Anda di halaman 1dari 7

TUGAS BAHASA JAWA :

Judul : Tata Krama (Drama Bahasa Jawa)


Sinopsis : Nyeritakake anak seng ora due tata krama marang wong tuo
Kelas : IX-B

Producer/Sutradara = Seluruh tim yang terlibat


Penulis = Rizal Ramadhan (referens cerita diambil dari youtube)

Paraga :
1.Rizal Ramadhan = Bapak e Shinta (Pak Eko)
2.Bunga Ayu Cahaya Bulan = Shinta
3.Bagus Sastro = Mas Bagus
4.Novan Aristya Saputra = Bayu + Narrator
5.Zaskia Suci Ramadhani = Ibu E Shinta (Bu Sri)
6.Muhammad Fachrenzi Akbar Maulana = Bapak e Putri (Mas Agus)
7.Maharani Fatmahwati = Mbak Fatmah
8.Sari Dwi Pangestika = Putri

Narrator : Shinta iku bocah kang bisa diomong beja banget, nduweni keluarga sing utuh,
luwih luwih orang tuane kacukupan. Awit cilik kabeh kepinginan ora tau kabantah, dadine
pas Shinta gede dadi bocah sing bandel lan gaene ngelawan wong tuo.

-Ing sawajining dina....

Shinta = Bukk!!, Ibukk!!!


Bu Sri = Opo toh shin? Kok isuk" wes bengak bengok wae, ra isin toh didelok kancane ngnu
kui? Nek nyekuk bapak ibuk ki nyidek, ora bengak bengok ngoten kui.
Shinta = Halah ngunu wae rapopo buk, saiki aku njalok sangu buk gae sekolah
Bu Sri = (ngekei 5000), ki lo sangu e.
Shinta = Kok mek sak mene buk?! Sakmene ki kurang buk, mek iso dinggo tumbas es tok.
Seng rodok akeh ra iso toh buk?
Bu Sri = Ya Allah shin, mosok sakmunu sek kurang ae? Bendino entek 20000 ora disisakke
blas dinggo nabung po pie. Jajan tok ae bendino, tiruen kancamu wi lo seng sak bendino
nabung dinggo masa depan, ora njajan wae.
Pak Eko : Byuh opo toh rame" iki? Koyok mari lapo wae.
Bu Sri = Iki lo pak anakmu nyuwun tambah arta wae, sak bendinten 20000 ewu entek wae.
Ora disisa akeh po pie dinggo nabung, iso e mung njajan wae.
Pak Eko = Walah wes tok buk kek ono wae, daripada bengak bengok wae. Ki lo le (ngekei
10000 ewu).
Shinta = Hehe terima kasih pak, kulo nyuwun pamit buk pak. (Salim marang bapak lan ibuk)
Bu Sri & Pak Eko = Iyo le ati" ning dalan.
Shinta = Ngge pak, Assalamualaikum.
Bu Sri & Pak Eko = Waalaikumsalam.
Mari shinta salam, Shinta budhal nang sekolah ambek kancane. (Narrator)
Bu Sri = Pak, nyapo toh sampean ki manjakne Shinta? Shinta ki wes gede, ajok dimanjakno
wae pak. Wedine ngko shinta ga iso dadi wong seng mandiri lan gercep nek sampean
manjake teros.
Pak Eko = Wes jarno wae buk, jeneng e arek enom yo ngunu kui.
Bu Sri = Tapi yo mosok anak e mbentak" dijarke wae pak? Koyok wong tuone ra nguruk i
tata krama wae.
Pak Eko = Pie maneh buk, nek ra dituruti ki yo aku ngesakno. Tapi nek ra dituruti yo
mbentak".
Bu Sri = Nah ero dewe to pak?
Pak Eko = Iyo buk, tak coba rodok teges sitik.
Bu Sri = Ngge pak.

Pas pelajaran, bu guru ngekei tugas tentang nggae video drama boso jowo (Narrator)

Bu Guru = bocah-bocah, saiki guru arep menehi tugas basa Jawa. Tugase nggawe drama basa
Jawa kanthi kelompok, 1 kelompok cacahe 4 wong, Mungkin ana sing arep takon?
Putri = Bu ijin takon, suwene pirang menit? Tema lan irah-irahane padha, bebasan ta bu?
Bu Guru = yen dadi paling 15 menit, lan judhul + tema free , iku nganti sampeyan. Lan
kanggo tambahan, tugas pungkasan dikirim ing Maret. Sak iki digarap judul kambek sinopsis
ceritane disek, nek urung rampung dikumpulno minggu ngarep ambek naskah e.
Putri & Siswa Kelas = Ngge bu.

Putri mbek Shinta oleh sak kelompok, lan 2 ne iku konco ne liane iki jeneng e Udin Lan
Pikri. Shinta lan kelompok e wes niatan nek arep diskusi pas mari mulih sekolah.

Shinta = Rek, ngkok mulih sekolah diskusi jam 1 yo, gae ngemarik ake tugas drama bahasa
jawa.
Udin, Pikri, Shinta = Oke siap.

Sak marine ngomong ngunu, Shinta langsung budhal mulih menyang omah.

Shinta = Assalamualaikum, bu pak?


Mbak Fatmah = Waalaikumsalam mbak, sampun mantuk saking sekolah toh mbak?
Shinta = Wes mbak sek tas iki mau. Bapak mbek ibuk ning di yo mbak?
Mbak Fatmah = Bapak mbek ibuk mau pamitan menyang pasar mbak, arep golek barang.
Shinta = Oalah, yowes nek ngunu mbak. Aku arep leren disek yo.
Mbak Fatmah = Ngge mbak.

Pas lagi golek barang, Bu Sri ket kelingan nek arep ngandani Mbak Fatmah pas Shinta wes
mulih arep dikongkon mbayar galon.

Bu Sri = (Oh iyo lali aku mau ape ngandani Mbak Fatmah nek ngongkon Shinta mbayar
galon, tak telfon e sek ae nek ngunu) (Suara Telfon).
Pak Eko = Arep nelpon sopo buk?
Bu Sri = Iki arep nelfon Mbak Fatmah, mau lali ngandani Mbak Fatmah nek pas Shinta wes
mulih arep tak kongkon mbayar galon.
Pak Eko = Oalah yowes ndang ditelfon sek nek ngunu.
Mbak Fatmah = (Suara Nada Dering HP) Loh onok wong telfon, sek tak angkat e nek ngunu.
Oalah Bu Sri to seng nelfon.
Bu Sri = Assalamualaikum mbak Fatmah.
Mbak Fatmah = Waalaikumsalam buk, wonten nopo buk?
Bu Sri = Mbak tolong sampean kandani Shinta nek tak kongkon mbayar galon mbak, arta ne
nang nduwur kulkas. Aku mau ape ngandani sampean lali, ket kelingan iki mau.
Mbak Fatmah = Oalah ngge buk, kulo sampekaken teng Mbak Shinta.
Bu Sri = Nggeh mbak, matursuwun. Assalamualaikum.
Mbak Fatmah = Sami sami buk, waalaikumsalam.

Sak marine Bu Sri telfon, mbak Fatmah langsung ngandani nang Shinta nek dikongkon ibuk
e mbayar galon. Bukan e dibayar ake gae galon, Shinta malah tuku bakso.

Pak Eko = Assalamualaikum Wahai ahli surga.


Bu Sri = Assalamualaikum.
Mbak Fatmah, Mas Bagus = Waalaikumsalam.
Mbak Fatmah = Sampun mari ta buk tekan pasar?
Bu Sri = Sampun mbak.
Mas Bagus = Pak digawek ake kopi mboten?
Pak Eko = Iyo le, bapak gawekno kopi ireng wae.
Mas Bagus = Ngge pak.

Sak marine Shinta tuku bakso, Shinta langsung budhal mantuk menyang omah.

Shinta = Assalamualaikum.
Pak Eko, Bu Sri = Waalaikumsalam
Bu Sri = Nduk, artane mau wes dibayarno nggo galon?
Shinta = Loh iki buk duwek e tak nggo tumbas bakso.
Bu Sri = Ya Allah Shinta, wong dikongkon ibuk mbayar galon malah ditukokno bakso. Terus
ngene pie terusan?
Shinta = Halah ngunu tok ae buk morang moreng.
Bu Sri = Karepmu pie toh? Wong dikongkon ibik mbayar galon kok malah ngeyel digae tuku
bakso.
Shinta = Wong yo mek galon ae.
Pak Eko = Opo toh kok rame" ae, arep nyeruput kopi poleh males krungu rame" koyok
ngene.
Bu Sri = Iki lo pak Shinta dikongkon mbayar galon malah digae tuku bakso.
Pak Eko = Karepmu pie toh nduk", wong ibuk nge amanahi mbayar galon og mbok tukokno
bakso
Shinta = Aku yo lue pak, mangkane tak tukokno bakso.
Pak Eko = Ngunu kui ngomong o bapak toh nduk, jok nggo duek seng arep digae mbayar
barang.

(Scene berganti)

Mas Bagus = Shin, ora oleh ngunu kui mbek ibu bapakmu. Wong e iku wong tuomu loh,
guduk koncomu
Mbak Fatmah = Iyo, opo maneh awakmu mbentak" ngunu kui, duso koe.
Shinta = Opo se ngunu tok ae. Tak ngaleh ae, kok podo nggarai resek ae

(Scene berganti)

Shinta = Pik, udin ndi lo kok gorong teko? Kabeh wes teko iki, karek udin tok.
Pikri = Iyo yo, suene arek iku. Sek tak telfon e nek ngunu(Suara Nada telfon)
Udin = (Nada Dering HP)
Pikri = Assalamualaikum din, ayo ndang budhal. Arek" wes podo ngenteni.
Udin = Waalaikumsalam. Iyo sek, aku arep mangan. Jare ibukku nek ra mangan ra diolehi
dolen.
Pikri = Halah kakean omong, ndang nek ngunu.

(Udin pun teko)

Udin = Assalamualaikum wahai ahli surga.


Pikri, Shinta, Putri = Waalaikumsalam.
Shinta = Wes ayo kene ndang ngumpul, ndang rampung tugas e.
Pikri = Kon ga mesen panganan sek a? Bekne lue maneh
Udin = Iyo iki arep e mesen. (Mbak pesen)
Bakul Bakso = Pesen nopo mas?
Udin = Pesen bakso sekawan mas.
Bakul Bakso = Ngge mas sekedap.

(Scene berganti)

Shinta = Wes a mek ngene tok?


Pikri = Iyo wes gaopo, ra usah akeh", ribet ngkok malahan nek akeh"
Udin = Yowes nek ngunu, ayo mbalek.
Shinta, Pikri, Putri = Ayo".
Shinta = moleh bareng ae sisan.
Pikri = Iyo, tp ngkok pas tengah dalan aku bareng bapakku yo. Soale aku mau ngomong ning
bapakku nek mulih e disosol. Paleng saiki otw
Putri = Iyo sembarang.

(Scene berganti)

Pikri = ning di yo bapakku? kok ra totok".


Udin = Paleng diluk ngkas totok.
Bapak e Pikri = Duh kok abot men pancalan e peda iki, loh halah gembos adakno. (Mbukak
HP) Ki lo pik bapak sek nang dalan, ban e gembos. Sek yo entenono
Putri = Lah iko bapakmu.
Pikri = Pakk!
Bapak e Pikri = Oii pik.
Putri = Loh pak, sepedhahe kok dituntun?
Bapak e Pikri = Iku mau gembos le pedane pas arep nyusul pikri.
Putri = Oalah ngunu toh pak.
Shinta = Pik, bapakmu wes teko. Kene mulih sek yo.
Pak, kulo putri sami udin wangsul rumiyin ngge. Assalamualaikum.
Bapak e Pikri, Pikri = Waalaikumsalam.
Shinta = Kok pikri mbek bapak uakrab yo? Kok keleng ra eneh masalah opo", nek ngomong
mbek bapak e kyok bocah nek mari ditukokne dolanan. Aku kepengen yo an ngunu, tapi
bapakku mbek ibukku senengan e mbentak", ngongkon i uwong pas lagi istirahat. Tapi aku
yo keleng ngene yo salah mbentak" i wong tuoku, mbantah nek dikongkon, aku keleng ngunu
wes duso gede. Jane anak ra oleh ngunu kui, sangking e aku mbantah mbek ngeyel wae. Wes
daripada ngene, aku luwih apik ngerubah sikapku marang wong tuoku, aku kudu njalok
ngapuro nang wong tuoku. Ngkok pas mulih tak njalok sepuro ning bapak ibukku.
Pikri = Oii shin.
Shinta = Loh, jarene mau gembos peda e, kok cepet men yo? Disebul paleng ban e? Ealah
mboh wes, poseng dewe.

(Scene berganti)

Shinta = Assalamualaikum.
Bu Sri = Waalaikumsalam.
Shinta = Bapak ning pundi buk?
Bu Sri = Iko bapak ning kamar, pak digolek i anakmu loh.
Pak Eko = Onok opo le nggolek i bapak?
Shinta = Pak, Buk kulo nyuwun ngapuro nek kulo senengan e mbantah bapak ibu, mbentak"
teng bapak ibu, nek kulo dikengken senengan e mbantah pak buk, kulo nyuwun ngapuro pak
buk. Kulo sadar kelakuan kulo marang sampean pak buk.
Pak Eko = Alhamdulillah le, koe sadar. Pancen ngunu kui ora pareng mbentak" mbek
mbantah wong tuo, duso gede le. Koe wes tak ngapuro i yo le, ajo dibaleni maneh.
Bu Sri = Sip, pinter anak e ibuk, Iso intropeksi diri. Ajok dibaleni neh yo le.
Shinta = Ngge pak buk, matur suwun.
Pak Eko = Mergo koe wes nyuwun ngapuro marang bapak ibukmu, koe tak tukokni es krim
arep po ra? Sampean arek po ra buk? Sisan.
Shinta = Arep pak!
Bu Sri = Arep pak, seng rasa coklat yo.
Pak Eko = Oke siap.

End.

Anda mungkin juga menyukai