“Bocil Nyusahno”
Nami Kelompok :
1. Adinda Rana Fadhilah (01 / XI-4)
2. Ahmad Fatkurrozi (02 / XI-4)
3. Humaira Athiya Rachman (12 / XI-4)
4. Ibrahim Gde Suryawan (13 / XI-4)
5. Nalendra Ilham Suwondo (20 / XI-4)
6. Nasywa Raina Kamiliya (21 / XI-4)
7. Rahma Dwi Dinita (25 / XI-4)
8. Rifki Hakim Anshori (27 / XI-4)
9. Risti Dinar Larasati (29 / XI-4)
10. Salsabilla Fika Shafira (31 / XI-4)
11. Tri Indah Wahyuni (34 / XI-4)
12. Wisnuyasha Faizal (35 / XI-4)
“Bocil Nyusahno”
Ing Kampung Roti, tepake Minggu sore, wayahe bapak bapak moleh kerja lan bocah bocah
sing dolanan bareng. Bedo karo Pak Wisnu, saben dino kudu nggolek duwek kanggo ngidupi anak
bojone. Kerjone Pak Wisnu kuwi narik odong odong seng mesti rame saben minggune. Nanging bedo
karo dino iki...
Wisnu : “Walaa walaaa kok yo sepine to yo yo, dungarene talah. Ndi seh bocah bocah iki.”
Pak Wisnu ora sengojo ndelok Nita seng mlaku dewean saka warung.
Wisnu : “Lah iku bocah, tak celuk wae lah. Heh Unyil! Mrinio ndang!”
Wisnu : “Ora gelem numpak ta kowe? Ndi kanca kancanu kok sepi?”
Nita : “Nggeh paklik kula niki badhe dolan odong odong e pean, niki duike pak. Lare lare
niku ketoke ga duwe duwek paklik! Njajan ae se soale.”
Nita : “Sopo kon? Wong kene a? Aku kok gatau ero? Sopo jenengmu?”
Gde : “Iyoo, aku gaoleh metu adoh adoh saka omah, wong tuoku wedi aku ilang.”
Wisnu : “Ndealah le.. le.. kowe iku lanang kok ra tau dolen.”
Nita : “He aku moleh disek yo. Wes maghrib iki selak digoleki ibukku.”
Gde : “Loh aku kok ditinggal dewean seh nang kene. Aku gaero dalan, aku gatau metu.
Yaopo iki? Yowes lah aku tak mlaku ae timbang nang kene teros koyok arek ilang.”
Akhire Gde mek isok mlaku ngiteri kampung karo ngomel ngomel dewe. Ora kerasa moro
moro Gde sampe ing salah siji gubuk. Amarga kepegelen, akhire Gde keturon ing gubuk iku. Bengi iku
ibuk e Gde sadar nek Gde ora ono ing omah. Saengga Bu Athiya, ibuke Gde iku ngamuk nang
pembantune amarga ora bisa njaga anake apik apik.
***
Indah : “ Gde dolan bal-balan sore-sore wonten teras niku wau, Buk. Kula kinten dheweke
banjur sare niku wau amerga kamare kaya ana wonge. Pun kula tinggal tandhang
gawe. Pagere sampun kula tutup nanging kula mboten ngertos kok Gde saged medal
dewe.”
Athiya : “Loh piye toh mbokk? Kok ora sampeyan awasi arek iku. Sampeyan lak ngerti Gde
iku areke senengane mlayu-mlayu, dolanan nang omah sakkarepe dewe. Yen wis
ngene arep piye? Wis sampeyan goleki areke ta mbokk?”
Indah : “Ngapunten ingkang kathah, Buk. Sampun kula goleki ten pundi-pundi, kulo
nggih sampun tangled ten tangga. Nanging mboten wonten sing ngertos.”
***
Athiya : “Mas... Piye iki? Sampean nang endi? Gde ilang iki loh.”
Ilham : “Lah kok isok? Yaweslah sek. Yo bukaen iki lawang e!”
Athiya : “Gorong mas, ayo nang Pak Satpam e ae bee wong e ndelok Gde!”
***
Ilham : “Arek e lanang cilik, kulit e sawo mateng, rambut e sodoj jeprak titik.”
Hakim : “Hoala ket mau ora ono arek cilik seng metu tekan mriki e, pak. Sepuntene mboten
sumerap kula.”
Ilham : “Yowes nek misale sampean ketemu Gde, kabarono aku yo.”
Hakim : “Oke.”
Ilham : “Ojok kesusu ta. Tenang disek, iki yo mung gorong 24 jam. Awakdewe enteni disek
ae sampek mene. Yen ora ono perubahan, mene baru lapor polisi.”
***
Amarga ora sabar, Bu Athiya koar koar nang tangga-tangga sebelah omahe. Salah sijine
marani Bu Risti seng omahe dempetan karo omahe Bu Athiya iku.
Risti : “Loh sampek saiki sek dereng ketemu ta, bu? Niku wau pembantune sampean
nggih sampun tangled ten kula. Nanging kula nggeh mboten sumerap e. Ket wau
kula nggeh mboten metu tekan omah.”
***
Srengenge wis mulai muncul, nandakake wis melbu wayah isuk. Bocah-bocah cilik pada metu
tekan omah lan kumpul ing lapangan kanggo dolanan bareng-bareng.
Nita : "Enake rek hawane gawe dolanan. Aku tak nang omahe Manda lah. Kepingin masak
masakan bareng."
Nita : "Lohh De, kon kok nang kene? Gak moleh ta kon ket wingi?"
Gde : "Wahhh Nita Alhamdulillah aku ketemu awakmu. Aku ket wingi gak moleh soale
gak eroh dalan. Bingung aku dalane mbuleti."
Nita : "Hoala yo yo kok isok iku lo. Teros kon kate lapo saiki? Ayo melok dolen maneh a?"
Gde : "Nang endi?"
Nita : "Sakjane aku mau kate nang omahe Manda kate dolan masak masakan. Tapi gak
sido wes. Ayo melok aku nang lapangan dolanan neker."
Salsa : "Loh Nita, kok mung dolanan wong loro? Endi kancamu sing liyane?"
Nita : "Aku dolanan karo Gde. Konco anyarku iki mbak. Omahe nang pojokan sing gede
iku loh."
Salsa : “Oalaah nang kunu. Ora tau tumon kowe aku. Iki ora ana sing tuku jamu ta?"
***
Wayah isuk ora iso ditinggalake saka pakulinane ibu-ibu sing pada tuku sayur gawe
kabutuhan masak nang omah. Kaya ibu-ibu ing Kampung Roti iki, pakulinane yaiku tuku sayur lan
rumpi bareng, mbahas kabar sing anget.
Rozi : "Sayur...sayur..."
Risti : " Iki lo aku tuku bayem sek an. Sampean kape masak opo, buk?"
Risti : "Eh bu, sampeyan ero ora? Anak e bu Athiya seng jenenge Gde iku, ilang areke."
Nasywa : "Oalaa bu Athiya seng omahe gede dewe iku ta? Loh anake jenenge Gde toh?"
Risti : "Iyoo tangga sebelah omahku iku, yaAllah sangking gatau metu yo sampek
sampean gaero jeneng anake."
Nasywa : "Iyoo arek iku kan gak tau metu toh kok isok ilang iku lo piye?"
Nasywa : "Terus piye? Ora digoleki wongtuwone? Ket kapan ilange buk?"
Risti : "Jek ket konangan maeng bengi, koyoke ilange yo ket mang bengi bu. Aku yo
gak ngerti wes dilaporno polisi opo gorong yo?"
Nasywa : "Loalah ngunu iku kudune dilaporno polisi, areke jek cilik piye lek kenapa napa."
Risti : "Eh jamu! Aku kape tuku jamu rek. Mbak jamu godhong telo ne siji yo."
Nasywa : "Aku jamu beras kencur mbak siji. Pegel kabeh awakku wingi mari tandang gawe."
Risti : "Iyo wes mbak gawe anakku nak omah. Sampean ora jamu ta mbak?"
Nasywa : "Jamu buyung upik ae mbak, gawe anakku gak gelem mangan."
Risti : "Eh mbak jamu, sampean ero ora, anake bu athiya seng jenenge gde iku lo ilang."
Salsa : "Oalah bu athiya seng sogeh iku ta, loh aku maeng ketemu areke, jenenge Gde iku
to? Dheweke dolen karo Nita anakke pak sayur iki."
Rozi : "Loh aku yo gak ngerti bu, anakku wes biasa dolen dewean oleh konco anyar,
biasane yo moleh moleh dewe kok."
Risti : "Daripada bingung ngene, yaopo nek langsung nang omahe Bu Athiya ne ae piye."
Salsa : "Yowes ayo ndek Bu Athiya wae ben orang bingung ngene."
***
Akhire, tukang jamu, Bu Risti, lan Bu Nasywa marani nang omahe Bu Athiya.
Ilham : "Iyo sek tak celukno sek yo. Buk! Buk! Iki lo digoleki tukang jamu."
Salsa : "Jarene Gde ilang nggih? Kula wau ketemu kale Gde ing lapangan. Dheweke
dolanan kale Nita, anake Bu Rana iku."
Athiya : "Hoala ternyata biang kerok e iki anak e Bu Rana sing cilik iku yooo. Awas ae Nita si
unyil iku!"
Nasywa : "Wes ayo saiki bareng bareng nglabrak Bu Rana nang omahe. Iki dalang e pasti Bu
Rana. Isok ae dekne nduwe rencana gawe nyulik Gde, Bu."
Athiya : "Iyo bener, bener. Uawass ae yooo nek ancen bener bakal tak lebokno penjara."
***
Sakmarine iku, kabehe budal nang omahe Bu Rana gawe mastikno keadaan sing sebenere.
Rana : (Mbukakno lawang) "Enten opo to iki kok rame rame nang omahku? Mbok yo
assalamualaikum disek ngunu lo."
Athiya : "Assalamualaikum!!"
Rana : "Waalaikumsalam."
Athiya : "Wes gak kesuwen, endi anakku Gde?" Mbok singitno nang endi?"
Athiya : "Gak usah sok gak eroh. Kon pasti kate nyulik anakku yo. Engkok kon pasti bakal
njalok tebusan seng gede. Biasa lah yo aku kan paleng sogeh nang kampung kene."
Risti : "Buktine mbak Jamu mau ketemu karo Nita, anake sampean nang lapangan
dolanan bareng."
Nasywa : "Pasti sampean ngongkon Nita nyedek i Gde teros suwe suwe bakal njalanno misi
nyulik Gde. Iyo to?"
Rana : “MasyaAllah ibu-ibu, sek tegane sampean fitnah koyok ngene. Aku ora ngerti opo-
opo. Nita wau mek pamit nang aku gawe dolanan bareng mbek kancane sing
jenenge Manda.”
Rana : “Anake ilang kok malah nyalahno wong liyo. Yo sakjane seng salah iku wong tuo ne
dewe lah, ora isok njogo anak e. Gak jelas ancen wong jaman saiki.”
Rana : “Yo ancen bener to? Mangkane dadi uwong iku ojok kerjo ae. Anakmu iku lo
ramuten. Anakmu iku yo butuh kasih sayang, ojok dikongkong nang omah wae.
Sampek-sampek akeh seng ora kenal lan ilang koyok ngene. Paleng arek iku yo
pengen dolan karo kanca-kanca saumurane nang njobo.”
Athiya : “Kakehan ngomong wong iki. Garek mbalekno anakku ae opo susahe.”
Rana : “AKU IKU GAK NGERTI ANAKMU NANG NDI!! KET MAU DIKANDANI KOK YO GAK
PAHAM IKU LO!!”
Rana : “YO KON SING SANTEE. KON SING MULAI DISEK AN, ISOK E NYALAHNO AKU.”
Ilham : “Wes...wesss...tenanggg, buk. Ojok tukaran kaya ngene. Ayo saiki nang lapangan ae
gawe nggolek Gde. Mbak jamu mau yo ndelok Gde nang lapangan, buk. Lapo yoan
nggoleki Gde nang kene.”
Ilham : “Wes talah nuruto bapak. Nyelesaino masalah iku kudu sabar. Gaonok gunane
ngamok-ngamok ngene. Wes ayo ndang nang lapangan!”
***
Sambarine geger masalah anak anak e, Bu Rana, Bu Athiya lan liyane budhal menyang
lapangan seng sek sak kampung karo kampung e Bu Rana lan Bu Athiya. Sak tutuk e nang lapangan....
Rana : "ikulo! Sak mono gede ne mosok ga ketok! Mripatmu iku gaopo a?"
Rana : (Ndudeng nang arahe Gde) "Wong iki rek sogeh sogeh ga mbenakno mripate,
ikuu looo!!"
Akhire Gde ketemu, ternyata Gde mek dolan tapi ora ero dalan kanggo moleh nang omah
lan ing akhir cerita iki Bu Athiya lan Bu Rana ora geger maneh amarga anak anak e. Bu Athiya ora
ngelarang Gde kanggo dolen nang njobo maneh, amarga mesakno yen bendino dolan dewean nang
omah terus.
^ PESAN MORAL ^
Aja berburuk sangka marang wong liya
Aja gegabah lan kudu sabar
Aja nggawe omongan lan nggarai fitnah
Dadi wong tuwo kudu mangerteni anake
Njalin hubungan sing apik karo tangga lan wong liya
Aja dadi wong ceroboh
Aja nggudo wedokan liya yen wes duwe bojo
Kudu kerja keras yen pingin urip penak