Diceritaake ing sawijining negara kang gemah ripah loh jinawi toto tentrem kerto rahardjo,ana
pangeran kang urip kacukupan. Pangeranku yaiku putra mahkota kang arep ngganteni tahta
saklajenge. Ananging pangeran kuning ora puas karo uripe sing kacukupan. Pangeran kui lunga
menyang alas gawe golek jatidiri ne.
~Bagian 1
(Pangeran lan pengawal kaget weruh ana wong tuwa ing ngarepe)
Pangeran : Kula pangembara mbok, mbok.. ngapuntene, niki desa napa nggih?
Pangeran : Kulo kalih rencang kula lagi mangembara mbok, sak niki kulo kalih rencang kulo
kesasar.
MRD : Oalah.. kepiye yen kowe karo kancamu melu aku wae, kowe tak dadekake anak
angkatku. Saiki jenengmu Ande-Ande Lumut.
Ing isuk kang cerah, ono Mbok Randa Klenting lagi kumpul karo anak-anake. Anake mbok
Randa Klenting ayu ayu banget. Ana Klenting Abang, Klenting Biru, lan anak tirine yaiku
Klenting Kuning. Mbok Randa Klenting sayang banget karo anak-anake. Ananging beda karo
Klenting Kuning, amerga deweke anak tiri, deweke dibedakne.
(Sore-sore Klenting Kuning lagi nyapu, ora suwe ana Mbok Randa Klenting sing lagi ngawasi)
Mbok Randa Klenting : Anakku.. Klenting Abang lan Klenting Biru.. mbok nduwe kabar apik
MRK : Ing desa sebelah, Mbok Randa Dadapan nduweni anak lanang kang bagus banget, coba
jajale kowe kabeh nglamar, sapa ngerti ditampa.
Klenting Biru : Apa bener anake Mbok Randa Dadapan bagus mbok?
MRK : Wis..kowe coba wae. Saiki kowe kabeh tak dandani supaya tambah ayu
MRK : Putrine mbok pancen ayu kabeh. Wis ndang budalo, mesti anak lanange Mbok Randa
Dadapan bakal milih salah siji saka kowe.
(Klenting Kuning nyawang dulure arep budal nglamar anake Mbok Randa Dadapan)
Klenting Biru : Mesti kowe iri ya, karo aku lan mbakyu
(Klenting Abang lan Klenting Biru budal karo nyenggol Klenting Kuning nganti tibo kesungkur)
MRK : Oalah, yawis kowe oleh nglamar, tapi kowe kudu ngumbah klambi kui disik.
MRK : Mugo-mugo anake Mbok Randa Dadapan milih salah siji anakku, duduk Klenting
Kuning.
~Bagian 3
Klenting Kuning sak bendinane kerja tanpo sambat. Deweke bendinane dadi pembantu amerga
Mbok Randa Klenting lan Klenting liane kasar karo Klenting Kuning. Mung Klenting Kuning
lan gusti sing weruh apa kang deweke rasakne. Deweke mung bisa ngarep muga gusti menehi
ganjaran.
Klenting Kuning : Duh gusti.. kok kaya ngene uripku.. muga aku bisa kuwat nglakoni
Mbah Tuwa : Aku mrene arep ngewenehi kowe jimat. Saiki kowe budalo ing desa sebelah
kanggo nglamar anake Mbok Randa Dadapan
Ing kali kang deres, urip si Yuyu Kangkang. Yuyu Kangkang yaiku sing nguwasani kali ning
kono. Deweke licik lan rodok mesum.
Yuyu Kangkang : Kaline deres.. mbebayani banget. Aku gelem tapi aku njaluk upah
Yuyu Kangkang : Ora.. aku ora njaluk duwit, upahe yaiku nggandeng tanganmu kabeh
(Klenting abang lan biru iso nyebrang kali amargo bantuan Yuyu Kangkang)
Klenting Kuning : Yuyu Kangkang! tulung sabrangno aku. Mengko tak wenehi duwit
(Klenting Kuning ngetokne jimate banjur kaline dadi asat. Deweke bisa nyebrang kali lan budal
menyang omahe Mbok Randa Dadapan.)
~Bagian 5
Ing desa Dadapan, Mbok Randa Dadapan lagi nyapu. Neng njero ana Ande-Ande Lumut lagi
dunga marang gusti.
Klenting Biru : Kula Klenting Biru lan mbakyu kulo Klenting Abang kepingin nglamar anake
sampean mbok..
MRD : Yowis entenono. Saiki kowe Klenting Abang reneo coba tak omongke.
MRD : Putraku Ande-Ande Lumut, ana bocah ayu rupane kang pengen nglamar kowe. Klenting
Abang kang dadi jenenge..
Ande-Ande Lumut : Kulo mboten purun, Mbok.. senajan ayu tapi sisane cekelanne Yuyu
Kangkang
MRD : Putraku Ande-Ande Lumut, ana bocah ayu rupane kang pengen nglamar kowe. Klenting
Biru kang dadi jenenge..
Ande-Ande Lumut : Kulo mboten purun, Mbok.. senajan ayu tapi sami mawon sisa cekelane
Yuyu Kangkang
MRD : Putraku Ande-Ande Lumut, ana bocah ala rupane kang pengen nglamar kowe. Klenting
Kuning kang dadi jenenge..
Ande-Ande Lumut: Nggih, kula purun mbok.. senajan ala tapi niku kang kulo suwun
(Klenting Abang lan Klenting Biru kesel banget amerga deweke ora dipilih. Malah Klenting
Kuning kang dipilih)
Ande-Ande Lumut: Mbok.. aslinipun kulo niki putra raja ingkang mangembara
Ande-Ande Lumut : Nggih, Mbok.. sak niki kula sampun angsal napa sing kula suwun. Mangka
sak niki kula bade balik ing kerajaan, matur suwun sanget nggeh mbok..
(Klenting Kuning dadi putri kang ayu banget. Sak tenane deweke yaiku uga putri saka kerajaan.
Ande-Ande Lumut lan Klenting Kuning rabi. Deweke urip ayem selawase.)