Anda di halaman 1dari 6

Pembagian Peran

Klenting Kuning :
Klenting Abang :
Klenting Hijau :
Mbo Rondo :
Klenting Merah :
Narator :

Ing sak wayahing dina, angin topan melanda sebuah desa sing aman lan tentrem. Kabeh
omah rusak lan ancur, wit-wit podo miber ora karuan. Para warga desa uga akeh sing mati,
termasuk keluargane si klenting kuning. Bapak lan Ibune mati kerana ketiba wit kelapa sing
tumbang. Mulane klenting kuning kudu menyang Budhene yaiku Mbok Rondo Dadapan.
Mbok Rondo duwe 2 orang putri sing jenenge Klenting Abang lan Klenting Ijo. Dheweke
sering musuhi Klenting Kuning lan nganggep dheweke budak.

Adegan 1 :
Klenting Kuning : Kolonuwun…
Klenting Abang : Ana apa? Arep ketemu sapa?
Klenting Kuning : Ngapunten, kula arep ketemu Mbok Rondo Dadapan. Kula arep numpang
urip wonten mriki amarga kula mboten duweni napa-napa malih. Bapak lan Ibu kula sampun
sedha kala wingi amarga angina topan.
Klenting Abang : Apa? Arep numpang ning kene? Sepurane, gak isok!
Klenting Ijo : Iya! Wis kono dolek panggon liyane. Wis ora cukup yen ning kene!
Klenting Kuning : Kula nyuwun tulung sanget, kula sampun mboten wonten tujuan malih…
Mbok Rondo : Anak-anakku… ana apa toh iki? Kok podo ribut-ribut… ana apa?
(menghampiri Klenting Kuning) Lho… Sapa iki?
Klenting Kuning : Mbok… kula sampun mboten gadah tujuan damel urip, Bapak Ibu sampun
sedha amargi angin topan kala wingi. Kula badhe numpang ten mriki, Mbok. Kula janji bakal
nurut napa mawon dawuhe jenengan.
Klenting Abang : Alaah… wis to Mbok! Mboten wonten gunane nanggepi dhe’e.
Klenting Ijo : Nggih Mbok, wong griyanipun sampun cekap mboten wonten kamar malih.
Mbok Rondo : (Mbok Rondo berpikir sejenak) Wis ngene wae, yen bener awakmu arep
numpang urip ning kene, tak olehi. Tapi syarate, awakmu kudu ngerewangi lan garap kabeh
penggawean ning omah iki.
Klenting Kuning : Wuah…! Nggih Mbok, matur suwun sanget… (sambil mencium tangan si
mbok berkali-kali dan klenting yang lain merasa risih)
Mbok Rondo : Wis cukup. Saiki awakmu resik-resik omah dhisik. Ayo!
Klenting Kuning : Nggih Mbok….

Adegan 2 : Omah
Mbok Rondo : (membawa keranjang) Klenting Merahh!, Klenting Kuning!, Klenting Hijau!
Semua Kelnting : Dalem mbok….
Mbok Rondo : Mbok arep budhal menyang pasar. Gendhuk-gendhuk ku sing ayu-ayu iki
meneng ning omah wae yo. (melirik Klenting Merah, Klenting Biru, dan Klenting Hijau)
Mbok Rondo : Nah kowe Klenting Kuning, ojok lali nyapu, umbah-umbah, kora-kora, lan
nyiapno mangan gawe para mbak yu mu iki. Pokok e pas aku bali kudu wes beres kabeh.
Ngerti?
Klenting Kuning : Nggih Mbok.

Sakwise Mbok Rondo budhal menyang pasar, para klenting pada melbu lan nduweni
kesibukan e dhewe. Nanging Klenting Kuning malah sibuk garap penggawean omah ket isuk
sampek awan.

Klenting Merah : Aduuuhh puanas banget iki. Klenting Kuningg…. Klenting Kuning….
Jupukno ngombe sing enak cepetan!
Klenting Kuning : Nggih mbak, sekedap… (membawa gelas) Niki mbak banyune…
Klenting Merah : Kok ra ono es e?! Awakmu gak weruh toh nek dino iki puanas banget?!!
Wes cepet jupukno banyu es!
Klenting Hijau : Klenting Kuniiingg!! Cepet masak kanggo mangan awan! Wis luwe banget
iki!
Klenting Biru : Ojo kesuwen yo, terus sing enak! Ojo pedes-pedes, aku gak iso mangan
pedes!
Klenting Kuning : Nggih mbak…
Klenting Merah : Ehh rene sek! Nang endi es e? Dikongkon ngene wae kok suwe men!
Klenting Kuning : Niki mbak es e…
Klenting Merah : Mbak… mbak mbak emang aku mbakmu po? Celuk aku ndoro putri!
Klenting Kuning : Inggih ndoro.
Klenting Hijau : Wis kunu ndang masak! Penggawean mu sek akeh iki!

Adegan 3 (Dapur)
Klenting Kuning (memasak di dapur)
Klenting Biru & Hijau (membawa cucian)
Klenting Hijau : Kuningg ojo kesuwen masak e!
Klenting Biru : Yen wis mari iki klambi kabeh umbahen nganthi resik yo!
(Baju-baju itu dilemparkan di hadapan Klenting Kuning)
Klenting Kuning : Inggih ndoro.
Klenting Kuning nyiapno mangan awan kanggo mbak yu-mbak yu ne banjur siap-siap arep
umbah-umbah menyang kali. Nanging sak durunge Klenting Kuning mangkat, Mbok Rondo
mulih saka pasar karo nggawa lembaran kertas pengumuman saking kerajaan. Klenting
Kuning sing weruh akhir e ora sida mangkat dhisik…

Mbok Rondo : Anak-anakkuu! Klenting Merah... Biru... Hijau! Ayo podo rene! Deloken si
Mbok nggawa apa…
Para Klenting : Dalem Mbok…
Mbok Rondo : Deloken, ono pengumuman langsung saka kerajaan sing ngumumno
sayembara jodoh gawe Pangeran Ande-Ande Lumut!
Klenting Biru : Sek toh, niki Pangeran Ande-Ande Lumut sing desa seberang niku toh Mbok?
Mbok Rondo : Iyo cah ayu, bener!
Klenting Hijau : Waah…Pangeran Ande-Ande Lumut sing ganteng kuwi toh!
Klenting Merah : Aku mesti kepilih iki! Aku kan sing paling ayu!
Mbok Rondo : Yo mesthi iku! Mene pokok e kalian kudu macak sing uayu supaya bisa dadi
garwane Pangeran Ande-Ande Lumut!
Klenting Merah : Njih Mbok!
Klenting Kuning : Mbok, kula angsal tumut nggih?
Klenting Biru : Heh! Awakmu sapa arep melu sayembara??
Klenting Hijau : Ngimpi toh kowe?
Mbok Rondo : (Mbok Rondo berpikir sejenak) Wis ojo pada rebut! Oleh wae yen arep teka.
Toh Pangeran Ande-Ande Lumut durung karuan bakal seneng karo cah wedok ora iso macak
kaya kowe. Nanging syarate, kabeh penggawean omah kudu wis beres sak durunge kowe
budhal. Wis, aku arep istirahat dhisik.
Klenting Merah : (Menengok kanan kiri, memastikan Mbok Rondo sudah memasuki kamar)
Klenting Kuning! Awakmu mene kudu tunggu omah, resik-resik, ora ono acara melu-melu
sayembara barang!
Klenting Biru : Bener kuwi! Ora karuan Pangeran Ande-Ande Lumut gelem karo kowe!
Klenting Kuning : Tapi ndoro…
Klenting Merah : Wis ora ono tapi-tapian!
Klenting Kuning : Njih ndoro….

Adegan 4 (Keesokan harinya)


Klenting Merah : Mbok, kula sampun ayu toh?
Klenting Hijau : Mbok, kula sampun wangi dereng?
Klenting Biru : Njih Mbok, sedaya pun rapih, ayu, tur wangi. Mesthi Pangeran Ande-Ande
Lumut bakal milih salah setunggal saking kita.
Mbok Rondo : Wajib iku! Wis podo ayu kabeh. Lha Klenting Kuning nang endi?
Klenting Hijau : Ohh pasti mboten saget tumut mbok. Dereng rampung sedaya penggaweane.
Mbok Rondo : Walah yo wis. Yen ngunu ayo budhal.
Para Klenting : Njih Mbok.

Adegan 5 (Kali)
Amerga penggaweane durung beres, nalika Mbok Rondo lan dulur-dulur e budhal
menyang desa seberang, Klenting Kuning malah budhal menyang kali gawe umbah-umbah
klambine para klenting liyane. Klenting Kuning sedih amerga dheweke pengen melu
sayembara Pangeran Ande-Ande Lumut.
Klenting kuning : hu,… hu…
Klenting kuning : aku pengen banget teka ning sayembara kuwi… Nanging yen klambine sak
mene akeh e yo bakale suwi…
Pas Klenting Kuning isih umbah-umbah klambi, wadah sing isine klambi-klambi
durung diumbah moro-moro kintir nanging ora suwi bali karo klambi-klambine sing wis
podo diumbah kabeh.
Klenting Kuning : Walah iki lak wadahku toh.. prasaku mau isih ning pinggir… (mengambil
wadah seperti ember yang mengambang di sungai)
Klenting Kuning : loh loh, sek toh… kok klambine wis pada resik kabeh ngene? Wis wangi
pisan. Kan mau durung tak umbah? Terus kok ana botol cilik iki botole sapa ya?
Klenting Kuning sing bingung banjur tolah-toleh nggoleki sapa sing ngumbahi klambi-
klambine lan ngewenehi botol kuwi. Ora suwi muncul swara nanging ora ana pawujudane…
Swara : Nduk nduk, cah ayu Klenting Kuning. Budhalo….
Klenting Kuning : sapa kowe?
Swara : Aku dewi sing ditugaske kanggo njaga kali iki. Ayu atimu tur ayu parasmu. Budhalo,
wis tak tandhange kabeh penggaweanmu.
Klenting Kuning : Ngapunten Dewi, nanging kula mboten semerap radosan ten desa
seberang...
Swara : Yen mari saka kene, mlaku o meloki arus kali iki. Mengko sira bakal ketemu
jembatan sing dijaga karo Yuyu Kangkang. Botol kuwi senjata ampuh kanggo nandhaake yen
sira wis oleh izin saka aku.
Klenting Kuning : Njih Dewi, matur nuwun pangestunipun. Kula bidhal riyen...

Adegan 6 (Yuyu Kangkang ning ngarep jembatan)


Sakwise oleh pangestu saka dewei sing njaga kali, Klenting Kuning banjur siap-siap
kanggo budhal menyang desa seberang. Nanging Mbok Rondo karo dulur-dulur e malah isih
bingung arep nyeberang kerana dicegat karo si Yuyu Kangkang.
Yuyu Kangkang : Walah dalah, wis pada ayu-ayu ngene badhe tindak pundi toh?
Mbok Rondo : Kebetulan iki! Aku lan para putriku arep menyang desa seberang. Arep melu
sayembara Pangeran Ande-Ande Lumut. Bisa kowe nyebrangke?
Yuyu Kangkang : Yo mesthi iso! Nanging ana syarate!
Klenting Merah : Apa syarate?
Yuyu Kangkang : Yen mengko wis tutuk seberang, tanganmu kabeh bakal tak ambungi siji-
siji. Piye?
Mbok Rondo : lha dalah, mosok aku ora melu sayembara kudu melu kenek ambung Yuyu
Kangkang??
Yuyu Kangkang : Sapa wae sing ngelewati jembatan iki berarti kudu bayar upahe. Yen ra
gelem yo ora usah lewat kene.
Klenting Biru : Aduh mbak yu, moh aku yen diambungi Yuyu Kangkang!
Klenting Hijau : Pada, gila aku! Ihhh…
Klenting Merah : Lah mbok kira aku gelem, po? Mbok mbok, mboten wonten cara liyane
napa?
Mbok Rondo : Wis nduk ora popo, Yuyu Kangkang among ngambungi tanganmu tok. Ora
ana sing bakale weruh!
Para Klenting : Nggih pun Mbok…
Yuyu kangkang : Ayo para putri, cekelan sing kuat yo…
Yuyu Kangkang : (setelah sampai) Ayo rene siji-siji, tak ambunge tangane hahaha…
Ora let suwi, Klenting Kuning teka arep nyeberang. Yuyu kangkang sing mari
nyebrangake Mbok Rondo lan para Klenting banjur seneng bakal oleh mangsa maneh.
Dheweke ora weruh yen Klenting Kuning gawa botol sing diwenehi Dewi…
Yuyu Kangkang : Nduk cah ayu, arep nyeberang pisan toh?
Klenting Kuning : (Sedikit takut) Iyo, tapi aku mung iso ngekei kowe iki… (memberikan
botol)
Yuyu Kangkang : Lho, iki saka ndoro langsung iki! Yen ngunu ayo langsung nyebrang wae!
Monggo-monggo…

Adegan 7 (Kerajaan)
Mbok Rondo : Nuwun sewu nyai…
Ratu : Sumonggo lenggah rumiyin.
Mbok Rondo : Nyuwun pangapunten Nyai, niat kula ten mriki badhe ngateraken putri-putri
kula damel kepanggih kaliyan Pangeran Ande-Ande Lumut.
Ratu : Njih. Anakku, anakku cah bagus Ande-Ande Lumut, rinio le…
Klenting Merah : Pangeran kulo Klenting abang. Kula terkenal ayu tur pinter masak.
Klenting Hijau : kulo klenting hijau,.. kula terkenal ayu tur apik swarane.
Klenting Biru : Kula Klenting Biru, kula nggih terkenal ayu tur pinter nari.
Ande-ande lumut : aduh sek… kulo kok dados ngelu (tiba-tiba terdengar suara klenting
kuning)
Klenting kuning : Nyuwun sewu nyai… Kula badhe kepanggih pangeran Ande-Ande Lumut..
Klenting Merah: lho kuning ,.. Kowe nyapo rene barang! Kono mulih, penggaweanmu kan
sek akeh ning omah!
Klenting Hijau ; ah,.. kowe iki ngrusak suasana wae!
Klenting Biru : Mulih kono! Kowe ra pantes ana ning kene!
Ande-ande lumut : Sek sek! Naminipun panjenengan sinten?
Klenting Kuning : Kulo Klenting kuning
Ande-ande lumut : Ngapunten bu, kula tertarik kaliyan putri niki. Putri niki uga mboten
nggadhah tanda cemeng wonten tangane…
Ratu. : Oh iyo.. kabeh nduweni tanda cemeng kejaba Klenting Kuning?
Klenting Hijau : Ngapunten Nyai, tanda cemeng niki artinipun napa?
Ratu : Tanda iki nandhaake yen sira pengikute Yuyu Kangkang.
Ande-ande lumut : Amerga namung Klenting Kuning sing mboten nggadahi tanda cemeng,
kula milih Klenting Kuning dados garwa kula.
Klenting Merah : Ngapunten pangeran, niki namung tanda pengikut Yuyu Kangkang. Mboten
dados masalah kan?
Ratu : Yo mesti dadi masalah. Yen nduweni tanda cemeng iki, berarti sira mari diambung
karo Yuyu Kangkang. Dheweke seneng nandhai calon garwane nganggo tanda cemeng iki.
Para Klenting : hahh…
Ratu : Dadi sira kabeh bakale dadi garwane Yuyu Kangkang.
Yuyu Kangkang : Hahaha… Ning ndi calon garwaku… rene melu aku…
Mbok Rondo & Para Klenting : Aaaaa….. mohhh (berlarian)

Anda mungkin juga menyukai