Anda di halaman 1dari 7

SERAT TRIPAMA

Pupuh Dhandhanggula

Pada (bait) 1

Yogyanira kang para prajurit,

Lamun bisa samya anuladha,

Kadya nguni caritane,

Andelira sang Prabu,

Sasrabau ing Maespati,

Aran Patih Suwanda,

Lalabuhanipun,

Kang ginelung tri prakara,

Guna kaya purune kang den antepi,

Nuhoni trah utama.

Arti dalam bahasa Jawa (gancaran)

becike para prajurit iku,

bisa niru utawa nyonto,

kaya dongengan jaman kuno,

andel-andele sang Prabu,

Sasrabau ing Maespati,

asmane Patih Suwanda,

jasane,

kang digelung ing telung perkara,

yaiku guna, kaya lan purun kang diantepi,

netepi trah wong utama.


Pada (bait) 2

Lire lalabuhan tri prakawis,

Guna bisa saniskareng karya,

Binudi dadi unggule,

Kaya sayektinipun,

Duk bantu prang Manggada nagri,

Amboyong putri dhomas,

Katur ratunipun,

Purune sampun tetela,

Aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,

Suwanda mati ngrana.

Arti dalam bahasa Jawa (gancaran)

tegese lelabuhan telung perkara,

yaiku guna bisa mrantasi,

gawe supaya dadi unggul,

kaya nalika paprangan Negara Manggada,

bisa mboyong putri dhomas,

diaturake marang ratu,

purun kekendale wis nyata,

nalika perang tandhing karo Dasamuka ratu Negara Ngalengka,

Patih Suwanda gugur ing madyaning paprangan.


Pada (bait) 3

Wonten malih tuladhan prayogi,

Satriya gung Nagari Ngalengka,

Sang Kumbakarna namane,

Tur iku warna diyu,

Suprandene nggayuh utami,

Duk awit prang Ngalengka,

Dennya darbe atur,

Mring raka amrih raharja,

Dasamuka tan keguh ing atur yekti,

De mung mungsuh wanara.

Arti dalam bahasa Jawa (gancaran)

ana maneh tuladha kang becik,

yaiku satriya agung ing Negara Ngalengka,

kang asmane Kumbakarna,

sanadyan wujude buta,

parandene kepengin nggayuh kautaman,

nalika wiwit perang Ngalengka tetep slamet,

Dasamuka ora nggugu guneme Kumbakarna,

jalaran mung mungsuh bala kethek.


Pada (bait) 4

Kumbakarna kinen mangsah jurit,

Mring kang raka sira tan lenggana,

Nglungguhi kasatriyane,

Ing tekad datan purun,

Anung cipta labuh nagari,

Lan nolih yayah rena,

Myang leluhuripun,

Wus mukti aneng Ngalengka,

Mangke arsa rinusak ing bala kapi,

Punagi mati ngrana.

Arti dalam bahasa Jawa (gancaran)

Kumbakarna didhawuhi maju perang,

ora mbantah jalaran nglungguhi,

netepi watak satriyane,

tekade ora gelem,

mung mikir labuh negara,

lan ngelingi bapak ibune,

sarta leluhure,

sing wis mukti ana ing Ngalengka,

saiki arep dirusak bala kethek,

luwih becik gugur ing paprangan.


Pada (bait) 5

Yogya malih kinarya palupi,

Suryaputra Narpati Ngawangga,

Lan Pandhawa tur kadange,

Len yayah tunggil ibu,

Suwita mring Sri Kurupati,

Aneng Nagri Ngastina,

Kinarya gul-agul,

Manggala golonganing prang,

Bratayudha ing adegken senapati,

Ngalaga ing Korawa.

Arti dalam bahasa Jawa (gancaran)

ana maneh kang dadi patuladhan,

yaiku Raden Suryaputra ratu ing Negara Ngawangga,

karo Pandhawa isih sedhulur,

pada bapa tunggal ibu,

ngabdi marang Prabu Kurupati,

ing Negara Ngastina,

dadi karemenan,

didadekake manggalaning prajurit Ngastina,

nalika ing perang Baratayudha,

mbelani Kurawa.
Pada (bait) 6

Minungsuhken kadange pribadi,

Aprang tandhing lang sang Dananjaya,

Sri Karna suka manahe,

Dene sira pikantuk,

Marga dennya arsa males sih,

Ira sang Duryudhana,

Marmanta kalangkung,

Dennya ngetog kasudiran,

Aprang rame Karna mati jinemparing,

Sumbaga wiratama.

Arti dalam bahasa Jawa (gancaran)

dimungsuhake karo sedhulur dhewe,

yaiku Raden Dananjaya,

Prabu Karna seneng banget atine,

jalaran oleh dalan kanggo males,

kabecikane Prabu Duryudana,

tekade temenan banget,

anggone ngetog kekendelan,

wusanane Karna gugur kena panah,

kondhang minangka prajurit kang utama.


Pada (bait) 7

Katri mangka sudarsaning Jawi,

Pantes lamun sagung pra prawira,

Amirita sakadare,

Ing lalabuhanipun,

Aja kongsi mbuwang palupi,

Manawa tibeng nistha,

Ina esthinipun,

Sanadyan tekading buta,

Tan prabeda budi panduming dumadi,

Marsudi ing kotaman.

Arti dalam bahasa Jawa (gancaran)

tuladha telu kuwi mau minangka patuladhan ing tanah Jawa,

becik amarga sakabehe para perwira,

nuladha sakadare,

ing jasanipun,

aja nganti mbuwang conto,

jalaran yen tibaning apes dadi ina,

sanadyan tekade buta,

ora beda kalawan titah liya,

nggolek kautaman.

Anda mungkin juga menyukai