Kadadosan ing Negari ingkang gemah ripah loh jinawi , tata tentrem kerta raharja . wonten salah
sawijining pangeran ingkang gesangipun sarwe kacekapan . pangeran kala wau inggih punika putra
mahkota ingkang bade nglajengake tahta kerajaan .
Ananging pangeran kala wau mboten marem kalih gesangipun ingkang kacekapan . pangeran
kapingin lelono. Nglampahi wono. Pangeran kepingin madosi jati dirine ugi penggalaman gesang .
saking mriku wau kawiwitan lelampahan gesangipun pangeran ingkang manggihake sisihan
gesangipun inggih punika lare wadon ingkang sae manahipun lan ayu pasuryane.
Bagian 1 :
Kalih tiang kaneman mlampah ngelewati wono ingkang rimbun . ningali kanan keringipun mboten
bilih wonten kewan utawi peksi ingkang saget dipun buru. Kaneman bagus kalihan pandereke.
Paneman wau sakyektosipun inggih punika pangeran ingkang lelono kangge pados jati dirinipun .
(keterangan: Dua orang berjalan waspada melihat keatas dan kebawah, mencari binatang buruan)
(Keterangan : Pangeran dan pengawalnya berdiri, Kaget melihat ada orang di hadapan mereka)
(keterangan: Yang ditanya diam, tidak menjawab, sibuk dengan kayu bakarnya)
(keterangan: Pangeran mendekat pada mbok rondo, tiba-tiba mbok rondo kaget melihat pangeran)
Mbok rondo dadapan : waladalah…. Sapa kowe?..
Mbok rondo dadapan : Iki dusun dadapan le… kowe arep ngapa neng kene??
Pangeran : kula bade menggembara bu… ananging kula tersesat mboten ngertos dalane.
Mbok rondo dadapan : Wah.. yow wes…kowe melu mbok wae pie le ??tak dadekne anak
angkatku yen kowe gelem.
Mbok rondo dadapan : mulai sekiki kowe dadi anakku.kowe tak jenengke ande-ande lumut
ya le.
(keterangan: Pangeran bersama dengan pengawal dan mbok rondo pergi menuju rumahnya)
Bagian 2 :
Wonten injang ingkang terang Mbok rondo kleting nyawiji kalihan putri-putrinipun. Putri-putri Mbok
rondo kleting sanget ayu pasuryane, piyambake inggih punika kleting merah,kleting hijau ugi salah
sak tunggaling putri tirinipun ingkang nami kleting kuning.
Mbok rondo kleting sanget remen lan tresno kalian putri-putrinipun , ananging benten kalian kleting
kuning, dados putri tiri piyambake sanget dibentenake katresnonipun. Kleting kuning didawuhi
nyapu,ngresiki griya lan ugi nyambut dame ling sawah . sanget mrihatinake kleting kuning.
(keterangan: datanglah kleting kuning membawa sapu, menyapu dan mengepel lantai. Duduk di
pojok ruangan. Tak lama datang mbok rondo mengawasi kleting kuning. Disusul sodaranya kelting
merah,dan hijau berjalan menuju mbok rondo)
Kleting ijo : iya mbok enten napa ta??(manja, mendekat sambil memegang tangan
mbok rondo kleting)
Mbok rondo kleting : kowe ngerti ta… mbok rondo dadapan kui duwe anak sing bagus
banget, jenenge ande-ande lumut.
Mbok rondo klenting : iyo,, mbok rondo dadapan gawe saembara kanggo anake ande-ande
lumut sing lagi goleki garwo pendampinge…
Kleting abang : wahh mesti aku sing dipilih mengko, kanaku ayu…
Kleting ijo : ora iso,,!!mesti aku sing dipilih ande-ande lumut dadi garwone….
Kleting abang : heh!! Aku kan luwih tua saka kowe…kudune kowe ngajeni aku dadi
mbakyumu…!!!!
Mbok rondo kleting : wes-wes to!! Rasah padu..anak-anake mbok kan ayu-ayu,,rasah do
udur…!! Gek neng njero,,siap-siap dowan!!!
Mboten dangu melih , kleting kuning ingkang saking wau mirengake pirembugan saderekipun ,
datengi mbok rondo lan dialog.
Mbok rondo kleting : Matur opo….? Apa kowe wes rampung nyapune ?
Kleting kuning : Sampun mbok…, ngenten mbok… kula inggih kepingin nglamar dados
garwone ande-ande lumut kados mbakyu-mbakyu klenting.
(keterangan: mbok rondo memberikan angus dan bau-bau tidak sedap kepada Kleting kuning)
Mbok rondo Kleting : yow wes sakiki kowe ngumbahi klambi-klambine mbakyumu karo gone
mbok neng kali kono.
Mbok rondo Kleting : Hahaha… muga-muga sing ditrima dadi garwone ande-ane lumut yaiku
salah sijine anak-anakku.. dudu kleting kuning.
Kleting kuning nampi menapa ing ingkang dipun langkahi kanti sabar dipun dawuhake mbok rondo
kleting ditampa kanti lemah manah .
Bagian : 3
Kleting Kuning : Duh… Gusti ngenten niki geangipun kula…mugi-mugi kula saget nampi kanti
lemah manah.
Suara ghaib
Suara Ghaib : Kowe rasah wedi.. aku sifat sae sing ana ing njero awakmu. …
Suara Ghaib : Aku arep menehi kowe pusaka… terimonen … mugo-mugo pusaka iki keguna
karo kowe. Iki jenenge Jimat Kalimosodo. Terimonen cah ayu.
Bagian : 4
Yuyu kangkang
Lan salah sawijining lepen ingkang toyonipun santer , wonten mriku yuyu kangkang gesang.
Piyambake ingkang nguasani lepen menika . piyambakipun si yuyu kangkang ingkang julik.
(keterangan: Yuyu kangkang sang penjaga sungai sedang mondar-mandir mengawasi jika ada orang
datang).
(keterangan: kemudian datang Kleting Merah dan hijau menuju pinggir sungai)
Kleting ijo : Wah… iya.. ayo jaluk tulung yuyu kang-kang wae mbakyu..
Kleting abang : Yuyu kangkang… aku jalik tulung kowe….tolong sebrangke lewat kali iki…
Yuyu kangkang : Wah…abot banget kui, tapi enek syarate cah ayu….enek imbalane
Kleting abang : imbalane apa to…kon mbayar ngango duit?? Wah kowe kui mata duitan…
Kleting ijo : yow wes lah yen duit gampang….mengko tak bayar..
Yuyu kangkang : dudu duit…aku rak doyan…. Hahaha
Kleting-kleting : Prett….
Kleting abang : iyo,,apa renek imbalan liyane..??mosok tanganku sing wangi iki bok
ambungi??hiiiii
Yuyu kangkang : yow wes yen wegah…yen suwe-suwe mengko imbalance nambah…
Yuyu kangkang : Wah… seneng banget aku iso ngambung tangane cah wadon ayu-ayu..
Yuyu Kangkang : Hohoho.. apa kui??.. ambune rak enak,,,rupane elek banget.
Kleting Kuning : Wah… kok banjir to??pie carane aku iso nyebrang??
Yuyu kangkang : aku wegah… wes kono lungo.. ojo rene meneh!!dasar wung wadon elek
Kleting kuning : Yow wes yen kui karepmu. Aku arep gawe kali iki asat.
Dumadaan lepen menika asat , yuyu kangkang kacilakan lajeng kesah tebih. Sak lajengipun klenting
kuning saget lumampah nyebrang lepen menuju griya mbok rondo dadapan , griyanipun si ande-
ande lumut.
Bagian 5
Salah sawijining dusun ingkang nami Dadapan , mbok rondo nembe nyapu griya , wonten ndalem
mriku wau si ande-ande lumut nembe ngaji wonten salah sawijining surau . ngentosi gengantilaning
manah ingkang dipun janjiaken Gusti Allah kangge piyambake.
(keterangan: Mbok rondo sedang menyapu halaman rumah, tiba-tiba datang rombongan gadis-gadis
cantik, kleting merah, biru dan hijau)
Kleting-kleting : Assalamu’alaikum…
Mbok rondo dadapan : wah.. ono cah wadon ayu-ayu arep ngopo iki??
Mbok rondo dadapan : Owh.. arep nglamar ande-ande lumut… sek ya… tak omongne ande-
ande lumut…
(kleting abang)
Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggah-
unggahi… putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting abang iku kang dadi asmane…
Ande-ande Lumut : Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu … kulo mboten medun…
najan ayu sisane si yuyu kangkang.
(kleting ijo)
Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggah-
unggahi… putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting ijo iku kang dadi asmane…
Ande-ande Lumut : Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu … kulo mboten medun…
najan ayu sisane si yuyu kangkang.
(Tidak lama kemudian, datanglah Kleting Kuning, dari kejauhan sudah tercium bau yang tidak enak,
wajahnya coreng moreng karena debu.)
Kleting kuning : kula Kleting kuning mbok… bade nglamar Ande-ande lumut.
Mbok rondo dadapan : Opo.. arep nglamar anakku??? Ora salah to…
Kleting merah : La iyo… rupamu elek ambumu rak enak.aku wae sing ayu ditolak kok
sansoyo kowe??
Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggah-
unggahi… putrine kang olo rupane.. kleting kuning iku kang dadi asmane…
Ande-ande Lumut : Aduh ibu… kulo inggih purun… dalem putro inggih bade medun, najan
olo meniko kang putro… suwun.
Mbok rondo dadapan : Owh.. yen kui pilihanmu karepmu le..ibu manut wae.
Ande-ande lumut : Ibu… sak jane iki kulo iku pangeran ingkang menggembara golek
penggalaman urip.
Pungkasane klenting kuning dados sisishanipun ande-ande lumut ,pasuryanipun ingkang awon ugi
mambet dumadakake dados putrid ingkang ayu , sejatosipun piyambake inggih punika Putri Sekartaji
. Lan ande-ande lumut sakmeniko dados Raja ngetosi kerajaan Ramanipun . pangeran ugi klenting
kuning ,gesang slaras saklawase.