Anda di halaman 1dari 2

TEKS ANEKDOT

Teks Anekdot yaiku crita sing cekak, ringkes, lan nduweni kesan sing lucu. Anekdot biyasane
minangka pasemon adhedhasar kedadeyan kang ana ing sabendina. Senadyan tujuwane saka
teks anekdot kanggo panglipur ananging sabenere ana peen tartamtu kang kinandhut sajrone teks
kasebut.

 Njlentrehake Karakteristik Teks Anekdot Kabandhingake karo teks liyane


Akeh sing ngarani yen teks anekdot iku padha wae karo teks humor, kamangka sejatine beda.
Sanajan padha mujudake teks kang isine guyonan, teks anekdot nduweni drajad kang luwih dhuwur
yen kabandhingake karo teks humor, jalaran teks anekdot nduweni isi, lelewaning basa, lan tujuan
kang gumathok. Dadi ora kleru, yen ana kang ngarani teks anekdot iku mujudake guyonan inteleks
utawa guyonane wong pinter. Kanggo ngerteni bedane teks anekdot karo teks humor, gatekna tabel
ing ngisor iki
No. Karakteristik Teks Anekdot Karakteristik Teks Humor
1 Prastawa kang nyata Prastawa rekaan ora nyata
 Ndhudhah
2 Guyonane ngandhut pasemon, Guyonane lugu/ wantah. Struktur
Teks wewarah, lan utawa wejangan. Anekdot
 3 Isine nyritakake lelakone paraga/ Isine nyritakake lelakone paraga/ Abstraksi
wong penting. wong biasa. yaiku
4 Mupangate minangka sarana Mupangate minangka sarana lelipur perangan ing
kritik utawa hiburan. wiwitane
sosial lan hiburan. gethakan
kang gunane kanggo menehi gambaran isine teks, biyasane nuduhake bab kang unik.
 Orientasi yaiku perangan kang nuduhake wiwitane crita utawa mula bukane kepriye prastawa
kasebut dumadi, biyasane kanthi pangenalan paraga, wayah, lan panggonan.
 Krisis yaiku perangan kang nuduhake prekara utawa klimaks saka crita.
 Reaksi yaiku perangan kepriye carane pangripta ngrampungake prekara kang dumadi ing
perangan krisis, bisa uga reaksi minangka solusi utawa respons.
 Koda yaiku perangan pungkasan crita. Bisa uga kanthi menehi dudutan saka prastawa sajrone
crita.

 Ngidhentifikasi Titikan Basa Teks Anekdot


1. Nggunakake tembung panggandheng (konjungsi, kata penghubung),
2. Ana unsur lucu,
3. Biyasa ngemot sindiran,
4. Ngandhut pesen moral
5. kerep migunakake lelewaning basa kang arupa paribasan, bebasan, lan saloka.

 Nulis Teks Anekdot


Supaya dhapukan teks anekdot ora nguciwani, tataran utawa trap-trapan iki becik yen
katindakake:
1) Milih prastawa utawa kedadean kang nyata minangka sumber idhe utawa gagasan.
Sumber idhe utawa gagasan bisa kajupuk saka pengalaman pribadi utawa pawarta
babagan tingkah polahe para priyayi (wong penting/pejabat/tokoh masyarakat) ing ariwarti,
kalawarti, radhio, televisi, internet, lan medhia massa liyane.

2) Ndhapuk cengkorongan teks anekdkot.


Supaya teks anekdot kang kasusun bisa apik lan runtut, mula cengkorongan teks anekdot
kudu katulis kanthi urut miturut strukture, yaiku janturan, pawadan, prakara, tanggapan, lan
wasana. Mupangate cengkorongan, yaiku kanggo nuntun panulis supaya dhapukane teks ora
nyebal saka tema lan ora ndadekake wor- suhing ‘campur-bawur’ bab kang dirembug.

3) Mekarake cengkorongan dadi teks anekdot kang utuh.


Saliyane dibumboni maneka warna lelewaning basa (paribasan, bebasan, saloka, lan
pasemon/sindiran liyane), teks anekdot bakal luwih ndudut ati yen kabukak kanthi ukara
pitakon retoris (ukara pitakon kang ora mbutuhake wangsulan). Kanthi ukara pitakon iki,
pandhapuk wis ngajak srawung wong kang nyemak teks anekdot.
4) Nyunting teks anekdot.
Sawise teks anekdot rampung kadhapuk, supaya apik lan lucu teks kudu kasunting luwih
dhisik. Nyunting tegese ndandani utawa moles isi, tata basa, lan tata tulis.

 Maca Endah Teks Anekdot


Supaya bisa maca kanthi endah, pamaca kudu bener lan pener anggone ngucapake lafal,
nadha, intonasi, ekspresi, lan gestur jumbuh karo isine teks anekdot.
1. Lafal utawa vokal ateges pocapan, yaiku upaya kanggo nuturake tembung utawa ukara kang
ndhapuk teks anekdot kanthi pener, jumbuh karo lambang-lambang fonetis basa kang
kagunakake. Tuladhane fonem /d/ kudu dilafalake kanthi pener, ora oleh dilafalake kanthi
fonem /dh/ utawi /t/.

2. Nadha, yaiku endhek-dhuwure swara kang dipocapake pamaca teks anekdot jumbuh
karo isine teks. Tembung utawa ukara tartamtu kang perlu oleh kawigaten, perlu
diucapake kanthi nadha dhuwur. Kosok baline, tembung utawa ukara biasa kang ora perlu
oleh kawigaten, cukup diucapake kanthi nadha biasa (lumrah). Dalasan, kanggo paragrap
utawa ukara ing pungkasane teks, apike diucapake kanthi nadha endhek banget.

3. Intonasi ing sajrone maca teks anekdot ateges wiramane ukara, yaiku rendhet- cepet lan
agal-aluse pocapane pamaca nalika nuturake tembung lan ukara sajrone teks.

4. Ekspresi, yaiku polatane rai kang ngatonake rasa batin. Pamaca teks anekdot kudu ngatonake
ekspresi jumbuh karo kandhutane isi teks kang kawaca. Yen teks anekdot iku nduweni
nadha susah, mula ekspresi pamaca teks uga kudu ngatonake ekspresi kasusahan. Kosok
baline, yen teks anekdot iku nduweni nadha sumringah, mula ekspresi pamaca tesk uga kudu
ngatonake ekspresi sumringah.

5. Gestur mujudake solah bawa utawa tingkah polahe pamaca jumbuh karo isine teks. Obahe
tangan lan sikil ing dhuwur panggung kudu trep karo panjaluke teks.

Anda mungkin juga menyukai