Anda di halaman 1dari 17

NASKAH DRAMA ANDE-ANDE LUMUT

KELAS XII IPA-2

NASKAH DRAMA ANDE-ANDE LUMUT


KELAS XII IPA-2
PRODUSER : HENDRI ARDIANTO
SUTRADARA : YUSTIKA WIDYASTUTI
ASISTEN SUTRADARA : NANANG SEPTIAN
BENDAHARA : INTAN PURNAMASARI
SEKRETARIS : QATRUNADA SUCI SALSABILA
DEKORASI : 1. AFI DIVA AGUSTINA
2. ANDIKA FIKRI M.
3. M. RYAN EKA S.
PERLENGKAPAN : 1. M. IVAN FIRMANSYAH
2. TYAS AYU A.A
3. ABDULILLAH REZA A. K
TATA RIAS : 1. AMBAR SETYAWATI
2. CYNDY DWI K.S.
TATA BUSANA : 1. EMI MARDIANA
2. RONA ZUHROH
TIM KREATIF : 1. KHARISMA ELA DWI N.A.
2. RETNO SIH PINUJI
3. LINA TIA NABILA
PARAGA

JOKO LELONO : NANANG NASRULLOH


( ANDE-ANDE LUMUT)
KLENTING KUNING : YUSTIKA WIDYASTUTI
KLENTING ABANG : HENY EKA YUSTIYANA
KLENTING IJO : ESTI SUSILOWATI
KLENTING BIRU : DITA CAHYANINGTYAS
MBOK RONDO GARWANI : TYAS DWI SETYONINGRUM
MBOK RONDO DADAPAN : YULIA WIDYA SAFITRI
DEWI SRI : CINDY NOVITASARI
PRANOWO : NANANG SEPTIAN
DAGELAN : 1. M. IVAN FIRMANSAH
2. M. RYAN EKA S.
PIKULUN : M. IVAN FIRMANSAH
(DEWA)
PENARI : YESIKA EFRIL
NASKAH DRAMA
KELAS 12 IPA 2

“Ande-Ande Lumut”

Bagian 1 :

Ing alas
(Keterangan : joko lelono lan pranowo
Joko Lenono : Pranowo... wiwit wingi sore nganti saiki anggonku golek buronwono kok
ora ana kewan sijio sing kumliwer...
Pranowo : Lha nggih ta sedaya wono menika sampun panjenengan ning mboten
kepanggih kalian kewan setunggal mawon.
(keterangan : suara krusek-krusek).
Joko lelono : Ana apa kae pranowo kok krusek-krusek...
Pranowo : Menawi suara kidang??
Joko lelono : Iyo meneng o ning kunu cobo tak jemparing e...
( Keterangan : Joko lelono arep jemparing naning kaget ana wong sepuh ora kuat gendong
kayu, kayune ceblok).
Joko lelono : Aduh mbok... panjenengan menika sampun sepuh kok tasik pados
kajeng, ngesakne sanget monggo kulo tulungi.
Mbok rondo ndadapan : Lha panjenengan menika sinten kisanak??
Joko lelono : Kulo menika tiang kabur kanginan, mboten gadah griya... lha kula
nggih ngetotke ati kulo nek ngaler nggih ngaler nek ngidul nggih
ngidul, niki wau bade njemparing kidang naning kedadak
panjenengan rawuh menika kala wau..
Mbok rondo ndadapan : Wooo mekaten...
Joko lelono : Lha panjenengan nopo mboten gadah rewang dateng griya.
Mbok rondo ndadapan : Mboten gadah kisanak...kula piyambakan...garwa kula sampun
Seda, kulo nggih mboten gadah putra.
Joko lelono : Woo nggih mbok..
Mbok rondo dadapan : Eeee..... mendahne wonten priyai kok bagus eram... monggo to nek
menawi kersa nderek teng gubuk kulo syukur lek kersa dados anak
ndahneo gadah putra kados panjenengan.
Joko lelono : Nggih mbok... nek ngoten, monggo mbok kajeng e mpun kersane di
Beta pranowo.
Mbok rondo dadapan : Nggeh pun sak niki panjenengan kulo asma’ne ande-ande lumut
Joko lelono : Nggeh mbok kulo purun
( Keterangan : pranowo ngangkat kayune, terus mlaku moro ning omahe mbok rondo.
Naliko uwes teko griyone mbok rondo)
Ande-ande lumut : Kula nuwun...
Mbok rondo dadapan : Nggih monggo pinarak ....lenggah riyin kisanak.
(keterangan ; pranowo ndeleh kajeng lan joko lunguh)
Ande-ande lumut : Kulo niki dadosipun madosi garwa kula... garwo kula menika nembe
mawon pamit lungo ning mboten bali-bali ngantos saiki.
Mbok rondo dadapan : Woo ngunu... cobo tak melu goleki, tak woro-woro ning desa-desa
mbok menowo ngko bojomu enggal-enggal bali.
Ande-ande lumut : Mbok kulo medal riyen kulo bantu resik-resik wingking griya
Mbok rondo dadapan : Iyo le...
( Keterangan : Ande-ande lumut metu resik-resik terus topo).
Ning kali
(keterangan : ning omah klenting – klenting isah- isah di utus mbok e karo sambat)
Klenteng kuning : Aduh mbok... kowe tego tenan karo aku , aku nek ngeneki terus kepiye...
ndue si mbok ning kok karo tunggal – tunggal... e aku sajake kok di bedak-
bedakne... opo-opo aku sing nandangi dewe. Duh dewa.. aku ora kuat....
aku ora kuat nandangi urip kaya mengkene......
(Keterangan: Dewa nggongkon dewi sri mudun saka khayangan supaya nulungi klenteng kuning.
Dewi Sri : Heh cah wedok ayu ..... nyapo kowe nangis ?
Kelenting Kuning : Panjenengan sinten
Dewi Sri : Aku dewi sri utusan dewa saka khayangan, aku mrene iki gawe nulungi
awakmu..
Kelenting Kuning : Ngeten lo dewi sri.... angen kulo nangia wae niki amergi di utus ngreseik
niki ..... mengko nek ireng – ireng e gung resik kulo dereng angsal bali.
Dewi Sri : We diseneni wong tua mu ngono ?
Kelenting Kuning : Aku tansyah diseneni..... terus kepiye anggonku ngresik i iki ?
Dewi Sri : Long no tanganmu
( keterangan : klenting kuning ngelungne tangan loro terus di demek karo dewi sri )
Dewi Sri : Uwis cubo resikono
Klenting Kuning : lhoh kok malah resik dewi sri kulo maleh mboten sios didukani mbok e
kulo , aku seneng ngeneki... dewi sri .... matun nuwunnsanget kulo
(keterangan : Dewi sri ngilang terus pikulun langsung mudun marang klenting kuning )
Pikulun : Dewi sri kui mau utusanku
Klenting Kuning : Lha panjenegan soko endi ?
Pikulun : Kulo niki dewo saka khayalan suroboyo ee suroroyo
Klenting kuning : Khayangan niku papan e para dewa kulo................. hahaha
Klenting kuning : Wooo......... sampeyan kok ngeti nduwur terus mboten ngerti kulo teng
duwur enten napa e mbah...........
Pikulun : Yo jenege batara narada yo ngeneki ...... ngingeti duwur nanging aku
ngerti
( keterangan : tangan nunjuk arah duwur kiri kanan )
Klenting kuning : Ooo........ mulane sing disawang kok duwur mawon
Pikulun : Titahing batara sing ning majapaya kili ora kudu ulun pandeng
Klenting kuning : Mbah ......
(Keterangan : klenting kuning njengking ndelok isor seolah – olah ono duit ) .
Klenting kuning : Iki ... duit e sopo mbah ?
Pikulun : opo ?
Kelenting kuning : Iki kok ono duit , duite sopo ?
Pikulun : Ehehehe..... kuwi dagelan sing bolo bali ngunu? Batara narada diduduhi
duit lah kok nunduk? Ahaaa ora bisa ora bisa , haaaa..... aku ora koyo
narada liane ehehehe.....
Klenting kuning : Yowes...
Pikulun : Sek – sek ono duite tenan pora?
(Keterangan : Sikil njangkah golek i duit )
Klenting kuning : Maju meneh saitik, maju meneh saitik
Pikulun : Haaa...... pikulun iki ora bisa di apusi
(keterengan : pikulun ngetokake kaca spion)
Klenting kuning : ora mbah ,ora ngapusi terah maju setitik..... maju setitik.... maju maneh
setitik
Pikulun : Haaa ulu wis gawa kaca spion, tak delok iki ira ono duit ,mbok apusi to aku
yowes ngoco dewe aku !
Klenting kuning : la samean dijak omong – omongan sing disawang nduwur terus
Pikulun : Haa.... kuwi ciri wancine bataranarada i ngene iki ngingeti duwur nangging
aku ngerti sapa sira . haa... ragil kuning , ragil kuning
Klenting kuning : Kok ragil kuning ta
Pikulun : jenengmu sejatine ragil kuning
Klenting kuning : senengane gawe – gawe , lho mbok tambah- tambahi dewe
Pikulun : Lha saiki jenengmu dadi klenting kuning
Klenting kuning : Oh..... ngono
Pikulun : Kulo niki pikulun, aja kok bantah pikulun iku ora tau butuh apa-apa
Klenting kuning : Emm enggih , pikulun niku ora tau luput ora butuh apa-apa
Pikulun : pikulun kui diarani menyan karo kembang ora kaya titahing jalma kaya
awakmu saiki karepmu kepiye ?
Klenting kuning : Saiki aku uwes ora kuat mbah...
Pikulun : Gak kuat ngendong apa
Klenting kuning : Gak kuat ngendong khananku iki , aku duwe mbok nangging aku di bedak -
bedak ne karo tunggalku mbah , apa –apa gaoleh apa-apa gaintok , ngeneki
aku yo bingung ta mbah
Pikulun : Orapapa jeneng wong kuwi di sia-sia sik mengko mesti tinemu mulyane
Klenting kuning : Aku apa kuat nglakoni ta mbah....
Pikulun : Loo....... lelakon kudu kuat , lelakon kudu kaya ngono
Klenting kuning : Aku gak kuat mbah ...... aku tak trimo mati wae mbah
Pikulun : Loo..... aja mati, ngko ra tutuk lakone nek awakmu mati
Klenting kuning : Aku keraton kali kui rapopo mbah.....
Pikulun : Hee.... kowe tak paringi srono gelem opo ra
Klenting kuning : Srono kuwi apa mbah ?
Pikulun : Srono kui alat ngono
Klenting kuning : Kui kanggo apa ta mbah ?
Pikulun : Iki saka kadewatan , jenenge sodo lanang
Klenting kuning : Kanggone apa ta mbah ? sodo lanang
Pikulun : Iki kabiasane cara gunung jegruk segoro asat jaluk apa wae panggah
keturutan lelakone
Klenting kuning : Terus kepiye carane aku nembung
Pikulun : Ngene , sodo lanang sodo lalang aku jaluk gawe mu wong kae mati. Wong e
yo mati
Klenting kuning : WO nggih mbah matur nuwun mbah
Pikulun : Aku selak keju iki tampanono
Klenting kuning : Nggih mbah...
Pikulun : Tak jampangi sak lakumu klenting kuning bahagia mulyo tinemu rahayu apa
siro kang siri jongko jumbuh kang ginayuh . lulus midatang satyo siro tak
jumpangi .... haaa kaya me aku.
Klenting kuning : Matur nuwun mbah
Pikulun : Ning kayangan aku

Ing omah mbok rondo gerwani


Mbok rondo gerwani : kowe ngerti ta… mbok rondo dadapan kui duwe anak sing bagus
banget, jenenge ande-ande lumut.
Kleting-keleting : Owh… ande-ande lumut….
Klenting biru : Sing bagus niku ta mbok...
Mbok rondo gerwani : Iyo,, mbok rondo dadapan gawe sayembara kanggo anake ande-
ande lumut sing lagi goleki garwo pendampinge…
Klenting-klenting : Wahh ,,,purun sanget mbok….
(keterangan :kleting-klenting kemayu lan centil).
Mbok rondo gerwani : Iya… mengko mbok arep dandani kowe-kowe ben dadi putri sing
ayu-ayu, sapa ngerti salah sijine kepilih dadi garwone ande-ande
lumut.
Kleting-kleting : Iya mbok.. purun-purun…
Kleting abang : Wahh mesti aku sing di pilih mengko, kan aku sing paling ayu…
(keterangan : klenting abang kemayu).
Kleting ijo : Ora iso,,!!mestine aku sing diseleksi ande-ande lumut dadi garwone...
Klenting biru : Lhooo..... ora iso aku yo ayu og.
Kleting abang : Heh!! Aku kan luwih tua saka kowe kudune kowe ngajeni aku dadi
mbakyumu…!!!!
Mbok rondo gerwani : Wes-wes to!! Rasah padu..anak-anake mbok kan ayu-ayu,,rasah
udur uduran, wes ndang rene tak pacak i
Klenting – klenting : Nggeh mbok
Mbok rondo gerwani : ki tak wehi selendang siji siji tomponen ....... wes ndang budal kono
(keterangan: klenting –klenting ngaleh lan mbok rondo ngaleh).

Omahe mbok rondo


(Keterangan : klenting kuning teka omah terus disiksa mbok rondo gerwani).
Klenting kuning : Sing dikarepake si mbok lakyo kaya ngeneki ta, sing maune ireng-ireng
maleh resik ta.
Mbok gerwani : Laiya reget ireng-ireng malih resik, ngeneki seneng aku.
Klenting kuning : Mbak yu-mbak yu pada nandi mbok?
Mbok gerwani : Lunga.. dolan.. nyenengno ati, wis gaksah goleki mbak yu mu.. saiki kowe
korah-korah kana!
Klenting kuning : Iki aku gung leren lo mbok saka kali, aku lageg teka wis ngongkon
nandang gawe neh.
Mbok gerwani : Terah ning kene weki tak kon nyambut gawe, kowe mangan nek ra
tandang gawe yo sopo sing arep makani kowe.
Klenting kuning : Mboten mbok.. si mbok bloko wae... mbak yu-mbak yu pada nandi ta
mbok?
Mbok gerwani : Tenan kowe kepingin ngerti ta, mbak yu-mbak yu mu kui nang desa
dadapan.
Klenting kuning : Kulo nggih krungu datheng desa dadapan niku wonten wong bagus pados
garwa, kula nggih kepingin mriko mbok pingin melu...
Mbok gerwani : Wis rasah melu! Ning omah wae, mbak yu mu lo wis dandan ayu-ayu
mau, la rupamu uelek kok arep rono.
Klenting kuning : La mbak yu-mbak yu ku oleh aku kok gaoleh... amarga nyapo to mbok?
Mbok gerwani : Kowe ki mbaturi si mbok, ngko umpama mbak yu-mbak yu mu oleh bojo
wong bagus.. wengko lakyo sing ngrewangi si mbok tandang gawe apa-apa.
Klenting kuning : Ning aku kepingin nyusul mbak yu-mbak yu ku mbok.
Mbok gerwani : Nek awakmu pingin tenan ayo melu si mbok kene tak dandani.
(Keterangan : Mbok gerwani dandani elek klenting kuning).
Klenting kuning : Ambune kok kaya ngene ta mbok.. kecing-kecing apa iki mbok??
Mbok gerwani : Wis ta rasah takon.
Klenting kuning : Aku wis ayu gung mbok??
Mbok gerwani : Wih.. ayu ne kaya widodari wis ndang budal kono.

ING KALI
(keterangan: Yuyu kangkang sing jogo kali bolak-balik ngawasi wong teko).
Yuyu kangkang : Hohohoho…. Godong waru ko bolong-bolong… bocah ayu ko moblong-
moblong….Sapa kae sing teko??
(keterangan: klenting-klenting teko ing pinggir kali).
Kleting abang : Wah… kaline banjir…
Kleting ijo : Iya mbakyu…
Klenting biru : Piye carane awake dewe nyebrang mbakyu???
Kleting abang : Kosek-kosek…….kae ono yuyu kang-kang to????
Klenting biru : Wah iyo eg......
Kleting ijo : Ayo jaluk tulung yuyu kang-kang wae mbakyu..
Kleting abang : Iya ……….Yuyu kangkang… yuyu kangkang…
Yuyu kangkang : Hahaha… ana apa cah ayu-ayu…
Kleting abang : Yuyu kangkang… aku njaluk tulung kowe….tolong sebrangke aku
nglewati kali iki...
Yuyu kangkang : Wah…abot banget kui, tapi enek syarate.
Kleting abang : Syarate apa to??
Klenting biru : Kon mbayar ngango duit?? Wah kowe kui mata duitan…
Kleting ijo : Yowes lah yen duit gampang….mengko tak bayar..
Yuyu kangkang : Duduk duit…aku gak doyan…. Hahaha
Kleting-kleting : Alah prett....
Yuyu kangkang : Imbalane yaiku nganggo tanganmu..
Kleting abang : Apa tanganku???ameh mok kapakne??
Yuyu kangkang : Ora tak kapak-kapakne…mung tak ambung sitik…
Kleting ijo : Ihhhhh,,,emohh ahh….gilani…
Kleting abang : Iyo,,apa renek imbalan liyane..??mosok tanganku sing wangi iki mok
ambungi??...... hiiiii
Yuyu kangkang : Yen kowe wegah mengko imbalane tambah...
(keterangan: kleting-klenting rembukan).
Kleting abang : Yowes,, tapi sediluk wae...
(keterangan: yuyu kangkang nyembrangke kleting abang, ijo, lan biru gentian).
Yuyu kangkang : Wah… seneng banget aku iso ngambung cah wadon ayu-ayu..
(keterangan: Klenting kuning teko arep nyembrang kali).
Yuyu Kangkang : Hohoho.. apa kui??.. ambune rak enak,,,rupane elek banget.
Kleting Kuning : Wah… kok banjir to?? Terus pie carane aku iso nyebrang??
Wah kae enek yuyu kangkang,,yuyu kangkang merene.tolong sebrangne
Aku.
Yuyu kangkan : Hahaha… aku wegah
Kleting kuning : Mengko tak keki duit…
Yuyu kangkang : Aku wegah… wes kono lungo o... ojo rene meneh!!dasar wong wadon
elek.
Kleting Kuning : Alah…kowe kok jahat men to Yuyu kangkang..
(Keterangan : klenting kuning ngetokne jimat sodo lanang).
Klenting kuning : Nek pancen kowe ora gelem nulungi aku.. tampanono iki pusaka ku sada
lanang!! Yhaachaaa..!
(Keterangan : Kali dadi asat terus klenting kuning nyebrang dewe yuyu kangkang bingung
karepe dewe).
Yuyu kangkang : Aduh-aduh.. tulong balekno banyu kali iki, aduh ampun..
Klenting kuning : Yawis sada lanang iki tak sabetke maneh.
(Keterangan : Banyu ne kali balek maneh, klenting kuning ninggalne yuyu kangkang).
(keterangan: Mbok rondo nyapu ing latar omah, terus klenting-klenting teka).

ING OMAHE MBOK RONDO DADAPAN


Klenting-klenting : Kulanuwun
Pranowo : Nyuwun sewu, sinten nggih??
Klenting abang : Kulo klenting abang
Klenting ijo : Kulo klenting ijo
Klenting biru : Kulo klenting biru, niki napa dusun dadapan??
Pranowo : Nggih leres, monggo pinarakK
Klenting-klenting : Kulanuwun mbok..
Kleting abang : Kula mbok…Klenting abang
Kleting ijo : Kula klenting ijo mbok…
Klenting biru : Kula klenting biru, datheng mriki napa wonten sing jeneng e ande-
ande lumut.
Mbok rondo dadapan : kuwi anakku.
Klenting-klenting : Ohh nggih-nggih
Mbok rondo dadapan : La iki ning omah ku duwe kekarepan opo.
Kleting-kleting : Kulo badhe ngunggah-ngunggah i ande-ande lumut.
Mbok rondo dadapan : Lawe teko kene apa ra payu ta nduk-nduk
Klenting abang : Katah sing do seneng kulo, ning kulo niku nek ora sing bagus dewe
ande-ande lumut kulo mboten purun.
Mbok rondo dadapan : Kudune ki wong wadon sing ditakokne wong lanang, ora wong wadon
sing arep ngunggah-ngunggah i.. wadohh
Klenting biru : Kula niku sing ngajeng nglamar niku wong pitu.
Mbok rondo dadapan : Pitu wi yo wong kabeh
Klenting biru : Nggih ning kulo tampik
Mbok rondo dadapan : yowis-yowis we meneng o nang kono tak taren e anak ku sik, nek di
tompo yo bejamu nek ra ditompo yo ojo gelo atimu.
Klenting-klenting : Nggih mbok
Klenting abang : Kula riyen mbok klenting abang
Mbok rondo dadapan : Rene-rene nduk.
(keterangan: mbok rondo nyayekne lagu)
(klenting abang)
Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggah-
unggahi… putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting abang iku kang
dadi asmane…
Ande-ande Lumut : Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu … kulo mboten medun…
najan ayu sisane si yuyu kangkang.
Mbok rondo dadapan : Wah… ora gelem ki nduk….
Kleting Ijo : Cobi kulo mbok, klenting ijo.
Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggah-
unggahi… putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting ijo iku kang dadi
asmane…
Ande-ande Lumut : Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu … kulo mboten medun…
najan ayu sisane si yuyu kangkang.
Mbok rondo dadapan : Wah… ora gelem
Klenting biru : Cobi kulo mbok, klenting biru
Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggah-
unggahi… putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting biru iku kang
dadi asmane.....
Ande – ande lumut : Duh ibu... kulo mboten purun... aduh ibu ... kulo mboten medun...
najan ayu sisane si yuyu kangkang.
Mbok rondo dadapan : Wah ... ora gelem kabeh.
(Ora suwi kleting kuning teko ,terus mambu ora enak lan rupane elek banget).
(keterangan : Klenting kuning marani mbok rondo).
Kleting kuning : Kulon nuwun
Mbok rondo dadapan : Sopo iku ya…
Kleting kuning : Kula Kleting kuning mbok… bade ngunggah-ngunggah i ande-ande
lumut.
Mbok rondo dadapan : Opo?.. arep ngunggah-ngunggah i anakku??? Ora salah to…
Kleting merah : La nggih… rupamu elek ambumu rak enak. Aku ae sing ayu ditolak
kok kowe??
Ande-ande lumut : Mesti ne kulo niku di tari riyen mbok
Kleting Kuning : Di coba disik mbok…
Mbok rondo dadapan : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono putri kang ngunggah-
unggahi… putrine kang olo rupane.. kleting kuning iku kang
asmane…
(Keterangan : Ande-ande lumut mudon soko topo ne).
Ande-ande Lumut : Aduh ibu… kulo inggih purun… dalem putro inggih bade medun,
najan olo meniko kang putro… suwun.
Mbok rondo dadapan : Lohh… apa rasalah to kowe lee??
Ande-ande Lumut : Mboten bu niki sampun dadi pilihane kula
(keterangan ; kleting-kleting kusak-kusuk)
Mbok rondo dadapan : Owh.. yen kui pilihanmu
Ande-ande lumut : Bu.. kula bade matur jujur.
Mbok rondo dadapan : Enek apa putraku ku???
Ande-ande lumut : Mbok..sak jane kulo niki raden panji Asmara Bangun ingkang
madosi madosi Dewi Sekartaji.
Kleting-kleting : Haa!!!!……???? raden panji asmara bangun…??
(Keterangan : klenting-klenting ngalih).
Mbok rondo dadapan : Apa raden.. Ampun-ampun nyuwun pangapunten, Kulo niki mboten
kualat nggih.
Klenting kuning : Ora-ora.
Ande-ande lumut : Iyo aku iki pangeran Asmara Bangun, Klenting kuning opo sliramu
gelem dadi pendamping uripkuu???
Klenting kuning : Inggih kulo purun sanget pangeran.
( Keterangan : Gandengan tangan).

Anda mungkin juga menyukai