Esuk-esuk srengenge wis mlethek lan njebul saka turone Eman, si bocah mbeling urung gelem tangi. Yo
wis ngunu isine Eman sabendino.
Mbok Tar : Gugahen kono. Guyangen banyu pisan lek gak gelem tangi
Lela : Ngkok kasure teles kabeh, paling yo cak man gak ngurusi.
Eman : Lho mbok ana kobongan, gak ngungsi ta? (jek bingung
Lela : Hahaha… haha… iyo ak. Tak bijuki sampean. Salahe dewegak
tangi-tangi.
Mbok Tar : Halaah.. podo cilike ae lok-lokan barang. Wes ndang nimbo kono Man,
Eman : Sek talah mak, bener jare sampean. Podo cilike lha iku irunge… hahaha
Mbok Tar : Lhe… lhe… tak untal kowe lak enak (Eman mlayu)
Izah : La.. ela.. e e e.. under my umbrella. Terno aku nang Jagalan. Cepet La !
Mbok Tar : Iyo Nak terno sampek omahe ae yo. Ndang mbalio.
Mbok Tar : Zah mreneo! Bengak-bengok ae, llapo nang Jagalan? Ngguwak Eman ta?
Izah : Omongan mu
Iku lho Mbok konco ku jek tas muleh teko Gua Hiro. Arepe nang omah ku lha dalah kesasa
Eman : Mbok iki kok gak nggenah bluas e, anake dewe dikacangno ngene.
Mbok Tar : Ati-ati Man, suwe-suwe kowe ngkuk kuciwa lak sampek nggawe aku mangkel
Mbok Tar : Oh iyo yo, Wes Man, ngkuk sore kowe kudu melu akku. Lak gak, awas yo
Izah : Oalah Lela, ngeterno sampe omah ku tok, yo dadi gawe. Iki pisan endi Menik ??
Menik : Assalamualaikum Izah. Iki lho aku, Menik. Sak jam aku muter-muter ora ketemu-
ketemu.
( Bu Haji moro)
Bu Haji : Assalamu’alaikum. Iki sopo ngu ca’-nguncal sandal sasisih? Kowe ngerti ta Nduk?
Menik : ( Nyaut sandal) La iki sandalku. Matur nuwun Bu Haji, Alhamdulillah yah rotone ten
Panjenengan, Aman sehat wal afiat sandal kula.
Bu Haji : Waduh.. waduh, waduh, endel tenan bocah iki! Sopomu Zah?
Bu Haji : Iyo gak opo-opo Nik. Omahmu endi Nduk sampe kesasar nang Jagalan?
Menik : Wah.. omah, sandal iki wae aku ditukoake karo Wong Tuwaku kok Bu. Jelasipun, kula
mboten saget tuku omah.
Menik : Sepurane Zah, lali gak tak gowo. Tasku ues abot. Nggawa omah, lak gak mlaku-mlaku
aku. GAK KUAT - - (ekspresi datar)
Menik : Hallo... Wulan Ramadhan kok ngerasani, jare kancaku nang SPADA : ‘GAK ILOOK’.
Menik : Oke. Moro.o nang SPADA JOE, ngoleko kelas IX Hem, ono arek jenenge Dhona, lha iku
jejerane.. Golekono Hpne.. La iku !!
Izah : HP..!!
Menik : Lanjut, nyalano Hpne bukaen inboxe, SMSe ono nang kunu.
Bu Haji : (mencep) Gak usah dibahas. Nik, gelem melu pengajian karo Izah?
Izah : Nami?
Menik : Raden Putri Menik Menok Mawon Seneng Masak Nang Pawon.
Izah : Sekolah?
Izah : Alamat?
Menik : Numpak bus Puspa Indah jurusan Malang, Madiun, Dempok. Ana kreta kelinci
numpak.o, mudun keras. Numpak len nganti terminal. Oper len ijo jurusan endi ae. Terus ae... mudun
pengairan pioso. Mlaku terus ono umbul-umbul wama kuning.
Menik : Ketua RTku Bu. Terus ae, sampek perempatan Pos Doreng. Ono omah tingkat 2 dicat
putih, latar ombo,taman ono. La... iki aku gak mbijuk.
Bu Haji : Ealah ndukk.... ndukk. Jawaban ogak gak iso digubris. Yo wes ndi, tk gawe mulih.
Izah+menik : Wa’a...
Tarmin : Woi bro. lapo mecucu koyok ngunu ? tambah elek kon
Eman : Ngunu ta? Koncone dewe jare elek. Aku wes eroh. Gak usah diomong-mongno. Yo podo
eroh. Ngunu-ngunu aku yo anake mbokku.
Ayu ta?
Eman : He? Lha lapo athek penghulu, anggite aku kate kawin aa?
Izah&imah : Hhahaha
Eman : Maksutku, aku dikon mbokku melu pengajian Ibu-ibu. Karepen ben aku tobat. Ngunu
lho.
Kabeh : Owalah…
Imah&izah : (ngguyu)
Bu Haji : Astaghfirullahaladzim. !!
Ancen bener jare Rhoma Irama. “Darah muda darahnya para remajaa
Bu Haji : Yang selalu merasa gagah, tak pernah mau mengalah a.. aa..
Imah : yo
Imah : Yo
Imah : Yo
Kabeh : Ya yo ya yo ae
Bu Haji : Wes buyar. Mending nglakoni hal-hal sing positif. Ora kok gelut ae
Bu Haji : Jamaah...
Jamaah : Dalem.
Izah : he ? gak yo. Wong jelas-jelas ayu aku. Kancaku paling gak nggenah kok iku.
Lela : Babah. Ayu aku kok. Gak ero aku wes kaya Putri Kate Midleton a ??
Menik : (lungguh sanding Eman karo mesem) wes suwe toh Mas melok iki ?
Menik : Hahaha… Mas Eman karo adheke kok lucu banget toh.
Kabeh : Saaammmpuuunnn.
Bu Haji : Dadi, ibu-ibu sampean kabeh kudu nuntun anake dhewe-dhewe ben ora kecanthol
gawean-gawean sing elek. Kayak gasakan, mabuk-mabukan, lsp. Di didik supaya dadi wong juju. Ogak
kok mari korupsi, terus nang Mbali ndelok tenis. Ono yo an sing jare berobat nang Singapur tapi gak
moleh.
Bu Haji : Gak moleh-moleh. Opo ta pesawate ban e kempes. Dadi di kumpo sek. Ndilalah kumpo
e keri.
Bu Haji : Dadi mari ngene opo sing elek ditinggal sing apik ayo di gowo muleh.
Menik : Nggeh Bu Haji. Tapi aku ana urusan liyane iki. Dadi aku pamit sek.
Assalamualaikum.
Imah : Waalaikumsalam wr wb
Imah : Mangkeh lak ngrentosi kate riyoyo rego kabeh mundak Bu Haji.
Bu Haji : Iyo wes aku tak mulih sek, wes salam se aku mau.
Moro-moro.
Imah : Lo kok saget Bu Haji. Bu Haji mbonten supe ta? ngagem sandal kok sisihan.
Bu Haji : Be’e kowe sing njupuk, kowe sing ndurung mulih dewe ngunu.
Imah : Hahahah...
Dina keloro, gantian saldale Eman sing ilang nang masjid. (mulih saka masjid)
Bu Haji : Ngene ae, engkok mari magrib ayo di inceng sopo sing njupukan.
Mari magrib..
Bu RT : Iyo. Wes ta ?
Kabeh : Hahahahahaha……
Eman : Ndi ?
Menik : Lha jare Bu Haji tinggalen sing elek-elek jupuken sing apik-apik. Yo sandal e sing apik tak
jupuk. Terus sandalku sing elek tak tinggal.
Meniiiiiiiikkkkk…….. :P