Anda di halaman 1dari 13

Wulangan 2: Tembang Macapat

Elemen: Menyimak
Capaian Pembelajaran:
Peserta didik mampu mengevaluasi dan mengkreasi informasi berupa
gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan yang akurat dari
menyimak berbagai jenis teks karya sastra (basa rinengga/lalonget dan
tembang macapat) dalam bentuk visual dan audio visual.

Tujuan Pembelajaran:
1. Menganalisis makna tembang macapat dengan benar.
2. Menyebutkan paugeran tembang macapat dengan benar.
3. Mencipta tembang macapat dengan ragam bahasa kehidupan sehari-hari.

A. Apersepsi

Gatekna gambar ing ngisor iki!

Gambar 2.1

Gambar 2.1: Para siswa lagi gegladhen nabuh gamelan Jawa lan ajar nembang macapat.
(Sumber: Sumber:http://id.wikipedia.org).

Kanggo mangerteni babagan tembang macapat, coba wangsulana pitakon-


pitakon ing ngisor iki!

1. Apa awakmu nate ngrungokake tembang macapat?


2. Tembang macapat apa kang nate kokrungokake?
3. Sapa sing paring wewarah tembang macapat kasebut?
4. Ing sekolahmu apa nate ana lomba nembang macapat?
5. Apa kang diarani tembang macapat iku?
6. Ana pira cacahe tembang macapat iku?
7. Coba sebutna apa wae kang kalebu jinise tembang macapat!
8. Manut panemumu gampang apa angel nembangake tembang macapat kuwi?
9. Tembang macapat apa wae kang bisa koktembangake?
10. Manut panemumu kepriye carane supaya gampang nembangake tembang macapat?

B. Nyemak (Menyimak)
1. Nyemak Teks Tembang Macapat
Ing piwulangan iki awakmu diajak nyinaoni teks tembang macapat “Kinanthi”. Kanggo
mangerteni babagan teks tembang macapat Kinanthi, tindakna pakaryan-pakaryan ing
ngisor iki!

Pituduh:
Tindakna pakaryan-pakaryan ing ngisor iki!
1. Semaken teks tembang macapat ”Kinanthi” ing ngisor iki sing diwaca
dening kancamu!
2. Wektu nyemak eling-elingen bab-bab sing wigati ing wacan! Yen prelu,
supaya ora lali catheten bab-bab sing wigati kasebut!
3. Yen awakmu durung mahami isine wacan, wacanen maneh ambal-
ambalan ing batin nganti mangerteni isine!
4. Sawise rampung anggonmu maca, wangsulana Gladhen (Latihan) sing
manggon ing sangisore wacan!

Kinanthi

Padha gulangen ing kalbu,


ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
kaprawiran den kaesthi,
pesunen sariranira,
sudanen dhahar lan guling.

Dadiya lakunireku,
cegah dhahar lawan guling,
lan aja kasukan-sukan,
anganggoa sawatawis,
ala watake wong suka,
suda prayitnaning batin.

Yen wis tinitah wong agung,


aja sira gunggung dhiri,
aja raket lan wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ajak-ajak,
satemah anenulari.

Nadyan asor wijilipun,


yen kalakuawane becik,
utawa sugih carita,
carita kang dadi misil,
iku pantes raketana,
darapon mundhak kang budi.

Sumber: Serat Wulangreh, anggitanipun: Sinuhun Pakubuwana IV

Kamus Kecik
 gulangen = latihlah
 kalbu = hati
 amrih = supaya
 lantip = pintar, pandai
 nendra = tidur
 kaprawiran = keberanian
 kaesthi = dijangkau, diraih (jinangka)
 pesunen = kendalikan, menahan diri
 sarira = diri, awak
 prayitna = berhati-hati
 tinitah = ditakdirkan
 gunggung = sombong, kumalungkung
 satemah = akhirnya, wusanane
 wijilipun = wujudnya, lahirnya
 misil = hasil
 darapon = supaya
 prawira = berani

2. Pitakon Wacan

Gladhen 1

Tugas Mandhiri

Pitakon-pitakon saka wacan ing ngisor iki wangsulana kang patitis!

1. Tembang macapat ing dhuwur kalebu tembang macapat apa?


2. Apa kang kudu dilatih supaya bisa pinter manut tembang macapat ing dhuwur?
3. Dadi wong iku “aja pijer mangan nendra”, apa tegese ukara kasebut?
4. Apa kang dijangka manut isine tembang ing pada kapisan?
5. Apa tegese ukara “sudanen dhahar lan guling manut wacana tembang kasebut?
6. Wong kang ora bisa nyegah dhedhaharan, kakehan turu, lan gawene seneng-seneng
iku suda apane?
7. Yen wis dadi wong gedhe/penggedhe manut geguritan kasebut ora pareng kepriye?
8. Apa sebabe kita ora pareng raket-raket (terlalu akrab) karo wong kang ala (jahat)?
9. Kita bisa kekancan karo wong cilik lan sapa wae kang baku kalakuwane kepriye?
10. Apa tegese “wong kang sugih carita” ing pada ka-4 tembang Kinanthi ing dhuwur?

C. Nganalisis Makna Tembang Macapat

Ing kegiyatan iki awakmu diajak nganalisis makna kang kinandhut ing teks tembang macapat
“Kinanthi”. Makna tembang kasebut bisa kajupuk ing saben-saben pada (bait), awit lumrahe
ing sawijining pada kinandhut siji gagasan baku.
Kanggo mangerteni isi lan makna kang kinandhut ing tembang macapat kasebut bisa kanthi
cara:
a. Ngrungokake/nembang kanthi dibolan-baleni;
b. Negesi tembung-tembung sing angel dimangerteni awujud tembung kawi utawa
dasanama kanthi nggoleki maknane ing bausastra (kamus);
c. Ngudhari tembung-tembung baliswara;
d. Nggancarake tembang macapat ing saben gatra;
e. Nggathukake maknane saben gatra ing sawijining pada.

Gatekna tuladha ing ngisor iki!

Tuladha:

Pada I
Padha gulangen ing kalbu,
ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
kaprawiran den kaesthi,
pesunen sariranira,
sudanen dhahar lan guling.
 Makna: Padha gladhenen/latihen ing atimu, supaya tanggap sasmita. Aja mung
ngenakake awak bae, yaiku mung mangan lan turu. Kudu tansah duwe niyat lan usaha
kang becik, sarta bisa ngendhaleni diri, kanthi nyuda mangan lan turu.

Gladhen 2

Tugas Mandhiri

Tembang macapat Kinanthi ing ngisor iki andharna maknane!

1. Dadiya lakunireku,
cegah dhahar lawan guling,
lan aja kasukan-sukan,
anganggoa sawatawis,
ala watake wong suka,
suda prayitnaning batin.

Maknane: . . . .

2. Yen wis tinitah wong agung,


aja sira gunggung dhiri,
aja raket lan wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ajak-ajak,
satemah anenulari.

Maknane: . . . .

3. Nadyan asor wijilipun,


yen kalakuawane becik,
utawa sugih carita,
carita kang dadi misil,
iku pantes raketana,
darapon mundhak kang budi.

Maknane: . . . .

D. Paugeran Tembang Macapat

1. Pangerten lan Struktur Tembang Macapat


Tembang macapat yaiku tembang utawa puisi gagrag lawas kanthi paugeran-paugeran
tartamtu, yaiku nduweni guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu kang dadi paugerane.
Paugeran yaiku aturan utawa kaidah ing tembang macapat.

Struktur Teks Tembang Macapat


Ing sawijining karya sastra kang tinulis awujud tembang macapat lumrahe dibagi dadi
pirang-pirang pupuh. Saben pupuh dibagi pirang-pirang pada (bait). Saben pupuh
lumrahe nggunakake metrum kang padha. Metrum iki gumantung marang watak isi teks
kang dicritakake. Cacahing pada ing saben pupuh beda-beda gumantung cacahing teks
kang digunakake. Wondene saben pada (bait) dibagi dadi pirang-pirang gatra (larik),
Sawetara saben gatra nduweni cacah wanda (suku kata) kang gumathok kang diarani
Guru Wilangan lan dipungkasi dening aksara swara (vokal) ing saben pungkasaning gatra
kang diarani Guru Lagu.
2. Paugeran, Sasmita, lan Wewatekane Tembang Macapat
Paugeran yaiku aturan utawa kaidah kang digunakake ing tembang macapat. Saben-
saben jinis tembang macapat nduweni paugeran kang beda-beda. Ing antarane siji lan
sijine tembang macapat nduweni paugeran kang ora padha.
Tuladha: paugerane tembang Maskumambang beda karo tembang Mijil.
Paugeran tembang macapat ana 3, yaiku:

1. Guru gatra, yaiku cacahing gatra/larik ing saben pada (bait).


2. Guru wilangan, yaiku cacahing wanda (suku kata) ing saben gatra.
3. Guru lagu yaiku, tibaning swara ing pungkasane gatra.

Tembang macapat kang cacahe ana 11, nduweni paugeran, sasmita, lan watek kang
beda-beda kaya ing ingisor iki.

a. Paugeran Tembang Macapat

Jinise Tembang Guru Guru Wilangan lan Guru Lagu


Gatra 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10
Maskumambang 4 12i 6a 8i 8a
Mijil 6 10i 6o 10e 10i 6i 6a
Sinom 9 8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a
Kinanthi 6 8u 8i 8a 8i 8a 8i
Asmarandana 7 8i 8a 8e 8a 7a 8u 8a
Gambuh 5 7u 10u 12i 8u 8o
Dhandhanggula 10 10i 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a
Durma 7 12a 7i 6a 7a 8i 5a 7i
Pangkur 7 8a 11i 8u 7a 12u 8a 8i
Megatruh 5 12u 8i 8u 8i 8o
Pocung 4 12u 6a 8i 12a

b. Sasmita lan Wewatekane Tembang

Tembang Sasmitane Wewatekane


Maskumambang kampul, maskentir, susah utawa sedih lan melas asih,
kambang, kentir mula cocok kanggo nelakake rasa
kesedihan kang ngenesake

Mijil wijil, wiyos, pamijil, tinarbuka, mula pantes kanggo


raras, medal, sulastri nelakake pitutur (nasihat) lan uga crita
katresnan utawa asmara

Sinom taruna, anom, weni, sabar grapyak, lan sumanak mula


nom, srinata lumrahe kanggo nelakake crita kang
pamase, logondang, ngemu piwulang lan pitutur
rema, pangrawit,
mudha
Kinanthi kanthi, gandheng, seneng, tresna asih, mitutura,
kanthil nuladhani, mula lumrahe kanggo
menehi pitutur lan crita kang nelakake
rasa tresna asih
Asmarandana asmara, brangta, tresna asih lan sedih, mula pantes
kingkin, yungyun kanggo nelakake rasa brangta,
kayungyun, tresna asih, lan crita
katresnan liyane
Gambuh buh, jumbuh, tambuh grapyak, sumanak, mula cocok
kanggo nyritakake pitutur

Dhandhanggula sarkara, hartati, luwes, kewes lan ndudut ati, mula


dhandang, madu, pantes kanggo nelakake crita apa bae
manis, sari bremana, ing ngendi bae, lan kahanan apa bae
gula drawa gagak,
kaga, tresna

Durma dur, undur, sirna, galak, seneng, lan ngemu kenepson,


galak mula cocok kanggo wong kang ana
ing kahanan paprangan
Pangkur wuntat, pungkur, seneng, antepan ati lan gagah, mula
ungkur, yudakenaka pantes kanggo nyritakake crita kagol,
mangkelake, pitutur kang
disebabkake rasa mangkel lan uga
kahanan paprangan

Megatruh dudukwuluh, truh, sedih lan kentekan pangarep-arep


pegat, duduk, mula lumrah kanggo nelakake crita
wuluh, luh kang nggrantesake ati

Pocung kaluwak, wanda, sakepenake lan kurang greget,


cung lumrahe kanggo nelakake
geguyonan lan pitutur
Cathetan Ringkes
Urut-urutaning tembang macapat wiwit saka tembang Maskumambang nganti Pocung
nduweni makna filosofis minangka gegambaraning uripe manungsa wiwit saka alam
kandhungan nganti tumekaning pati. Mungguh gegambaraning uripe manungsa manut urut-
urutaning tembang macapat mangkene:
1. Maskumambang
Maskumambang nduweni teges kumambang, ngambang, utawa kemampul. Tembang
Maskumambang nduweni makna filosofis nggambarake uripe manungsa kang isih awujud
embrio kang kumambang ing alam kandhungan ibune.

2. Mijil
Mijil nduweni teges metu utawa lair. Tembang Mijil nduweni makna filosofis
nggambarake manungsa kang lagi kalairake ing alam donya.

3. Sinom
Sinom tegese kanoman utawa manungsa kang umure isih enom. Tembang Sinom
nduweni makna filosofis nggambarake manungsa kang isih enom (menginjak usia
remaja) kang tugase golek ngelmu kanggo sangu urip ing tembe buri.

4. Kinanthi
Kinanthi tegese dikanthi, digandheng utawa dituntun. Tembang Kinanthi nduweni makna
filosofis manungsa kang isih butuh tuntunan utawa bimbingan salaras karo norma lan
tuntunan urip kang becik kanggo sangu urip ing tembe burine.

5. Asmarandana
Asmarandana tegese rasa tresna utawa cinta. Tembang Asmarandana nduweni makna
filosofis manungsa kang wus ngancik diwasa lan tuwuh rasa tresna asih (saling
mencintai) kang minangka kodrat saka Gusti Kang Maha Agung.

6. Gambuh
Gambuh tegese jumbuh, sarujuk, utawa cocog. Tembang Gambuh nduweni makna
filosofis tumrap manungsa priya lan wanita kang wus cocog katresnane banjur kaiket ing
tali pernikahan lan mbangun bale wisma.

7. Dhandhanggula
Dhandhanggula tegese samubarang kang manis. Tembang Dhandhanggula nduweni
makna filosofis tumrap wong sakloron kang lagi manise-manise tumapak ing madyaning
bebranyan urip bebarengan sajroning kulawarga kan endah mbangun bale wisma.
8. Durma
Durma asale saka tembung derma kang tegese aweh sumbangan utawa pitulungan.
Tembang Durma nduweni makna filosofis nalika manungsa wis mapan urip ing alam donya
lan ndarmabektekake amalane kanthi tulung tinulung lan paring pambiyanyu marang wong
sing kekurangan kanthi welas asih.

9. Pangkur
Pangkur asale saka tembung mungkur kang tegese wis kliwat, wondene tembang Pangkur
nduweni makna filosofis tumrap manungsa kang wus mungkur lan ninggalake sakabehe
hawa nepsune, banjur mung kari manembah lan ngibadah marang Gusti Kang Maha Agung.

10.Megatruh
Megatruh asale saka tembung pegat lan ruh kang tegese pisahe ruh utawa nyawa sing
lumepas saka jasade, wondene tembang Megatruh nduweni makna filosofis tumrap
manungsa kang wus purna anggone urip ing alam donya lan wayahe bali marang
pangayunane Gusti Kang Maha Agung.

11.Pocung
Pocung tegese kahanan manungsa sawise seda lan diwungkus kain mori lan ditaleni dadi
pocong. Tembang Pocung nduweni makna filosofis tumrap ritual manungsa kang wus
ditaleni kain mori awujud pocong lan didherekake ing papan panggonan istirahat kang
pungkasan ing alam kubur.

Gladhen 3

Tugas Mandhiri

Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!

1) Sekar gambuh ping catur,


kang cinatur polah kang kelantur,
tanpa tutur ketula-tula katali,
kadaluwarsa katutuh,
kapatuh pan dadi awon.

2) Aja nganti kebanjur,


barang polah ingkang nora jujur,
yen kebanjur kojur sayekti tan becik,
becik ngupayaa iku,
pitutur ingkang sayektos.

Wangsulana kang patitis!


1. Manut paugerane tembang macapat ing dhuwur kalebu tembang macapat
apa?
2. Sebutna guru gatrane tembang macapat ing dhuwur!
3. Sebutna guru wilangan lan guru lagune tembang macapat ing dhuwur!
4. Apa sasmitane tembang macapat ing dhuwur?
5. Kepriye wewatekane tembang macapat ing dhuwur?
E. Ngarang (Mencipta) Tembang Macapat

1. Langkah-Langkah Ngarang Tembang Macapat


Sadurunge ngarang/ngripta tembang macapat macapat gatekna cara-carane ing ngisor
iki:
a. Nemtokne jinis tembang macapat sing arep ditulis;
b. Nemtokake watak lan sasmitaning tembang;
c. Nemtokake tema tembang macapat sing arep ditulis;
d. Nulis guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune;
e. Nggatekake panganggone basa rinengga, kayata purwakanthi, tembung garba,
tembung entar, tembung saroja, lan sapanunggalane;
f. Nggatekake panganggone dasanama lan basa Kawi.

2. Nulis/Ngripta Tembang Macapat


Tuladha : Tembang macapat Gambuh
Watake : grapyak, sumanak, mula cocok kanggo nyritakake pitutur.
Sasmitane : buh, jumbuh, tambuh
Tema : Pendhidhikan
Guru gatrane : 5 gatra (larik)
Guru wilangane : 7, 10, 12, 8, 8
Guru lagune : u, u, i, u, o

Asil Reriptan/Karangan:

Gambuh

Dadi siswa mituhu


Tansah manut pituture guru
Nora gampang kena pengaruh tan becik
Tansah sregep le sinau
Nuntut ilmu kang sayektos

Dadia murid iku


Aja sira nggedhekake turu
Awit bakal kapitunan tembe buri
Ora tanggap dhawuh guru
Wekasane dadi awon

Siswa sing becik iku


Tansah tumindak becik lan luhur
Bisaa dadi patuladhan kang becik
Aja nganti gawe rusuh
Jujur lair tuwin batos

Gladhen 4

Tugas Klompok

Tindakna pakaryan-pakaryan ing ngisor iki!


1. Gawea klompok diskusi sing anggotane 4-5 siswa!
2. Pilihen salah siji jinis tembang macapat sing koksenengi!
3. Temtokna sasmita lan wewatekane tembang macapat sing kokpilih!
4. Ngaranga salah siji jinis tembang macapat sing wis kokpilih kanthi tema
Pendhidhikan, paling sithik 3 pada!
5. Lagokna bebarengan tembang macapat sing kokkarang kasebut! Aja lali
shootingen ing video karo anggota kelompokmu, banjur unggahen asil
karyamu kasebut ing Media Sosial Youtube utawa Instagram!
6. Link Youtube utawa Instagram kasebut share-en marang Bapak/Ibu Guru
minangka tugas klompokmu!

Test Sumatif Wulangan 2


A. Wacanen kang premati tembang macapat “Kinanthi” ing ngisor iki!

Kinanthi

1. Dadiya lakunireku
cegah dhahar lawan guling
lan aja kasukan-sukan
anganggoa sawatawis
ala watake wong suka
suda prayitnaning batin

2. Yen wis tinitah wong agung


aja sira gunggung dhiri
aja raket lan wong ala
kang ala lakunireki
nora wurung ajak-ajak
satemah anenulari

3. Nadyan asor wijilipun


yen kalakuawane becik
utawa sugih carita
carita kang dadi misil
iku pantes raketana
darapon mundhak kang budi

Sumber: Serat Wulangreh, anggitanipun: Sinuhun Pakubuwana IV

B. Pilihen wangsulan sing bener kanthi menehi tandha silang (X)!

1. Tembang ing dhuwur karipta dening....


A. R. Ng. Yasadipura D. Mr. Susanto Tirtoprojo
B. Sinuhun Pakubuwana IV E. Nayaka Lelana
C. KGPAA Mangkunegara 4

2. “Cegah dhahar lawan guling” ing pada (bait) kapisan tembang ing dhuwur tegese....
A. ngurangi mangan lan turu D. ngurangi urip seneng
B. ngurangi urip foya-foya E. ngurangi watak angkara murka
C. ngurangi urip seneng-seneng

3. “Ala watake wong suka, suda prayitnaning batin”, tegese ukara kasebut yaiku....
A. Wong sing urip prihatin lumrahe waspada.
B. Wong sing uripe mung seneng-seneng lumrahe kurang waspada.
C. Wong urip sepisan kudu seneng-seneng.
D. Wong urip iku antarane seneng lan susah kudu saimbang.
E. Wong waspada iku kudu senajan lagi seneng-seneng.

4. Pada kapisan tembang ing dhuwur wose/isi-ne yaiku….


A. Nyuda mangan, turu, lan urip kepenak kang bisa nyuda kaprayitnan.
B. Yen wis dadi wong gedhe (pejabat) aja sumbung lan raket karo wong ala.
C. Senadyan wong cilik, yen tumindake becik iku pantes disrawungi.
D. Kumpula karo wong sing luhur bebudene, awit bisa nular ing tumindakmu.
E. Nyuda urip sing kepenak bisa ngurangi kaprayitne manungsa.

5. Tegese “wong agung” ing pada kapindho tembang ing dhuwur tegese....
A. wong mlarat D. wong sugih
B. wong kang uripe cukup E. wong gedhe utawa pejabat
C. wong akeh ing bebrayan

6. Pada (bait) kapindho tembang ing dhuwur wose/isi-ne yaiku….


A. Nyuda mangan, turu, lan urip kepenak kang bisa nyuda kaprayitnan.
B. Yen wis dadi wong gedhe (pejabat) aja sumbung lan raket karo wong ala.
C. Senadyan wong cilik, yen tumindake becik iku pantes disrawungi.
D. Kumpula karo wong sing luhur bebudene, awit bisa nular ing tumindakmu.
E. Yen wis dadi wong gedhe kudu bisa nyumbang marang wong sing kekurangan.

7. “Nadyan asor wijilipun” tegese asale saka wong asor. Wong asor manut tembang
kasebut tegese....
A. wong cilik D. wong sugih
B. wong gedhe E. wong gedhe utawa pejabat
C. wong akeh ing masyarakat

8. Pada (bait) katelu saka tembang ing dhuwur wose/isi-ne yaiku….


A. Nyuda mangan, turu, lan urip kepenak kang bisa nyuda kaprayitnan.
B. Yen wis dadi wong gedhe (pejabat) aja sumbung lan raket karo wong ala.
C. Senadyan wong cilik, yen tumindake becik iku pantes disrawungi.
D. Kumpula karo wong sing luhur bebudene, awit bisa nular ing tumindakmu.
E. Kumpulana wong sing becik, yaiku wong-wong saka kalangan bangsawan.

9. Tembang macapat iku kaiket dening paugeran tartamtu yaiku….


A. guru lagu, guru swara lan guru wilangan
B. guru gatra, guru wilangan lan guru lagu
B. guru swara, guru gatra lan guru lagu
D. guru gatra, guru basa, lan guru wilangan
E. guru gatra, guru wilangan, lan lumaksita

10. Tembang macapat kang nduweni sasmita wiyos, raras, medal, yaiku tembang....
A. Mijil D. Asmarandana
B. Sinom E. Maskumambang
C. Durma

11. Tembang macapat kang wewatekane tresna asih lan sedih, mula pantes kanggo
nelakake rasa brangta, kayungyun utawa kasmaran yaiku tembang....
A. Pocung C. Asmarandana
B. Sinom D. Maskumambang

12. Ing sawijining karya sastra kang tinulis awujud tembang macapat lumrahe dibagi dadi
pirang-pirang pupuh. Saben pupuh dibagi pirang-pirang pada. Saben pupuh lumrahe
nggunakake metrum kang padha. Tegese pupuh ing tembang macapat yaiku….
A. kumpulane gatra-gatra ing tembang macapat
B. kumpulane pada-pada ing tembang macapat
C. kumpulane wanda-wanda ing tembang macapat
D. kumpulane metrum-metrum ing tembang macapat
E. kumpulane mawarna-warna tembang macapat

13. Saben pupuh lumrahe nggunakake metrum kang padha. Tegese metrum ing tembang
macapat yaiku….
A. wirama ing saben gatra tembang macapat
B. wirama ing saben pada tembang macapat
C. unsur kebahasaan ing saben pupuh tembang macapat
D. struktur ing tembang macapat kang wis baku aturane
E. paugeran kang gumathok, kayata guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu

14. Guru gatra ing tembang macapat yaiku….


A. cacahing gatra/larik ing saben pada (bait)
B. cacahing wanda (suku kata) ing saben gatra
C. tibaning swara ing pungkasane gatra
D. dhong dhinge swara ing saben pungkasane gatra
E. cacahing pupuh-pupuh ing tembang macapat

15. Sadurunge ngarang/ngripta tembang macapat, ana cara-cara sing kudu digatekake kaya
kang kasebut ing ngisor iki, kajaba....
A. Nemtokne jinis tembang macapat sing arep ditulis.
B. Nemtokake watak lan sasmitaning tembang.
C. Nemtokake tema tembang macapat sing arep ditulis.
D. Nulis guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune;
E. Ora perlu nggatekake panganggone basa rinengga, kayata purwakanthi.

C. Wangsulana kang patitis!


1. Paugerane tembang macapat ana 3, coba sebutna!
2. Jinise tembang macapat ana 11, coba sebutna!
3. Kepriye wewatekane tembang macapat Kinanthi? Coba andharna!
4. Apa bae sasmitane tembang macapat Asmarandana? Coba andharna!
5. Ngaranga tembang macapat Dhandhanggula nganggo basamu dhewe 1 pada (bait) bae!

Anda mungkin juga menyukai