Anda di halaman 1dari 17

Tembang Kinanthi Serat Wedhatama

98,99, lan 100


Debora Dwi Rahayu Nugroho
Ganang Faisal Arkhan
Khariza Kusumaningtyas
Viena Hilma Khalila
Winugraheni Kusumaningtyas
Serat Wedhatama

Serat Wédhatama (serat mangenani ajaran utama) nggih


niku satunggaling rumpaka sastra jawa enggal kang saged
digolongaken minangka moralistis-didaktis kang sekedik
kapengaruh kaliyan Islam.
Watak

Watake seneng, tresna asih, mitutura, nuladani, mula


lumrahe kanggo menehi pitutur lan crita kang nalekane rasa
tresna asih
Paugeran Tembang

1. Pada : 17
2. Guru Gatra : 6
3. Guru Lagu : u, i, a, i, a, i
4. Guru Wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8
98
Mangkono ingkang tinamtu,
Tampa nugrahaning Widhi,
Marma ta kulup den bisa,
Mbusuki ujaring janmi,
Pakoleh lair batinnya,
Iyeku budi premati.
Tembung Angel
• Tinamtu = tinemu
• Nugrahing Widhi = anugrahing Gusti
• Mamrih = supados
• Kulup = anakku, engger
• Mbusuki = etok-etok
• Jamni = jamna, menungsa
Gancaran 98

Kaya kuwi siasane wong urip, entuk anugrahe Gusti mula


sinau sak bisa-bisane, etok-etok ujare menungsa supaya
entuk katentreman. Kaya ngono kuwi budine sing becik
Pitutur Luhur

Tiyang Gesang menika kedah narima ing pandum saking


Gusti, ananging kita kedah mbudidaya ingkang jumbuh
kaliyan kekiyatan kita.
99
Pantes tinulad tinurut,
Laladane mrih utami,
Utama kembanging mulya,
Kamulyan jiwa dhiri,
Ora ta yen ngeplekana,
Lir leluhur nguni-uni.
Tembung Angel
Gancaran

Pantes dadi tuladha lan ditiru,


Saranane dadi wong kang utama,
Iku kembang kamulyan,
Kamulyane jiwa raga,
Masio ora persis,
Kayata leluhur biyen.
Pitutur Luhur
100
Ananging ta kudu-kudu,
Sakadarira pribadi,
Aywa tinggal tutuladhan,
Lamun tan mangkono kaki,
Yekti tuna ing tumitah,
Poma kaestokna kaki.
Tembung Angel
• Aywa = aja
• Ta = kowe
• Kaki = anak
• Yekti = nyata, temenan
• Tumitah = dumadi
• Poma = piweling
• Kaestokna = lakonana, gatekna
Gancaran

Ananging sira kudu ngupaya,


Miturut kemampuane awake dhewe,
Aja ninggal patuladan,
Yen sira ora nglakoni,
Mati bakal dadi kang rugi,
Mangka lakonana anakku.
Pitutur Luhur

Kita kedah mbudidaya miturut kekiyatan kita lan mboten


nglalekaken tuladha ingkang sae
MATUR SUWUN

Anda mungkin juga menyukai