Anda di halaman 1dari 6

TOKOH

Laizadira Cheza : Wak Pu’ah

Marsya Nazila : Putri

Saila Syfaul : Bu Nyai

Anggara Farizi : Pak Kyai

Devanno : Zaenuddin

Elsa Dwi : Asyima

Terisca Elma : Karsiti

Enggal Nugroho : Pranowo

Denta Ari : Parmen

Jauza Ferdana : Narator

Adegan 1

Esuk-esuk srengenge wes njebul saka turone Putri. Ngeroso wes awan, putri banjur njupuksapu arepe nyapu jogan.
Dumadakan ono slirahe emak teko pawon. Emak ngamuk-ngamuknyawang Putri sing yamene jek tangi.

Emak : Ya awoh perawan wedok.. yamene jek tangi. Oleh opo?

Putri : (mesam-mesem) oleh ngipi karo Joong Ki mak.

Emak : opo? Jengki? Jengkine diseleh wak Parman gae ngangsu.

Putri : Halah mak.. Joong Ki duduk Jengki. Pemain korea sing imut kuloh. Eh, mak aku arep cerito.

Emak : Imut? Ireng mutlak be.e. awakmu ape cerito opo? (leyeh-leyeh nang lungguhan)

Putri : aku pe mondok mariki mak karo Siti, Wowo, karo Parmen barang kok.(sungkem nang sikile emak)

Emak : OPO? Kowe tego ninggalno emakmu sing urip ijen iki?

Putri : Duduk ngunu mak.. EMAK!!

Emak : Wes talah nak, aku kadung ati loro karo kowe. Tak kutuk kowe dadi watu.(nyuding Putri)

Putri : Loh sek ta mak.. iki iku duduk ceritane Malin Kundang.

Emak : Oalah, iyo maklum faktor U..... (karo ngelus irunge)

Putri : lah piye mak tibane? Oleh opo ora?

Emak : Gak oleh

Putri : Yowes aku gak nyapu (nyeleh sapu banjur metu)


Adegan 2

Putri ngamuk marang emakne sing gak nuruti penjalukane. Emang iyo sih.. emakne putriurip dhewekan karo putri.
Bapake putri wes gak ono ket putri kelas 4 SD. Putri budal nangomahe koncone sing jenenge Karsiti, Karsini, Karsiyem.
Senajan gak patek pinter, kabehiku mau wes dianggep dulur dewe karo Putri. Opo-opo mesti dilakoni wong 4.
Sampek

kabeh nek nyeluk “Empat Serangkai”

Putri : Siti, Wowo, Parmeeennnnn

Siyem : lapo kok kowe kape sungkem?

Sini : leh duduk sungkem tapi mangan bayem.

Siti : Salah kabeh.. arek iki iku kudu merem.

Putri : mati be.e kok merem. Aku iki nyeluk awakmu kabeh rek.

Siyem : lah lapo nyeluk? Kowe kangen aku ta?

Sini : PD mu yem.. yem.. btw yo.. awakmu sido diolehi makmu mondok ta rek?

Siti : opo iku btw? Aku wes oleh rek.. sanguku sak juta sak minggu.

Siyem : mbuh.. takoko pak Jokowi kono seh.. (nyenggol bahune Siti) aku loh limang juta rong dino ae biasa.

Siti : awakmu kabeh iku ojo kudet ta rek.. gak ngerti maneh KUDET?

Sini & Siyem : (Godek karo)

Siti : (napok batok) Kudet iku kurang update nah nek btw iku koyok arek kuto ngnukuloh rek.. ngomong-ngomong
artine iku. Wes saiki ojo ribot sangu. Saiki Putri piye?

Putri : (galau) aku gak oleh (ngangkat wajahe karo nangis + wajah melas) mesakke yodadi aku.

Sini : cup.. cup.. saknoe rek. Wes saiki ayo ngomong nang emakmu.

Adegan 3

Wong papat kuh mau banjur budal nang omahe Putri arep mbujuk emakne Putri. Senajanmelu konco, tapi Putri
pancen wes duwe niatan arep mondok sakwise lulus SMA iki. WektuPutri ditakoni guru, Putri jawab pengen dadi Bu
Nyai. Mangkane iku Putri pengen belajarilmu agama ing pondok. (neng ruang tamu omahe Putri)

Siyem : Wak Pu’ah.. Putri olehi mondok yo?

Siti : iyo talah Wak.. pliiss

Emak : nek awakmu kudu pipis iku nang jeding loh Sit, ojo nang kene.

Siti : (ngukur ndas, bingung)

Sini : Iyo Wak. Panjenengan gak sakno ta? Putri loh pengen dadi Bu Nyai.

Putri : aku loh bakal temen mak.. temenan. Mene aku bakal dadi Bu Nyai. Panjenengan

mene lak diceluk.. loh wak Pu’ah emakne Bu Nyai Putri.. ngono. Jarene guruku iku.. mene lak bakal seneng.
Emak : em ngono?? GAK OLEH.

Siyem : Halah wak, sampeyan iku koyok arek cilik ae wedi dhewekan.

Sini : Hush (karo nutup lambene Siyem)

Siti : iyo wak, guruku agomo iku ngomong ngene “TUNTUTLAH ILMU WALAU KE NEGERI CINA” ngnu jare...

Sini : siti ndalil.. siti ndalil.. (bisiki Siyem)

Siyem : he.em (manggut)

Emak : (wajah melas + pasrah) yowes nek ancene karepmu ngunu Put (ngelus sirahe putri)emak bakal ndungakno
awakmu mugo iso dadi wong sing sukses lan guno gae agomo mu.Mak bakal ngerelakno awakmu budal nang pondok

Putri : Temenan ta mak ? temenann?? (gak percoyo)

Emak : IYOO

(Empat serangkai berpelukan karo lunjak-lunjak)

Adegan 4

Putri, Karsiti, Karsini, lan Karsiyem budal menyang pondok nang salah swijine pondokapik nang Indonesia. Putri ugo
wis pamitan lan jalok restu marang emakne sing asline oranyetujoni budale Putri nang pondok.

Sini : heh tak kandani yo, jarene Bu Nyai kene ikuloh duwe anak sing bagus bangetrupane.

Siyem : halah.. iyo ta? Gantengan ndi karo aku?

Putri : kowe iki kok narsis temen

Siti : Ikuloh ono Bu Nyai lan Pak Kyai. Ayo!!

Sini: Assalamu’alaikum Pak Kyai.. Bu Nyai..

Pak Kyai lan Bu Nyai: wa’alaikum salam.

Pak Kyai : Sampeyan kabeh iki santriwati anyar ta ndok?

Putri : Inggih Pak Kyai.

Siti : Pak Kyaine ganteng (bisik nang Sini)

Sini : Halah podo ae (nyenggol bahune Siti)

Bu Nyai : mondok sing temen nggeh, ben bakal dadi wong sing bener.

Siyem : Inggih bu (sok takzim)

Pak Kyai : Nami sampeyan sinten ndok? (nyawang Putri)

Putri : Raden Putri Menik Menok Seneng Masak Ing Pawon.

Bu Nyai : halah dowone, celukane ae sinten?

Siti : putri Bu....

Bu Nyai : Lah omahe sampeyan ng ndi ndok?


Putri : mboten kulo beto bu

Pak Kyai : maksute alamate sampeyan?

Siyem : sampeyan dugi mriki lurus mawon bu, terus engken enten pertigaan sampeyanmenggok ngilen. Nah niku bu..

Pak Kyai : cedak yo? Nah ndi ne iku?

Sini : maksute engken iku enten gapuro pak.. sampeyan mlebet terus lurus sampek onokali cilik. Mari nyebrang
menggok ngetan. Ten mriku...

Bu Nyai : sampun tutuk?

Siti : dereng.. niku griyane pak RT. Maksute sampeyan be.e tanglet ten mriku. Terussampeyan lurus mawon. Enten
omah pageran dukur, cat omah werno puteh, enten tamane,nggarepe ono mobile.

Pak Kyai : sugih temen yo sampeyan ndok?

Putri : nggih ancen tonggo nggarep omah kulo niku sugih tenan.

Bu Nyai lan pak Kyai : (ngelus dada)

Bu Nyai : oalah nggeh mpun ndang menyang kamar nggeh..

4 serangkai : Ingggihh...

Adegan 5

( 4 Tahun Kemudian )

Salah swijining dino, 4 serangkai kuh mau lewat nang nggarepe dalem. Ora sengojo, Putrinyawang putrane Pak Kyai
sing bagus banget rupane. Asmane Zaenuddin tapi biasanediceluk Gus Udin. Gus Udin iku mau lulusan Al-Azhar
Mesir. Ono ing dalem, Bu Nyai lanPak Kyai arep jodohno Gus Udin karo putrine rencange sing asmine Asyima. Asyima
iku bagus banget rupane, alus kelakuane, lan uga pinter belajare saiki Asyima kuliah dadiKhafidoh ing Madinah.

Siti : ojo nyawang menjero ae. Mengko seneng karo Gus Udin.

Putri : InggihSiyem : saiki dewek wis seje yo rek.. wes gede. Wes jarang guyonan maneh koyok biyen.

Sini : Iki jenenge Swwiip.

4 serangkai : (mesem)Ing wektu sing podo tapi ing nggon seje, Gus Udin omong-omongan karo Asyima singayu.

Udin : Subhanalloh, sampeyan khafidoh dek? Alhamdulillah... seneng aku duwe garwosing gelem apal Al-Qur’an.

Asyima : Nggih kang mas. Tapi.. opo gak po po sampeyan bakal jogo hubungan iki sampekwayahe mene?

Udin : Insyaallah dek. Kang mas bakal jogo hubungan iki sampek wayahe mene.

Asyima : Amin (mesem)

Adegan 6

Ternyata takdir nemokno Gus Udin lan Putri maneh. Suwe-suwe, Gus Udin meneng-meneng duwe roso kesensem
marang Putri. Tapi Gus Udin ora wani ngomong menyangwong tuwane. Salah sawijine dino, ono rapat ing daleme Pak
Kyai lan Bu Nyai bahaskawine Gus Udin lan Asyima, dumadakan Gus Udin nyelak lan ape ngomong.

Udin : Bah, Udin arep ngomong.P


ak Kyai : nggih nak monggo ape ngomong opo?

Udin : Udin gak seneng karo Asyima Abah, Udin seneng karo santriwati Abah singasmine Putri. Udin moh ngepek
Asyima dadi garwane Udin.

Asyima : tego sampeyan kang mas, sampeyan mpun mbelanjani janji sing sampeyan gaedewe.

Udin : tapi kang mas wes kadong tresno marang Putri Syim.

Bu Nyai : walah ribet iki bah..

Pak Kyai : nggih mi. Dadose pripun nggeh?

Bu Nyai : sampeyan utus Putri mriki mawon Bah...

Asyima : tego sampeyan karo aku kang mas. Asyima gak iso dingenekno mas... (melas +mbrabak)

Udin : kang mas njaluk sepuro nang Asyima lan nang Abah lan Umi.

(Asyima nangis + melayu metu. Putri teko nang dalem)

Putri: Assalamu’alaikum. Enten nopo pak kyai bu nyai kok Putri diutus

mriki?

Bu Nyai : Ibu arep takok menyang awakmu Put.. opo awakmu tresno marang anakku iki?

Putri : Ha? (kaget)

Udin : putri, kang mas tresno banget marang Putri. Mas bakal nglamar Putri.

(Putri meneng ae bingung)

Pak Kyai : opo sampeyan nompo lamarane Udin Putri?

Putri : (Mantuk) Nggih Pak Kyai

Bu Nyai, Pak Kyai, lan Udin : alhamdulillahUdin : Suwon sanget Put. Suwon Abah, Umi. Udin ngiro lek abah lan umi
bakal ngamukiUdin.

Pak Kyai : nggeh mboten le.. abah bakal dukung opo ae sing dadi keputusane Udin.

Adegan 7

Rombongan sing isine Pak Kyai, Bu Nyai, lan Gus Udin teko nang omahe Putri. Karsiti,Karsini, lan Karsiyem heboh seru
nyambut rombongane Gus Udin kang bagus bangetrupane.

Bu Nyai : Assalamu’alaikum.. Spada!! Any body home?

Pak Kyai : Umi iki pripun sih? Mbok yo sing sopan satitik.Bu Nyai : (cengengesan)

(Wak Pu’ah mbukakno lawang)

Emak : loh.. wonten nopo niki Buk, Pak, Gus? Nopo Putri nakal ten mriko? Uhuk.. Uhuk..(watok)

Udin : Mboten kok Bu, putri ibu sanes-sanes mawon.

Pak Kyai : ngeten loh bu.. deweke mriki niku ajenge nglamar Putri bu ben dados garwone putra kulo Zaenuddin.
Emak : (kaget + serangan jantung)

(emak tibo nang tekel karo nyekeli dodone. Banjur dikrubuti wong akeh termasuk 4serangkai)

Putri : emak, ojo ninggalno Putri mak..

Emak : kowe tak enteni 4 taon Put. Saiki kowe wes dadi wong sing apik. Bener jare awakmu kabeh nitiyem... lek golek
ilmu iku perlu ben dadi wong sing guno masio iku nang Cino.

3 Serangkai : (Gobak-gobek)

Udin : loh piye seh mak? Ojo mati sek.. lamarane iki sido ditampa ra?

Emak : halah lak gopoh... tak terimo wis nang ben aku iso mati khusnul khotimah.

Putri : emak, putri jaluk sepuro yo mak nek Putri duwe salah akeh karo emak.

Siyem : siyem sisan mak, karo make siyem, bapake siyem, adhike siyem, mbakke siyem, bibie siyem, mamane siym,
mbahe siyem, uyute siyem, kabeh pokoke

Sini : halah gak ngurus karo keluarga besarmu. Sing penting... Resepsei kematiane ikiloh dhisik.

Siti: Shodaqollahul ‘Adzim. Lakone wes mati berarti ceritane mari. Gak ngnu ta?

Kabeh : (mantuk)

Akeh pepatah ngomong “ilmu iku koyok lampu sing iso nerangi, nah lek bodoh iku koyokomah sing peteng”. Dadi
sopo wonge, monggo sedoyo sareng” golek ilmu. Opo maneh

ilmu sing manfaat dunia akhirat? Iku mau

Iku kabeh dikekno nang wonge dewe”. Nek pengen sukses, yo kudu usaha contohe golek ilmu sing ikhlas lan sregep

Anda mungkin juga menyukai