Anda di halaman 1dari 14

TEMBANG

MACAPAT
KARONCE DENING:
SAMROHTUN FAOZA
A. TEGESE MACAPAT
Macapat asale saka tembung ‘maca’ lan
‘pat’.
maca : maos
pat : papat(4)
cacahe papat iki minangka vokal
diakritik/metrum ing tulisan jawa kayata
wulu, suku, taling, taling tarung.
B. JINISE TEMBANG
MACAPAT
NO. ASLI PALSU
1. MIJIL GAMBUH
2. SINOM MEGATRUH
3. MAS KUMAMBANG BALADAK
4. ASMARADANA JURU DEMUNG
5. KINANTHI WIRANGRON
6. DHANDHANGGULA GIRISA
7. DURMA
8. PANGKUR
9. POCUNG
C. WEWATON TEMBANG MACAPAT

● Guru gatra yaiku cacahing gatra (baris)


saben pada (bait)
● Guru wilangan yaiku cacahing wanda (suku
kata) saben gatra (baris)
● Guru lagu yaiku tibaning swara ing saben
pungkasane gatra (akhir baris)
No Tembang Guru gatra
1 2 3 4 5 6 7 8 9 10
1. Maskuma 12i 6a 8i 8a
mbang
2. Pocung 12 6a 8i 12
u a
3. Gambuh 7u 10 12 8u 8o
u u
4. Megatruh 12 8i 8u 8i 8o
u
5. Mijil 10i 6o 10 10i 6i 6u
e
No Tembang Guru gatra
1 2 3 4 5 6 7 8 9 10
6. Kinanthi 8u 8i 8a 8i 8a 8i

7. Durma 12 7i 6a 7a 8i 5a 7i
a
8. Pangkur 8a 11i 8u 7a 12 8a 8i
u
9. Asmarada 8i 8a 8e 8a 7a 8u 8a
na
10. Sinom 8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a12 8i
a
11. Dhandhan 10i 10 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12 7a
ggula a i
Tuladha tembang Pocung:

Ngelmu iku, kalakone kanthi laku (12u)


Lekase lawan kas (6a)
Tegese kas nyantosani (8i)
Setya buda pangekesing durhangkara
(12a)
D. SEMIOTIKA, WATAK LAN
INGKANG YASA TEMBANG
MACAPAT
1. Semiotika Basa Tembang Mijil
Mijil: miyos, lair, metu, wijil, rarasati.
mralambangake bayi kang metu saka guwa garba
(rahim) ibu.
Mijil disusun dening Sunan Jati ing Cirebon,
Banten.

2. Semiotika Basa Tembang Sinom


Sinom: pupus (daun muda), anom, taruna, srinata,
rin kamal, pangawit, logondhng.
Mralambangake bocah sing mulai ngerti
bab urip.
Sinom disusun dening Sunan Giri.

3. Semiotika Basa Tembang


Maskumambang
Maskumambang asale saka tembung ‘mas’
lan ‘kambang + -um-’. Mas tegese
perhiasan, dene kumambang tegese katon.
Maskumambang dilambangake minangka
bocah kang wis akil balig.
4. Semiotika Basa Tembang Asmaradana
Asmaradana asale saka tembung ‘asmara’ lan
‘dana’ utawa ‘dahana’ . Asmara tegese tresna, dene
dana/dahana tegese geni lan menehi (memberi).
Asmaradana tegese cinta/seneng menehi.
Mralambangake wong kang wis tepung karo bab
katresnan lan menehi rasa tresna marang wong liya.
Asmaradana disusun dening Sunan Giri.

5. Semiotika Basa Tembang Dhandhanggula


Dhandhanggula asale saka tembung ‘dhandhang’
lan ‘gula’. Dhandhang tegese ireng, dene gula
tegese manis/legi. Mralambangake wong kang wis
nemukake gula ireng (manisnya kehidupn) minangka
pacangan garwa (suami isteri).
Dhandhanggula disusun dening Sunan Kalijaga.

6. Semiotika Basa Tembang Kinanthi


Kinanthi asale saka tembung ‘kanthi’ kang olih
seselan -in-. Kinanthi tegese dikancani (disertai),
digandheng. Mralambangake wong sing wis akrama
bisa bebarengan ngayahi urip kanthi harmonis.
Kinanthi disusun dening Sunan Giri.

7. Semiotika Basa Tembung Gambuh


Gambuh tegese cocok, jumbuh, laras.
Mralambangake urip akrama kang wis nemu
kasenengan lan kamulyan ing donya.
Gambuh disusun dening Natapraja jaman Mataram.
8. Semiotika Basa Tembang Durma
Durma asale saka tembung ‘dur’ lan ‘ma’. Dur
tegese mundur, dene ma saka akronim lima maksiat
sing kudu diadohi (mo lima). M5 yaiku main (judi),
maling (mencuri), madat (narkotika), minum
(mabok), madon (berzina).
Durma disusun dening Sunan Bonang.

9. Semiotika Basa Tembang Pangkur


Pangkur asale saka tembung ‘nyimpang’ lan
‘mungkur’ . Pangkur nduweni teges aja
sapisan-pisan nyimpang/ninggalake isi ajaran
agama lan kudu nyimpangi bab kang ala
(kejahatan).
Pangkur disusun dening Sunan Muria.
10. Semiotika Basa Tembang Megatruh
Megatruh asale saka tembung ‘megat’ lan
‘ruh’. Megat tegese misah/ pisah, dene ruh
tegese nyawa/ jiwa. Mralambangake bilih
manungsa wis purna anggone ngayahi
kuwajibane ing alam donya lan balik
marang alam baka.
Megatruh disusun dening Sunan Giri.

11. Pocung
Pocung tegese mati (dipocong: dibungkus
kain mori putih).
Pocung disusun dening Sunan Gunung jati.

Anda mungkin juga menyukai