Anda di halaman 1dari 8

ANDE - ANDE LUMUT

Prolog

Kadadosan ing Negari ingkang gemah ripah loh jinawi , tata tentrem kerta raharja . wonten salah
sawijining pangeran ingkang gesangipun sarwe kacekapan . pangeran kala wau inggih punika putra
mahkota ingkang bade nglajengake tahta kerajaan .

Ananging pangeran kala wau mboten marem kalih gesangipun ingkang kacekapan . pangeran kapingin
lelono. Nglampahi wono. Pangeran kepingin madosi jati dirine ugi penggalaman gesang . saking mriku
wau kawiwitan lelampahan gesangipun pangeran ingkang manggihake sisihan gesangipun inggih punika
lare wadon ingkang sae manahipun lan ayu pasuryane.

Bagian 1 :

Ing alas

Kalih tiang kaneman mlampah ngelewati wono ingkang rimbun . ningali kanan keringipun mboten bilih
wonten kewan utawi peksi ingkang saget dipun buru. Kaneman bagus kalihan pandereke. Paneman wau
sakyektosipun inggih punika pangeran ingkang lelono kangge pados jati dirinipun .

(keterangan: Dua orang berlangsung waspada melihat keatas & kebawah, mencari binatang buruan)

Pangeran : Jo… bejo… kowe neng endi? jo…. bejo…

Bejo : Pangeran…. Pangeran…. Panjenengan wonten pundi pangeran?….

(keterangan: berlangsung mundur…. Kemudian bertabrakan bersama, hingga gelimbungan).

Pangeran : aduh… kowe kui ati-atio….

Bejo : hehehe.. ngapunten pangeran… kula mboten ngertos pangeran enten wingking
kula…

Pangeran : rene Jo rene!!!…. Aku arep cerita.

Bejo : wonten napa pangeran….

(keterangan: dua orang duduk bersama & bercerita)

Pangeran : Kok renek kewan dina iki ya?

Bejo : Injih pangeran sepi sanget…!!!

(Keterangan : Pangeran & pengawalnya berdiri, Kaget menyaksikan ada orang di hadapan mereka)
Pangeran : Siapa kui jo…

Bejo : kula mboten ngertos pangeran.

Pangeran : ngapunten bu , kula bade tanglet?

(keterangan: Yang ditanya membisu, tak menjawab, sibuk dgn kayu bakarnya)

Pangeran : Kulanuwun… bu….

(keterangan: Pangeran mendekat pada mbok rondo, tiba-tiba mbok rondo terkejut menyaksikan
pangeran)

Mbok rondo dadapan : waladalah…. Sapa kowe?..

Pangeran : kula penggembara bu… ngapunten niki dusun napa?

Mbok rondo dadapan : Iki dusun dadapan le… kowe arep ngapa neng kene??

Pangeran : kula bade menggembara bu… ananging kula kehilangan arah mboten ngertos
dalane.

Mbok rondo dadapan : Wah.. yow wes…kowe melu mbok wae pie le ??tak dadekne anak angkatku
yen kowe gelem.

Pangeran : Wah.. injih bu kulo purun bu..

Mbok rondo dadapan : mulai sekiki kowe dadi anakku.kowe tak jenengke ande-ande lumut ya
le.

Bagian 2 :

Dirumah keluarga kleting-kleting

Wonten injang ingkang terperinci Mbok rondo kleting nyawiji kalihan putri-putrinipun. Putri-putri Mbok
rondo kleting sanget ayu pasuryane, piyambake inggih punika kleting merah,kleting hijau ugi salah sak
tunggaling putri tirinipun ingkang nami kleting kuning.

Mbok rondo kleting sanget remen lan tresno kalian putri-putrinipun , ananging benten kalian kleting
kuning, dados putri tiri piyambake sanget dibentenake katresnonipun. Kleting kuning didawuhi
nyapu,ngresiki griya lan ugi nyambut dame ling sawah . sanget mrihatinake kleting kuning.

(keterangan: datanglah kleting kuning menenteng sapu, menyapu & mengepel lantai. Duduk di pojok
ruangan. Tak lama tiba mbok rondo memantau kleting kuning. Disusul sodaranya kelting merah,dan
hijau berjalan menuju mbok rondo)
Mbok rondo Kleting : Anak-anakku sing ayu-ayu…rene ndug

Kleting-kleting : injih . Mbok…

Mbok rondo : ngene ndug ana info sing penting banget…

Kleting abang : Berita apa to mbok…

Kleting ijo : iya mbok enten napa ta??(manja, mendekat sambil memegang tangan mbok
rondo kleting)

Mbok rondo kleting : kowe ngerti ta… mbok rondo dadapan kui duwe anak sing bagus banget,
jenenge ande-ande lumut.

Kleting-keleting : Owh… ande-ande lumut…. Bagus!!!! Wahh gelem no….

Mbok rondo klenting : iyo,, mbok rondo dadapan gawe saembara kanggo anake ande-ande lumut
sing lagi goleki garwo pendampinge…

Klenting-klenting : wahh ,,,purun sanget bu….

(keterangan :kleting merah & hijau bersama bergaya manja, centil)

Mbok rondo kleting : iya… mengko mbok arep dandani kowe-kowe gen dadi putri sing ayu-ayu,
sapa ngerti salah sijine kepilih dadi garwone ande-ande lumut.

Kleting-kleting : Iya mbok.. purun_purun…

Kleting abang : wahh harus gue sing diseleksi mengko, kanaku ayu…

Kleting ijo : ora iso,,!!mesti gue sing diseleksi ande-ande lumut dadi garwone….

Kleting kakak : heh!! Aku kan luwih bau tanah saka kowe…kudune kowe ngajeni gue dadi
mbakyumu…!!!!

Mbok rondo kleting : wes-wes to!! Rasah padu..anak-anake mbok kan ayu-ayu,,rasah do udur…!!
Gek neng njero,,siap-siap dowan!!!

Kleting-kleting :injih mbok….

(keterangan: kleting merah,hijau meninggalkan mbok rondo & masuk kerumah)

Mboten dangu melih , kleting kuning ingkang saking wau mirengake pirembugan saderekipun , datengi
mbok rondo lan obrolan.

Kleting Kuning : Mbok… kulo bade matur…

Mbok rondo kleting : Matur opo….? Apa kowe wes rampung nyapune ?
Kleting kuning : Sampun mbok…, ngenten mbok… kula inggih kepingin nglamar dados
garwone ande-ande lumut kados mbakyu-mbakyu klenting.

Mbok rondo kletling : Owh yow wes..rene tak dandani kowe .

(keterangan: mbok rondo memperlihatkan angus & bacin-wangi tak sedap pada Kleting kuning)

Mbok rondo Kleting : yow wes sakiki kowe ngumbahi klambi-klambine mbakyumu karo gone
mbok neng kali kono.

(keterangan: Mbok rondo mendorong Kleting kuning dgn bergairah)

Kleting kuning : Injih mbok…

(keterangan: Kleting kuning meninggalkan mbok rondo & menuju dapur)

Mbok rondo Kleting : Hahaha… muga-muga sing ditrima dadi garwone ande-ane lumut yaiku
salah sijine anak-anakku.. dudu kleting kuning.

(keterangan: mbok rondo kleting tertawa terbahak-bahak, menuju kedalam rumah)

Kleting kuning nampi menapa ing ingkang dipun langkahi kanti sabar dipun dawuhake mbok rondo
kleting ditampa kanti lemah manah .

dirumah keluarga kleting-kleting

Bagian : 3

perjalanan menuju sungai,, suara ghaib

Kleting kuning saben dinten nyambut damel ,ngresiki griya,ugi nyambut damel wonten lading. Mboten
karaos sayah lan keluh kesah . sinaos piyambake dipun damel mboten sae kaliyan mbok rondo klenting.
Naming piyambake ugi Gusti Allah ingkang ngertos sengkowo piyambake . piyambake ngajengaken Gusti
Allah bade maringi ganjaran ingkang sae kangge piyambakipun.

Kleting Kuning : Duh… Gusti ngenten niki geangipun kula…mugi-mugi kula saget nampi kanti
lemah manah.

suara ghaib

Suara Ghaib : Hai… cah wadon ayu.

Kleting kuning : Siapa kui…

Suara Ghaib : Kowe rasah wedi.. gue sifat sae sing ana ing njero awakmu. …

Kleting kuning : ameh ngapa kowe?..


Suara Ghaib : Aku arep menehi kowe pusaka… terimonen … mugo-mugo pusaka iki keguna
karo kowe. Iki jenenge Jimat Kalimosodo. Terimonen cah ayu.

Kleting kuning : Injih matur nuwun..

(keterangan: Kleting kuning meninggalkan sungai dgn menjinjing pusaka barunya).

Bagian : 4

Yuyu kangkang

Lan salah sawijining lepen ingkang toyonipun santer , wonten mriku yuyu kangkang gesang. Piyambake
ingkang nguasani lepen menika . piyambakipun si yuyu kangkang ingkang julik.

(keterangan: Yuyu kangkang sang penjaga sungai sedang mondar-mandir mengawasi bila ada orang
tiba).

Yuyu kangkang : Hohohoho…. Godong waru ko bolong-bolong… bocah ayu ko moblong-


moblong….Sapa kae sing teko??

(keterangan: lalu datang Kleting Merah dan hijau menuju pinggir sungai)

Kleting abang : Wah… kaline banjir…

Kleting ijo : Iya mbakyu… piye carane awake dewe nyebrang??

Kleting kakak : kosek-kosek…….kae ono yuyu kang-kang to????

Kleting ijo : Wah… iya.. ayo jaluk tulung yuyu kang-kang wae mbakyu..

Kleting abang : Iya ……….Yuyu kangkang… yuyu kangkang…

Yuyu kangkang : Hahaha… ana apa cah ayu-ayu…

Kleting kakak : Yuyu kangkang… gue jalik tulung kowe….tolong sebrangke melalui kali iki…

Yuyu kangkang : Wah…abot banget kui, tapi enek syarate cah ayu….enek imbalane

Kleting abang : imbalane apa to…kon mbayar ngango duit?? Wah kowe kui mata duitan…

Kleting ijo : yow wes lah yen duit mudah….mengko tak bayar..

Yuyu kangkang : dudu duit…saya rak doyan…. Hahaha

Kleting-kleting : Prett….

Yuyu kangkang : Imbalane yaiku ngango tangamu..


Kleting abang : apa tanganku???ameh bok kapakne??

Yuyu kangkang : ora tak kapak-kapakne…mung tak ambung sitik…

Kleting ijo : ihhhhh,,,emohh ahh….gilani…

Kleting kakak : iyo,,apa renek imbalan liyane..??mosok tanganku sing wangi iki bok ambungi??hiiiii

Yuyu kangkang : yow wes yen wegah…yen suwe-suwe mengko imbalance nambah…

(keterangan: kleting merah & hijau berembug)

Kleting abang : yow wes,,,tetapi neng tangan wae,,sedilit tok….

(keterangan: yuyu kangkang menyebrangkan kleting merah. & hijau bergantian)

Yuyu kangkang : Wah… seneng banget gue iso ngambung tangane cah wadon ayu-ayu..

(keterangan: datanglah kleting kuning akan menyebrang)

Yuyu Kangkang : Hohoho.. apa kui??.. ambune rak lezat,,,rupane elek banget.

Kleting Kuning : Wah… kok banjir to??pie carane gue iso nyebrang??

Wah kae enek yuyu kangkang,,yuyu kangkang merene.tolong sebrangne aku.

Yuyu kangkan : Hahaha… gue wegah

Kleting kuning : mengko tak keki duit…

Yuyu kangkang : gue wegah… wes kono lungo.. ojo rene meneh!!dasar wung wadon elek

Kleting Kuning : alah…kowe kok jahat to Yuyu kangkang…

(keterangan: Kleting kuning mengeluarkan biting)

Kleting kuning : Yow wes yen kui karepmu. Aku arep gawe kali iki asat.

Dumadaan lepen menika asat , yuyu kangkang kacilakan lajeng kesah tebih. Sak lajengipun klenting
kuning saget lumampah nyebrang lepen menuju griya mbok rondo dadapan , griyanipun si ande-ande
lumut.

(Yuyu kangkang mati)

Bagian 5

dirumah mbok rondo dadapan (awal)


Salah sawijining dusun ingkang nami Dadapan , mbok rondo nembe nyapu griya , wonten ndalem mriku
wau si ande-ande lumut nembe ngaji wonten salah sawijining surau . ngentosi gengantilaning manah
ingkang dipun janjiaken Gusti Allah kangge piyambake.

(keterangan: Mbok rondo sedang menyapu halaman rumah, tiba-tiba tiba rombongan gadis-gadis elok,
kleting merah, biru & hijau)

Kleting-kleting : Assalamu’alaikum…

Mbok rondo dadapan : Wa’alaikumsalam, sapa ya…

Kleting abang : kula mbok…Kleting Merah

Kleting ijo : kula kleting hijau mbok…

Mbok rondo dadapan : wah.. ono cah wadon ayu-ayu arep ngopo iki??

Kleting-kleting : Kita arep nglamar Ande-ande lumut mbok…

Mbok rondo dadapan : Owh.. arep nglamar ande-ande lumut… sek ya… tak omongne ande-ande
lumut…

(keterangan: mbok rondo menyanyikan lagu)

(kleting kakak)

Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggah-unggahi…
putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting abang iku kang dadi asmane…

Ande-ande Lumut : Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu … kulo mboten medun… najan
ayu sisane si yuyu kangkang.

Mbok rondo dadapan : Wah… ora gelem ki nduk….

Kleting hijau : Cobi kulo mbok…

(kleting ijo)

Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggah-
unggahi… putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting ijo iku kang dadi asmane…

Ande-ande Lumut : Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu … kulo mboten medun… najan
ayu sisane si yuyu kangkang.

Mbok rondo dadapan : wah… ora glem kabeh kae…

(Tidak usang kemudian, datanglah Kleting Kuning, dr kejauhan sudah tercium bau yg tak yummy,
parasnya coreng moreng karena debu.)
(keterangan : datanglah Kleting Kuning menuju mbok rondo)

Kleting kuning : Assalamu’alaikum…

Mbok rondo dadapan : wa’alaikumsalam… sopo iku ya…

Kleting kuning : kula Kleting kuning mbok… bade nglamar Ande-ande lumut.

Mbok rondo dadapan : Opo.. arep nglamar anakku??? Ora salah to…

Kleting merah : La iyo… rupamu elek ambumu rak enak.saya wae sing ayu ditolak kok
sansoyo kowe??

Kleting Kuning : Di coba disik mbok…

(kleting Kuning)

Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggah-
unggahi… putrine kang olo rupane.. kleting kuning iku kang dadi asmane…

Ande-ande Lumut : Aduh ibu… kulo inggih purun… dalem putro inggih bade medun, najan olo
meniko kang putro… suwun.

Mbok rondo dadapan : Lo… apa rasalah kowe le tole??

Ande-ande Lumut : mboten bu niki sampun dadi pilihane kula

(keterangan ; kleting-kleting kusak-kusuk)

Mbok rondo dadapan : Owh.. yen kui pilihanmu karepmu le..ibu manut wae.

Ande-ande lumut : Ibu.. kula bade ngomong jujur setunggal hal

Mbok rondo dadapan : Apa kui???

Ande-ande lumut : Ibu… sak jane iki kulo iku pangeran ingkang menggembara golek
penggalaman urip.

Mbok rondo dadapan : Apa… pangeran…???

Kleting-kleting : haa!!!!……???? Pangeran…???

(keterangan; kleting-kleting pingsan)

Pungkasane klenting kuning dados sisishanipun ande-ande lumut ,pasuryanipun ingkang awon ugi
mambet dumadakake dados putrid ingkang ayu , sejatosipun piyambake inggih punika Putri Sekartaji .
Lan ande-ande lumut sakmeniko dados Raja ngetosi kerajaan Ramanipun . pangeran ugi klenting
kuning ,gesang slaras saklawase.

Anda mungkin juga menyukai