Anda di halaman 1dari 6

MAPEL BAHASA JAWA

KEKAS XI

MATERI AJAR
TEMBANG GAMBUH

Pangertene tembang macapat Gambuh


Tembang macapat inggih menika wujud tembang Jawa ingkang ugi dipunsebat
tembang alit.

Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.

Guru gatra yaiku cacahing gatra saben sapada.


Guru wilangan yaiku cacahing wanda saben sagatra.
Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra.
Guru gatra, guru wilangan, dan guru lagu tembang macapat
Gambuh 4 gatra: 12u, 6a, 8i, 12a
Megatruh 5 gatra: 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
Durma 7 gatra:12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
Pangkur 7 gatra: 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
Mijil 6 gatra: 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
Sinom 9 gatra: 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
Kinanthi 6 gatra: 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
Asmarandhana 7 gatra: 8i, 8a, 8e, 8a, 8a, 8u, 8a
Dandhanggula 10 gatra: 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
Megatruh 5 gatra: 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
Maskumambang 4 gatra: 12i, 6a, 8i, 8a

Gambuh iku tambuh, embuh, kambuh, jumbuh lan tembung kang awanda mbuh. Tegese
Lanteh. Anggitane Natapraja. Kacarita mula bukane tembang iki lelagon gandarwa
(raseksa) ing jaman Mataram. Digunakake kanggo menehi ngelmu kang kukuh bakuh
(tegas/galak).

Pathokan tembang Gambuh


GAMBUH

Guru wilangan Guru lagu Guru gatra

7 u

10 u

12 i 5

8 u

8 o

Watak tembang Gambuh


Watake tembang Gambuh iku grapyak, sumanak, mula cocok kanggo ngandharake bab-
bab asipat paseduluran, pitutur, piwulang, kekarepan.

Makna tembang Gambuh


Miturut maknane, tembang Gambuh iku nggambarake watak pawongan kang ngancik
dewasa utawa pribadi kang sansaya dewasa, mula isa njumbuhake kabutuhan lair lan batin,
kluwarga lan masarakat, pribadi karo Gusti. Tembang iki menehi pitutur, anggenah-
nggenahake utawa tansah menehi pangerten. Pancen lumrahe piyayi sepuh tansah isa
njumbuhake panguripane lan seneng aweh pitutur marang anak putu, patrap lan pangucap
isa nyawiji, panguripane ayem tentrem lan ora bot sisih. Makna sawijine sawise omah-omah
kudu padha ngertine, asah asih asuh marang sawenehe kabutuhan, tanggung jawab lan
perkara ing sajroning kluwarga kang saya abot lan maneka warna.

WOS KANG KAAMOT (ISI) TEMBANG GAMBUH

1. Serat wedhatama ngajarake supaya sakabehe tindak-tanduk becike mung apa anane, menehi
pangapura marang kaluputane wong liyan, ngedohi tindak nistha lan angkara murka.

2. Serat Wedhatama ngajarake supaya nindakake pitutur-pitutur luhur ing tembang iki, manungsa iku
kudu teguh lan santosa bebudene. semono uga, kudu sabar, tawakal, ikhlas, lila, lan nrima ing pandum,
kudu ajiwa pandhita, lan tanggap marang pungkasaning urip iki.

3. Saliyane iku, uga ngajarake nalika guneman iku kudu nganggo aturan, aja waton guneman nanging
guneman nganggo waton, sanajan kang guneman ikuwis tuwa yuswane supaya tansah kajen ing
sangarepe pawongan liya.
4. Serat wedhatama ngajarake yen agama minangka cagaking urip. Ngajarake manungsa manembah
maring Gusti kang kondhang sembah catur, yaiku sembah raga, cipta, jiwa, lan raga.

Sembah Raga yaiku menembah mring Gusti kang kawitan, yaiku kudu bisa nindakake prentah-prentah
ing agama kanthi kasad mata.

Sembah Cipta (kalbu) yaiku kanthi ngendhaleni hawa nepsu. Yen bisa nindakake kanthi temen bakal
rumangsa ayem sajeroning batin.

Sembah Sukma yaiku ngresiki batin kanthi waspada lan eling. bab iki bisa kaleksanan lamun ngulinakake
tansah syukur maring Gusti Kang Maha Agung kanthi njaga raga, rasa, lan batin supaya adoh saka batin
culika, lan nistha.

Sembah Rasa iku bisa dirasakake lamun awake dhewe wis ora mangu-mangu maneh marang
kekuwasaane Gusti Kang Akaryq Jagad.

Tuladha tembang Gambuh


3 5 5 5 5 3 56
sa- mêng- ko ing- sun tu- tur

6 5 3 2 2 3 5 5 3 56
sêm- Bah ca- Tur su- pa- ya lu- mun- tur

3 2 6 12 2 2 2 2 3 1 6 1
dhi- Ngin ra- Ga cip- ta ji- wa ra- sa ka- ki

1 2 2 2 3 1 2 3
Ing ko- no la- mun kê- tê- mu

3 5 6 5 3 23 1 2
tan- Dha nu- gra- ha- ning Ma- non

MEDIA AJAR
Serat Wedhatama adalah Sastra tembang atau kidungan jawa karya Mangkunegara IV
Wedhatama (berasal dalam bahasa Jawa; Wredhatama) yang berarti serat (tulisan/karya) wedha
(Ajaran) tama (keutamaan/utama). Serat Wedhatama terbagi menjadi 5 pupuh yaitu : pangkur,
sinom, pucung, gambuh dan kinanthi.

Pada 1
Samengko ingsun tutur,
sembah catur supaya lumuntur,
dihin raga, cipta jiwa, rasa, kaki,
ing kono lamun tinemu,
tandha nugrahaning Manon.

Kelak saya bertutur, Empat macam sembah supaya dilestarikan; Pertama; sembah raga, kedua;
sembah cipta, ketiga; sembah jiwa, dan keempat; sembah rasa, anakku ! Di situlah akan bertemu
dengan pertanda anugrah Tuhan.

Pada 2

Sembah raga puniku,


pakartine wong amagang laku,
susucine asarana saking warih,
kang wus lumrah limang wektu,
wantu wataking wawaton.

Sembah raga adalah Perbuatan orang yang lagi magang “olah batin” Menyucikan diri dengan
sarana air,Yang sudah lumrah misalnya lima waktu Sebagai rasa menghormat waktu

Pada 3

Inguni-uni ersua,
sinarawung wulang kang sinerung,
lagi iki bangsa kas ngetok-ken anggit,
mintoken kawignyanipun,
sarengate elok-elok.

Zaman dahulu belumpernah dikenal ajaran yang penuh tabir,Baru kali ini ada orang
menunjukkan hasil rekaan,memamerkan ke-bisa-an nya amalannya aneh aneh
CERITA RAKYAT

Crita Rakyat yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan minangka asli kolektif
karo masyarakat.
Titikane crita rakyat kaya ing ngisor iki :
anonim
Kolektif
Dicritakake kanthi lesan
Sing nyritakake saka generasi ke generasi /turun temurun
Wujud crita rakyat
Mitos
Legenda
Dongeng
Babat
Unsur pambangun crita rakyat ana 2 yaiku
Unsur intrinsik
Unsur ekstrinsik
Unsur intrinsik yaiku unsur kang ana ing saklebeting crita kang mbangun crita. Unsur kasebut
yaiku :
Tema
Alur
Paraga lan watak wantu
Setting
Amanat
Sudut pandang
Unsur ekstrinsik yaiku unsur saka njaba kang mangaribawani crita kadosta nilai moral, budaya
lsp.
Matur Nuwun

Brebes, 17 Januari 2022

Nana Diana

Anda mungkin juga menyukai