Anda di halaman 1dari 2

Wacana Deskripsi

Deskripsi yaiku sawijining wujud tulisan kang ana sesambunge karo pambudi dayane
penulis kanggo menehi pepincren-peprincen saka sawijining objek (panggonan, manungsa,
barang, lan liya-liyane). Dene ancase teks deskriptif iku kanggo menehi katrangan utawa
informasi marang pamaca ngenani sawijine bab supaya para pamaca bisa duwe gambaran
kaya-kaya pamaca mangerteni dhewe apa sing dikandhakake ing teks.
Topik kang bisa dikembangake dadi tulisan deskriptif yaiku :
a. Kahanan ruang umpamane kahanan pos ronda ing desa
b. Kahanan barang umpamane wujud wewangunan lan adat Jawa
c. Proses umpamane proses gawe klambi kebaya

Kawruh basa Jawa


a. Paribasan yaiku tetembungan saemper saloka nanging tegese wantah, dudu
pepindahan.
Tuladhane :
1. Anak polah bapa kepradah.
Tegese wong tuwa melu repot amarga tumindak anake.
2. Emban cindhe emban siladan
Tegese tumindak ora adil.
3. Adigang, adigung, lan adiguna
Tegese ngendel-ngendelake kukuwatan, keluhuran, lan kapinteran.
b. Tembung sanepa yaiku unes-unes kang ngemu tegese kosok balen lan mbangetake.
Tuladhane :
1. Abang dluwang : pucet banget
2. Abot kapuk : entheng banget
3. Eseme pait madu : eseme manis banget
c. Isbat yaiku unen-unen kang ajeg panggone mawa surasa tartamtu isbat iki kulinane
digunakake kanggo ngandharake falsafah, pitutur luhur, ngelmu-ngelmu agama.
Tuladhane :
1. Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti
2. Golek kayu gung susuhing angin.

Tuladha teks deskriptif


Batik
Batik yaiku kain ginambar saking piranti kang jenenge malam ditulisake utawa
dicorekake. Pengolahing batik ginawe saka cara kang pas lan ngginakake trap-trapan
tinamtu.mula saka iku, ora mokal batik minangka sawijining asil karya luhur bangsa
Indonesia kang dilakoni dening dunia lumantaran UNESCO kawitan 2 Oktober 2009.
Saliyane duwe kekhasan panggawene, maneka jinis corak uga dadi perangan kang
narik kawigaten. Jinising corak batik ing antarane kayata batik kraton, sida mukti lan
sapiturute. Batik kraton mula bukane ginawe dening para pembatik kang dumunung ing
sajroning kraton. Motif utawa corake kayata parang rusak, parang borong.
Batik sida mukti yaiku motif corak batik kang lumrah ginawa saka zat pewarna soga
alam. Batik iki wis lumrah digunakake ing upacara mantu. Unsur motif kang ginambar yaiku
garuda. Tembung “sida” iku tegese dadi utawa kelakon. Mula sida mukti nduweni makna
filosofi ngandhut pangarep-arep supaya bisa kasembadan mukti lair batine.

Gladhen 1

Wangsulana kang premati !


1. Tulisen tegese paribasa ing ngisor iki!
a. Othak-athik dudut angel
b. Gagak kanggo lare merak
2. Golekana tegese tembung sanepa ing ngisor iki !
a. Enggale suwe banyu sinaring
b. Rembuge peret beton
3. Jlentrehna maknane pitutur luhur “Jer basuki mawa beya” lan andharake gegayutane
karo kahanan ing jaman saiki !

Gladhen II

Wangsulana kang premati !


1. Gawea wacana deskriptif kang topike pakaian adat Jawa !

Anda mungkin juga menyukai