Anda di halaman 1dari 12

KELOMPOK 7

KELAS XII IPS 4

Nama Anggota:
1. Alfin Junuudhizbulloh (03)

2. Arif Zuhud Abdullah (05)


3. Nandang Ary Pangesti(15)

4. Nuari Idtria Risma Wati (16)


Tembang
Dhandhanggula
Dhandhang Gula
Katri mangka sudarsaneng Jawi,
Pantes lamun sagung pra prawira,
Amirita sakadare,
Ing lalabuhanipun,
Aja kongsi mbuwang palupi,
Manawa tibeng nistha,
Ina esthinipun,
Sanadyan tekading buta,
Tan prabeda budi panduming dumadi,
Marsudi ing kotaman.
Tegese Tembung
 katri = katelune, ketiga.
 Mangka = dadi
 sudarsaneng = sudarsana + ing = conto,
patuladhang
 Sagung = Sakabehe
 Prawira = perwira
 amirita = niru, nulad, nyonto.
 Sakadare = Sabisane
 Lelabuhanipun = Lelabuhanne, dharma
baktine, jasane
 Aja kongsi = aja nganti
 Palupi = tuladha becik (keteladanan)
 Tibeng = tiba ing
 Esthinipun = gegayuhane, cita – citane
 Tan prabeda = ora beda
 Budi = Tumindak
 Panduming dumadi = manungsa
 marsudi = ngupaya, nggoleki, berusaha.
 kotaman = ka+ utama+ an = keutamaan.
Gancaran
 Ketelune perwira (Patih Suwanda, Kumbakarna,
Adipati Karna) minangka patuladhan tanah Jawa.
 Becik (pantes) yen sakabehe para perwira
 nuladha sakadare (sakuwasane).
 Ing Jasa / dharma baktine
 Aja nganti mbuwang conto sik apik / Tuladha becik.
 Menawa tiba ing nistha
 Gegayuhanne
 Sanadyan tekade buta/raseksa
 ora beda tumindhak manungsa
 nggolek kautaman
Gancaran
 Serat tripama yaiku salah sawijining karya sastra
awujud tembang Dhandhanggula sing jumlahe 7
padha. Serat Tripama kacipta dening Kanjeng
Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV
(KGPAA Mangkunegara IV) ing Surakarta. Isi saka
serat tripama yaiku ngenani ajaran kaprawiran.
Tokoh pewayangan sing ditampilke yaiku,
Suwanda, Kumbakarna, lan Adipati Karna.
 Tembang ing dhuwur iku nuduhake padha ke-7
saka serat Tripama iki.
 Ing padha ke-7 iki isine yaiku 3 tokoh sing wis
diandharke ing bait sadurunge (Dhandhanggula
padha 1-6) patut kanggo diconto kanggo wong
Jawa (khususe).
 Tokoh kasebut yaiku:
 Patih Suwanda
 Kumbakarna
 Adipati Karna
 Aja nganti awake mbuwang contho tumindhak
sing apik saka tokoh kasebut.
Piweling
 Sabisane kita ngupaya kanggo ngebela negara,
ngebela negara iku ora mung awujud perang ing
medan peperangan thok, nanging kita bisa ngebela
negara nganggo usaha liya, misale nglestarekake
budayane negarane awake.
 Sabisane kita aja mung bisa njunjung kepentingan
pribadi ananging kita kudune bisa ngutamakake
kepentinganne wong liya.
 Sabisane minangka anak, kita bisa njunjung derajate
wong tuwa.
 Sabisane kita kudu bisa ngisi kemerdekaan nganggo
hal – hal sik bermanfaat kanggo ngurmati jasane para
pahlawan ing jaman mbiyen
Pituladhan
 Adipati Karna
Adipati Karna melu perang nglawan pandhawa
amarga Karna wis nduwe janji karo Kurawa lan
pengin males budi marang Duryudana. Ora merga
Karna ana ing pihak sing ala.
 Kumbakarna
Kumbakarna (adine Rahwana) jane ngerti yen
tumindak Rahwana salah, nanging amarga saking
tresna ne marang negarane, Kumbakarna maju
perang mbela negarane, ora maksud mbela
tumindakke Rahwana sing salah.
Matur Nuwun

Anda mungkin juga menyukai