Anda di halaman 1dari 10

Naskah Drama

(Asmoro Sri Huning Mustika Tuban)


SRI HUNING MUSTIKO TUBAN, LABUH TRESNO LAN SABOYO PATI
(sri hung mustika tuban, berkorban demi cinta dan hingga rela mati)
MARANG RADEN WIRATMOYO, KANG WES PRASOJI HANAMBUT BRANTI
(pada raden wiratmoyo, yang telah bersumpah dan berikrar janji)
SRI HUNING DATON NGRAHITO, KANG RINIPTO KADANGE PRIBADI
(sri huning tidak menyangka yang dipuja saudara sendiri)
WIRATMOYO PUTRANIRO, SUROLAWE ADIPATI TUBAN
(wiratmoyo putranya surolawe adipati tuban)
SRI HUNING PUTRANE ABDI, WONGSO PATI NALIKANI UNI
(sri huning anaknya abdi wongsopati (pahlawan perang yang gugur) di kala itu)
KAPUPUK ING MADYOLOGO, DUK PRANG TANDHING LAWAN MINAK JINGGO
(yang gugur dalam peperangan saat perang tanding dengan minak jingo (adipati blambangan)
KATRESNANI WIRATMOYO, TINAMPI DANE RORO SRI HUNING
(cintanya wiratmoyo diterima sri huning)
SANADYAN WEKASAN NIRO, PREPATENG LAMPUS ALABUH NEGORO
(walaupun pada akhirnya gugur membela negara)

Wonten ing wedal sak mangke ing keraton bojonegoro, kalian sak meniko rojonipun Adipati
sosronegoro lan garwo inggih meniko Prameswari, Adipati Sosronegoro duweni pikiran
kepriye yen anake Kumolo Retno dijodohake kalean Raden Wiratmoyo Putro Adipati Tuban.
Adipati masuk panggung…
Adipati Bjn (Sosronegoro): Prameswariiii, (memanggil istrinya dengan lantang).
Prameswari: Inggih Kang Mas, (berjalan masuk panggung menemui suaminya), ono opo to Kang
Mas? (Merangkul lengan tangan Adipati bjn).
Adipati Bjn : Ngenelo bu ne aku ndue karep,arep njodohake anak e dw kumolo retno karo
putrane kang mas Sirolawe sing jenenge Wiratmoyo, cubo celuk o Kumolo Retno.
Prameswari: Inggih kang mas…Nduk Kumolo Retno reneo to nduk.
Kumolo Retno: Injih buk wonten nopo? (berjalan masuk menemui orangtuanya).
Prameswari: Iki lo Romo mu arep rembukan.
Kumolo Retno: injih romo.
Adipati Bjn: yowes ayo lunggoh disek (sambil duduk bertiga di singgasana)…ngene lo cah ayu
Romo karo ibukmu arep njodohke awakmu karo putrone kang mas Sirolawe sing jenenge Raden
Wiratmoyo, kepriye nduk?.
Kumolo Retno: Kulo manut kelawan kalean ngendikanipun Romo, Kumolo Retno purun
dijodohaken Romo.
Prameswari: Yen ngono Romo lan ibukmu lak ayem to nduk nek kowe manut omongane
Romomu iki.
Kumolo Retno: Injih bu saestu.
Adipati Bjn: Yowes yen pancen kowe gelem, awak dewe karek ngenteni utusan soko Tuban,ojo
lali kandani kanggo kowe rabi njemput utusan soko Tuban.
Prameswari: Injih kang mas.

Sasongkonipun wonten ingkang gagah lan ganteng yoiku Raden Sadoro salah satunggaling
Agungipun Raden Wiratmoyo.
Raden Sadoro: Nyuwun sewu paman, kulo ngaturaken puja puji dumateng kanjeng Adipati
(masuk panggung menemui Adipati & bersimpuh muja di hadapan Adipati)
Adipati Bjn: Tak tompo pujo lan pujimu, tumrapo wae pengestuku (restuku), ananging kowe ki
sopo?
Raden Sadoro: matorsuon paman,Kulo meniko putro Adipati suralawe saking Tuban.
Adipati Bjn: Ealah kowe to ngger, pemanmu iki lali nyawang sliramu sing saiki wes gedi koyok
ngene, ono opo to ngger ko ketoke penting sanget.
Raden Sadoro: Ngene paman kulo diutus Romo maringake layang dating panjenengan,niki
paman.
Adipati Bjn: Sek tak wocoe.
Prameswari: Layang? Layang nopo to kang mas? slipe pembayaran nggeh?.
Adipati Bjn: Lamboh bune, ketok e kok wes tak bayar wingi… bune iki surat isine panglamar ko
kang mas Sirolawe, kepriye nduk?.
Kumolo Retno: Nggeh kados kolo wau Romo, Kumolo retno purun dijodohke Romo.
Adipati Bjn: Yowes yen pancen kowe gelem, saiki awakmu Sadoro moleho menyang Tuban lan
madul marang wong tuo mu, yen kang masmu Wiratmoyo lan Kumolo Retno bakal nikah.
Raden Sadoro: nggih paman, nyuwun sewu paman sak meniko sinten nggih paman?.
Adipati Bjn: Bocah sing ayu iki, yoiki sing jenenge Kumolo Retno sing bakal dadi bojoe kang
masmu.
Raden Sadoro: Kumolo Retno? Pun nambah ayu mawon paman.
Adipati Bjn: Eeee laiyo ngger-ngger yen ngawasi ojo jeru-jeru yen ceblok loro, aku mung iso
mujo marang gusti mugo-mugo awakmu di paring keslametan.
Raden sadoro: nggih paman matursuwun paman.
Adipati Bjn: iyho.

Ing teras keraton Ronggolawe, mulyo (meniko) sakwijine prawan seng ayu banget jenenge Sri
Huning putri Adipati Tuban, dewek e lagi carios karo Abdi loro, Sri Huning takon marang
Abdine,sopo to sing ngganteng sanget ing keraton iki .
Sri huning & Abdi masuk panggung…
Sri Huning: Yu yu, yen aku takon marang awakmu oleh tora yu?.
Abdi 1: takon nopo to ndoro?
Sri Huning: Ing kadipaten tuban niki sing paling bagus niku sinten nggih?
Abdi 2: yen kulo nggih bojo kulo toh ndoro.
Abdi 1: halah yuu yuu malah iseh bagus sapi timbang bojomu sapi wae putih gede duwur
blengah-blengah
Abdi 2: omongo yu nek iri, yen menurut kulo nggeh Raden Wiratmoyo ndoro, wonge bagus
kelakuane sae kalean calone Adipati.
Abdi 1 : halah ngono wae ko yo bagos toh yuyu...
Sri Huning: nanging yuu (sambal bermimik sedih).
Abdi 1 & 2: Dalem ndoro (serempak).
Sri Huning: Opo yo biso mbesok aku nikah.
Raden Wiratmoyo: Nggih biso cah ayu (masuk panggung duduk di kursi & abdi keluar
panggung).
Sri Huning: Kang mas Wiratmoyo, enten punopo kang mas ko panjenengan ngendikan.
Raden Wiratmoyo: Mesti wae yo biso jalaran aku tresno marang awakmu,kowe yo ijek sak
dulurku kowe ngerti to?, yen durung tak wangsuli maneh…eyang Adipati Ronggolawe iku ndwe
sederek jenenge Wangsopati, Wangsopati gugur ing medan perang Tuban lawan Mojopahit.
Sri Huning: Sebanjure piye kang mas?.
Raden Wiratmoyo: Abdi niki ,yen sok mben nak cabang bayi iki wenehono jeneng Sri Huning.
Sri Huning: piye to kang mas ko jenenge podo karo aku?.
Raden Wiratmoyo: inggih cah ayu, yok kowe iki Sri Huning (sambil memegang pundak Sri
Huning).
Sri Huning: kang mas wiratmoyo ( sambil menyentak tangan RW di pundaknya).
Raden Wiratmoyo: aku ngerti, kang mas ngerti perasaanmu saiki, tapi awakmu gausa wedi
kowe ra dewekan iseh ono aku lan keluarga Kadipaten, kowe yo kudu percoyo yen aku iki
tresno karo awakmu.
Sri Huning: Inggih kang mas mulo ugi dateng setio ,yen mboten saget nikah kulo syap mati
dening pusoko jajangsewu.
Raden Wiratmoyo: Iyo kasetyomu tak cekel kuwe kudu iso mbuktekno nek kowe trsno tenan
marang aku (kembali duduk).
Sri Huning: Injih kang mas (keluar panggung).

Raden wiratmoyo tansah lungguh kanti sampai ananti prajurit teko lan kondo yen romo
kalean ibune wiratmoyo pengin ketemu kaleh wiratmoyo, deweke nyuwun wiratmoyo nikah
kalean Kumolo retno.
(Prajurit masuk panggung menemui raden wiratmoyo)
Prajurit: Nyuwun sewu kang mas
Raden Wiratmoyo: Ora popo nanging ono opo kowe mrene?
Prajurit: Kulo mriki badhe……(11.05).
(Adipati Surolawe lan ibu wiratmoyo masuk panggung menemui wiratmoyo)
Raden Wiratmoyo: Romo…monggoh romo, wonten punopo romo lan bune dating ten mriki.
Adipati Tuban (surolawe): Romomu iki lan bune mu nduwe tujuan gawe ngrabikno kowe
anakku, iku salah sewijine dalan ben nek aku mati kowe iso ngganteni aku dadi pemimpin
kerajaan iki.
Raden Wiratmoyo: Anging meniko sinten Romo,bune?.
Ibu Wiratmoyo: kalean Kumolo Retno.
Raden Wiratmoyo: Ha! Kumolo Retno, kene ki kok mboten kepanggeh.
Adipati Tuban: Rausah kawatir putroku, Kumolo retno iku wes sak kadipaten karo kowe wes
cocok ayu lan pantes gawe putroku iki.
Raden Wiratmoyo: Nyuwun ngapunten Romo, Wiratmoyo mboten saget Wiratmoyo mboten
tresno kalean Kumolo.
Adipati Tuban: Lakok ora tresno (berdiri dengan keadaan marah).
Raden Wiratmoyo: Ngapunten Romo mboten saget.
Adipati Tuban: Kowe putroku sakjane printahku mok turut.
Raden Wiratmoyo: Romo…(sambil bersimpuh dihadapan Romo).
Adipati Tuban: Moh aku ra sudi nduwe anak koyo kowe.
Raden wiratmoyo: Romo..sak mekaten wiratmoyo purun dijodohke kalean Kumolo Retno.
Adipati Tuban: Opo aku ga salah krungu?
Raden Wiratmoyo: Nggih Romo, kulo purun
Adipati Tuban: Yen ancen ngunukui putraku, yo ngunukui opo omongane wong tuo turuti soale
iku gawe keapikan mu dewe (keluarpanggung bertiga).

Krungu crito kuwi Sri Huning perasaane ora karuan, amergo Sri Huning yo seneng kalean
Wiratmoyo
Sri huning masuk panggung
Sri Huning: Kenopo panguripanku koyo ngene, panjenegan nangdi kang mas! Aku iki ora lilo ora
ikhlas yen panjenengan di jodohke kalean putri Kumolo Retno, nanging kulo ki pengen unjukno
roso kalean panjenengan
Raden Wiratmoyo: Sri Huning (masuk panggung), Ono opo kowe tak sawang ko njobo mau kok
sedih banget, ono opo to?
Sri Huning: nggeh leres kang mas
Raden Wiratmoyo : rene lungguh sek, onok opo to
Sri Huning: Ngene lo kang mas aku ki ora lilo ora ikhlas yen kang mas rabi kalean Kumolo Retno.
Raden Wiratmoyo: Oo iku to nggarai awakmu ra karuan.
Sri Huning: Nggih kang mas
Raden Wiratmoyo: Kang mas ngerti perasaanmu saiki, tapi awakmu yo kudu ngerteni nek aku
rabi karo Kumolo Retno iku soko perintahe wong tuo, aku yo kepengen manut karo wongtuo,
aku ra pengen dadi anak durhaka, kowe ki yo kudu percoyo yen aku tresno tenan marang
awakmu
Sri Huning: Inggih kang mas
Raden Wiratmoyo: yen mekaten aku tak menyang kadipaten bojonegoro
Ing tlatah bojonegoro rombongan soko tuban wes teko, lajeng wiratmoyo dinikahke kalean
Kumolo Retno, ananging ing pernikahan meniko adipati lamongan kalean prajurite dating
nyerang kadipaten bojonegoro.
Kumolo retno & raden wiratmoyo : Nyuwun pamit nyudohno (sendiko dawuh) romo
Adipati Tuban : Putroku kue saiki wes kawin. Perilakumu jogonen ojo nganti nglarani atine
bojonem.
Raden wiratmoyo : Njeh romo.
Adipati Bjn: Bener omongane romomu iki.
Prajurit: Nuhun gusti aturaken adipati bojonegoro aji saman, ngendiko adipati lamongan
kengeng mandegani adipati indro katong.
Adipati Bjn: Ndoh kepiye kakang?
Adipati tuban : La kepiye kedadeane?
Prajurit : nyuon ampun ndoro
Adipati Bjn: Saiki ajaken bolo-bolomu budal neng alun-alun tumpas kabeh pasukane indro
katong.
Prajurit: Nyuwun pamit ndoro.
Adipati tuban: Iki bahasane wong lanang, seng lagek kawin lan garwo-garwo monggo pinarak
riyen.
(poro istri lan manten anyar keluar panggung)
Adipati Tuban : kepiye keadaane?
Adipati Bjn: Ngeten kang mas, wonten kadipaten liyo seng bakal ngrebut Kumolo retno.
Adipati Tuban : Kumolo Retno?
Adipati Bjn: Enggeh. Tapi sabar kang mas, lamaran nipun sampun kulo tolak. Kulo mileh
wiratmoyo.
Adipati Tuban : La terus keadaane piye niki terusane?
Adipati Bjn: Sakniki dados peperangan
Adipati Tuban : Peperangan? Ageng?
Adipati Bjn: Enggeh
Adipati Tuban : Anakku seng maju iki. Tak celukno anakku seng pol kuat pol gagah. SANDORO,,
SANDORO,,
Raden sandoro : Enggeh romo, enten nopo?
Adipati Tuban : Kue putroku seng gagah moro’o alun-alun tumpasono pasukan teko kabupaten
lamongan.
Raden sandoro : Njeh romo.
Adipati Tuban : Opo meneh jenenge Indro katong.aku ra peduli Pokoe kue kudu iso mateni,
ngerti.
Raden sandoro : Ngerti romo.
Adipati Tuban : Budal!
Raden sandoro : Nggeh. (keluar panggung)
Adipati Tuban : Anakku iku.
Adipati Bjn: Jenenge sopo
Adipati Tuban : Sandoro.
Adipati Bjn: Kuat?
Adipati Tuban : Kuat leh awak e gede koyo bapake
Raden Sandoro : Nyuwun sewu romo teng alun-alun mboten wonten tiang ,romo.
Adipati Tuban : Kue gekmau ne alun-alun endi?
Raden Sandoro : Alun-alun nganjuk
Adipati Tuban : Lapo ne alun-alun nganjuk? Kadohen. Wong ne alun-alun Bojonegoro.
Raden sandoro : Kulo mboten ngertos.
Adipati Tuban : Yowes nek ngono saiki nab udal ne alun-alun bojonegoro.
Raden sandoro : njeh romo
Adipati Tuban: alun alun bojonegoro yo, ojo lali lho!
Raden sandoro : nggeh nggeh nyuwun sewu
Adipati Bjn: py anakmu kui padahal gagah lo, mbalek pisan kas bar gawene iki.
Adipati Tuban : nek sak urunge balek yo awak dw mire wae iki.
Kedua adipati turun dari panggung
Sakwise iku Raden Wiratmoyo Kalean poro prajurit budal ing medan perang. Ananging sak
derengipun deweke ngomong marang kumolon retno yen deweke mboten tresno marang
Kumolo retno.
Kumolo Retno : Kang mas wiratmoyo nembe kedaden peperangan ageng ingkang kadipaten
bojonegoro
Raden wiratmoyo : Nyai Kumolo retno indro katong kepengen nduweni garwo awakmu.
Kumolo Retno : Inggih kang mas poro prajurit tuban lan bojonegoro podo rawuhi peperangan
amergi adipate indro katong.
Raden wiratmoyo : Nyingkirake indro katong kui gampang, jane yo gausah nggawe peperangan
peperangan ngene.
Kumolo Retno : Kok ngoten to kang mas.
Raden wiratmoyo : Sejatine peperangan iki kan goro-goro indro katong seng kepengen nduweni
garwo awakmu, yen awakku gelem dadi garwone indro katong perang iki ra ngarah kedaden.
Kumolo Retno : Kang mas wiratmoyo kengeng nopo panjenengan dawuh ngendiko. Kulo lak
sampun dados garwone panjenengan toh kang mas.
Raden wiratmoyo : Nyai aku tak kondo tapi, yen kondoku kurang pados aku yo ngapunten
Kumolo Retno : Nggeh kang mas mboten nopo-nopo.
Raden wiratmoyo : Sejatine rabiku karo awakkmu iku ora tak karepi.
Kumolo Retno : kengen nopo kang mas?
Raden wiratmoyo : Aku ketindes marang pengabdi lan siro, sejatine aku uwes nduwe wadon
liyo seng wes kadung tak tresnani, jenenge sri huning dekne ijek dulurku dewe.
Kumolo Retno : Kang mas wiratmoyo
Raden wiratmoyo: py p padon aku tak budal perang disek.
Kumolo Retno : Kang maaaaaaaas (wiratmpyp keluar panggung)

Suoro pedang nyuduhake yen perang wes dipun uripi, ananging ono seng ganggu perhatiane
indro katong yoiku raden sandoro.
(PASUKAN PERANG MASUK)
Raden sandoro : He Indro katong , kenopo kuwe ngejak perang
Indro katong : Aku arep mateni kue-kue kabeh.
Raden sandoro : Opo sebabe?
Indro katong : Amergo kang masmu ngrebut kumolo retno soko aku
Raden sandoro : Terus kepiye?
Indro katong : Aku arep perang kowe.
Raden sandoro : Arep perang ? kowe arep perang emange kuwe ws panas.
Indro katong : urong.MUSIK (MASUK ANAK-ANAK TARI)
Indro katong : Kurang Ajar
Raden sandoro : Kenopo emange?
Indro katong : Wani-wanine dekne njongkrokno aku saiki serang!!!!
PERANG ! ! !
Sri Huning : (melbu panggung nyekel tangane indro katong)
Indro katong : Hehehe koono wong wedok ayu seng melu perang nginiki lapo kue ndok. Sopo
kue?
Sri Huning : Aku sri huning putri tuban. Aku neng kene arep mateni kue.
Indro katong : Ora ngarah iso kue mateni aku. Timbang kue mateni aku mending kue dadi
garwoku.
Sri Huning : Aku ning kene orape golek bojo, aku ning kene arep mateni kue-kue kabeh,
minggato ko bojo negoro.
Indro katong: Ojo mlete kue (mendorong sri huning)
PERANG,,, SRI HUNING KALAH,,,
Indro katong : HAHAHA SOKOR
Raden wiratmoyo : (masuk panggung) Sri huning,,, sri huning,,, (mendekati sri huning) indro
katong Kenek opo kue mateni sri huning?
Indro katong : Amergo kue wes rabi karo bocah seng tak tresnani.
Raden wiratmoyo : Kue iso ngolehno Kumolo retno tapi ogak koyo ngene carane.
PERANG,,, RADEN WIRATMOYO KALAH…
Indro katong : SOKOR,, AHAHAH
Adipati Tuban : PUTROKU (mendekati raden wiratmoyo)
Indro katong : AHAHA,, SOKOR
Adipati Tuban : Kue uwes wani mateni putroku, kue bakal mati ne tanganku.
Indro katong : Aku mati ne tanganem? Ga mungkin perang sudah jatuh, aku ape mateni kue
Adipati Tuban : teko pusokoku iki getihmu bakal mili
PERANG,,, INDRO KATONG KALAH,,,

Akhire peperangan meniko dimenangake adipate tuban nanging ojon kuater, adipate tuban
meniko iseh iso besanan karo adipate bojonegoro. Deweke nikahake putrone raden sandoro
kaleh dewi Kumolo retno.
Adipati Tuban : Iki putroku seng bakal nikahi putrimu
Adipati Bojonegoro : Kepiye ndok gelem opo ora?
Kumolo Retno : Kulo manot romo
Adipati Tuban : Nek seng wedoke sampun purun lan seng lanang sampun purun dalane mok siji
yoiku rabi. Nggeh kulo dadi wong tuo ngrabiake putroku ne kene
RABI,,,
…TAMAT…

Anda mungkin juga menyukai