Anda di halaman 1dari 6

NASKAH DRAMA “SUMINTEN EDAN”

Suminten = Niken

Broto = Genaya

Cempluk = Zulfa

Bupati + ibu bupati = Rafli + Ghafira

Gunoseco + istri = Harun + Rosita

Suramenggala + istri =Bintang + Bulan

Surogentho = Arya

Utusan = Fadil

Sarinem = felin

Ing jaman ndisik Kanjeng Bupati Trenggalek Radhen Noto Kusumo duweni putra jenenge Radhen mas
Subroto, wong kang bagus lan pinter ngemong rakyat.

Wanci iku wilayah tenggalek sisih kulon, katentreman rakyat diganggu marang para begal sing biasa
muncul ana ing alas ponorogo, akeh rakyat sing wadul njaluk tetulung marang kanjeng adipati

Bupati : putraku Subroto cubo reneo, bapak arep matur

Broto : engge bapak

Bupati : kae para rakyat pada wadul menawa alas ing ponorogo akeh rampoke, saiki tak utus awakmu
ngatasi masalah iku

Broto: yen mekaten kulo badhe berangkat rumiyin

Ibu bupati : ati ati yo lee ( ucape kalian ngelus pundakke broto)

Broto : nggeh bu

Bubar rembugan karo bapane, broto banjur lunga nurut titah kanggo ngatasi masalah ing alas
ponorogo karo nganakake sayembara sapa wae sing bisa nyekel para begal (rampok) iku bakal
diwenehi hadiah.. Surogentho sing jebul ketua saka para begal mau reteni berita sayembara mau
banjur minggat saka alas ponorogo

Akhire poro pasukan begal podo mlayu dewe dewe nanging Surogentho iki metu soko alas bedo karo
2 begal liyane seng mlebu njero alas

Nanging begal begal kui ditangkep karo gunoseco, amargo nduweni niat ngrebut barang seng digowo
gunaseco, begal begal kui ora ngerti yen gunaseco iku warok sakti, akhire poro begal kuwi digowo
menyang adipaten

Gunaseco : sugeng kepanggihan kanjeng e

Bupati : ono rame rame opo iki?


Gunaseco : nuwun sewu jumbuh kaliyan sayembara kanti menika kulo sampun saget ngrikut poro
begal begal niki, la menika badhe kulo sowan aken dateng panjenengan

Bupati : oo dadi iki seng ngrisuh kadipaten trenggalek? Gek ndang dilebokno menjero ( para begal
diaman no karo prajurit ing njero adipati)

Ibu bupati : kakang gunaseco mergo sampean biso nangkep poro begal begal iki,kito bakal menehi
raja brana kanggo kakang gunaseco

Gunaseco : ngge matur nuwun kanjenge sakjane kulo mboten pingin soale gunoseco iku warok sugeh
nanging kulo ngge ajeng mawon

Ibu bupati : ngge sumonggo sampean gowo

(Ujug ujug Suminten teko karo ibukne)

Ibuk : lha iki bapakmu nduk

Gunaseco : lha meniko garwa kulo kaliyan yugo kulo si Suminten

Bupati : dadi kakang seco nduweni putri ayu?, ngenten kakang umpami putrine njenengan kulo pek
mantu pripun?

Ibu bupati : kulo setuju kang mas

Gunoseco : waduh saestu kanjeng??kulo kaliyan keluargo ngge purun sanget

Bupati : iya, saiki cepakno ubarampene kanggo nikahan e putrane awake dewe

Gunoseco : inggih kanjeng

Gunoseco lan keluargo banjur pamit lan nyepak ake upacara kanggo putrine suminten

•Ing tengah dalan, suragentho reti wong ayu sing jenenge cempluk, dasar wong kang olo suragentho
banjur nggodani cempluk

Surogentho : weleh-weleh ono cah ayu tenan iki… ( nguwasi cempluk ket nisor sampek ndukur)

Cempluk : sampean lanopo nguwasi kulo sampek koyo ngonten

Surogentho : kowe anak e sopo nduk? Wes ayu moblong moblong saweneng tenan aku ndelok e
( tatapan genit)

Cempluk : sampean ojo kurang ajar kaleh kulo

Surogentho : aku wes kadung srek karo kowe nduk, kowe gelem ra dadi bojoku? Tak jamin uripmu
biso mulyo karo aku

Cempluk : sopo sampean wani wani ne kate ngrabi aku

Surogentho : urung reti to koe (sambil membusungkan dada) jenengku suragentho, aku saka tlatah
ponorogo, timbange koe dewe'an nang kene, mbok ayo dolan mbi aku (gandeng tangan cempluk)

Cempluk : emoh aku emoh!!

Surogentho : ayo melu aku ndukk cah ayuu ( nguber cempluk )

Broto lan salah sawijine utusane sing ra sengaja lewat ing kono krungu jeritane cempluk
Cempluk : tulong tulong!!

Broto : sopo koe, wani macem macem karo wong wadon

Surogentho : opo urusanmu?, minggato kono

Broto : Oo urung reti koe, aku raden mas subroto,anak bupati trenggalek, saiki cul no wong wadon
iku

Surogentho : wani-wanine koe ngongkon aku

Banjur wong 2 iku padu nandingke ilmu, cempluk banjur kabur, rumangsa kalah broto langsung kabur
nyusul cempluk. Nanging Suogentho dicekel kalian utusane mas broto lan digowo menyang adipeten.

Cempluk ra tego ndelok mas broto mlaku sempoyongan lan pincang, akhire cempluk mapah mas
broto

Cempluk : kang mas monggo kulo papah

Broto : ora usah pluk

Cempluk : mboten nopo nopo kang mas, ngapunten kulo papah nggeh?

Broto mung iso meneng lan manut yen cempluk arep mapah, mas broto salut nyawang cempluk seng
ayu rupane lan alus wicarane

Broto : kowe arep nggowo aku nang ndi pluk?

Cempluk : ten griyo kulo mas, ben sampean ditambani kalian bapak

( ning omahe cempluk mas broto diramut lan ditambani kanti sabar lan Ikhlas)

Cempluk : makkk bapakk

Mak : lapo ndukk

Cem : kulo wau ten dalan mantun digudo kalian tiyang mboten kenal

Bapak : sopo seng wani wanine nggudo anak e suramenggala? Ngomongo bapak!

Cem : tiyang e wau sampun dibeto dateng adipaten, niki mas broto seng nulungi kulo

Larene ciloko pak

Mak : blai slamet kowe nduk, matur nuwun yo lee wes nulungi anakku

Broto : engge sami sami buk

Bapak : mreneo nduk kene tak tambanane

Cem : nggih pak

( banjur mas broto ditambani karo bapak, sakwise kuwi ibu karo bapak mlebu njupuk omben
omben )

Bapak : sek nduk bapak lan ibuk arep njupuk omben omben gawe mas broto

Cem : nggih pak

( sakmarine bapak lan ibuk ngaleh mas broto banjur wani ngomong marang cempluk)
Broto : dek cah ayu, aku arep ngomong

Cem : nopo kang mas?

Broto : sakdurunge aku matur nuwun sanget damel pitulunganmu marang aku, saknyatane aku
tresno sliramu awit kita awal ketemu, menawa kowe tak dadekne bojoku, opo koe gelem?

Cem : saestu nopo mas?

Broto : semene suwene ora ono wanito seng iso mlebu ing jejantunge atiku kejaba mung sliramu
wong ayu, saka njero ati aku tenanan marang sliramu

Cem : yen mekaten kulo purun nrimo sampean amargi kulo uga tresno kalian sampean

Broto : yen mengkono aku tak nyuwun restu marang wong tuwomu

(bapak lan ibuk mbalek nggowo omben omben kanggo mas broto)

Bapak : iki lo le cubo diunjuk

Broto : matur nuwun pak, pak kulo badhe matur

Bapak : opo le

Broto : kulo kaleh cempluk podo podo nduwe roso katresnan pak, kulo badhe nyuwun restu marang
panjenengan lan ibu yen kulo arep ngrabi cempluk (adegan pdkt ditambahi )

Bapak : opo kowe tenanan karo anakku?

Broto : saestu pak

Ibuk : yen ngunu opo cempluk gelem?

Cem : ngge kulo purun buk

Bapak : yen karepmu ngunu bapak lan ibuk maringi restu

( akhire broto lan cempluk rabi sakwise oleh restu)

(cempluk kalian koncone liwat dalan saking pasar nanging ora sengojo kepapasan gunaseco )

Sarinem : he pluk krungu krungu kowe sesuk arep dirabi karo mas broto ya?

Cempluk : iyo nem dek wingi bar oleh restu

Sarinem : tenane pluk? Mas broto anak e bupati trenggalek seng buagus tenan iku?

Cempluk : iya nem piye cocok ra karo aku

Sarinem : cuocok banget plukk pandungaku mugo langgeng lan dungakno aku ben iso ndue bojo
koyo mas broto seng ngganteng kuwii

Cempluk : isoo ae wes ndang ayo muleh

(Gunaseco krungu yen broto arep ngrabi cempluk nanging gunaseco ora percoyo)

Wancine pesta nikahan e Subroto lan Suminten, nanging ing tengah pesta ana kabar menawa nikahe
Suminten karo Raden mas broto di batalke amarga broto wis rabi karo cempluk

Suminten : bapak niki kulo saestu nopo nek kulo mantun niki kajenge dados garwane mas broto?
Gunaseco : iyo nduk temenan

Suminten : ya ampunn kulo suweneng sanget pakk, mboten nyongko kulo kajenge dirabi mas brotoo

(Suminten ngguya ngguyu kesengsem nanging ujug ujug ono utusane mas broto teko)

Utusan : nuwun sewu niki kulo badhe maringaken surat utusan ndugi raden mas broto

Gunaseco : surat opo iki?

Utusan : mboten semerap niki kulo namung diutus maringaken mawon

Gunaseco : iya wes matur nuwun

Utusan : nek ngonten kulo nyuwun pamit

(sakwise utusan e mas broto lungo warok gunaseco mbuka surat e, nanging gunaseco kaget karo isi
surat e)

Suminten : wonten nopo pak kok bapak katon sedih ?

Gunaseco : anu nduk……. Mas broto ……

Suminten : wonten nopo pak mas broto ? ( wajahe panik )

Gunaseco : ojo kaget ya nduk …. rabi mu karo mas broto dibatalne

Suminten : opo pak ? ora mungkin jare mas broto bakal rabi karo aku …. Ora mungkin pak

Gunaseco : sing sabar ya nduk ….. ditompo kanti Ikhlas

Suminten : ora pak ora …………. Mas brotooooo , mas brotooooo ayo rabi karo aku mass , aku tresno
koee maasss (ucape Suminten karo mlayu mlayu)

( Suminten dadi edan amargo rabine batal )

( Suminten nyawang fotone mas broto)

Suminten : mas brotoku sayangg kowe neng ndi mass, aku tenanan tresno kowe lo mass utututu

Suminten : mas brotoo mas brotooo muachh(ngecup fotone mas broto)

Gunaseco : awas koe broto, arep tak pateni koe wis marai putriku sedih koyo ngene!!

Banjur gunoseco lunga menyang papane broto lan cempluk

Gunoseco : He mas broto, metu koe, lawan karo aku!

Broto : lho wonten nopo to pak niki?

Gunoseco : koe wis marai anakku setres goro goro koe, saiki mati koe!!

Wong loro mau banjur padu, nanging ing tengahe padu suminten teko kalungan krupuk karo dandan
menor

Suminten : eh bapak, kok rene ngopo pak? Wah mas broto, koe kok tego ninggal aku to mas! Ning ora
popo aku isih tresno karo koe hahahaha
Suromenggolo : ono opo iki rame rame ( karo misahno broto lan gunoseco ) wes hop

Gunoseco : iki loh Suminten edan gara gara gagal rabi karo broto

Broto : ora saktenane aku ra pengen rabi karo Suminten

Gunoseco : meneng o broto , aku ngerti koe warok sing sakti cubo aku nyuwun tulung tambanono
Suminten ben waras

Suromenggolo : cubo tak tambani , mas broto celuken ibuk kalian cempluk ben nggowo omben
omben gawe Suminten

Broto : nggeh pak

( cempluk metu karo ibuk e nggowo omben omben gawe Suminten , Suminten di tambani
suromenggolo)

Suromenggolo : tombo teko loro lungo… ( Suminten waras )

Suminten : lo pak wonten nopo niki kok kulo ten mriki?

Gunoseco : akhire kowe waras nduk (gunaseco ngelus sirah e Suminten)

Suminten : lo mas broto kok gandengan karo arek iku?? ( broto gandengan karo cempluk)

Anda mungkin juga menyukai