Anda di halaman 1dari 8

“Andhe-andhe Lumut”

Prolog
Kadadosan ing Negari ingkang gemah ripah loh jinawi , tata tentrem kerta raharja .
wonten salah sawijining pangeran ingkang gesangipun sarwe kacekapan . pangeran
kala wau inggih punika putra mahkota ingkang bade nglajengake tahta kerajaan .
Ananging pangeran kala wau mboten marem kalih gesangipun ingkang kacekapan .
pangeran kapingin lelono. Nglampahi wono. Pangeran kepingin madosi jati dirine ugi
penggalaman gesang . saking mriku wau kawiwitan lelampahan gesangipun pangeran
ingkang manggihake sisihan gesangipun inggih punika lare wadon ingkang sae
manahipun lan ayu pasuryane.

Bagian 1 :
Ing alas <awal>
Kalih tiang kaneman mlampah ngelewati wono ingkang rimbun . ningali kanan
keringipun mboten bilih wonten kewan utawi peksi ingkang saget dipun buru.
Kaneman bagus kalihan pandereke. Paneman wau sakyektosipun inggih punika
pangeran ingkang lelono kangge pados jati dirinipun .
(keterangan: tiga orang berjalan waspada melihat keatas dan kebawah, mencari binatang
buruan)
Pangeran :   Jo… jo...kowe neng endi? jo…. Bejo... Tejo…
Bejo :   Pangeran….  Pangeran…. Panjenengan wonten pundi pangeran?….
Tejo : Pangeran... Pangeran...
(keterangan: berjalan mundur…. Kemudian bertabrakan bersama, sampai gelimbungan).
Pangeran :   aduh... kowe kui ati-atio….
Bejo :   hehehe.. ngapunten pangeran… kula mboten ngertos pangeran enten
wingking kula…
Pangeran :   rene Jo rene!!!... Aku arep cerita.
Bejo & Tejo : wonten napa pangeran...
(keterangan:  dua orang duduk bersama dan bercerita)
Pangera :   Kok renek kewan dina iki ya?
Bejo :   Injih pangeran sepi sanget…!!!
Tejo : Injih sepi...
(Keterangan : Pangeran dan pengawalnya berdiri, Kaget melihat ada orang di hadapan
mereka)
Pangeran :   Siapa kui jo…
Bejo :   kula mboten ngertos pangeran.
Pangeran :   ngapunten bu , kula bade tanglet?
(keterangan:  Yang ditanya diam, tidak menjawab, sibuk dengan kayu bakarnya)
Pangeran                      :   Kulanuwun… bu….
(keterangan:  Pangeran mendekat pada mbok rondo, tiba-tiba mbok rondo kaget melihat
pangeran)
Mbok rondo dadapan :   waladalah…. Sapa kowe?..
Pangeran :   kula penggembara bu… ngapunten niki dusun napa nggih?
Mbok rondo dadapan : Iki dusun dadapan le… kowe arep ngapa neng kene??
Pangeran : kula bade menggembara bu. ananging kula tersesat mboten ngertos
dalane.
Mbok rondo dadapan :   Wah.. yowes... kowe melu mbok wae pie le?? tak dadekne anak
angkatku yen kowe gelem.
Pangeran :   Wah.. injih bu kulo purun bu..
Mbok rondo dadapan :   mulai sekiki kowe dadi anakku. Kowe tak jenengke ande-ande
lumut ya le.
(keterangan:  Pangeran bersama dengan pengawal dan mbok rondo pergi menuju
rumahnya)

Bagian 2 :
Ning omahe klenting-klenting
Wonten injang ingkang terang Mbok rondo kleting nyawiji kalihan putri-putrinipun.
Putri-putri Mbok rondo kleting sanget ayu pasuryane, piyambake inggih punika kleting
abang, kleting ijo, klenting biru, ugi salah sak tunggaling putri tirinipun  ingkang nami
kleting kuning.
Mbok rondo kleting sanget remen lan tresno kalian putri-putrinipun , ananging benten
kalian kleting kuning, dados putri tiri piyambake sanget dibentenake katresnonipun.
Kleting kuning didawuhi nyapu,ngresiki griya lan ugi nyambut damel ing sawah .
sanget mrihatinake kleting kuning.
(keterangan: datanglah kleting kuning membawa sapu, menyapu dan mengepel lantai.
Duduk di pojok ruangan. Tak lama datang mbok rondo mengawasi kleting kuning. Disusul
sodaranya kelting merah,dan hijau berjalan menuju mbok rondo)
Mbok rondo Kleting : Anak-anakku  sing ayu-ayu… rene nduk
Kleting-kleting :     injih Mbok…
Mbok rondo :     ngene nduk ana berita sing penting banget…
Kleting abang :     Berita apa to mbok…
Kleting ijo : Iya mbok enten napa ta?? (manja, mendekat sambil memegang
tangan mbok rondo kleting)
Mbok rondo kleting :     kowe ngerti ta… mbok rondo dadapan kui duwe anak sing bagus
banget, jenenge andhe-andhe lumut.
Kleting-keleting :     Owh… andhe-andhe lumut...
Mbok rondo klenting : iyo,, mbok rondo dadapan gawe sayembara kanggo anake, andhe-
andhe lumut sing lagi goleki garwo pendampinge…
Klenting-klenting : wahh... purun sanget bu….
(keterangan :kleting merah, hijau, dan biru bersama bergaya manja, centil)
Mbok rondo kleting :     iya… mengko mbok arep dandani kowe-kowe gen dadi putri sing
ayu-ayu, sapa ngerti salah sijine kepilih dadi garwone andhe-andhe
lumut. Klenting kuning ora usah dikandani.
Kleting-kleting :     Iya mbok.. purun_purun…
Kleting abang : wahh mesti aku sing dipilih mengko, kan aku ayu…
Kleting ijo : ora iso,,!!mesti aku sing dipilih andhe-andhe lumut dadi
garwone….
Kleting abang : heh!! Aku kan luwih tua saka kowe…kudune kowe ngajeni aku
dadi mbakyumu…!!!!
Mbok rondo kleting :   wes-wes to!! Rasah padu..anak-anake mbok kan ayu-ayu,,rasah do
udur…!!   Gek neng njero,,siap-siap dowan!!!
Kleting-kleting : injih  mbok….
(keterangan: kleting merah,hijau meninggalkan mbok rondo dan masuk kerumah)
Mboten dangu melih , kleting kuning ingkang saking wau mirengake pirembugan
saderekipun , datengi mbok rondo lan dialog.
Kleting Kuning :     Mbok… kulo bade matur…
Mbok rondo kleting :     Matur opo….? Apa kowe wes rampung nyapune ?
Kleting kuning :     Sampun mbok…, ngenten  mbok… kula inggih kepingin nglamar
dados garwone ande-ande lumut kados mbakyu-mbakyu klenting.
Mbok rondo kletling :     Owh yowes.. rene tak dandani kowe.
(keterangan:  mbok rondo memberikan angus dan bau-bau tidak sedap kepada Kleting
kuning)
Mbok rondo Kleting :     yow wes sakiki kowe ngumbahi klambi-klambine mbakyumu karo
gone mbok neng kali kono.
(keterangan:  Mbok rondo mendorong Kleting kuning dengan kasar)
Kleting kuning :     Injih mbok…
(keterangan:  Kleting kuning meninggalkan mbok rondo dan menuju dapur)
Mbok rondo Kleting :    Hahaha…muga-muga sing ditrima dadi garwone andhe-andhe
lumut  yaiku salah sijine anak-anakku.. dudu kleting kuning.
(keterangan:  mbok rondo kleting tertawa terbahak-bahak, menuju kedalam rumah)
Kleting kuning nampi menapa ing ingkang dipun langkahi kanti sabar dipun dawuhake
mbok rondo kleting ditampa kanti lemah manah .
dirumah keluarga kleting-kleting

Bagian : 3
perjalanan menuju sungai,, suara ghaib
Kleting kuning saben dinten nyambut damel ,ngresiki griya,ugi nyambut damel wonten
lading. Mboten karaos sayah lan keluh kesah . sinaos piyambake dipun damel mboten
sae kaliyan mbok rondo klenting. Naming piyambake ugi Gusti Allah ingkang ngertos
sengkowo piyambake . piyambake ngajengaken Gusti Allah bade maringi ganjaran
ingkang sae kangge piyambakipun.
Kleting Kuning             :   Duh… Gusti ngenten niki geangipun kula…mugi-mugi kula saget
nampi kanti lemah manah.
Widodari 1 :   Hai… cah wadon ayu.
Kleting kuning :   Siapa kui…
Widodari 1 :   Kowe rasah wedi.. aku sifat sae sing ana ing njero awakmu. …
Kleting kuning :   ameh ngapa kowe?..
Widodari 2 :   Aku arep menehi kowe pusaka, terimonen, mugo-mugo pusaka iki
keguna karo kowe. Iki jenenge Jimat Kalimosodo. Terimonen cah
ayu.
Kleting kuning :   Injih matur nuwun..
(keterangan:  Kleting kuning meninggalkan sungai dengan membawa pusaka barunya).

Bagian : 4
Yuyu kangkang
Lan salah sawijining lepen ingkang toyonipun santer , wonten mriku yuyu kangkang
gesang. Piyambake ingkang nguasani lepen menika . piyambakipun si yuyu kangkang
ingkang julik.
(keterangan:  Yuyu kangkang sang penjaga sungai sedang mondar-mandir mengawasi jika
ada orang datang).
Yuyu kangkang : Hohohoho... Godong waru ko bolong-bolong... bocah ayu ko
moblong- moblong... Sapa kae sing teko??
(keterangan: kemudian datang Kleting Merah   dan hijau menuju pinggir sungai)
Kleting abang : Wah… kaline banjir…
Kleting ijo : Iya mbakyu… piye carane awake    dewe nyebrang??
Kleting abang : kosek-kosek…….kae ono yuyu kang-kang to????
Kleting ijo : Wah… iya.. ayo jaluk tulung yuyu kang-kang wae mbakyu..
Kleting abang : Iya ... Yuyu kangkang… yuyu kangkang…
Yuyu kangkang : Hahaha… ana apa cah ayu-ayu…
Kleting abang : yuyu kangkang, aku jaluk tulung kowe. tulung sebrangke lewat kali
iki
Yuyu kangkang : Wah…abot banget kui, tapi enek syarate cah ayu….enek imbalane
Kleting abang : imbalane apa to? kon mbayar ngango duit? Wah kowe kui mata
duitan…
Kleting ijo : yowes lah yen duit gampang….mengko tak bayar..
Yuyu kangkang : dudu duit…aku rak doyan…. Hahaha
Kleting-kleting : Prett….
Yuyu kangkang : Imbalane yaiku ngango tangamu..
Kleting abang : apa tanganku???ameh bok kapakne??
Yuyu kangkang : ora tak kapak-kapakne…mung tak ambung sitik…
Kleting ijo : ihhhhh,,,emohh ahh….gilani…
Kleting abang : iyo,,apa renek imbalan liyane..??mosok tanganku sing wangi iki bok
ambungi?? hiiiii
Yuyu kangkang : yow wes yen wegah…yen suwe-suwe mengko imbalance nambah…
(keterangan: kleting merah dan hijau berembug)
Kleting abang : yow wes,,,tapi neng tangan wae,,sedilit tok….
(keterangan: yuyu kangkang menyebrangkan kleting merah. dan hijau bergantian)
Yuyu kangkang : Wah…  seneng banget aku iso ngambung tangane cah wadon ayu-
ayu..
(keterangan:  datanglah kleting kuning akan menyebrang)
Yuyu Kangkang :   Hohoho.. apa kui??.. ambune rak enak,,,rupane elek banget.
Kleting Kuning :   Wah… kok banjir to??pie carane aku iso nyebrang??
Wah kae enek yuyu kangkang,,yuyu kangkang merene.tolong sebrangne aku.
Yuyu kangkan :   Hahaha… aku wegah
Kleting kuning :   mengko tak keki duit…
Yuyu kangkang :   aku wegah, wes kono lungo.. ojo rene meneh!!dasar wung wadon
elek
Kleting Kuning :   alah…kowe kok jahat to Yuyu kangkang…
(keterangan: Kleting kuning mengeluarkan biting)
Kleting kuning :   Yowes yen kui karepmu. Aku arep gawe kali iki asat.
Dumadaan lepen menika asat , yuyu kangkang kacilakan lajeng kesah tebih. Sak
lajengipun klenting kuning saget lumampah nyebrang lepen menuju griya mbok rondo
dadapan , griyanipun si ande-ande lumut.
(Yuyu kangkang mati)

Bagian 5
dirumah mbok rondo dadapan (awal)
Salah sawijining dusun ingkang nami Dadapan , mbok rondo nembe nyapu griya ,
wonten ndalem mriku wau si ande-ande lumut nembe ngaji wonten salah sawijining
surau . ngentosi gengantilaning manah ingkang dipun janjiaken Gusti Allah kangge
piyambake.
(keterangan: Mbok rondo sedang menyapu halaman rumah, tiba-tiba datang rombongan
gadis-gadis cantik, kleting merah, biru dan hijau)
Kleting-kleting : Assalamu’alaikum…
Mbok rondo dadapan : Wa’alaikumsalam, sapa ya…
Kleting abang : kula mbok…Kleting Abang
Kleting ijo : kula klenting ijo mbok
Klenting biru : kula klenting biru mbok
Mbok rondo dadapan : wah.. ono cah wadon ayu-ayu arep ngopo iki??
Kleting-kleting : Kita arep nglamar Ande-ande lumut mbok…
Mbok rondo dadapan : Owh.. arep nglamar ande-ande lumut… sek ya… tak
omongne ande-ande lumut…
(keterangan:  mbok rondo menyanyikan lagu)
(kleting abang)
Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang
ngunggah-unggahi… putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting abang iku kang dadi asmane…
Ande-ande Lumut : Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu … kulo mboten
medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.
Mbok rondo dadapan : Wah… ora gelem ki nduk….
Kleting ijo : Cobi kulo mbok…
(kleting ijo)
Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang
ngunggah-unggahi… putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting ijo iku kang dadi asmane…
Ande-ande Lumut : Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu … kulo mboten
medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.
Mbok rondo dadapan : wah… ora glem sisan ki…
Klenting biru : cobi kula mbok, mesti purun iki (centik)
(kleting biru)
Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang
ngunggah-unggahi… putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting biru iku kang dadi asmane…
Ande-ande Lumut : Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu … kulo mboten
medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.
Mbok rondo dadapan : wah… ora glem kabeh kae…
Klenting biru : pripun to, wong ayu-ayune ngene kok mboten purun
Klenting abang : lha iyo, wes ayo gek ndang bali ae
Klenting ijo : eh sek-sek. ambune opo iki?
Klenting biru & abang : iyo eh ambune raenak banget. hih
(Tidak lama kemudian, datanglah Kleting Kuning, dari kejauhan sudah tercium bau yang
tidak enak, wajahnya coreng moreng karena debu.)
(keterangan : datanglah Kleting Kuning menuju mbok rondo)
Kleting kuning : Assalamu’alaikum…
Mbok rondo dadapan : wa’alaikumsalam… sopo iku ya…
Kleting kuning : kula Kleting kuning mbok… bade nglamar Ande-ande lumut.
Mbok rondo dadapan : Opo.. arep nglamar anakku??? Ora salah to…
Kleting merah : La iyo… rupamu elek ambumu rak enak. aku wae sing ayu
ditolak kok sansoyo kowe??
Kleting Kuning : Di coba disik mbok…

(kleting Kuning)
Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang
ngunggah-unggahi… putrine kang olo rupane.. kleting kuning iku kang dadi asmane…
Ande-ande Lumut : Duh ibu… kulo inggih purun… dalem putro inggih bade
medun, najan olo meniko kang putro… suwun.
Mbok rondo dadapan : Lo… apa rasalah kowe le tole??
Ande-ande Lumut : mboten bu niki sampun dadi pilihane kula
(keterangan ; kleting-kleting kusak-kusuk)
Mbok rondo dadapan : Owh.. yen kui pilihanmu karepmu le..ibu manut wae.
Ande-ande lumut  : Ibu.. kula bade ngomong jujur setunggal hal
Mbok rondo dadapan : Apa kui???
Ande-ande lumut : Ibu… sak jane iki kulo iku pangeran ingkang menggembara
golek penggalaman urip.
Mbok rondo dadapan : Apa… pangeran…???
Kleting-kleting : haa!!!!……???? Pangeran…???
(keterangan; kleting-kleting pingsan)
Pungkasane klenting kuning dados sisishanipun ande-ande lumut ,pasuryanipun
ingkang awon ugi mambet dumadakake dados putrid ingkang ayu , sejatosipun
piyambake inggih punika Putri Sekartaji . Lan ande-ande lumut sakmeniko dados Raja
ngetosi kerajaan Ramanipun . pangeran ugi klenting kuning ,gesang slaras saklawase.
___________Semoga Sukses_________

Anda mungkin juga menyukai