Anda di halaman 1dari 9

SUMINTEN EDAN

Ing jaman mbiyen, Kanjeng Bupati Trenggalek Raden Noto Kusumo kagungan putra asmaneRaden Mas
Subrata. priantun bagus, pinter, tur kagungan sipat andhap asor.

Wilayah Trenggalek dumunung ing sisih kulon, katentreman rakyat diganggu marang para begal sing
biasa muncul ana ing alas Ponorogo, akeh rakyat sing wadul njaluk tetulung marang Adipati
Suramenggala.

BABAK 1

Perusuh : Senajan wukir rata ing bantala, senajan baskara sirna ing ndonya, ora bakal ana sing
bisa nandingi. (karo ngguyu)

Suramenggala : He Perusuh! Sakdurunge malaikat izrail nemoni aku, aku isih bisa ngalahne sepiro-
piro kakuwatanmu.

Perusuh : Sapa kowe?

Suramenggala : Aku Warok Suramenggala, saka Kadipaten Trenggalek. Wong kang bakal ngalahne
awakmu.

Perusuh : Apa?? Wani-wanine kowe ngancem aku. Ayo dibuktekne sopo wong seng luweh
sekti.

(Perusuh lan Suramenggala banjur perang, ngadu kesektiane.Suwi anggone perang, akhire
Suramenggala iso ngalahne Perusuh)

Suramenggala : He Perusuh! Saiki kowe ngerti sapa wong sing luwih kuwat.kowe kudu ngalih saka
Kadipaten Trenggalek iki.ojo wani-wani mbalik rene lan gawe rusuh ning Kadipaten iki.

Amarga Suramenggala wis bisa ngalahne Perusuh, Prabu Nata Kusuma menehi titah marang
patihe supaya nggawa Suramenggala ngadhep Prabu Nata Kusuma.

BABAK 2

Suramenggala : Hormat kula, Prabu Nata Kusuma. Wonten punapa Raden ngutus kulawonten
mriki?

Prabu Nata Kusuma : Apa kowe sing jenenge Suramenggala?


Suramenggala : Inggih Raden.

Prabu Nata Kusuma : Amarga Kowe bisa ngalahne Perusuh, saiki kowe tak angkat Patih ing Kadipaten
iki.

Suramenggala : Hormat kula, Raden. Nuwun pangapunten sakderengipun, pripun menawi


panjenengan paring putra panjenenganSubrata saged nyuwitani putri kula Suminten?

Prabu Nata Kusuma : Menawa kui panjalukanmu, bakal tak kabulne, sing penting Kadipaten iki wis
aman lan tentrem.

Suramenggala : Matur Suwun Raden.

BABAK 3

Suminten seneng ra ketulungan sakwise ngerti crita saka bapake, yen deweke bakal dirabi putra Prabu
Nata Kusuma, Subrata sing jarene bagus rupane lan apik budine. Suminten wis ora sabar arep ketemu
Subrata.

Sakwise nunggu pirang-pirang dino, Subrata nyambangi Suminten ana ing omahe Suminten.
Subrata lan Suminten guyonan.

Subrata : Ni, kepriye kabare?

Suminten : Alhamdulillah, apik-apik wae kang mas. Sampean pripun?

Subrata : Sek koyo mbiyen.

Suminten : Koyo mbiyen? Koyo mbiyen pripun kang mas? kula taksih ngertos sampean
sakniki.

Subrata : Kowe ki ra ngerti aku?, putra Prabu Nata Kusuma nata bata lima ambruk sedaya.

Suminten : ooo... mekaten?

(krikk.. krikk.. krik.. krik..)

Suramenggala mlebu banjur ngakon Suminten nggawe unjukan kanggo Subrata.

Suramenggala : Piye to nduk, kok ora digawekne unjukan tamune.

Suminten : Inggih, ngapunten pak, kang mas.... (sempat metu gek mbalik neh) Oh inggih,
unjukane napa nggeh?

Suramenggala : Kopi wae. Sampean napa mas?


Subrata : Peresan banyu godong ijo saka Kasultanan cirebon kang digodog karo banyu
anget.

Suminten : Napa niku kang mas?

Subrata : Teh Anget.

Suminten : Oh, Inggih. Kula damelaken rumiyen. (ngalih)

Suramenggala : Ngapunten menawi panjenengan mboten kita sambut kanthi apik. Nggih namung
ngeten niki keluargane wong ndeso.

Subrata : Ora ngapa Warok Suramenggala.

Suramenggala lan Subrata nerusake anggone omongan ngenani kepriye ta Kadipaten Trenggalek,
lan uga ngomongne putrine, Suminten.

BABAK 4

Suminten lan Subrata tansayaakrab, malah Suminten ngroso kasmaran marang Subrata. Mangerteni apa
kang kedaden marang putrine, Suramenggala ngrasa yen putrine mokal anggone bisa dadi garwane
Subrata. Wes bola bali bapake Suminten, Warok Suramenggala ndhawuhi Suminten yen apa kang dadi
kekarepane Suminten mokal kelakon. Nyadhari kahanan kulawarga sing beda. Suminten sing saka wong
biasa bakal angel nyanding karo Subratasing anake Raden Kadipaten Trenggalek. Nanging piye maneh,
perasaan ora kena diapusi lan dipekso. Suminten tetep mendem rasa demene marang Subrata.

Suramenggala : Nduk, cah ayu. Kepriye sejatine isi atimu?

Suminten : Duh, rama sejatosipun kula tresna kalian Mas Brata. Dospundi rama ?

Suramenggala : Ngger, mangertio yen kulawargane awake dhewe bedho adoh karo

kaluwargane Raden Mas Subrata.

Suminten : Duh rama, kula sampun remen sanget kalian Mas Brata. Kula mboten Saget ngicali
raos tresna kula marang Mas Brata. (Suminten ora kuwawa Anggone ngempet tangise).

Ibune Suminten : Sabar nduk, kuatna atimu yen pancen Raden Mas Brata kui jodhomu bakal dadi
bojomu.

Suminten : Inggeh Biyung. Kula nggadhahi pangajap ingkang ageng mugi-mugi mas Broto
saged dados jodho kula.

Ibune Suminten : dadio kasunyatan apa kang dadi kekarepanmu, nduk.

(backsound : kelangan )
BABAK 5

Sawentara wektu sakwise kedadean iku, kulawarga Raden Subroto nduweni rencana bakal
nglamar Suminten. Semono uga, kulawargane Suminten wis nyiapake lamaran kanthi sae.Ananging,
sawijining prastawa kang ora dikarepake kedaden.

Patih : (Tok, tok, tok.) Kulanuwun.

Ibune Suminten : Mangga (karo mbukak lawang). Sinten nggih?

Patih : Nuwun sewu, kula minangka patih Kadipaten Trenggalek angsal kapitadosan saking
Raden Mas Subrata supados ngaturaken layang menika kagem Warok Suramenggala.

Suminten : Sinten biyung? Punapa Raden Mas Subrata ingkang rawuh?

Ibune Suminten : Dudu nduk, iki patih saka Kadipaten Trenggalek ngaturake layang saka Raden
Subrata.

(Ujug-ujug Warok Suramenggala nyaut layang kang dicekel garwane, lan banjur diwaca)

Suramenggala : APA??! Wani-wanine Subrata mlenjani janjine.

Suminten : Punapa Rama? Napa ingkang dipunaturaken Raden Mas Subrata wonten layang
menika?

(Banjur Warok Suramenggala maosake layang kasebut, laaaaaaan...................)

Suminten : NAPA ?????! mboten mungkin rama, mboten, mboteeeeeeeeeeeeeeen !

(Suminten ora sadar/semaput).

Suramenggala : Suminten !!! Suminten !!!

Ibune Suminten : Nduuuk !!! aja ngono, sadaro nduk. (Ibune Suminten nangis)

Sabanjure iku, sawetara wektu Suminten durung sadar. Suwasana kang kebak karaharjan, saklebatan
dadi kebak kawirangan.

Sawise 3 jam anggone ora sadar, Suminten sadar lan ujug-ujug ilang akal sehate.

Suminten : Mas Brotooooo, Mas Broto kan ??? Iya Mas Broto iku.... Rama, rama

ana Mas Broto.

Suramenggala : Nduuuk, iku dudu Broto, nduk sadaro aja nambahi wirange ramamu.

Ibune Suminten : Nduk, sadar nduk. Iku rama mu, dudu Subrata. Iki biyung nduk. (khawatir)

Suminten : (ngguya-ngguyu, banjur nangis)


BABAK 6

Sawetara iku, ing panggonan liya Suminten ketemu kanca-kancane, ijah, sari, lan wati.

(kanca-kancane padha ngrumpi)

Suminten : Opo suminten suminten?

Sari : BTW, hei min piye kabare? Ajake keri-keri iki kok ndak tau ngetok? Ning ndi wae
kowe?

Suminten : Aku? (ngguya-ngguyu) Dadi, awakmu ndak ngerti lak aku bakal rabi karo mas
Broto?

Wati : Wis ngene-ngene, ayo mulih ae min selak digoleki biyungmu bedhug-bedhug
ngene iki pangggah ngethek ae.

Suminten : Mulih? Mulih ning ndi? (ngguya-ngguyu)

Ijah : Ramamu yo nggoleki mau. Ayo mulih.

Suminten : Ogah aku.

(ujug-ujug suminten eruh kaya Subrata)

Mas Broto.. Doh Gusti, mas broto. (banjur marani salah siji pamirsa, lan paraga Mas Broto
lungguh ning sandinge pamirsa iku mau)

(kanca-kancane padha omong-omongan)

Ijah : Min, nyapo kowe mrono, iku dudu Raden Subrata.

Wati : Aduh, min ojo nggawe masalah neh to min.

Sari : BTW, wati, ijah tandangono Suminten. Aku tak ngaturi Warok Suramenggala.
(banjur marani Warok Suramenggala)

Ijah : Min, ayo mulih wae. Ojo ngisin ngisini. Wis yo.

Suminten : Ogah, aku pengen karo Mas Broto ning kene.

Ijah : Wati, tandangi wat.

Wati : Duh Gusti min, iki dudu Mas Broto. Deloken to, ndak ana mirip-miripe karo Raden
Subrata.

Suminten : Iki ki Mas Broto. Diomongi panggah ngeyel wae


Ijah : He, min. Tak dudoi, iki ki ndak enek miripe karo Raden Subrata. Deloken iku. Raden
Subraata ki kaya ngono kuwi (karo nunjuk paraga Subrata sing lungguh ning sandhinge pamirsa mau)

Suminten : (karo mikir) Oh iyo. Awakmu dudu Subrata.

(Akhire Warok Suramenggala marani Suminten, banjur digawa mulih)

Warok Suramenggala : Min, min. Rene, ayo mulih, digoleki biyungmu kae lo.

BABAK 7

Ing papan liya, cempluk lan biyunge lagi budhal menyang pasar saperlu blanja kaperluan sabendino.
Ananging, ana perusuh sing ngganggu.

Perusuh : He mbok, wenehno barang-barangmu iku!

Ibuke Cempluk : Ogah, wani pira?

Perusuh : Weh, wani-wani ne kowe ngomong ngono? (nggetak Ibuke cempluk)

(Ibuke cempluk banjur nguncalne keranjang blanja, lan perusuh langsung nyekel Cempluk)

Perusuh : Saumpama kowe ora menehne barang-barangmu, anakmu sing dadi jaminane.

Cempluk : Biyung, kula mboten purun biyung.

Ibuke Cempluk : Ojo ojo!

(perusuh lan ibuke Cempluk rebutan cempluk)

Ujug-ujug Raden Subrata teka.

Raden Subrata : He perusuh! Wani-wanine kowe kasar karo wong wedok. Yen wani kene, lawan
aku!

Perusuh : Hahaha... Sopo kowe? Ora usah melu-melu urusanku bocah cilik!

Raden Subrata : Opo jaremu?!

(Wong loro banjur tukaran, lan akhire Raden Subrata bisa ngalahne perusuh kuwi mau)

Raden Subrata : Pripun mbok? Panjenengan mboten nopo-nopo?

Ibuke cempluk : Ora le, matur suwun wis nulung aku lan anakku.

Raden Subrata : Inggih mbok, sami-sami.

Kepriye sampeyan ? Ora apa-apa ta?


Cempluk : Mboten Raden.

Ibuke cempluk : Lho? Raden?

Cempluk : Inggih biyung. Menika Raden Subrata, putranipun Prabu Nata Kusuma.

Raden Subrata : Inggih mbok.

Cempluk : Sembahsuwun Raden, menawi mboten wonten panjenengan kula kalih biyung
mboten mangertos pripun nasibe.

Raden Subrata : Ora apa-apa. Menawa aku oleh weruh asmane sampeyan, asmane sampeyan
sapa?

Cempluk : Kula cempluk Raden.

Raden Subrata : Wiwit saiki, simbok lan Cempluk kudu ngati-ati. Menawa sawayah-wayah butuh
pitulunganku, aku siap.

Cempluk : Sepindhah maleh kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng


panjenengan Raden.

Ibune Cempluk : Semono uga aku le. Mbokmenawa kersa, dakaturi pinarak ana omahku,
dakkenalake marang Ramane Cempluk, kepriye ?

Raden Subrata : Saumpama ramanipun duka pripun ?

Ibune Cempluk : Ora. Ora bakalan duka menawa weruh priya bagus lan nduweni budi pakerti kang
luhur kaya Raden.

Raden Subrata : Menawi ngaten, kula purun. Mangga !

( Cempluk, simboke, lan Raden Subrata banjur tumuju menyang omahe Cempluk.)

Cempluk, Simboke, lan Raden Subrata wis teka.

Ibune Cempluk : Kula nuwun.

Warok Siman : (mbukak lawang sinambi nyawang sapa sing teka)... oooo, saka ngendi mbokne?
Lho, sapa priya bagus iki ?

Ibune Cempluk : Iki asmane Raden Subrata. Piyambake wis menehi pitulungan marang aku lan
Cempluk. Yen ora ana Raden Subrata, ora weruh kepriye nasibku lan Cempluk.

Warok Siman : Saka ngendi asalmu wong bagus ?

Raden Subrata : Kula saking kadipaten Trenggalek, rama kula asmanipun Prabu Natakusuma.

Warok Siman : Berarti sampeyan Putrane Bupati Trenggalek ?


Raden Subrata : inggih rama.

Warok Siman : ya wis, daktinggal ana mburi dhisik. Ayo mbokne !

Subrata lan Cempluk omong-omongan. Ora disadhari saya suwe anggone omong-omongan, akhire
Cempluk keturon ana pundhake Subrata, semono uga Subrata keturon. Banjur ramane Suminten weruh
yen Subrata angggone cidro amarga wanita kuwi.

Warok Suramenggala : oooooo,,, tibake anane Brata cidro amaga wanita iki. .... ( nyawang kahanan
sakiwa tengene sepi, banjur Warok Suramenggala nyikep Cempluk menyang alas)

Banjur Subrata tangi saka turune. Dheweke bingung, ana ngendi Cempluk saiki.

Raden Subrata : Cempluk-cempluk..... (kaget mangerteni Cempluk ora ana ing sandhinge)

Raden Subrata banjur nggoleki Cempluk, pas teka ana ing sawijining alas dheweke weruh Warok
Suramenggala arep mateni Cempluk. Tanpa mikir dawa, Raden Subrata enggal nulungi Cempluk.

Raden Subrata : Apa sing arep kok lakokne marang Cempluk?

Warok Suramenggala : dudu urusanmu, bocah wadon iki sing wis nyebabake anakku edan.

Aku ora trima (arep mateni Cempluk).

Raden Subrata banjur nulungi Cempluk lan nglawan Warok Suramenggala. Ora disadhari Sari liwat ana
sangarepe wong mau, lan ngmong marang Suminten yen ana Subtrata. Suminten teka.

Sari : loh ana apa iki kok rame-rame? Lah iku bukane Raden Subroto lan Ramane
Suminten. Aku kudu ngandhani Suminten iki...

Sawise Sari ngadhani Suminten, Suminten lan Sari nyusul ing alas mau.

Suminten : Mas Brata ........

Sari : Kowe arep menyang ngendi min?

Suminten : Aku arep marani mas Brataku...

Ing omahe Cempluk, Ramane Cempluk, Warok Siman bingung anggone nggoleki anake sing mau lungguh
ing njobo omah karo Subrata. Banjur Warok Siman tumuju menyang alas kanggo nggoleki anake,
Cempluk. Nalika wis teka ing alas, Warok Siman weruh yen Cempluk ana ing kono. Banjur marani anake
lan.....

Warok Siman : ana apa iki? Apa kang wis kedaden ana ing kene?

Warok Suramenggala : He.. Warok Siman, iki anakmu to?

Warok Siman : iyo, nyapo anakku bisa ana ing kene?


Warok Suramenggala : anakmu iki sing nyebabake anakku edan. saiki anakmu kudu tanggung jawab.

Warok Siman : Anakku salah apa?

Warok Suramenggala : Wani-wanine ngrebut Subrata. Yen kowe weruh, Suminten anggone tresna
marang Subrata dibelani edan, apa mentala yen kudu weruh anakmu edan ?

Lagi gayeng-gayenge anggone crita ngenani Suminten, mara-mara......

Suminten : Iki pokoke Mas Brataku.....

Cempluk : Mas Brataku !

Suminten : hahahaa ..... Ora bisa ! iki Mas Brataku.....

Welas anggone weruh kahanane Suminten kaya mengkono, Warok Siman kang nduweni kekuwatan bisa
nambani wong edan, tanpa mikir dawa sanalika Suminten dijapani langsung waras saka edane.

Suminten : Rama, kula wonte pundi ?

Warok Suramenggala : Nduuuk, kowe ana ing alas....

Suminten : lhooo, Mas Brata.....

Raden Subrata : Iya Suminten, iki aku...

Warok Siman : saiki kepriye tanggung jawabmu marang bocah wadon loro iki ?

Raden Subrata : kula sampun tresna kaliyan Cempluk.

Suminten : kula nggih tresna kaliyan panjenengan Mas Brata....

Cempluk : kula inggih tresna sanget kaliyan panjenengan.

Raden Subrata : iya Cempluk semono uga aku Cempluk....

Warok Suramenggala : ora bisa... kowe kudu adil.... !

Raden Subrata : yen mengono, dakrabine Suminten lan Cempluk. Suminten minangka
bojo kaping pisan lan Cempluk bojo kaping pindho.

Akhire wong katelu iku urip bebarengan kanthi guyub rukun.

Anda mungkin juga menyukai