Anda di halaman 1dari 3

Ande ande lumut lan klenting kuning

Ing desa dadapan ana mbok rondho, mula katelah mbok rondo dadapan. Mbpg
rangho duwenia anak wedok 3 sing kesuwur ayu sing mbarep katelah klenting abang
seng nomer 2 jenenge klenting ijo dene sing wuragel kondange klenting kuning. Mboh
apa sebabpe, mbok rondho ora seneng karo anakke seng wuragel. Beda karo mbakyune
seng dipepaki sandangan kang apik-apik, dene klenting kuning diwenehi turahanne wae.
Pinuju klenting kuning entok prentah umbah-umbah ana kali.

Mbog Rondho:”klenting kuning,mreneo?” (kanthi petentengan)


Klenteng kuning:”inggih, mbok”
Klenting abang:” iki..sandhangan sing reget, kumbahana!” (kanthi bengak-bengok)
Klenting kuning:”inggih..inggih”
Klenting kuning banjur madai kabeh ana ing dhunak kanthi ati susah. Banjur
klenting kuning mangkat ana kali. Gawean kaya mengkono kuwi dadi panganan saben
dinane kumbahane ora rampung-rampung.
Klenting kuning:”duh gusti…ingkang, minulya punapa ingkang kedah kula lampai, kula
mboten kuat,duh gusti,,,kula nyuwun pitulungan”
Lagi wae tembunge rampung,ana manuk bango thontong mendog, ngewangi
klenting kuning, klenting kuning kaget.
Bango thontong:” ora usah kaget kuning, aku bango thontong. Aku seneng
mbiyantu/tetulungan karo wong kang lagi susah.
Disambi guneman karo bango thontong arep mabor, krungu ptuture klenting
kuning.
Klenting kuning:”matur nuwun bango thontong, aku wis kok rewangi umbah-umbah.
Bango thontong:” ya pada-pada,aku malah seneng ngrewangi kowe cah ayu.
Tekan omah mbokke lan mbakyu-mbakyune gumun.
Klenting ijo:”apa tenan iki wis kok kumbah kuning?
Klenting kuning:” inggih mbak..
Klenting abang:” yen uwis masakna kangkung kae aku wis ngeleh.
Banjur klenting kuning masak dewe ana pawon
Mbok rondho:” kuning suwe tenan kowe?
Klenting kuning: inggih mbok sekedap..
Banjur kuning ngladeni si mbog ijo lan abang sak wise resik-resik kuning mlaku
ing meja makan, melu lingguh
Klenting ijo:” eeeeee….meh ngapa kowe?
Klenting kuning:” kula badhe maem mbakyu
Klenting abang:” sapa seng dawuhi kowe maem? Heh..meh muntah aku nak wetoh kowe
Mbog rondho:” mengko, yen aku wis rampung maem resikono kamarku yo
Sakwise resik-resik kuning pinuju kali lan ketemu bango thontong
Bango thontong:” sabar kuning
Klenting kuning:” iyo bango
Bango thontong:” kuning, aku ura iso mbiyantu akeh, aku mung iso menehi barang iki
Klenting kuning:” barang apa iki?
Bango thontong:” iki jenenge sada lanang,mbok menawa ana gunane.
Klenting kuning:” maturnuwun bango aku ora bias ngewehi apa-apa marang kowe.
Bango thontong :” ora usah dipikir kuning.
Esuk-esuk mbakyune pada rebut dandan mung klenting kuning sing meneng
wae,mbakyu-mbakyune pada budal kanthi sandangan gumebyar gandha arum.meneng-
meneng klenting kuning ngrungokake guneman mbakyu-mbakyune.
Klenting ijo :”wah aku kudu dandan sing ayu iki,supoyo andhe-andhe lumut kesengsem
Marang aku:”
Klenting abang:”eh ….mestine aku sing kepilih.”
Kuning banjur melu dhandan sedhelo,meneng-meneng kuning ngetutake mbakyu-
mbakyune saka mburi.
Nalika tekan kali arep nyebrang mbakyu-mbakyune wedi,kaline banjir.Bisane mung
mangu-mangu ing tegah kali ana yuyu kangkang nyuwara.
Yuyu kangkang :”hey ngopo cah ayu.”
Klenting ijo :”aku lan abang kepengen nglamar,nangging kaline kok koyo ngene.”
Yuyu kangkang :”kuwi gampang nangging ana syarate.”
Klenting abang :”yo,tak sanggupi panjalukanmu .”
Yuyu kangkang :”gampang wae,angger ana opane.”
Kleting ijo :”njaluk piro?”
Yuyu kangkang :”aku rak butoh duet.”
Klenting ijo :”banjur apa panjalukmu.”
Yuyu kangkang :”aku njaluk diambung supoyo mulihake wujudku sing asli.”
Bocah loro mau pandeng-pandengan,tanpa kondho bocah loro mau
nyanggupi.,mergo wujude yuyu kangkang mau gedhe mulo bocah loro mau numpak ing
punggunge.Breng weroh tingkah lakune yuyu kangkang klenting kuning neu.
Klenting kuning :”kurang ajar kowe yuyu.”
Naliko mbakyu-mbakyune wes medhun aka punggunge yuyu,kuning mikir.
Klenting kuning :”aku kudhu piyw iki.”
Sakwise kuning mikir-mikir,kuning kelingan wenehane bango.
Klenting kuning :”oh…iyo sada lanang.”
Bnjur diseblake sada lanang mau ing tengah kali.Sanalika kali asad kuning mlaku
karo cengingisan seneng. Anangging kuning konangan yen ndeweke meneng-meneng
ngetutake seko mburi.
Klenting abang :”ijo,kowe krungu opo ora sworo wong cengingisan.”
Klenting ijo :”ah…endi ora ono sworo opo-opo,eh kosek-kosek ketoke area saka
mburi,ayo tileki.”
Sakwise ketemu bocah telu mau kaget lan klenting kuning diseneni sakgeleme
dhewe.
Klenteng abang :”hah,kowe kuning,kowe ngetutake aku saka mburi tho?”
Klenting ijo :”oooooh…bocah iki wes wani ajar wae mbak.”
Klenting kuning :”ampun mbak…kula inggih kepingin nglamar andhe-andhe lumut!”
Banjur abang lan ijo nguyu kepingkel-pinkel.
Klenteng abang :”opo….kowe mikir mbok ngoco kowe kuwi sopo,paling nang kono
Yo kowe kuwi diisin-isini
Ha…ha…ha…ha….
Klenteng ijo :”yo,kowe tak ijinke anangging ana syaratke.”
Klenting kuning :”tenan,punopo mawon yarate kulo sanggupi.”
Klenteng ijo :”kowe kudhu ning kene ngenteni nganti aku bali,piye kowe sanggup”
Klenting kuning :”injih…kula sanggup mbakyu.”
Klenteng ijo lan klenteng abang mangkat,mbasn tekan kono,bocah loro mau
disambut karo ibune andhe-andhe lumut kanthi seneng.
Ibu andhe-andhe lumut :”waduh…mesthi andhe-andhe lumut kesengsem marang sliramu
Cah ayu.”
Klenteng ijo :”injih bu.”
Ibu andhe-andhe lumut :”entenono kene tak undangke calon bojomu.”
Diundangke andhe-andhe lumut marang ibune,anangging andhe-andhe lumut ora
gelem nemoni bocah mau.
Andhe-andhe lumut :”bu ibu kulo mboten puron.”
Ibu andhe-andhe lumut :”lho lha nopo cah bagus,wong yo ayu-ayu lan sopan-sopan.”

Anda mungkin juga menyukai