Anda di halaman 1dari 10

RINGKASANE CRITO

Kadadosan ing negeri ingkang gemah rimpah loh jinawi, tata tentrem kerta
raharja enek salah sijine pangeran ingkang gerangipun sarwa kacekapan. Pangeran
menika putra mahkota ananing pangeran kalawau mboten marem kaleh gesangipun
ingkang kacekapan pangeran kepingin lelono ngalmahiwono. Pangeran kepingin
madosi jati dirine ugi pengalaman gesang saking mriko kawiwitan lelampahan
gesangipun pangeran ingkang manggihake sisihan gesangipun inggih meniko lare
wadon ingkang sae manahipun lan ayu pasuryane.
PARAGA

No Paraga Watak
1 Pangeran (Ande-ande lumut) Wicaksana
2 Bejo Manut, lucu
3 Mbok rondo dhadapan Kasih marang putro
4 Mbok rondo klenting Kemenyek, manja
5 Klenting abang Angkuh, seneng nyiksa
6 Klenting ijo Manja, kemenyek, seneng nyiksa
7 Klenting biru Edan dunyo, kemenyek, seneng nyiksa
8 Klenting kuning Sabar
9 Widodari Welas asih
10 Yuyu kangkang Pamrih
BABAK 1
ING ALAS

Kalih tiyang kaneman mlampah nglewati wana ingkang rimbun, ningali kiwo
tengene mboten wonten kewan utowo peksi ingkang saget dipun buru kaneman
bagus kalihan pandereke wau sayektosipun inggih meniko pangeran ingkang lelono
kangge pados jati dirinipun (kalih tiyang mlampah waspodo ngingeti ana ngisor lan
nang duwure nggoleki kewan kang iso diburu).
Pangeran :”Jo....Bejo...koe nengdi Jo Bejo?”
Bejo :”Pangeran.... Pangeran.... Pangeran....panjenengan wonten pundi
pangeran?” (mlampah mundur lajeng tabrakan nganti gelimpungan)
Pangeran :”Aduh koe kuwi ati-ati to”
Bejo :”Hehehehe....ngapunten pangeran kulo mboten ngertos pangeran
wonten wingking kulo”
Pangeran :”Kok ora enek kewan dino iki yo?”
Bejo :”Inggih pangeran sepi banget!” (pangeran lan pandereke ngadek
kaget weruh wong ing ngarepe)
Pangeran :”Sopo kui jo?”
Bejo :”Kulo mboten ngertos pangeran. Sinten nggih niku?”
Pangeran :”Ngapunten mbok, kulo bade tangklet.” (sing ditakoni meneng ora
jawab)
Pangeran :”Kulo nuwon mbok.” (pangeran nyedek marang mbok rondo. Mbok
rondo kaget weruh pangeran)
Mbok Rondo :”Walah dalah sopo koe ki?”
Pangeran :”Kulo pangembara mbok.”
Mbok Rondo Dhadapan :”Wah yawes, koe melu mbok wae piye le? Tak dadekne
anak angkatku yen koe gelem.”
Pangeran :”Wah inggih kulo purun.”
Mbok Rondo Dhadapan :”Kawet saiki koe dadi anakku yo le.”
Pangeran :”Inggih mbok.”

BABAK 2
ING OMAHE KLENTING-KLENTING

Mbok Rondo Klenting :”Anak-anakku sing ayu, rene nduk!”


Klenting-klenting :”Inggih mbok, wonten nopo?”
Mbok Rondo Klenting :”Ana warta sing banget nduk.”
Klenting Abang :”Wonten opo mbok?”
Klenting Ijo :”Inggih mbok wonen nopo to?”
Klenting Biru :”Enten nopo mbok kok sajake tenanan?”
Mbok Rondo Klenting :”Koe ngerti to mbok rondo dhadapan sing nduwe anak
bagus banget, jenenge ande-ande lumut?”
Klenting-klenting :”Oalah....Ande-ande lumut bagus!”
Mbok Rondo Klenting :”Iyo....mbok rondo gawe acara sinden idol nggawe anake
ande-ande lumut nggolek garwa.”
Klenting-klenting :”Wah....purun sanget mbok.”
Mbok Rondo Klenting :”Iyo mengko arep dandani koe ben supaya dadi putri sing
ayu, sopo ngerti bisa kepilih dadi garwane ande-ande
lumut.”
Klenting-klenting :”Iyo mbok purun.”
Klenting Abang :”Wah mesti aku sing dipilih mengko. Mergo kan aku
ayu....”
Klenting Ijo :”Ora iso mesti aku sing dipilih dadi garwane.”
Klenting Biru :”Ora iso mbak yu, mesti aku to. Aku kan luwih cilik
kudune mbak yu-mbak yuku ngalah!!!”
Klenting Abang :”Heh! Aku kan luwih tua soko koe kudune koe ngajeni
aku dadi mbak yumu.”
Mbok Rondo Klenting :”Wes-wes ojo tukaran ae anakke mbok ayu kabeh,rasah
do udur gek ndang ning njero, siap-siap dandan!”
Klenting-klenting :”Inggih mbok.”
Klenting Kuning :”Mbok kulo badhe matur.”
Mbok Rondo Klenting :”Matur opo? Opo koe wes rampung nyapune?”
Klenting Kuning :”Sampun mbok, ngeten mbok kulo nggih pengen nderek
‘sinden idol’ supados dados garwane ande-ande lumut.”
Mbok Rondo Klenting :”Woh yawes rene tak dandani koe.” (mbok rondo menehi
angus lan ambu kang ndak enak marang klenting kuning)
Mbok Rondo Klenting :”Yawes koe saiki ngumbahi klambine mbak yumu ning
kali kono!” (mbok rondo nyuruh klenting kuning kanti
kasar banget)
Klenting Kuning :”Inggih mbok.”
Mbok Rondo Klenting :”Hahahaha....mugo-mugo sing diterimo dadi garwane
ande-ande lumut yaiku salah sijine anak-anakku dudu
klenting kuning” (klenting ngelus dada nganti ngomong
sabar)

BABAK 3

(Perjalanan marak ing kali)

Klenting kuning saben dinten nyambut damel ngresiki griya, ugi nyambut damel
wonten lading. Mboten kraos sayah lan keluh kesah. Sinaos piyambake dipundamel
mboten sae kaliyan mbok rondho klenting lan para sedulure. Naming piyambake ugi
gusti allah ingkang ngertos sengkowo piyambake. Piymbake ngajengaken gusti allah
badhe maringi ganjaran ingkang sae kangge piyambakipun.
Klenting kuning : “Duh Gusti ngeten niki gesangipun kula…mugi-mugi kula
saget nampi kanti lemah manah.”
Widodari : (wong kang ora disangka mara) “hei… cah ayu.”
Klenting kuning : “Sapa kuwi?”
Widodari : “Kowe rasah wedi, aku iki widodari sing arep bantu awakmu!”
Klenting kuning : “Areh ngapa kowe?”
Widodari : “Aku arep menehi kowe pusaka… tampanen … mugo-mugo
pusaka iki keguna kanggo kowe. Iki jenenge Jimat Kalimosodo.
Tampanen cah ayu.”
Klenting kuning : “Injih matur nuwun.”
Widodari : “Ati-ati, gunakno pusaka kuwi kanggo kabecikan!”
Klenting kuning : “Injih, matur nuwun lan nyuwun donga lan restune.”
(klenting kuning ninggalno kali lan nggawa pusaka sing diwenehke widodari)

BABAK 4

Ing salah sawijining kali ingkang banyune banter banget, wonten mriku yuyu
kangkang gesang. Piyambake ingkang nguasani kali kui. Piyambake si yuyu
kangkang ingkang julik.
(yuyu kangkang sing njaga kali lagi mondar-mandir ngawasi menawa ana wong
teko)
Yuyu Kangkang : “Hohohoho….Godong waru kok bolong-bolong… bocah
ayu kok moblong-moblong….Sapa kae sing teko?”
(lajeng teko klenting abang, ijo lan biru mara ing pinggir kali)
Klenting abang : “Wah… kaline banjir.”
Klenting ijo : “Iya mbakyu… piye carane awake dewe nyebrang??”
Klenting biru : “Iya mbakyu… piye iki? Bisa-bisa awake dhewe ora sido
melu sayembarane mbok rondho dhadhapan?!”
Klenting abang : “Kosek-kosek…kae ana yuyu kangkang ta?”
Klenting ijo lan biru : “Wah…iya…ayo njaluk tulung yuyu kangkang wae
mbakyu.”
Klenting abang : “Iya …Yuyu kangkang… yuyu kangkang…”
Yuyu kangkang : “Hahaha… ana apa cah ayu-ayu?”
Klenting abang : “Yuyu kangkang… aku njaluk tulung kowe….tulung
sebrangke aku lan adhik-adikku lewat kali iki…”
Yuyu kangkang : “Wah…abot banget kuwi.Iso nanging enek syarate cah
ayu….enek imbalane.”
Klenting abang : “Imbalane apa ta…kon mbayar nganggo duwit?? Wah
kowe kuwi mata duwitan!”
Klenting ijo : “Ya wes lah yen duwit gampang….mengko tak bayar..”
Klenting biru : “Ya… piro jalukmu mengko tak bayar!!”
Yuyu kangkang : “Dudu duwit…aku rak doyan…. Hahaha”
Klenting-klenting : “Prett…”
Yuyu kangkang : “Imbalane yaiku nganggo tanganmu..”
Klenting abang : “Apa tanganku???areh bok kapakne??”
Yuyu kangkang : “Ora tak kapak-kapakne…mung tak ambung sitik…”
Klenting biru : “He!!! Apa?”
Klenting Ijo : “Iihhhhh,,,emohh ahh….gilani…’’
Klenting Abang : “Iya,,apa ra enek imbalan liyane..??mosok tanganku
sing wangi iki bok ambungi??hiiiii”
Yuyu Kangkang : “Ya wis yen wegah…yen suwe-suwe mengko imbalane
nambah…”
(Klenting abang, ijo lan biru padha rembugan)
Klenting Abang : “ya wis,,,tapi neng tangan wae,,sedilut tok yo….”
(yuyu kangkang nyebrangke klenting abang, ijo lan biru kanthi giliran)
Yuyu Kangkang : “Wah…seneng banget aku iso ngambung tangane cah
wadon ayu-ayu..”
(Klenting kuning teko arep nyabrang)
Yuyu Kangkang : “Hohoho.. apa kuwi??.. ambune rak enak,,,rupane elek
banget.”
Klenting Kuning : “Wah… kok banjir ta? Piye carane aku iso nyebrang??
Wah kae enek yuyu kangkang. Yuyu kangkang…yuyu
kangkang mreneo. Aku njaluk tulung sebrangne kali iki.”
Yuyu Kangkang : “Hahaha… apa sebrangke?aku wegah.”
Klenting Kuning : “Mengko tak wenehi duwit…”
Yuyu Kangkang : “Aku wegah… wes kono lunga.. aja rene meneh! Dasar
wong wadon elek.”
Klenting Kuning : “Alah…kowe kok jahat ta Yuyu kangkang…”
(Klenting kuning ngetokno pusakane)
Klenting Kuning : “Ya wis yen kuwi karepmu. Aku arep gawe kali iki asat.”
Yuyu Kangkang : “Hahaha… apa ya iso?”
Dumadan kaline sat, yuyu kangkang kacilakan lajeng kesah tebih lan mati. Sak
lajengipun klenting kuning saget lumprah nyebrang kali menuju omahe mbok rondho
dhadhapan, griyanipun si ande-ande lumut

BABAK 5
(ing omahe mbok rondho dhadhapan)
Salah sawijining dusun ingkang nama dhadhapan, mbok rondho nembe nyapu
omah, neng omah mriku wau si ande-ande lumut nembe ngaji wonten salah
swijining surau. Ngentosi gegantilaning manah ingkang dipunjanjiaken gusti allah
kangge piyambake.
(mbok rondho lagi nyapu ing omahe, ujuk-ujuk teko rombongane wong wadon ayu-
ayu yaiku klenting abang, ijo lan biru).
Klenting-Klenting : “Assalamu’alaikum…”
Mbok Rondho Dhadhapan : “Wa’alaikumsalam…sapa ya?”
Klenting Abang : “Kula mbok… klenting abang.”
Klenting Ijo : “Kula klenting ijo mbok..”
Klenting Biru : “Lan kula klenting biru mbok.”
Mbok Rondho Dhadhapan : “Wah.. cah wadon ayu-ayu…arep ngapa iki?”
Klenting-Klenting : “Badhe melu sayembara “sinden idol” supaya bisa dadi
garwane ande-ande lumut mbok…”
Mbok Rondho Dhadhapan : “Owalah… arep melu sayembara ta… Ayo nyanyi siji-
siji?!”
Klenting-Klenting : “inggih mbok..”
(klenting-klenting gantian nunjukno kapinterane nyanyi)
Klenting Abang : (Nyanyi “Nyidam Sari”)
Mbok Rondho Dhadhapan : “Lumayan-lumayan. lanjut….”
Klenting Ijo : (Nyanyi “Lungiting Asmara”)
Mbok Rondho Dhadhapan : “Padha wae lumayan. lanjut…”
Klenting Biru : (Nyanyi “Tanjung Mas Ninggal Janji”)
Mbok Rondho Dhadhapan : “Waw rondo cucok. Sek ya tak omongke ande-ande
lumut . mlebu siji-siji ya!”
Klenting-Klenting : “Oke… siaaaaaaappp!”
(Klenting abang mlebu pisanan, banjur mbok rondho nyanyi)
Mbok Rondho Dhadhapan : “Putraku si ande-ande lumut.. temuruna ana putri kang
unggah-unggahi… putrine ngger sing ayu rupane…
Klenting abang iku kang dadi asmane.”
Ande-Ande Lumut : “Duh ibu…kula mboten purun.. duh ibu… kula mboten
meduun.. najan ayu sisane si yuyu kangkang.”
Mbok Rondho Dhadhapan : “Wah ora gelem ki nduk!”
Klenting Abang : “Wah kurang ajar kuwe kuwi… aku ayune ngene diarani
sisane yuyu kangkang.”
(Klenting abang metu banjur klenting ijo sing ganti mlebu)
Klenting Ijo : “Cobi kula mbok…”
Mbok Rondho Dhadhapan : “Putraku si ande-ande lumut…temuruna ana putri kang
unggah-unggahi… putrine ngger sing ayu rupane..
klenting ijo iku kang dadi asmane.”
Ande-Ande Lumut : “Duh ibu… kula mboten purun.. duh ibu… kula mboten
medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.”
Mbok Rondho Dhadhapan : “Wah ya padha ora gelem ki nduk.”
Klenting Biru : “Mbok,,,cobi kula.”
Mbok Rondho Dhadhapan : “Putraku si ande-ande lumut…temuruna ana utri kang
unggah-unggahi…putrine ngger sing ayu
rupane…klenting biru iku kang dadi asmane.”
Ande-Ande Lumut : “Duh ibu…kula mboten purun… duh ibu… kula mboten
medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.”
Mbok Rondho Dhadhapan : “Waduh nduk wong telu ora gelem kabeh kae…”
(Klenting kuning teko mara ing omahe mbok rondho dhadhapan)
Klenting Kuning : “Assalamu’alaikum…”
Mbok Rondho Dhadhapan : “Wa’alaikumsalam… sapa ya kuwi?”
Klenting Kuning : “Kula klenting kuning mbok…badhe melu sayembara
“sinden idol” supaya bisa dadi garwane ande-ande lumut.”
Mbok Rondho Dhadhapan : “Apa?... Kowe kepengen dadi garwane anakku? Ora
salah ta kuwe iki?”
Klenting Abang : “Lha iya… rupamu elek ambumu ra enak. Aku wae sing
ayu ditolak kok apa mneh kuwe?”
Klenting Kuning : “Dicoba ndhisik mbok…”
Mbok Rondho Dhadhapan : “Ya wis kono ndang nyanyi.”
Klenting kuning : (nyanyi “cidro”)
(klenting kuning melu mlebu mbok rondho)
Mbok rondho dhadhapan : “putraku si ande-ande lumut…temuruna ana putri kang
unggah-unggahi…putrine kang ala rupane… klenting
kuning iku kang dadi asmane.”
Ande-ande lumut : “Duh ibu…kula inggih purun…dalem putra inggih badhe
medun…najan ala menika kang putra suwun.”
Mbok rondho dhadhapan : “Lho…apa ra salah kowe le tole?”
Ande-ande lumut : “Mboten mbok…niki sampun dadi pilihane kula.”
(Klenting-klenting kusak-kusuk)
Mbok rondho dhadhapan : “Owh… yen kuwi pilihanmu le, simbok manut wae.”
Ande-ande lumut : “Mbok, kula badhe ngomong jujur ngenani jati dirine
kula.”
Mbok rondho dhadhapan : “Apa kuwi ngger?”
Ande-ande lumut : “Mbok, kula menika sakjane pangeran ingkang
mangembara golek pengalaman urip lan sisihing urip.”
Klenting-klenting : “haaa!!!...??? Pangeran???
(Klenting-klenting semaput)
Pungkasane klenting kuning dados sisihanipun ande-ande lumut, pasuryanipun
ingkang awon ugi mambet dumadekake dados putri ingkang ayu. Sejatosiun klenting
kuning menika putri sekartaji lan ande-andhe lumut menika raja ngetosi ramanipun.
Pengeran ugi klenting kuning, gesang slaras saklawase.

Anda mungkin juga menyukai