Anda di halaman 1dari 5

PETUNJUK BELAJAR PIWULANGAN 2

1. TULIS/RANGKUM MATERI CAKEPAN TEMBANG KINANTHI IKI ! (BOTEN DIKIRIM)


2. TUGAS MANGSULI PITAKONAN NO.1 – 4 ( DIKIRIM/DIUNGGAH)

GATEKNA SYAIR/CAKEPAN TEMBANG KINANTHI


A. Pengertian
Serat wedhatama yaiku salah sawijining seratan kanjeng gusti pangeran adipati
Arya sri mangkunegara IV, Serat wedhatama ngandhut piwulang luhur kanggo mbangun
budi pekerti. Serat wedhatama duweni isi piwulang babakan budi pekerti utawa tumindak
utama gerteni. Serat wedhatama asale saka basa sansekerta, Wedhatama menurut kamus
kawi-indonesia karangan L. Mardiwasito, saka tembung ''wedha'' kang tegese ilmu
pangerten, lan tembung ''Tama'' kang tegese becik. Miturut R. Tanojo tegese tembung
''Wedhatama'' yaiku pepathokaning putra. Di deleng saka tembung ''wedha'' tegese
pepakem (patokan) lan tama utawa utama kang duwe teges anak. Pepathikaning putra
tegese pathokan utawa pedoman kanggo putra lan putrine.
Serat wedhatama iku salah sawijining seratane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo
(KGPAA) Mangunegara IV Kang wujude tembang. Serat wedhatama ngemot tembang
macapat yaiku pupuh pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh lan kinanthi. Cacahe ana limang
pupuh.
B. Watak
Watake seneng, tresna asih, mitutura, nuladani, mula lumrahe kanggo menehi pitutur
lan crita kang nalekane rasa tresna asih.
C. Sasmita
Sasmita tegese pasemon, pralambang. Sasmitane tembang biasane ana ing pada
sepisan pupuh kasebut, utawa ing pada pungkasan pupuh sadurunge. Pupuh yaiku
kumpulan tembang kang padha guru gatra, guuru lagu, lan guru wilangane. Tuladhane
kumpulan tembang kinanthi, diarani pupuh kinanthi ing sajeroning serat.
D. Pugerane Tembang Kinanthi
1. Pada : 17
2. Guru Gatra :6
3. Guru Lagu : u, i, a, i, a, i
4. Guru Wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8

1
Sekar Tembang Kinanthi
5 6 6 6 6 1’ 2’ 2’
Mang- ka kan- thi- ning tu- mu- wuh
2’ 2’ 1’ 1’ 6 61’ 5 6’
Sa- la- mi- mung a- was e- ling
5 6 1 1’ 1’ 1’ 1’ 61’
A- was sa- jro- ning lu- mam- pah
5 5 5 5 5 2 32 1
E- ling lu- ki- ta du- ma- di
1 2 3 5 5 5 5 5
Su- pa- di nir ing sang- sa- ya
3 2 2 2 2 32 3 5
Ye- ku- pang- rek- sa- ning u- rip

PUPUH KINANTHI PADA 1

83.Mangka kanthining tumuwuh,


Salami mung awas eling,
Eling lukitaning alam,
Dadi wiryaning dumadi,
Supadi nir ing sangsaya,
Yeku pangreksaning urip.
DALAM BAHASA INDONESIA
Padahal bekal/modal orang hidup,
selamanya waspada dan ingat,
Ingat kepada petunjuk/contoh di alam ini.
Jadi kekuatan hidup,
supaya lepas dari kesengsaraan,
yaitu cara pemeliharaan hidup.
DALAM BAHASA JAWA
Mangka kanggo sanguning urip,
Salawase kudu awas lan eling,
Yen lumaku kudu ngati-ati,
Eling marang pratandane urip,
Supaya kalis/adoh sangka sangsara cilaka,
Yo ngono iku carane nglakoni urip.

2
PUPUH KINANTHI PADA 2
84. Marma den taberi kulup,
Angulah lantiping ati,
Rina wengi den aneda,
Pandak-panduking pambudi,
Bengkas kahadaning driya,
Supaya dadya utami.
DALAM BAHASA INDONESIA
Oleh karena itu rajinlah anakku,
belajar menajamkan perasaan.
Siang malam berusaha,
berusahalah selalu,
menghancurkan nafsu pribadi,
agar menjadi utama.
DALAM BAHASA JAWA
Mula sregepa anak-anakku,
Oleh sinau netepi ati,
Rina wengi kudu usaha ikhtiyar,
Supaya ngrasuk ing sajroning ati,
Ngilangake napsu,
Supaya dadi wong kang becik lan utama.
PUPUH KINANTHI PADA 3

85. Pangasahe sepi samun,


Aywa esah ing salami,
Samangsa wis kawistara,
Landhepe mingis mingis,
Pasah wukir reksamuka,
Kekes srabedaning budi.
DALAM BAHASA INDONESIA
Cara memperdalam/mempertajam didalam sepi (semedi),
jangan berhenti selamanya,
apabila sudah lihat,
tajamnya luar biasa,
dapat untuk mengiris gunung penghalang,
Lenyap semua penghalangnya budi.

3
DALAM BAHASA JAWA
Ngasah ing alam sepi (tirakat/semedi),
Aja nganti leren sadurunge ngrasuk ing awak (kasil maksude),
Yen wis ngrasuk ing awak lan atimu,
Landhepe ngedap-ngedapi tenan (luar biasa),
Kaya dene ngiris gunung, graji angin gedhe,
kabeh mau bisa nyingkiri perkara kang ngalang-ngalangi ati.
PUPUH KINANTHI PADA 4
86. Dene awas tegesipu,
Weruh warananing urip,
Miwah wisesaning tunggal,
Kang atunggil rina wengi,
Kang mukitan ing sarkara,
Gumelar ngalam sakalir.
DALAM BAHASA INDONESIA
Dene waspada kui,
Ngerti kang dadi pepalangani urip,
Sarta kang kuwasa gusti,
Sing nduweni rina wengi,
Sing bisa dikabulna
Kasebar ing sekabihane ndonya.
DALAM BAHASA JAWA
Dene waspada iku tegese,
Weruh apa kang dadi alangane urip,
Sarta weruh kekuasaan kang Maha Kuwasa,
Kang nguwasani/nduweni jagad rina wengi,
Kang bisa dikabulna,
Bakal weruh isine alam ndonya.
PUPUH KINANTHI PADA 5
87. Ayawa sembrana ing kalbu,
Wawasen wuwus sireki,
Ing kono yekti karasa,
Dudu ucape pribadi,
Marma den sembadeng sedya,
Wewesen praptaning uwis.

4
DALAM BAHASA INDONSIA
Jangan lengah di dalam hati,
perhatikan kata-katamu,
disitu tentu terasa,
bukan katamu sendiri,
oleh karenanya bertanggungjawablah
dan perhatikan semuanya sampai tuntas.
DALAM BAHASA JAWA
Aja nganti sembrana ning ati,
Waspada marang pangucapanmu,
Ning kono bakal krasa,
Ora pangucapane dhewe,
Mula kudu tanggung jawab,
Gatekna kabeh tumeka kasembadan lulus.

WANGSULANA PITAKONAN ING NGISOR IKI !


PITUDUH : A. WANGSULAN/JAWABAN DITULIS KANTHI RAPI LAN RUNTUT
B. KIRIM FORMAT FOTO JPG/JPEG

1. Sebutna paugerane tembang Kinanthi !

2. Jlentrehna miturut awakmu, apa kang diarani Nilai Religius

tembang Kinanthi !
3. Apa kang diarani pitutur luhur tembang kinanthi ?

4. Sebutna piwulang luhur/pitutur luhur tembang Kinanthi serat

Wedhatama pada 1 nganti pada 5 !

Maturnuwun

Anda mungkin juga menyukai