Anda di halaman 1dari 7

Narator: Ono negara sing makmur, Tentrem Lan Sejahtera, ono salah sijino Pangeran sing

uripe penuh kemakmuran Pangeran mau putra mahkota sing ape ngelanjutake tahta kerajaan.
Tapi pangeran ora puas karo kemakmuranne. Pangeran pengen luru jati dirine.

BABAK 1

Musik/gendhing

Narator : kaleh pemuda mlampah ing alas, ningali kanan kiri mboten wonten kewan ingkang
saged diburu, pemuda wau kaleh panderek e, pemuda wau sebenere pangeran ingkang
ngumbara kangge nggoleki jati diri urip e

Pangeran : " Joo .... Bejo kowe nang ndi? Joo bejoo"
Bejo : "pangeran .... Sampean teng pundi pangeran?"
Pangeran : "aduhh .... Kowe kui seng mbener sih jo"
Bejo : "hehee ...., ngapunten pangeran..... kulo mboten ngertos pangeran teng
wingking kulo ...."
Pangeran : "Rene, jo, Rene! Aku arep crito"
Bejoget : " wonten nopo pangeran ...."
Pangeran : "kok, nono kewan dino iki yo? "
Bejo : "inggih, pangeran, sepen sanget ...."
Pangeran : "sopo kui, jo ..... Coba aku njaluk salam ya?"
Bejo : "kulo mboten ngertos, pangeran "
Pangeran : "ngapunten mbok kulo bade tanglet"
Pangeran : kulo nuwun ..... mbok ....
Mbok randha Dhadhapan : "ealah monggo .... sopo koe?"
Pangeran : kulo pangumboro ... Ngapunten niki dusun nopo?"
Mbok Randha dhadhapan : "iki dusun dhadhapan le, .... Kowe arep opo nang kene? "
Pangeran : "kulo badhe ngumbara, ananging kulo nyasar mboten ngertos dalane"
Mbok Randha dhadhapan : "waah ... yo wes, kowe melu mbok wae pie? Tak dadake anak
angkat yen koe gelem"
Pangeran : "wahh ... Nggih mbok kulo purun, mbok"
Mbok Randha dhadhapan : " saiki kowe Dadi anakku, kowe tak jenengke andhe-andhe
lumut yo le
Pangeran : "nggih mbok"
Bejo : "pundi mbok kulo betokake"
Mbok randha dhadhapan : nggih matursuwun
Musik/sendhing: ......

BABAK 2
musik/gendhing

Narator : enjang-enjang Mbok Randha kempal kaleh putra putrane. Putrane sampun ageng²
lan ayu-ayu rupane, putra-putrane diparingi nama Klinting ijo, klenting biru, klenting Abang,
lan klenting kuning. Klenting ijo, Abang lan biru paling di alem. Klenti biru pegaweanane
enteng enteng dene klenting kuning obot abot, kalebu umbahi rasukan ning kali

Mbok Randha klenting : "anak-anake nyong sing ayu-ayu ...... mene, Nduk!"
Klenting Klenting : "Nggeh mbok"
Mbok Randha : "ngene Nduk ono kabar sing apik banget"
Klenting Abang : "kabar nopo mbok? "
Klenting ijo : "nggeh, wonten nopo mbok"
Mbok Randha : "kowe ngerti pora? ... Mbok Randha Dhadhapan duwe anak sing
bagus banget arane andhe - andhe lumut"
Klenting Klenting : "Oh, .... andhe-andhe lumut bagus Wah kulo purun mbok?"
Mbok Randha : "yo Mbok Randha dhadhapan gawe sayumbara kanggo andhe-andhe
lumut luru Bojo"
Klenting Klenting : "wah .... Purun sangat mbokk ..."
Mbok Randha : "yo mengko mbok arep dandani kowe² men dadi cah wedok sing ayu
ayu, sapa ngerti salah sijine kepilih"
Klenting Klenting : "nggih, mbok purun purun"
Klenting Abang : "wahh ... Mesti aku sing dipilih nko, aku kan ayu"
Klenting ijo : "ora biso, mesti aku sing dipilih dadi bojone ....."
Klenting abang : "heh! Aku Luwih Tuo Kadi kowe, kudune kowe manut aku, aku ngko
sing Luwih nduweni hak Dadi bojone"
Mbok Randha : "Wes Wes malah ribut dewe!! Ora ndadak padu, anak-anak nyong
mesti payu ..."
Klenting Klenting : "nggeh mbok"
Klanting kuning : "mbokk .... Kulo bade matur"
Mbok randha : "matur opo? Opo ws rampung gaweanmu?"
Klenting kuning : "sampun mbok ...., mbok kulo nggih kepingin ngelamar dados
garwanipun andhe-andhe lumut kados mbakyu² kulo"
Mbok randha : "Ohh ... Yawis mene tak dandani kowe"
Narator :

Mbok randha klenting : "yowes, saiki kowe ngumbah klambi²ne mbakyumu nang kali kono!"
Klenting kuning : "nggih, mbok!"
Mbok randha : "hahaha ... muga-moga diterima dadi bojone ande-ande lumut yaiku
salah sijine anak-anakku dudu klenting kuning"
Narator :

BABAK III
musik/gedhing : ....

narator : Kleting Kuning ngumbah rasukan ning kali kanthi nangis. Atine sedih, amargo
saben dino dikasari simbok e. Khanti atine sengsara, Kleting kuning ndendungo marang
ghusti
klenting kuning : "dhuh....gusti mugi kulo diparingi kakuatan kange ngklakoni urip
menika.kulo tansah disikso simbok ku lan marang mbakyu mbakyu
ku
narator : kiro kiro boten dangu, Mbok Randha ajeng ngajak putrane sing lagi tapa sanjang

musik/gedhing : ....
swara gaib : "he...,cah wadon ayu."
klenting kuning : "sapa kui..."
swara gaib : "aku arep ngei koe pusaka.mbok mbokan menowo pusaka kie ono
gunane nang urepmu.pusaka iki aran e jimat kalimasada.trimanen cah
ayu! trimanen ! jimat iki kanggo keslametanmu!!
klenting kuning : "enggeh matun nuwun"
narrator
BABAK 4

musik/gendhing

Yuyu kangkang : "hohoho .... Godhong waru kobolong-bolong ....ono bocah ayu sing
dandan moblong-moblong .... Sopo kae seng teko?"
Klenting abang : "wahh... Kaline banjir ....
Klenting ijo : " iyo, mbakyu, ..... Piye carane awake dewe iso nyambrang?"
Klenting abang : 'mengko ndisit, sabar tha, kae ono yuyu kangkang"
Klenting ijo : wahh .... iyoo .... ayo njaluk tulung yuyu kangkang wae, mbakyu"
Klenting abang : "iyo, yo. .... cobo tak dundangke yuyune. yuyu kangkang....yuyu
kangkang...
Yuyu kangkang : " Hahaha .... Ono opo cah ayu ayu"
Klenting biru : "yuyu kangkang, aku ape njaluk tulung kowe. Tulung yo aku kro
sedulurku, tulung sebrangke yo?! Aku arep reng desa dhadhapan arep
ngunggah-unggahi andhe-andhe lumut kae. Tulung tenan yo,
kangkang."
Yuyu kangkang : "wah aku emoh, mendingan ngunggah-ngunggih aku wae. Aku luwih
gede tur ireng tinimbang andhe-andhe lumut. gelem yo cah ayu. Wis
tha pokoke ditanggung beres banget lo"
Klenting abang : "emoh-emoh kangkang,aku seneng sing putih resik kaya andhe-andhe
lumut kok.aku ora seneng sing ireng dawa koyo kowe kuii.ora selera
tenan Lo."
klenting ijo : "emoh,yuyu,kowe elek ora tau adus,ora tau nganggo parfum
kok.ambune ora enak.yen andhe-andhe lumut ambune wangi tur
enak.gelem ya yuyu nyabrangke aku lan klenting liane,wis mengko
tak kei upah.enak lo"
klenting biru : "ya yuyu,gelem ya,aku karo sedulurku klenting selak kebelet pengen
ngerti andhe-andhe lumut lo.cepet.ya tenan mengko tak kei upah"
yuyu kangkang : "opahan e apa,ayo?aku gelem nek diopahi.."
klenting-klenting : "opahan e opo,ayu. aku bakal gelem wis.ayo opo ngomong o"
yuyu kangkang : "opahan yaiku E"'E
klenting ijo : "opo iku ko disingkat E'E?"
yuyu kangkang : "bocah ayu ayu ko ora ngertin.E'E iku singkatan saka elus-elus.aku
njaluk elus-elus nang sirahku"
klenting-klenting : "ihh,emoh a ngilani..."
klenting abang : "opo ora ono opah selain elus-elus.dudu mukhrim e ora oleh"
yuyu kangkang : "yo wis nek ora gelem.aku yo rapopo,kono nyebrang o dewe"
narator : "sesampunipun para klenting disebrangaken,lajeng sami mlajar.prajajen kaliyan
yuyu kangkang mboten Saestu kelampahan.wusana yuyu kangkang manahipunn cuwa
mboten pikantuk
opahan menapa menapa saking para klenting.boten antawis dangu klenting kuning dhateng
saha badhe nyuwun tulung dhateng yuyu kangkang supados dipunsebrangake.klenting kuning
badhe nyusul mbakyu mbakyu nipun ngunggah ngunguhi adhe adhe lumut putranipun mbok
rondo dhadapan
klenting Abang : "yo wis, tapi sitik bae yo"
klenting biru : "yo, tapi ngko pas elus-elus motomu ditutupi yo?"
klenting ijo : "aku lilo elus-elus sirahmu nanging jarak semeter yo?tapi tenan lho
aku di seberang ke"
yuyu kangkang : "yo wes nek koyo ngunu cah ayu-ayu tak seberang ke"

musik/gendhing : ...

narator : sakwise poro klenting di seberangake terus podo mlayu janji karo yuyu kangkang
ora ditepati akhire yuyu kangkang ora oleh opah opo-opo.ora suwi klenting kuning teko podo
bae ape njaluk tulung men di seberang ake klenting kuning ape nyusul mbakyu mbakyu ne

yuyu kangkang : "hohoho.ono bocah ayu nanging kucel nemen penganggone.kowe


sapa?"
klenting kuning : "WAHH,kulo klenteng kuning.badhe nyuwun tulung di
seberangake,kulo badhe nyusul mbakyu mbakyu kulo.purun ngeh?"
yuyu kangkang : "hahaha,hohoho aku wegah, aku ora sudi ngono.emoh tenan aku"
klenting kuning : " tulung si,kangkang, mengko tak kei opah wisss"
yuyu kangkang : "aku wegah tenan,wis kono lunga,ojo mene maneh!!"
klenting kuning : " loh... koe kok jahat si yuyu kangkang.koe ko seneng mbeda
mbedakke marang sapadha-padha?"
yuyu kangkang : " aku emoh tenan. emoh tenan,aku ora sudi!!"
klentin kuning : " temenan yo wes nek kuwi pingin kowe. Aku arep nggawe kali iki
asat"
yuyu kangkang : " gawekne nek biso,aku sing nguasai kali iki. koe ora bakal bisa
ngasatke kali iki"

Narator : "klenting kuning telus nyebataken jimat Kalimasada dhateng lepen, sanika lepen
dados asat. Yuyu kangkang nemahi pejah amargi lapen asat. Klenting kuning saget
lumampah nyebrang lapen dhateng griyanipun mbok Randha dhadhapan, inggih griyanipun si
andhe-andhe lumut.

BABAK 5

Kleting kleting : Kulo nuwon


Mbok randha dhadhapan : mangga, sapa ya?
Kleting Abang : Kulo mbok kleting abang
Kleting ijo : Kulo kleting ijo, mbok
Kleting biru : Kulo kleting biru, mbok
Mbok randha dhadhapan : wah ana cah wadon ayu ayu arep opo Ki?
Kleting" : badhe ngunggah unggahi andhe andhe lumut
Mbok randha dhadhapan : oh ngono, gelem opo ora Yo, coba tak dundangke ya cah ayu
ayu. Gelem opo ora
Kleting Abang : matur nuwon, mbok. Kulo riyen nggeh?
Mbok randha dhadhapan : putraku si andhe andhe, andhe lumut, tumurana Ono putri
kang ngunggah unggahi, putrine ayu rupane, kleting Abang
iku kang ddi asmane.
Andhe andhe lumut : dhuh simbok, Kulo boten purun, dhuh simbok Kulo mboten mudhun,
nadyan ayu sisane si Yuyu kangkang.
Mbok randha dhadhapan :wah ora gelem Ki, nduk
Kleting ijo : cobi sak Niki Kulo, mbok
Mbok randha dhadhapan : putraku si andhe andhe, andhe lumut, tumurono Ono putri
kang ngunggah unggahi, putrine kang ayu rupane, kleting ijo
iku kang ddi arane
Andhe andhe lumut : dhuh simbok, Kulo boten purun, dhuh simbok Kulo mboten mudhun,
nadyan ayu sisane si Yuyu kangkang.
Mbok randha dhadhapan : putraku si andhe andhe-andhe,andhe lumut, tumurono Ono
putri kang ngunggah unggahi, putrine kang ayu rupane,
kleting biru iku kang dadi asmane.
Andhe andhe lumut : Dhuh simbok, kulo boten purun, dhuh simbok kulo mboten puron,
nadyan ayu sisane si yuyu kangkang

Narator : mboten dangu, Kleting kuning dhateng

Kleting kuning : kulo nuwon


Mbok randha Dhadhapan : monggo, sopo iku yo? ono bocah wadon elek temen rupane,
ambune amis, klambine lawas.
Kleting kuning : kulo kleting kuning, mbok... badhe ngelamar Andhe andhe lumut.
Menawi purun lo mbok. Menawi mboten puron kulo wangsul bae
melu melu mbakyu mbakyuku.
Mbok randha dhadhapan : opo? arep ngelamar anakku? ora salah ta? rupamu elek koyo
ngunu. anakku bagus rupane. opo gelem?
kleting kuning : tak cobi ndisek, mbok. sopo reti gelem.
Mbok randha dhadhapan : putraku si andhe andhe, andhe lumut, muduno ono putri pe
ngelamar, sing ayu raine, kleting kuning kuwi aranne.
andhe andhe lumut : Duuh ibu, kulo puron. nadyan iku putra suwun
Mbok Randha dhadhapan : lo? opo ora kleru koe ta? dilamar bocah ayu ra gelem, sawise
ono bocah elek, koe malah gelem
Andhe andhe lumut : mboten mbok niki sampun dados pilihan kulo, kulo asline pangeran
sing lagi sayembara luru garwa. Nembe kie kulo ketemu. Putri elek
sing aranne Kleting kuning kuwi pisahan karo kulo suwi. dewene
putri kraton. Nembe sediluk aku ketemu. sak umpomo jodoh kulo,
mbok. kulo yo setuju.
Mbok randha dhadhapan : yowes, le, yen iku njalukmu, simbok manut wae. Simbok ora
biso mekso

Anda mungkin juga menyukai