Anda di halaman 1dari 4

Script Drama Kelahiran Gatotkaca (Kelompok Majapahit)

Adegan 1: Pambuka
Narrator :Kanca-kanca, dina iki rombongan Majapahit bakal nyuguhake drama kelairan
Gatotkaca.

Kaping pisanan, aku bakal ngenalake kancaku sing bakal tampil ing drama
iki, asma kulo Bram, (setiap anggota mengenalkan namanya diri sendiri
{contoh: kulo marsekal}).

Ing jaman rumiyen, wonten reksasa ingkang asmanipun Dewi Arimbi krama
kaliyan Werkudara, lan sapunika sampun gadhah anak ingkang asmanipun
Jabang Tetuka.

Adegan 2: Lair
Gatotkaca :'nangis'.

Dewi Arimbi :shshshshshsh...

Werkudara :Anakku bakal dakjenengi Jabang Tetuka

Bidan :Nuwun sewu, Raden Werkudara, menika ari ari ingkang boten saged dipun'
pedhot.

Adegan 3: Medhot ari ari


Narrator :Banjure, wektu wis teka kanggo ngethok ari ari ne.

Werkudara :(motong menggunakan kuku pancanaka) Lho??, kok ora masah?

Kresna :(mencoba dengan cakra sudarsananya) kok ugi ora masah?

Arjuna :(Nembak panah pasopati)

Adegan 4: Abiyasa
Abiyasa :Ngapunten, yayi arjuna kok ora nggolek pusaka maneh, kanggo mutusake ari
ari ne ponakan mu?

Arjuna :Ing ngendi kulo saged mundhut pusaka kasebut??

Adegan 5: Bathara Narada


Narrator :Dumadakan wong cendhak, bunder teka saka langit lan ngandika...

Narada :Prekincong.... Prekincong..... Waru dhoyong ditegor uwong..lere...lere..kali


codhe sapa sing nduwe.. ingsun sing prapta Warkudara. Anakmu si Tetuka
bakal dakgawa, disraya para dewa, Dakparingi pusaka, nanging ana syarate,
yaiku anakmu kudu dadi jawara dewa lan ngalahake ratu buta Kala Pracona lan
Patih Sekipu kang ngjajah kahyangan. nanging ana masalah, kulo kleru menehi
pusaka kuntawijaya marang adipati Karna, amarga yayi Arjuna padha banget
karo yayi Karna ing awangga.

Arjuna :Inggih gusti Narada kang agung, kula badhe nyobi ngrebut kuntawijaya saking
astanipun adipati Karna.

Adegan 6: Arjuna Lawan Karna


Narrator :Swasana malih, ing sangarepe kraton Awangga, kilat ajrih yen ketemu raden
Arjuna lan adipati Karna.

Karna :Apa sira ing Awangga, Arjuna?

Arjuna :Aku bakal njupuk pusaka kuntawijaya, Karna.

Karna :Aku ora bakal menehi pusaka iki, amarga bathara Narada sing maringi aku.

Narada :Ngapunten yayi Karna, kula nganggep sampean yayi arjuna, amarga sampean
loro banget padha.

Karna :Ngapunten Narada kang agung, kula mboten badhe maringi pusaka menika.

Narrator :Ujug-ujug, Arjuna nesu lan nembak adipati Karna nganggo Pasopati.

Adegan 7: Arjuna kundur


Narrator :Perang Arjuna lawan Karna wis rampung, bathara Narada lan arjuna wis kundur.
Arjuna kasil njupuk Kuntawijaya , nanging mung sarunge.

Kresna :Arjuna, nggolek pusaka kok mung oleh sarunge iki kepriye ta yayi??

Arjuna :Nun inggih kakang prabu, Kulo mung saged mundhut sarunge, saka pusaka
Kasebut.

Kresna :Hmm, ora oleh pusakane ora apa-apa. wis jlamprong.. coba pedhoten ari-arine
ponakanmu

Narrator :Sampun dipun cobi, sagêd ambêkta arinipun, tuwin sawênèhing praja
Pringgadani.

Adegan 8: Kawah Candradimuka


Narrator :Sakwise iku Tetuka digawa dening bathara narada mabur menyang
kahyangan lan dilebokake ing kawah candradimuka.
Tetuka diuncalake karo gegaman pusaka dewa, kaya diuncalake watu.
Tetuka ora opo opo, mung dadi gedhe.
Adegan 9: Gatotkaca lawan sekipu
Narrator :Banjur, Tetuka mabur nganggo waja bali menyang kahyangan.
Satekane ing Khayangan, Gatotkaca langsung ngalahake Patih Sekipu
Tetuka mabur menyang Kraton Kala Pracona.

Adegan 10: Gatotkaca lawan Kala Prancona

Narrator :lan nalika gatotkaca tekan ing dhampar kala pracona, kahanane dadi serius lan
medeni.

Kala :hehehehe, iki jebule gusti dewa, sing mateni patihku sekipu, aku bakal
mbalesaken nyawane sekipu.

Tetuka :maju! lan mbuktekake sapa sing mati.

Narrator :Pracona malih dadi naga lan perang antarane jawara dewa lan kala ora bisa
diendheg, nanging perange dimenangake dening Tetuka.

Adegan 11: Bathara guru

Narrator :Sawise iku Tetuka diundang Bathara Narada nemoni Bathara Guru.

B.Guru :Matur nuwun Tetuka, midhangetaken bebendunipun prabu Kala Pracona tuwin
patih Sekipu, sedaya dewa lan jagad sami nyekseni, bilih ing benjing Tetuka
badhe jumeneng ratu ing kahyangan lan kanthi makaten panjenengan dalem
asmanipun Gatotkaca.

Adegan 12: Mudhun menyang Bumi

Narrator :Gatotkaca ditampani dening para Pandhawa, Prabu Kresna, lan kulawarga
ageng Pringgandani kabeh, bungah amarga weruh Gatotkaca sing wis gedhe,
gagah lan gagah prakosa.
Werkudara lan Dewi Arimbi ngaturake panuwun marang dewa amarga wis
nggedhekake anake

Adegan 13: Mangkas Taring

Narrator :Nalika Gatotkaca mesem, dheweke nuduhake taring gedhe amarga dheweke
keturunan raksasa Arimbi lan gajah Pandawa Werkudara.
Kresna langsung ngethok taringe lan ngomong...

Kresna :ojo mesem karo untu...


Gatotkaca :Nggih prabu.. matur nuwun

Adegan 14: Panutup


Narrator :Lan Gatotkaca ingkang menang, pungkasaning sandiwara saking rombongan
kelas 7A Majapahit, matur nuwun

Anda mungkin juga menyukai