowan mriki sak mantunipun Maghrib.
Kados pundi pak, menopo bapak mboten keberatan menawi kulo badhe
nglamar diajeng cempluk.

WAROK SUROMENGGOLO :
Ora opo-opo ngger, bapak iki manut wae.

RADEN SUBROTO :
Inggih sampun menawi mekaten, mangke kulo tak matur kaliyan romo
menawi bapak nyetujoni. Inggih sampun cekap, sakmeniko kulo nyuwun
pamit.
Assalamu’alaikum

WAROK SUROMENGGOLO :
Walaikum salam, atos-atos den.

MUSIK (Memilih setia – Fathin)

SEMUA PEMAIN keluar

PEMBAWA ACARA :
Pemirsa, ternyata Raden Subroto akan menggibah Cempluk.
Anda tahu arti menggibah, menggibah itu adalah acara lamaran.
Raden Subroto akan segera melamar Cempluk. Tetapi jalan yang
akan mereka lalui tidak mulus seperti jalan tol, karena ada seseorang
yang juga menyukai raden Subroto, siapa dia ? Dia adalah Roro Suminten
putri dari Warok Gunoseco. Wah pasti terjadi keributan di Kabupaten
Trenggalek.
Ingin tahu kelanjutannya, ayo kita ke TKP !

MUSIK (Kroncong protokol – Bondan)

BUPATI TRENGGALEK dan ISTRINYA masuk


BUPATI TRENGGALEK :
Bune, aku dadi bupati iki wis meh entek masa jabatanku, taun ngarep
kate dianakake pemilihan bupati maneh. Piye enake yo bune, aku nyalonke
maneh opo ora yo bu.

ISTRI BUPATI TRENGGALEK :


Oalah pakne, yo mbok memberi kesempatan karo generasi muda, mosok
sampeyan gak bosen tha dadi Bupati terus, pingin sampek limang periode.

BUPATI TRENGGALEK :
Hus, ngawur omongmu bune, dadi Bupati iku batese mok rong periode,
sakwise rong periode kudu mundur diganti karo wong liyo.

ISTRI BUPATI TRENGGALEK :


Wis ta bapak iki pension ae, wong yo wis tuwek, ibadah ae sing kenceng
gak usah terok-terok pejabat-pejabat liyane, jabatan kok dauber-uber,
jabatan iku amanah yo pak, sesok kudu dipertanggungjawabkan ono
ing ngarepe gusti Allah. Mangkane ojok sembrono yen lagi mengku
jabatan.

BUPATI TRENGGALEK :
Waduh bojoku sak iki pinter ceramah sajegke sering nonton pengajiane
mamah Dedek, ngomonge saiki koyok bu nyai Siani.

ISTRI BUPATI TRENGGALEK :


Ya iya lah, pancene aku nirokno omongane bu Nyai Siani.

BUPATI TRENGGALEK :
Wis ojok tambah ngelantur sampeyan, oh iyo aku kok gak ketok anakmu
bune, mosok dino prei kok sik klayapan ae, tomon ta anake Bupati kok
klayapan.

ISTRI BUPATI TRENGGALEK :


Wong mau wis pamit, jarene kate nang omahe pacare si Cempluk putrine
Warok Suromenggolo.

BUPATI TRENGGALEK :
Oh yo wis nek wis pamit karo bune.

RADEN SUBROTO masuk


RADEN SUBROTO :
Assalamu’alaikum,

BUPATI TRENGGALEK :
Walaikum salam,
soko ngendi to kowe ngger, mosok dino prei ngene kok gak krasan nang
omah.

RADEN SUBROTO :
Ngaten lho pak, kulo wau saking griyane kyai Warok Suromenggolo,
kulo matur menawi badhe nglamar diajeng Cempluk.

BUPATI TRENGGALEK :
Lha yo ngono setuju bapak, mosok anake uwong mbok endang-endeng
ngalor ngidul gak ndang dilamar.

ISTRI BUPATI TRENGGALEK :


Iyo ngger, ibu yo setuju menowo kowe duwe niat nglamar cempluk.
kapan ibu sowan nang daleme kyai Warok Suromenggolo.

RADEN SUBROTO :
Siip, lebih cepat lebih baik, menawi mboten wonten acara, mangke sonten
Bapak kaliyan Ibu saget tindhak mriko.

MUSIK (Titanic – Regee)

WAROK GUNOSECO masuk RADEN SUBROTO dan ISTRI BUPATI keluar

WAROK GUNOSECO :
Assalamu’alaikum

BUPATI TRENGGALEK :
Walaikum salam, oh kyai Warok Gunoseco, monggo-monggo pinarak
Kang, piye kabare kakang sak keluargo, podho apik-apik wae tho kang ?

WAROK GUNOSECO
Inggih sae-sae mawon kanjeng Bupati.

BUPATI TRENGGALEK :
Wah sajake onok keperluan sing penting banget tho Kang ?

WAROK GUNOSECO :
Inggih kanjeng, kolu mriki meniko wonten keperluan eng kang penting,
Kulo meniko lak nggadah yoga estri naminipun Roro Suminten,
Piyambakipun meniko nateh nyumerapi putro panjenengan inggih meniko
Raden Subroto.

BUPATI TRENGGALEK :
Anakmu weruh putraku Raden Subroto iku nang endi ?

WAROK GUNOSECO :
Piyambakipun ningali wonten televisi, wonten acara lomba sekolah
Adiwiyata

BUPATI TRENGGALEK :
Oh yo bener, anakku saiki pancen lagi gabung karo komunitas peduli
lingkungan. Terus hubungane karo anakmu iki opo ?

WAROK GUNOSECO :
Mekaten kanjeng, sak sampunipun ningali putro panjenengan wonten
Televisi, lha kok anak kulo jatuh cinta kalian putro panjenengan.
Milanipun sowan kulon mriki meniko bade nyuwun pirso menopo
putro panjenengan Raden Subroto sampun nggadah pacar menopo dereng.

BUPATI TRENGGALEK :
Oalah ngono tha, sak durunge aku njaluk sepuro yo kyai, anakku
Raden Subroto saiki wis duwe pacar, wulan besar mengko wis arep nikah.

WAROK GUNOSECO :
Badhe nikah ! Menawi kepareng kulo nyuwun pirsa Raden Subroto
meniko badhe nikah kaliyan sinten kanjeng.

BUPATI TRENGGALEK :
Karo anake Warok Suromenggolo sing jenenge Roro Cempluk.

WAROK GUNOSECO :
Kurang ajar Warok Suromenggolo, kanjeng Bupati kulo nyuwun pamit
Assalamu’alaikum.

BUPATI TRENGGALEK :
Walaikum salam, yok opo dikandani apik-apik kok morang-moring,
dasar saraf !Warok Gendheng !

BUPATI TRENGGALEK keluar

MUSIK (Ular Berbisa)

PEMBAWA ACARA
Pemirsa, Warok Gunoseco pulang dengan hati yang kemrungsung,
opo bahasa Indonesiane kemrungsung, kemrungsung iku mangkel,
sebel, ngamok wis pokoke dadi siji.
Apa yang akan terjadi selanjutnya, mari kita langsung ke TKP.

MUSIK (Main Hati - Andra)

ISTRI WAROK GUNOSECO dan RORO SUMINTEN masuk

RORO SUMINTEN
Mbok-mbok bapak kok gak teko-teko yo, mosok nang kabupaten ae kok
cik suwene.

ISTRI WAROK GUNOSECO :


Iyo bapakmu iki cik suwene, pasti mampir-mampir, soale nang terminal
onok warung kopi sing dodol rodok ayu katek rodok kemenyek, waduh
pasti nongkrong dhisik nang kono nduk.

RORO SUMINTEN :
Iyo mbok, bapak iku pancen rodok kenter, mosok konco-koncoku wedok
gak onok sing gelem tak jak nang omah, soale wedi digudho bapak.

ISTRI WAROK GUNOSECO :


Pancen bapakmu iku rodok kenter kok.

MUSIK (Respect – Bondan)


WAROK GUNOSECO masuk

WAROK GUNOSECO :
Kurang ajar kakang Soromenggolo, wong tuwo gak isok ndidik anak
Wong tuwo koplak, awas kowe kang.

ISTRI WAROK GUNOSECO :


Sik-sik iki onok opo sampeyan teko-teko langsung morang-moring
gak jelas ngene, onok opo pak ?

RORO SUMINTEN :
Iyo bapak iki lapo teko-teko kok morang-moring, kathik nyebut-nyebut
Pakde Suromenggolo.

WAROK GUNOSECO :
Mbok, Suminten, mrene,
Bapak mau wis nang kabupaten Trenggalek nemoni kanjeng Bupati,
bapak takon opo Raden Subroto durung duwe pacar ? Opo jawabe
kanjeng Bupati, kanjeng Bupati ngomong menowo Raden Subroto
wis duwe pacar, wulan besar mengko arep nikahan.

RORO SUMINTEN :
Opo pak Raden Subroto arep nikah, ahhhhhh………………………..

MUSIK (Ular Berbisa)

RORO SUMINTEN keluar

ISTRI WAROK GUNOSECO :


Lho pak anakmu mlayu nang endhi pak, ayo pak tututono anakmu pak,

WAROK GUNOSECO :
Iyo ayok ditututi mbok, waduh mlayu nang endhi bocah iki !

WAROK GUNOSECO dan ISTRINYA keluar.

MUSIK (Sarempat Jatil)


RORO SUMINTEN masuk : Bergaya seperti orang gila, menari, tertawa, ngomel
ngawur sambil menyebut-nyebut Raden Subroto, sambil membawa boneka
dengan memakai busana compang-camping. (turun ke penonton, selama 3 menit).

WAROK GUNOSECO dan ISTRINYA masuk

WAROK GUNOSECO :
Lho kuwi anakmu mbok, cepet ndang cekelen ekok selak mlayu maneh,.

ISTRI WAROK GUNOSECO LARI KE BAWAH PANGGUNG UNTUK


MENJEMPUT ANAKNYA DAN DIBAWA KE ATAS PANGGUNG.

MUSIK BERHENTI

Wis saiki ngene mbok, Roro Suminten gawanen muleh dhisik, aku arep nang
omahe kakang Suromenggolo, wis yo tak tinggal.

ISTRI WAROK GUNOSECO :


Lho onok opo nang omahe kakang Suromenggolo.

WAROK GUNOSECO :
Alah gak usah takon akeh-akeh, iki urusane wong lanang, wis kono ndang
moleh.

ISTRI WAROK GUNOSECO :


Yo wis yo wis aku tak moleh, sing ati-ati yo pak.

WAROK GUNOSECO, ISTRINYA dan RORO SUMINTER keluar

MUSIK (Bring It – Bondan)

PEMBAWA ACARA :
Pemirsa, suasana semakin panas, ceritanya semakin panas, gedungnya juga
rodhok panas karena ACnya tidak mampu mengatasi penonton yang
sedemikian banyaknya.
Pemirsa, dengan menyimpan amarah yang meletup-letup sepeti lumpur
Lapindo, Warok Gunoseco pergi menemui Warok Suromenggolo karena
merasa anak Warok Suromenggololah yang menjadi penyebab gagalnya
pernikahan Roro Suminten dengan Raden Subroto.
Permirsa, untuk mengetahui kelanjutannya marilah kita menuju ke TKP.

MUSIK (50cent – aminem)

WAROK SUROMENGGOLO masuk


Alhamdulillah, anakku ora suwe maneh bakal nikah karo Raden Subroto,
penonton ! dongakno lancar ya.

MUSIK (Ular Berbisa)

WAROK GUNOSECO masuk

WAROK GUNOSECO :
Assalamu’alaikum

WAROK SUROMENGGOLO :
Walaikumsalam, eh dimas Gunoseco dengaren tindak rene, koyoke onok
keperluan sing penting iki.

WAROK GUNOSECO :
Wis ora usah basa-basi, ngene kang, aku arep takon karo kowe, opo bener
anakmu Cempluk iku arep nikah karo Raden Subroto putrane gusti Bupati
Trenggalek ?

WAROK SUROMENGGOLO :
Bener dhimas, oh iyo sepurane yo dhi aku lali ngabari kowe.

WAROK GUNOSECO :
Kakang Suromenggolo, opo kowe ora ngerti menowo Raden Subroto
iku wis pacaran karo anakku, terus yok opo critane kok isok kate nikah
karo anakmu, ojok maen serobot ae kowe kang.

WAROK SUROMENGGOLO :
Dhimas Gunoseco, aku yo ora ngerti yen Raden Subroto iku tau pacaran
karo anakmu, tapi prasaku anakku iku pacaran karo Raden Subroto
kiro-kiro wis telung taun, dadi gak mungkin anakmu tau pacaran karo
Raden Subroto.

WAROK GUNOSECO :
Wis pokoke kakang kudhu mbatalno rencana pernikahan anakmu karo
Raden Subroto titik.

WAROK SUROMENGGOLO :
Eh….. engkok dhisik, ojok sak enake kowe ngongkon mbatalno pernikahan
anakku karo Raden Subroto, iki duduk karepku dewe, iki yo wis dikarepake
gusti Bupati, nek kowe arep mbatalno iku podho ae kowe nglawan karo
Bupati Trenggalek.

WAROK GUNOSECO :
Ora ngurus, pokoke anakku kudu nikah karo Raden Subroto titik gak katek
koma.

WAROK SUROMENGGOLO :
Ora iso ngono tho dhi, iku jenenge kowe wis nglawan karo aku lan kanjeng
Bupati.

WAROK GUNOSECO :
Aku ora wedhi, mati tak lakoni kanggo mbelani anakku.

WAROK SUROMENGGOLO :
Eling yo dhi, awake dewe iki isih dulur, Roro Suminten iku yo wis tak
anggep anakku dewe.

WAROK GUNOSECO :
Wis kang ojok kakean omong, ayo tandingono aku, kowe opo aku sing
mati.

WAROK SUROMENGGOLO :
Ojo dhi, aku ora iso nglawan dulurku dewe.

WAROK GUNOSECO :
Kakean ngomong kowe kang, iki tampanono sejotoku kang

BUNYI BOM JATUH


DISUSUL MUSIK (Sarempat Jatil)

TERJADI PERTARUNGAN ANTARA WAROK SUROMENGGOLO DENGAN


WAROK GUNOSECO (SELAMA 1 MENIT)
DALAM PERTARUNGAN TERSEBUT WAROK GUNOSECO KALAH DAN
PINGSAN.

ISTRI WOROK GUNOSECO, RORO SUMINTEN dan ISTRI WAROK


SUROMENGGOLO masuk

ISTRI WOROK GUNOSECO :


Kakang Gunoseco…………., kang tangio kang, kakang gunoseco ojok mati
dhisik kang, sopo sing kate mbayar cicilan Bank Jatim yen kowe mati Kang,
aku gak siap dadi rondho kang, ayo kang tangio kang.

ISTRI WAROK SUROMENGGOLO :


Iki mau onok kedadean opo tho kang kok dhimas Gunoseco nganti semaput
koyok ngono.

WAROK SUROMENGGOLO :
Wis ojok kakean takon dhisik, aku tak warasno Roro Suminten karo dhimas
Gunoseco dhisik.

WAROK SUROMENGGOLO MENGHAMPIRI WAROK GUNOSECO LALU


MENGUSAP KEPALANYA, WAROK GUNOSECO PUN SIUMAN DARI
PINGSANNYA,

WAROK GUNOSECO :
Oh kakang Suromenggolo, aku njaluk sepuro yo kang, aku wis kurang ajar
karo kakang, sepurane yo Kang.

WAROK SUROMENGGOLO :
Iyo-iyo Dhi kakang wis nyepuro kowe. Mengko dhisik, anakmu keneng opo
iku.

WAROK GUNOSECO :
Yo kuwi Kang, sak wise Suminten weruh yen Raden Subroto arep nikah
dheweke dadi setres.

WAROK SUROMENGGOLO :
Oalah saknone kowe nduk, Gunoseco tolong gawanen mrene anakmu.

GUNOSECO MEMBAWA ANAKNYA KE WAROK SUROMENGGOLO.


WAROK SUROMENGGOLO MENGUSAP KEPALANYA RORO SUMINTEN
DAN RORO SUMINTEN PUN SADAR.

RORO SUMINTEN :
Lho bapak, simbok, pakdhe-budhe Suromenggolo, onok opo iki kok rame-
rame.

WAROK SUROMENGGOLO :
Ora ono opo-opo nduk, kowe mau turu terus tak gugah, ngene yo nduk
opo bener kowe pacaran karo Raden Subroto ?

RORO SUMINTEN :
Raden Subroto ! Mboten nate pakdhe, lha wong kulo namung penggemar
berat Raden Subroto. Istilahe lare-lare niku ngefans banget gitu lho.

WAROK SUROMENGGOLO :
Oalah ngono ta ctritane, ngene yo nduk mbakyumu Cempluk ora suwe bakal
nikah karo Raden Subroto, piye kowe setuju opo ora ?

RORO SUMINTEN :
Alhamdulillah, setuju banget pakdhe, mengko Raden Subroto dadi sedulurku
dadi aku isok nunut ngetop.

WAROK SUROMENGGOLO :
Wis saiki critane wis jelas, kabeh podho setuju Raden Subroto nikah karo
Roro Cempluk.

MUSIK (Sandiwara Cinta – Republik)

SEMUA PEMAIN MASUK

PEMBAWA ACARA :
Pemirsa, demikianlah tadi akhir cerita WAROK SUROMENGGOLO dalam
Episode CINTA SEGITIGA.
Semoga anda puas walapun kami lemas.
Sampai jumpa Assalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh.
DRAMA KOMEDI

WAROK
SUROMENGGOLO
SUTRADARA : KISJONO

Anda mungkin juga menyukai