Anda di halaman 1dari 13

BAHAN AJAR

TEMBANG MACAPAT

KELAS X SEMESTER GASAL

SMK MUHAMMADIYAH 1 SLEMAN


Jl. Agrowisata Km. 01 Panasan Triharjo Sleman
BAHAN AJAR

A. Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi

Indikator
Menganalisisstrukturtembang macapat Asmarada
Kompetensi Dasar Membuat parafrase isi tembang macapat Asmara
3.3. Memahami ajaran moral dan Menafsirkanajaranmoral
menganalisis struktur

tembang macapat Asmaradana


(C6)

Tujuan Pembelajaran
1. Melalui tayangan power point dan video,
peserta didik dapat menganalisis struktur
tembang macapat Asmaradana dengan
percaya diri.
2. Melalui kegiatan pengamatan dan
diskusi kelompok, peserta didik dapat
membuat parafrase dari tembang
macapat Asmaradana dengan
bertanggungjawab.
3. Melalui kegiatan pengamatan dan
diskusi kelompok, peserta didik dapat
menafsirkan ajaran moral dari
tembang macapat Asmaradana
dengan santun.
B. Materi Pembelajaran
1. Faktual
Teks tembang Asmaradana, rekaman video tembang Asmaradana
2. Konseptual
Paugeran tembang Asmaradana
3. Prosedural
Langkah-langkah membuat parafrase tembang Asmaradana
4. Metakognitif
Menganalisis nilai moral yang ada pada tembang Asmaradana

C. Pituduh Pasinaon
1. Miwiti pasinaon kanthi dedonga.
2. Nggatosaken sedaya andharan saking Bapak Ibu guru
3. Literasi utawi maos materi ingkang sampun dipuncawisaken.
4. Nindakaken pasinaon miturut dhawuhipun Bapak Ibu guru.
5. Saged damel cathethan wonten ing buku minangka sarana kangge sinau mandhiri.

D. Wosing Pasinaon
FASE 1 ORIENTASI PADA PESERTA DIDIK

MATERI FAKTUAL
Para siswa, ing pepanggihan menika badhe karembag pasinaon bab Tembang macapat
Asmaradana. Sinten ingkang mangertos, menapa ingkang dipunwastani tembang macapat?
Kados pundi titikanipun tembang macapat Asmaradana? Para siswa saged nyemak video
youtube menika kanthi estu minangka pawadan kangge damel pitakenan bab sekar macapat
asmarandana! https://youtu.be/FuuTmxeRh5A
Tembang Asmaradana

Aja turu sore kaki


Ana dewa nglanglang jagad
Nyangking bokor kencanane
Isine donga tetulak
Sandhang kelawan pangan
Yaiku bageyanipun
Wong melek sabar narima

FASE 2 MENGORGANISASIKAN PESERTA DIDIK

Para siswa sumangga dipunsinau sesarengan kaliyan kelompokipun bab tembang


macapat ing ngandhap menika!

MATERI KONSEPTUAL

Tegesipun tembang macapat


Miturut Padmosoekotjo (1960: 25) tembang macapat inggih menika reriptan utawi
dhapukaning basa mawi paugeran tartamtu (gumathok) ingkang pamaosipun kedah
dipunlagokaken mawi kagunan swanten. Miturut Poerwadarminto (wonten ing Kurwidaria,
2019:12) Tembang macapat inggih menika tembang ingkang dipunsekaken sekawan-
sekawan, wondene ingkang dipun kajengaken inggih menika sekawan wanda-sekawan
wanda.
Jinisipun tembang macapat
Miturut buku Tembang Macapat (Arintaka, 1981) cacahing tembang macapat kuwi uga
ana 11 iji, yaiku: Mijil, Kinanthi, Pangkur, Asmarandana, Pangkur, Gambuh,
Maskumambang, Durma, Pangkur, Megatruh, lan Pocung.
Paugeran tembang macapat
Sekar macapat menika kalebet sekar tradhisional ing tlatah Jawi, ingkang gadhah
paugeran guru gatra, guru wilangan saha guru lagu.
a. Guru gatra : cacahing gatra saben setunggal pada.
b. Guru wilangan : cacahing wanda saben setunggal gatra.
c. Guru lagu : tibaning swara vokal wonten pungkasaning gatra.
Paugeran jangkep tembang macapat kados ing ngandhap menika:
Nama
Paugeran
Tembang
Pocung 12-u 6-a 8-i 12-a
Maskumambang 12-i 6-a 8-i 8-a
Gambuh 7-u 10-u 12-i 8-u 8-o - - - - -
Megatruh 12-u 8-i 8-u 8-i 8-o - - - - -
Kinanthi 8-u 8-i 8-a 8-i 8-a 8-i - - - -
Mijil 10-i 6-o 10-e 10-i 6-i 6-u - - - -
Pangkur 8-a 11-i 8-u 7-a 12-u 8-a 8-i - - -
Asmaradana 8-i 8-a 8-e 8-a 7-a 8-u 8-a - - -
Durma 12-a 7-i 6-a 7-a 8-i 5-a 7-i - - -
Pangkur 8-a 8-i 8-a 8-i 7-i 8-u 7-a 8-i 12-a -
Pangkur 10-i 10-a 8-e 7-u 9-i 7-a 6-u 8-a 12-i 7-a

Tembang Macapat Asmaradana


Kados ingkang sampun dipunandharaken ing nginggil menika, bilih tembang
macapat kathah cacah lan jinisipun ugi gadha paugeran ingkang gumathok. Ing ngandhap
menika dipunaturaken tembang macapat Asmaradana.
Paugeran : Guru gatra wonten 7
Guru wilangan lan guru lagunipun
8-i 8-a 8-e 8-a 7-a 8-u 8-a

Watak : Awatak sedhih, sengsem, prihatin


Sasmita : Kasmaran, asmara, brangti, brangta, kingkin, wuyung
Makna filosofis : Nggambaraken kahanan bilih piyantun enem menika tansah nandhang
asmara.
FMAASTEER3IMPREOMSBEIDMUBRIANLG PENYELIDIKAN INDIVIDU DAN KELOMPOK

Caranipun mangertosi wosing tembang macapat:


1. Madosi struktur tembangipun, inggih menika bab paugeran guru
gatra, guru wilangan, lan guru lagunipun kanthi tliti.
2. Negesi tembung angel
Tetembungan ingkang angel wonten saklebetipun teks cakepan
sekar menika. Ginanipun kangge gampilaken anggenipun badhe
madosi wosipun sekar. Negesi sekar menika saged lumantar
bausastra cithak menapa dene elektronik
https://www.sastra.org/leksikon
3. Parafrase/gancaran
Parafrase tegesipun ngewahi tembang/geguritan ingkang wujudipun pupuh/pada,
dados gancaran utawi prosa. Amargi sekar menika wonten paugeranipun(guru lagu,
guru wilangan saha guru lagu) saha rinengga mawi basa ingkang endah lan mentes
mila dipungancaraken supados gampilaken nalika badhe mendhet piwulang saking
saklebetipun sekar menika. Caranipun damel gancaran inggih menika:
1. ngudhari tembung ingkang badhe dipungancaraken kanthi makna
ingkang wantah saged mawi kamus online ing
https://www.sastra.org/leksikon
2. Menawi wonten tembung kawi (tembung Jawa kuna) saged dipunewahi
dados tembung jawa enggal ingkang limrahipun dipunangge ing
padintenan.
3. Menawi wonten tembung garba (tembung sandi) kedah dipunudhari.
4. Kangge nglarasaken ukara supados boten kaku lan maknanipun
gamblang saged ngicali tembung ingkang wonten ing tembang macapat
umpaminipun ater-ater lan panambang.
5. Pada/bait ingkang sakawit wujud gatra-gatra, lajeng dipunewahi dados
wujud paragraf kanthi ejaan ingkang leres, nggatosaken pola ukara (J-
W- L-K) saha tandha waosipun (titik, koma lsp).
4. Damel dudutan piwulang sekar ingkang saged kangge tuladha ing pagesangan.
Ajaran moral menika minangka piwulang kangge lampah gesang manungsa ing alam
donya supados saged gayuh gesang ingkang sae. Utawi piwulang sae ingkang saged
kangge tuladha manungsa gesang ing alam donya.
Jinisipun nilai moral/budi pakarti:
Budi pekerti dhateng Gusti Allah
Inggih menika gegayutan kaliyan makhluk dhateng gustinipun. Manungsa menika
minangka saderma titah, pramila sampun jejibahanipun kedah iman saha netepi
menapa ingkang dados kodratipun.
Budi pekerti dhateng tiyang sanes
Inggih menika ngengingi sikap utawi norma dhateng tiyang sanes ning
pasrawungan. Tuladhanipun adil, sopan, tepa salira, demokrasi, lan sanes-
sanesipun.
Budi pekerti dhateng dhiri pribadi
Inggih menika sikap utawi norma ingkang gayutanipun kaliyan awakipun
piyambak. Tuladhanipun: jujur, tanggel jawab, optimis, lan sanes sanesipun

FASE 4 MENGEMBANGKAN DAN MENYAJIKAN HASIL KARYA

1. Analisis struktur (paugeran tembang Asmaradana)

Tembang Asmaradana

Gatra 1: Ge-ga-ra-ning wong a-kra-mi


Guru wilangan 8, guru lagu i
Gatra 2: Du-du ban-dha du-du ru-pa Guru wilangan 8, guru lagu a
Gatra 3: A-mung a-ti pa-wi-ta-né
Guru wilangan 8, guru lagu e
Gatra 4: Lu-put pi-san ke-na pi-san Guru wilangan 8, guru lagu a
Gatra 5: Yen gam-pang lu-wih gam-pang Guru wilangan 7, guru lagu a
Gatra 6: Yen a-ngèl, a-ngèl ka-lang-kung Guru wilangan 8, guru lagu u
Gatra 7: Tan ke-na ti-num-bas ar-ta
Guru wilangan 8, guru lagu a
2. Negesi tembung angel
garan : sing minangka dadi cêkêlane, gegondhelan
akrami : rabi, omah-omah
amung : mung
pawitane : sangune
luput : salah
kalangkung : luwih
tan : ora
3. Damel parafrase
Sasampunipun madosi makna tembung mila lajeng saged damel parafrase utawi
gancaran saking isi sekar Macapat Asmaradana kanthi adhedasar kelompokipun
piyambak- piyambak!
Gancaranipun:
Ingkang dados cepenganipun tiyang krama mbangun bale omah inggih
menika sanes bandha sanes ugi amargi pasuryanipun. Ananging namung manah
teteg ingkang dados cepengan. Await jejdhoan menika gampil-gampil angel,
menawi luput pisan inggih sampun ketenta luput dumugi ing mbenjing. Menawi
sampun jumbuh manah saha niatipun mbangun bale omah menika kraos gambil
anggenipun nglampahi, ananging menawi dereng saged jumbuh kersanipun menika
kraos angel awrat anggenipun nglampahi. Bagya mulyaning mbangunbale omah
menika mboten saged dipunetang dipuntumbas mawi arta.

MATERI METAKOGNITIF
Saksampunipun damel parafrase lajeng saged damel dudutan utawi mendhet piwulang
ingkang saged kangge patuladhan wonten ing pagesangan menika.

4. Piwulangipun
Tiyang badhe mbangun bale omah (krama) menika kedah teteg manahipun, boten pareng
tresna namung adhedhasar rupa menapa malih bandha. Kedah tulus, amargi kabagyan
lan kamulyan ing mangke nalika omah-omah menika mboten saged dipunetang mawi
arta, ananging saking raos manah ingkang tentrem.
FASE 5 MENGANALISIS DAN MENGAVALUASI PEMECAHAN MASALAH

Saking Sekar macapat Asmarandhana ingkang sinerat


wonten ing nginggil kita sedaya saged
Supados mangertosi paugeran tembang
Asmaradana, kedah paham teknikipun.
Mangertosi makna utawi teges ingkang sinerat
saklebetipun cakepan mawi basa ingkang mentes.
Tamtu kemawon anggenipun madosi kedah teliti
saha sabar saged mawi bantuan kamus.
Lajeng sampun saged damel parafrase utawi
gancaraken sekar menika dados prosa ingkang
boten medal saking konteks ingkang karembag
saklebetipun sekar.
Damel dudutan utawi mendhet piwulang luhur
saking saklebetipun sekar ingkang jumbuh kaliyan
kawontenan pagesangan ing jaman sakmenika.
Sekar Macapat inggih menika tembang ingkang
dipunsekaken sekawan-sekawan, wondene ingkang dipun
kajengaken inggih menika sekawan wanda-sekawan
wanda.Gunggung, saha cacahipun sekar macapat menika
wonten 11 (sewelas). Kawiwitan saking mijil, maskumambang,
sinom, durma,asmarandana, kinanthi, dhandhanggula,
gambuh, pangkur, megatruh saha pocung. Asmarandana
minangka jinisipun sekar ingkang gadhah piwulang luhur
kangge gesangipun manungsa. Kangge saged mangertosi
piwulang luhur menika kedah saged manggihaken makna-
makna saking tembung-tembung saking cakepan ingkang
sinerat mawi basa rinengga. Mila saking menika kedah
dipundamel gancaran utawi parafrase lajeng dipun pendhet
dudutan utawi piwulang luhur kangge piwulang dhateng
manungsa ingkang gesang ing alam Donya menika.
KAPUSTAKAN

Damardjati Supadjar. 1985. “Etika dan Tatakrama Jawa Dahulu dan Masa Kini”. Keadaan
dan Perkembangan Bahasa, Sastra, Etika, Tatakrama, dan Seni Pertunjukan Jawa,
Bali dan Sunda. Yogyakarta: Javanologi Direktorat Kebudayaan Departeman P dan K.
Damarjati, Triwik, dkk. 2015. Wiyata Basa Jawa Kelas X. Yogyakarta : Dinas Pendidikan
Pemuda dan Olahraga DIY.
Endraswara, Suwardi. 2010.Tuntunan Tembang Jawa.Lumbung Ilmu. Yogyakarta. Damarjati
Hardjowiraga. R. 1952. Pathokan Nyekaraken. Jakarta: Balai Pustaka.
Mawardi, Muh dan Marwanto. 1989. Tuntunan Sekar Macapat Jilid II. Solo: Tiga Serangkai.
Padmosoekotjo, S. 1960. Ngengrengan Kasustraan Djawa. Yogyakarta: Hien Hoo Sing.
Prasaja, Setya Amrih, dkk. 2015. Wiyata Basa Jawa Kelas XII. Yogyakarta : Dinas Pendidikan
Pemuda dan Olahraga DIY
Suwarna, dkk. 2012. Modul Pendidikan dan Latihan Profesi Guru. Yogyakarta : Universitas
Negeri Yogyakarta.
Triwik & Sinar Indra.2017. WABAWA: Wiyata Basa Jawa Kelas X. Yogyakarta: Dinas
Pendidikan Pemuda dan Olahraga Daerah Istimewa Yogyakarta. Poerwadarminta, W. J.
S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters.

https://naming.id/2020/07/05/wulangan-4-tembang/
https://padukata.com/tembang-asmarandana/
https://www.sastra.org/leksikon
https://brainly.co.id/tugas/9759622
https://youtu.be/FuuTmxeRh5A

꧁ꦩꦠ
ꦂꦤ
ꦸ ꦸꦮ
ꦸꦤ꧀꧂

Anda mungkin juga menyukai