Anda di halaman 1dari 10

SERAT WEDHATAMA PUPUH KINANTHI

Sekar Kinanthi

5 6 6 6 6 1’ 2’ 2’

Mang- ka kan- thi- ning tu- mu- wuh

2’ 2’ 1’ 1’ 6 61’ 5 6’

Sa- la- mi- mung a- was e- ling

5 6 1 1’ 1’ 1’ 1’ 61’

A- was sa- jro- ning lu- mam- pah

5 5 5 5 5 2 32 1

E- ling lu- ki- ta du- ma- di

1 2 3 5 5 5 5 5

Su- pa- di nir ing sang- sa- ya

3 2 2 2 2 32 3 5

Ye- ku- pang- rek- sa- ning u- rip


PUPUH KINANTHI PADA 1 PUPUH KINANTHI PADA 2

Mangka kanthining tumuwuh, Marma den taberi kulup,

Salami mung awas eling, Angulah lantiping ati,

Eling lukitaning alam, Rina wengi den aneda,

Dadi wiryaning dumadi, Pandak-panduking pambudi,

Supadi nir ing sangsaya, Bengkas kahadaning driya,

Yeku pangreksaning urip. Supaya dadya utami.

Arti dalam Bahasa Indonesia Arti dalam Bahasa Indonesia

Padahal bekal/modal orang hidup, Oleh karena itu rajinlah anakku,

Selamanya waspada dan ingat, Belajar menajamkan perasaan,

Ingat kepada petunjuk di alam, Siang malam berusaha,

Jadi kekuatan hidup, Berusahalah selalu,

Supaya lepas dari kesengsaraan, Menghancurkan nafsu pribadi,

Yaitu cara pemeliharaan hidup. Agar menjadi utama.

Arti dalam Bahasa Jawa Arti dalam Bahasa Jawa

Janjane kanggo sanguning urip, Mula sregepa anak-anakku,

Salawase kudu awas lan eling, Sinau netepi ati,

Eling marang pratandha urip, Rina wengi den upaya,

Dadi kekuwatane asal-usul, Mrasuk ing sajroning ati,

Supaya adoh saka sangsara, Ngilangake napsu,

Yaiku carane nglakoni urip. Supaya dadi wong kang utama.


PUPUH KINANTHI PADA 3 PUPUH KINANTHI PADA 4

Pangasahe sepi samun, Dene awas tegesipun,

Aywa esah ing salami, Weruh warananing urip,

Samangsa wis kawistara, Miwah wisesaning tunggal,

Landhepe mingis mingis, Kang atunggil rina wengi,

Pasah wukir reksamuka, Kang mukitan ing sarkara,

Kekes srabedaning budi. Gumelar ngalam sakalir.

Arti dalam Bahasa Indonesia Arti dalam Bahasa Indonesia

Cara memperdalam/mempertajam di dalam Waspada itu artinya,


sepi (semedi), Mengerti apa yang menjadi halangan hidup,
Jangan berhenti selamanya, Serta mengerti kekuasaan Tuhan,
Apabila sudah melihat, Yang mempunyai siang malam,
Tajamnya luar biasa, Yang bisa dikabulkan,
Dapat untuk mengiris gunung penghalang, Tersebar di seluruh dunia.
Lenyap semua penghalangnya budi.
Arti dalam Bahasa Jawa
Arti dalam Bahasa Jawa Dene waspada iku tegese,
Ngasah ing alam sepi (semedi), Weruh apa kang dadi pepalang urip,
Aja nganti leren sadurunge ngrasuk ing awak, Sarta kuwasane Gusti,
Yen wis ketara upaya, Kang nduweni rina wengi,
Landhepe landhep banget, Kang bisa ngabulna,
Ngiris gunung gedhe, Kasebar ing alam donya.
Bisa ngilangi pepalangane budi pekerti.
PUPUH KINANTHI PADA 5 PUPUH KINANTHI PADA 6

Ayawa sembrana ing kalbu, Sirnakna semanging kalbu,

Wawasen wuwus sireki, Den waspada ing pangeksi,

Ing kono yekti karasa, Yeku dalaning dalaning kasidan,

Dudu ucape pribadi, Sinuda saka sathithik,

Marma den sembadeng sedya, Pamotahing nafsu hawa,

Wewesen praptaning uwis. Linantih mamrih titih.

Arti dalam Bahasa Indonesia Arti dalam Bahasa Indonesia

Jangan lengah di dalam hati, Hilangkan keragu-raguan hati,

Perhatikan kata-katamu, Waspadalah terhadap pandanganmu,

Di situ tentu terasa, Itulah jalan yang baik,

Bukan katamu sendiri, Kurangilah dari sedikit,

Oleh karenanya bertanggung jawablah, Permintaan hawa nafsu,

Dan perhatikan semuanya sampai tuntas. Latihlah agar sempurna.

Arti dalam Bahasa Jawa Arti dalam Bahasa Jawa

Aja nganti sembrana ning ati, Ngilangake rasa mamang ing ati,

Waspada marang pangucapanmu, Den waspada marang pandelengmu,

Ning kono bakal kerasa, Mengkono kui dalan kang apik,

Ora pangucapane dhewe, Sudanen sangka sithik-sithik,

Mula kudu tanggung jawab, Kepenginane hawa nafsu,

Nganti apa sing di sembadaki rampung. Den latiha supaya sampurna.


PUPUH KINANTHI PADA 7 PUPUH KINANTHI PADA 8

Aywa mematuh nalutuh, Upamane wong lumaku,

Tanpa tuwas tanpa kasil, Marga gawat den liwati,

Kasalibuk ing srabeda, Lamun kurang ing pangarah,

Marma dipun ngati-ati, Sayekti karendhet ing ri,

Urip keh rencananira, Apese kasandhung padhas,

Sambekala den kaliling. Babak bundhas anemahi.

Arti dalam Bahasa Indonesia Arti dalam Bahasa Indonesia

Jangan membiasakan diri berbuat aib, Seumpama orang berjalan,

Tidak ada gunanya tidak ada hasilnya, Jalan yang berbahaya dilalui,

Terjerat oleh rintangan/gangguan, Apabila kurang perhitungan,

Oleh karena itu berhati-hatilah, Tentulah tertusuk duri,

Hidup banyak rintangannya, Paling tidak terantuk batu,

Godaan harus diperhatikan. Akhirnya terluka.

Arti dalam Bahasa Jawa Arti dalam Bahasa Jawa

Aja kulina tumindak ala, Saumpama wong mlaku,

Tanpa guna tanpa kasil, Dalan kang bebaya diliwati,

Kena marang gangguan, Yen kurang ati-ati,

Mula diati-ati, Bisa kena ri (pepalang),

Urip kui akeh panggodane, Apese kaya kesandung watu,

Panggoda kudu digatekna. Pungkasane kelara-lara.


PUPUH KINANTHI PADA 9 PUPUH KINANTHI PADA 10

Lumrah bae yen kadyaku, Meloke yen arsa muluk,

Atetamba yen wus becik, Muluk ujare lir wali,

Duwe kawruh sabodhag, Wola wali nora nyata,

Yen tan nartani ing kapti, Anggepe pandhita luwih,

Dadi kawruhe kinarya, Kaluwihane tan ana,

Ngupaya kasil lan melik. Kabeh tandha-tandha sepi.

Arti dalam Bahasa Indonesia Arti dalam Bahasa Indonesia

Yang demikian itu biasa, Terlihat bila berkomentar,

Berobat setelah terluka, Bicaranya muluk-muluk biar dianggap wali,

Walaupun punya pengetahuan banyak, Berkali-kali tidak terbukti,

Apabila tidak ada gunanya, Menganggap dirinya pandita hebat,

Sehingga pengetahuannya hanya dipakai, Kehebatannya tidak ada,

Mencari nafkah dan pamrih. Bukti-bukti tidak nampak.

Arti dalam Bahasa Jawa Arti dalam Bahasa Jawa

Lumrah wae yen mangkono, Omongane muluk-muluk,


Golek tombo yen bablak, Ben dianggep kaya wali,
Sanadyan nduwe ilmu akeh, Bola-bali ora ana asile,
Yen ora padha karo ancas, Anggepe dheweke nduwe,
Kawruh mung dienggo, Kaluwihane ora ana,
Ngupaya kasil lan pamrih. Kabeh iku prantarane jiwa kang kesang.
PUPUH KINANTHI PADA 11 PUPUH KINANTHI PADA 12

Kawruhe mung ana wuwus, Mangka ta kang aran laku,

Wuwuse gumaib-gaib, Lakune ngelmu sejati,

Kasliring thithik tan kena, Tan dahwen pati openan,

Mancereng alise gathik, Tan panasten nora jail,

Apa pandita antiga, Tan njurungi ing kahardan,

Kang mangkono iku kaki. Amung eneng mamrih ening.

Arti dalam Bahasa Indonesia Arti dalam Bahasa Indonesia

Pengetahuannya hanya ada di dalam mulut, Padahal yang disebut laku (sarat),

Kata-katanya digaib-gaibkan, Saratnya menjalankan ilmu sejati,

Dibantah sedikit saja tidak mau, Tidak iri dan dengki,

Mata membelalak alisnya menjadi satu Tidak mudah marah dan jail,
(marah), Tidak melampiaskan hawa nafsu,
Apa itu pandita palsu, Hanyalah diam agar dapat tenang.
Yang seperti itu anakku. Arti dalam Bahasa Jawa

Arti dalam Bahasa Jawa Mangka ta sing diarani laku,

Ngelmune mung omongan tok, Lakune ngelmu sejati,

Omongane digawe-gawe, Ora kena iri/ngurusi liya,

Disenggol sitik ora kena, Ora kena panas ati lan jail,

Muring-muring alise gathik, Ora ngelampiasake amung napsu,

Apa kuwi kang diarani pandhita palsu, Kang ditindakake amung anteng.

Kang kaya kuwi anakku.


PUPUH KINANTHI PADA 13 PUPUH KINANTHI PADA 14

Kaunanging budi luhung, Tur kang nyulayani iku,

Bangkit ajer ajur kaki, Wus wruh yen kawruhe nempil,

Yen mangkono bakal cikal, Nanging laire angalah,

Thukul wijining utami, Katingala angemori,

Nadyan bener kawruhira, Mung ngenaki tyasing lisan,

Yen ana kang nyulayani. Aywa esak aywa serik.

Arti dalam Bahasa Indonesia Arti dalam Bahasa Indonesia

Biasanya budi yang baik itu, Lebih-lebih yang berbeda pendapat itu,

Pandai bergaul dengan siapapun anakku, Kita ketahui bukan pengetahuannya sendiri,

Bila demikian akan tumbuh, Tetapi di luar mengalah,

Tumbuh benih utama, Agar terlihat sesuai,

Walaupun pengetahuannya benar, Hanya menyenangkan hati orang lain,

Bila ada yang berbeda pendapat. Jangan sakit hati dan dendam.

Arti dalam Bahasa Jawa Arti dalam Bahasa Jawa

Luhure budi pekerti, Kang ngulayani ngelmu,


Gampang srawung sapa wae, Biasane ilmune cethek,
Yeku bakal thukul ilmu, Nanging uripe sing rukun,
Thukul ilmu kang utama, Katingala sing becik,
Nadyan bener ilmune, Mung bisa kepenak atine liya,
Kadang ora ana sing bedha. Aja lara ati lan serik.
PUPUH KINANTHI PADA 15 PUPUH KINANTHI PADA 16

Yeku ilapating wahyu, Mangkono ingkang tinamtu,

Yen yuwan ing salami, Tanpa nugrahing widhi,

Marga wimbuh ing nugraha, Mamrih ta kulup den bisa,

Saking heb Kang Maha Suci, Mbusuki ujaring janmi,

Cinancang pucuking cipta, Pakoleh lair batinnya.

Nora ucul-ucul kaki. Lir leluhur nguni uni.

Arti dalam Bahasa Indonesia Arti dalam Bahasa Indonesia

Demikianlah saratnya wahyu, Begitulah biasanya,

Bila demikian selamanya, Mendapat anugrah Tuhan,

Itu jalan menambah pahala, Oleh karena itu agar anakku agar kau bisa,

Dari Sabda Tuhan, Pura-pura menjadi orang bodoh terhadap

Diikat diujung cipta, orang lain,

Tidak akan lepas anakku. Hasilnya lahir batin,

Yaitu budi yang baik.


Arti dalam Bahasa Jawa

Yaiku perantarane yen arep oleh wahyu, Arti dalam Bahasa Jawa

Yen lega salawase, Kaya kuwi biasane wong urip,


Mula bisa oleh anugrah, Entuk anugrahe Gusti,
Saking sabda Gusti, Mula sinau sak bisa-bisane,
Ditali ing pucuke cipta, Etok-etok ujare manungsa,
Ora ngarah ucul anakku. Supaya entuk katentremen,
Kaya ngono kuwi budine sing becik.
PUPUH KINANTHI PADA 17 PUPUH KINANTHI PADA 18

Pantes tinulad tinurut, Ananging ta kudu-kudu,

Laladane mrih utami, Sakadarira pribadi,

Utama kembanging mulya, Aywa tinggal tutuladhan,

Kamulyaning jiwa dhiri, Lamun tan mangkono kaki,

Ora ta yen ngeplekana, Yekti tuna ing tumitah,

Lir leluhur nguni uni. Poma kaestokna kaki.

Arti dalam Bahasa Indonesia Arti dalam Bahasa Indonesia

Pantas jadi tauladan dan diikuti, Tetapi harus ikhtiar,

Cara-cara mencapai kebaikan, Sekedarnya saja,

Itu permulaan dari kemuliaan, Jangan melupakan tauladan/contoh,

Kemulyaan jiwa raga, Apabila tidak demikian anakku,

Walaupun tidak persis, Itu berarti rugi hidup ini,

Seperti nenek moyang dahulu. Oleh karena itu jalankanlah anakku.

Arti dalam Bahasa Jawa Arti dalam Bahasa Jawa

Pantes dadi tuladha lan ditiru, Ananging sira kudu ngupaya,


Saranane dadi wong kang utama, Miturut kemampuane awake dhewe,
Iku kembang kamulyan, Aja ninggal patuladhan,
Kamulyane jiwa raga, Yen sira ora nglakoni,
Masio ora persis, Mati bakal dadi kang rugi,
Kayata leluhur biyen. Mangka lakonana anakku.

Anda mungkin juga menyukai