Wayah bengi ing omahe kaluarga Cempaka, ana cah wadon lagi ngethoki kuku ing latar
ruang tamu sing alase nganggo karpet.
(Suara Serigala)
Anak : (Kaget) “Astaghfirullah! Kaget aku! Serigalane sapa sih, gawe jantungan bae, untung
ora kena kulit.”
Ibu : (Ibu teka kadi kamar) “Nduk! Mrene to... Lah! Koe eseh apa!? Iki wis bengi, ora oleh
ngethoki kuku bengi – bengi cah ayu... aduh...!”
Anak : (Arep ngomong tapi disela adhine sing dumadakan teka)
Adhi : “Nah nopo nggih bu, mboten pareng?”
Ibu : “Bahaya dek, yen misale ora weruh lan malah kena kulite kan lara.”
Adhi : “Oh... kados niku.”
Anak : “Tapi nanggung bu, niki tinggal sanga malih kang durung dikethoki.”
Ibu : “Halah! Sanga maneh kok nanggung. Njuh! Tulungi ibu ngelipet klambi bae nang
kamar. Adek sisan.”
Anak : “nggih bu.” (Langsung mlebu kamar)
Adhi : “adek mirsani mawon nggih, bu. Hehe.”
Ibu : “Dek...!”
Adhi : “nggih bu, siap... “
2. Ora ilok lungguh ning bantal mengko wudunen
Tokoh: Bapak, anak, ibu
Ing wayah wengi, ana bocah sing arane Putri. Dhewene lagi nonton tv ing ruang tengah karo
bapake. Nanging, Putri nonton tv sisan lungguh ing ndhuwure bantal. Bapake sng weruh Putri
banjur ngandani.
Bapak : Put, lungguhe ko nang ndhuwur bantal. Medhun²!
Putri : Hi, punapa sih pak. Wong sampun kepenak lho niki.
Bapak : Bocah cilik dikandani ora manut. Mudhun, mari ngko wudunen lho koe!
Putri : Moso si wudunen pak, mboten ah!
Ibuk.e sing weruh kelakuane putri banjur nyauti.
Ibu : Medhun nduk, bocah wadon dikandani sing anut.
Putri : Nggih bu nggih.
Bapak : Nah kokui ra, dikandani kui sing anut.
3. Ora ilok dolanan beras mengko tangane kithing
Tokoh: Simbah, adhi
Wengi iku, kaluarga cempaka nglakoni rutinitas koyo biasane yaiku dhahar sareng-sareng.
Ibu sing sampun rampung masak, direwangi adhi lan mba, noto masakan ing tiker sing
sampun digelar dening bapak ing ruang tengah.
Sakwise kumpul kabeh, bapak banjur mimpin doa sak derenge dhahar lan sedayanipun mulai
dhahar
Adhi: “buk, niki ko lawuhe tempe terus niku pripun. Adek nggih bosen dhahar tempe kaliyan
jangan asem terus.” Protes adhi karo mrengut
Ibu: “nggeri dimaem ko ndhuk, artone ora cukup yen nggo tumbas pupu ayam. Ngko ngesok
wes tak tumbaske pupu senengane koe.”
Mba: “ayok dek dimaem, dientekke.”
Adhi: “ih tapi mboten enak mba rasane.”
Weruh adhi sing namung ngaduk-aduk sego ning piring wau, simbah pun ngomong
Simbah: “ayo nduk, cah ayu, maeme dientekke, budal mengko pithikmu mati loh yen ora
dientekke maeme.”
Adhi: “lah, mbah, kan kulo mboten gadhah pithik to, kan pithike gadhahe bapak.”
Ing wayah awan, dina minggu, ana bocah kang kaaran Rini lagi nyapu ing ngareping omah.
Ora suwe banjur ana Ayu kancane Rini, kang nekani
Ayu: “ Rin ayo dolan”
Rini: “Arep dolan menyang ndi?”
Ayu: “Menyang omahku, ayo!”
Rini: “Sedhela ya, aku arep ngrampungake nyapu ndisik.”
Ayu: “Oke Rin”
Sinambi nunggu, Ayu uga nggatekake Rini nyapu, nanging ora resik lan isih ninggalake
regedan tanpa disadari Rini.
Ayu: “Rin... Rin..nyapu ya nyapu nanging ya sing resik lah Rin. Yen ora resik, mengko yen
nduwe bojo, bojone ora bagus lohh.”
Rini: “Ah masa sih ora percaya aku”
Ayu: “ Iya Rin, tembung ibuku kaya iku.”
Rini: “Bisa wae kowe. Yo wis iki aku mbaleni maneh sing durung resik.”
Ayu: “Nah, ngono lah Rin”
Rini: “Wis resik iki. Ayo dolan!”
Ayu : “ Ayo!”