Anda di halaman 1dari 4

kumbakarna

Serat Tripama Pada 3 lan 4


(Ana maneh conto sing prayoga (becik) yaiku
Pada 3
satriya agung ing negara Ngalengka sing
Wonten malih tuladan prayogi,
asmane Kumbakarna. Sanadyan wujude buta,
satriya gung nagari Ngalengka,
parandene kepengin nggayuh kautaman. Nalika
sang Kumbakarna namane,
wiwit perang Ngalengka dheweke nduwe atur
tur iku warna diyu,
marang ingkang raka supaya Ngalengka tetep
suprandene nggayuh utami,
slamet (raharja). Dasamuka ora nggugu guneme
duk awit prang Ngalengka,
Kumbakarna, jalaran mung mungsuh bala
dennya darbe atur,
kethek.
mring raka amrih raharja,
Dasamuka tan keguh ing atur yekti,
de mung mungsuh wanara.
Pada 4
Kumbakarna kinen mangsah jurit,
mring kang rak sira tan lenggana, (Kumbakarna didhawuhi maju perang, ora
nglungguhi kasatriyane, mbantah jalaran nglungguhi (netepi) watak
ing tekad datan purun, satriyane. Tekade ora gelem, mung mikir labuh
amung cipta labih nagari, negara, lan ngelingi bapak ibune sarta leluhure,
lan nolih yayahrena, sing wis mukti ana ing Ngalengka, saiki arep
myang luluhuripun, dirusak bala kethek. Luwih becik gugur ing
wus mukti aneng Ngalengka, paprangan.)
mangke arsa rinusak ing bala kali,
punagi mati ngrana.
Tuladha saka Kumbakarna
1. Kumbakarna iku tuladhane pemimpin sing ngedohi angkara murka. Kumbakarna ora seneng nalika
Dasamuka nuruti angkara murkane nyulik Dewi Sinta, banjur ngelingake supaya Dasamuka ora nuruti
angkara murkane supaya Ngalengka bisa aman. (pada 3)
Tuladhane Kumbakarna ing bebrayan saiki bisa arupa dadi wong sing bisa ngelingake wong liya nalika
tumindak ala supaya ora dadi angkara murka.

2. Kumbakarna sanajan arupa raseksa sing nggegirisi, ananing Kumbakarna duweni watak kesatriya.
Nalika didhawuhi maju perang, Kumbakarna tetep ing watak kesatriyane. Kumbakarna duweni niyat bela
negarane sing dirusak bala kethek. Kumbakarna luwih milih gugur ing paprangan tinimbang nuruti
angkara murka. (Pada 4)
Tuladhane watak kesatriya lan bela negara ing bebrayan saiki bisa arupa prajurit tentara sing maju perang.
Kanggo njaga kedaulatan negarane, bala tentara gugur ana ing paprangan.

Anda mungkin juga menyukai