Anda di halaman 1dari 3

Ande Ande Lumut

Para klenting pada nari ono ing ngarep omah.

Simbok : " Klenting kuning, klenting kuning, klenting kuning!!!! "

Abang : " Kae loo klenting kuning kowe ki di belukke simbok. "

Biru : " Hooh kae loo, krungu ora kowe kii ?"

Ijo : "Jane kowe ki duwe kuping ora to? Mosok yo ra krungu. "

Kuning : " Hooh po? "

Klenting kuning banjur mlebu omah marani simbok e. Lan para klenting podo banjur bubar.

Kuning : " Dalem mbok, enten menapa nggeh?

Simbok : " Kowe ki seko ngendi? Dicelukke ping bola bali kok ra semaur."

Kuning : " Ngapunten mbok, wau nembe latihan nari ten ngarepan dadose mboten mireng."

Simbok : " Halah kakehan alesan. Kowe ki ngerti ora to jane, nak sakiki ki hawane panas, koyo nak iroh
Dee ro liyane. Mbon yo kono simbok ki digawekke wedang, iki loo telak e wis ngorong. "

Kuning : " Inggih mbok, sekedap. "

Kuning banjur mlebu pawon nggawekke wedang simbok e. Sambi nunggu wedang, mbok rondo
banjur metu seko ngomah sinambi ngisis.

Simbok : " Repot e dadi wong kere, kipas we ora duwe. Seumpomo wae enek pangeran sek agi golek
bojo mesti wes tak jodohke karo anak ku sek ayu ayu. "

Kuning banjur metu gowo wedang dinggo simbok e.

Kuning : " Monggo mbok unjukan e. "

Simbok : " Klenting kuning klenting kuning kowe kuwi loo lelet jyan e eram. Mung kon gawekke wedang
we sak abad. "

Kuning : " Ngapunten mbok, lha wau tumbas es batu riyin. "

Simbok : " Halah kakean alesan, kono gek lanjut nang pawon resik resik. "
Klenting kuning banjur mlebu lan resik resik pawon. Dene mbok rondo iseh nang ngarepan sinambi
ngisis lan ngombe es teh. Ora let suwe banjur enek kertas pating slebar kabur saking duwur. (Peperi
nyembar undangan sayembara) .

Simbok : " Welah, iki ki gek yo opo? Ra enek panas ra enek udan kok enek kertas pating slebar. "

Mbok rondo penasaran karo kertas sek podo pating slebar, banjur kertas e mau dijupuk lan diwoco
karo mbok rondo.

Simbok : " Anak ku sek ayu ayu mrene o ! Klenting abang, klenting biru, klenting ijo rene! "

Abang : " Ngopo ngono lo mbok? Kok le hobi nak kon bengak bengok. "

Ijo : " Hooh, jane enek opo to mbok kok le ra ngepenakke wong arep mapan turu? "

Biru : " Enek opo e mbok? Ha mbok enek opo e? "

Simbok : " Iki lo simbok ki nemu kertas, gek kertas ee ki isine undangan sayembara. "

Biru : " Lha sayembara opo mbok? "

Simbok : " Iki loo putrane Mbok Dadapan ki agi golek bojo. "

Abang : " Putrane Mbok Dadapan ki sek endi mbok? "

Simbok : " Wela kowe ki ora ngerti po? Sek jenenge pangeran Ande Ande Lumut kae loo. "

Abang : " Woalah pangeran Ande Ande Lumut too sek bagus tenan kae to mbok. "

Biru : " Berarti pangeran Ande Ande Lumut ki sek mirip Stevan William mbok? "

Ijo : " Hooh pangeran Ande Ande Lumut ki sek bagus e ora umum kae looo. "

Biru : " Wah, hayo nak ngono kuwi aku gelem dadi bojone. "

Abang : " Eeee, enak wae, sek bakal dadi bojo ne ki yo aku, wong aku anak seng paling tuwa. "

Ijo : " Bojo ki ora kudu tuwa, sapa reti pangeran milih aku, aku kan seng paling ayu. "

Simbok : " Uwes asah podo ribut mending sakiki kowe podo siap siap amarga acara ne iki engko jam 15.
00."

Para klenting lan mbok rondo banjur podo siap siap amarga arep menyang nang kerajaan kanggo
melu sayembara. Ora let suwe mbon rondo lan para klenting banjur wes siap lan wes podo kumpul
nang ngarep omah (teras).
Simbok : " Klenting kuning, klenting kuning! "

Kuning : " Dalem, enten napa mbok? " ( mlayu nang mbok rondo sinambi gowo sapu)

Simbok : " Kowe jogo omah, ojo lunga lunga mergane simbok ameh lunga menyang kerjaan. "

Kuning : " Tindak kerjaan? Lha enten napa mbok? "

Abang : " Uwes too kowe ki asah kakean takon. Engko ndak aku malah telat le melu sayembara."

Kuning : " Sayembara? Lha sayembara opo? "

Biru : " Kowe ora ngerti nak pangeran Ande Ande Lumut agi golek bojo? "

Kuning : " Lha yo ora reti, lha wong aku we gawean ee mok nang pawon. "

Ijo : " Hahahahaa!!!!! Mesakke tenan salah e kudet KURANG ABDET. "

Simbok : " Husss rame wae sido menyang ra iki kii? "

Kuning : " Mbok lha kula angsal ndherek mboten? "

Simbok : " Uwes kowe ki nang omah wae, asah melu. "

Kuning : " Lha tapi mbok, kula nggeh pengen ndherek sayembara, sapa ngerti kula sek dipilih kalih Ande
Ande Lumut. "

Abang : " Heeee ngimpi kowe? "

Ijo : " Klenting kuning, klenting kuning mbok yo tangi ojo turu teros. "

Simbok : " Wes kowe nang omah wae, asah melu, simbok ngerti kowe ra bakal duwe calon bojo."

Mbok rondo lan para klenting banjur menyang nang kerajaan seneng klenting kuning nyapu sambi
nangis amarga ora oleh melu menyang kerajaan.

Kuning : " Simbok kok tega yo karo aku? Padahal kan aku yo anak e. Rasane pengen banget melu
menyang kerajaan, tapi kan aku ora duwe undangan e. "

Anda mungkin juga menyukai